PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • 1 Samuèl 15:22
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 22 Terus Samuèl kandha, ”Endi sing luwih nyenengké Yéhuwah: Mènèhké persembahan bakaran lan korban+ apa manut karo omongané Yéhuwah? Manut kuwi luwih apik timbang mènèhké korban.+ Nggatèkké tenanan kuwi luwih apik timbang mènèhké gajihé+ domba lanang.

  • Wulang Bebasan 21:3
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    •  3 Yéhuwah luwih seneng nèk wong nindakké sing bener lan adil

      Timbang mènèhi persembahan.+

  • Yésaya 1:11
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 11 Yéhuwah kandha, ”Nèk kowé mènèhi korban sing akèh, apa gunané kuwi kanggo Aku?+

      Aku wis bosen karo domba lanang+ sing mbok dadèkké persembahan bakaran lan karo gajihé kéwan sing lemu.+

      Aku ora seneng karo getihé+ anak sapi,+ anak domba, lan kambing.+

  • Mikha 6:6-8
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    •  6 Aku kudu nggawa apa wektu ngadhep Yéhuwah?

      Aku kudu nggawa apa wektu sujud marang Gusti Allah sing ana ing swarga?

      Apa aku kudu nggawa persembahan bakaran

      Utawa anak sapi sing umuré setaun?+

       7 Apa Yéhuwah seneng nampa domba sing jumlahé akèh banget,

      Utawa minyak sing akèh banget?+

      Apa aku kudu mènèhké anakku lanang sing pertama kanggo kesalahanku?

      Apa aku kudu mènèhké anakku dhéwé kanggo dosaku?+

       8 Hé manungsa, Gusti Allah wis ngandhani kowé apa sing apik.

      Apa sing dijaluk Yéhuwah saka kowé?

      Dhèwèké mung njaluk bèn kowé tumindak adil,+ setya,*+

      Lan rendah hati+ ing ngarepé Gusti Allahmu.+

  • Matius 9:13
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 13 Pikirna omongan iki, ’Aku luwih seneng nèk kowé nduwé rasa mesakké karo wong liya timbang kowé mènèhi Aku korban.’+ Aku teka ora kanggo ngundang* wong-wong sing bener, ning wong-wong sing dosa.”

  • Matius 12:7
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 7 Kitab Suci tau kandha, ’Aku luwih seneng nèk kowé nduwé rasa mesakké+ karo wong liya timbang kowé mènèhi Aku korban.’+ Nèk ngerti artiné kata-kata iki, kowé mesthi ora bakal nyalahké wong-wong sing ora salah.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim