PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Yésaya 32:1
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 32 Bakal ana raja+ sing jujur+ wektu mréntah.

      Bakal ana para pemimpin sing adil wektu mréntah.

  • Yésaya 60:17
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 17 Aku bakal mènèhi kowé emas gantiné tembaga.

      Aku bakal mènèhi kowé pérak gantiné wesi.

      Aku bakal mènèhi kowé tembaga gantiné kayu.

      Aku bakal mènèhi kowé wesi gantiné watu.

      Rasa ayem bakal Tak dadèkké pengawasmu,

      Lan apa sing adil bakal dadi sing mènèhi tugas.+

  • Yérémia 22:17
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 17 ’Kowé terus nggolèk lan mikirké carané bèn isa éntuk keuntungan nganggo cara sing ora jujur,

      Bèn isa matèni wong sing ora salah,

      Lan bèn isa ngapusi lan ngrampas.’

  • Yérémia 23:5
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 5 Yéhuwah kandha, ”Bakal tekan wektuné Aku mènèhi Daud keturunan* sing tumindaké bener.+ Ana raja sing bakal mréntah.+ Raja kuwi wicaksana* lan nindakké apa sing adil lan sing bener ing tanah iki.+

  • Yèhèzkièl 22:27
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 27 Para pemimpinmu kaya serigala sing nyabik-nyabik mangsané. Para pemimpin kuwi nyerang lan matèni wong-wong bèn isa sugih.+

  • Yèhèzkièl 46:18
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 18 Pemimpin ora éntuk ngusir rakyat saka tanahé mung bèn isa ngrampas tanah warisané wong-wong kuwi. Sing diwariské marang anak-anaké kudu tanahé dhéwé. Mula, ora ana umat-Ku sing diusir saka tanahé.’”

  • Mikha 3:1-3
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 3 Aku kandha, ”Hé para pemimpin keturunané Yakub

      Lan para penguasané wong Israèl,+ padha rungokna.

      Kowé kuduné ngerti sing adil kuwi piyé.

       2 Ning, kowé malah sengit karo apa sing apik+ lan seneng karo apa sing jahat.+

      Kowé nguliti bangsaku, lan dagingé mbok pisahké saka balung-balungé.+

       3 Kowé ya mangan dagingé bangsaku+

      Lan nguliti wong-wong kuwi.

      Balungé mbok hancurké lan mbok remuk,+

      Kaya daging lan balung sing dimasak ing panci.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim