-
Yèhèzkièl 21:26, 27Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
26 Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ’Uculana serbanmu, lan copoten mahkotamu.+ Keadaané saiki wis berubah.+ Wong sing penting bakal direndhahké,+ lan wong biasa bakal diunggulké.+ 27 Reruntuhan, reruntuhan. Kuwi* bakal Tak dadèkké reruntuhan. Kuwi ora bakal dadi duwèké sapa-sapa nganti wong sing nduwé hak sing sah teka.+ Aku bakal mènèhké kuwi marang dhèwèké.’+
-
-
Danièl 4:17Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
17 Kuwi keputusan sing disampèkké para utusan*+ lan diumumké para malaékat sing suci.* Kuwi kelakon bèn kabèh wong sing urip ngerti nèk Gusti Allah sing Mahaluhur kuwi Penguasané kerajaan manungsa+ lan nèk Dhèwèké mènèhké wewenang kanggo mréntah marang sapa waé sing Dhèwèké péngini, termasuk marang wong sing paling rendhah.”
-