PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • 2 Para Raja 17:19, 20
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 19 Ning, wong-wong Yéhuda ya ora nindakké préntahé Yéhuwah Gusti Allahé.+ Wong-wong kuwi terus nindakké kebiasaan sing ditindakké wong Israèl.+ 20 Mula, Yéhuwah nolak kabèh keturunané Israèl, ngrendhahké wong-wong kuwi, lan nyerahké wong-wong kuwi marang para penjarah nganti akhiré Gusti Allah ngusir wong-wong kuwi saka ngarepé.

  • Yèhèzkièl 23:30, 31
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 30 Kowé bakal ngalami kuwi kabèh, merga kowé ngoyak* bangsa-bangsa liya kaya pelacur+ lan merga kowé nggawé awakmu dadi najis nganggo brahala-brahalané sing njijiki.+ 31 Kowé niru kelakuané mbakyumu, lan kowé bakal Tak hukum kaya mbakyumu.+ Hukuman kuwi kaya gelas sing isiné anggur sing wis Tak wènèhké mbakyumu.’+

  • Amos 2:4, 5
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    •  4 Iki sing diomongké Yéhuwah,

      ’Merga Yéhuda wis bola-bali* mbrontak,+ Aku ora bakal ngubah keputusan-Ku.

      Wong-wong kuwi wis nolak hukumé Yéhuwah

      Lan ora nindakké peraturan-peraturané.+

      Wong-wong kuwi disesatké karo allah-allah palsu sing dipercaya nènèk moyangé.+

       5 Mula, Aku bakal nggawé geni ngobong Yéhuda,

      Lan kuwi bakal ngobong kabèh menara sing ana bèntèngé ing Yérusalèm nganti entèk.’+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim