-
Yérémia 14:14Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
14 Terus Yéhuwah kandha marang aku, ”Para nabi kuwi nyampèkké ramalan sing ora bener nganggo jeneng-Ku.+ Aku ora ngutus wong-wong kuwi.+ Aku ya ora ngongkon utawa ngomong karo wong-wong kuwi. Ramalané wong-wong kuwi isiné wahyu sing ora bener, ramalan sing ora ana gunané, lan crita sing dikarang-karang dhéwé.+
-
-
Yérémia 28:15, 16Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
15 Nabi Yérémia kandha marang Nabi Hanania,+ ”Hé Hanania, tulung rungokna. Yéhuwah ora ngutus kowé, ning kowé nggawé rakyat iki percaya omonganmu sing ngapusi.+ 16 Mula iki sing diomongké Yéhuwah, ’Aku bakal nyingkirké kowé saka bumi. Taun iki, kowé bakal mati merga kowé ngejak rakyat bèn padha mbrontak nglawan Yéhuwah.’”+
-
-
Yèhèzkièl 13:8, 9Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
8 ”’Kuwi sebabé, iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ”’Merga sing mbok omongké kuwi ora bener lan kowé ya ngaku-ngaku ndelok wahyu, Aku bakal nglawan kowé,’ kandhané Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah.”+ 9 Aku bakal nggunakké kekuwatan-Ku kanggo nglawan para nabi sing ngaku-ngaku ndelok wahyu lan sing ramalané ngapusi.+ Wong-wong kuwi ora bakal ana manèh ing antarané wong-wong sing akrab karo Aku. Wong-wong kuwi ya ora bakal ditulis ing daftar silsilahé wong Israèl lan ora bakal bali manèh ing Israèl. Kowé bakal ngerti nèk Aku iki Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah.+
-