PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Markus 6:45-52
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 45 Ora let suwé, Yésus ngongkon murid-muridé numpak prau lan lunga ing sabrang ndhisiki Yésus ing arah Bètsaida. Wong akèh mau ya dikongkon mulih.+ 46 Sakwisé wong-wong kuwi mulih, Yésus munggah ing gunung arep ndonga.+ 47 Bengi kuwi, Yésus dhèwèkan ing kono. Prauné murid-muridé wis ana ing tengah laut.+ 48 Terus, Yésus ndelok para muridé rekasa ndhayung prauné merga nglawan angin. Mula, pas isih subuh,* Yésus mlaku ing ndhuwur laut arep marani murid-muridé. Yésus mlaku terus kaya arep ngliwati prauné. 49 Wektu ndelok Yésus mlaku ing ndhuwur laut, murid-murid mbengok, ”Ana sing lagi mlaku.”* 50 Murid-murid kewedèn wektu ndelok Yésus. Mula, Yésus langsung ngomong karo murid-muridé, ”Aja wedi, iki aku.”+ 51 Terus, Yésus munggah ing prau kuwi, lan anginé mandheg. Murid-murid nggumun ndelok kuwi 52 merga isih padha durung ngerti artiné mukjijat roti mau. Murid-murid kuwi isih durung paham.

  • Yohanes 6:16-21
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 16 Wektu wis soré, murid-murid lunga ing laut,+ 17 terus numpak prau merga arep nyabrang ing Kapernaum. Pas wis peteng, Yésus isih durung marani murid-muridé.+ 18 Ing laut, ombaké saya gedhé merga anginé banter.+ 19 Sakwisé ndhayung prauné kira-kira lima nganti enem kilomèter,* murid-murid ndelok Yésus mlaku ing ndhuwur laut lan mara nyedhaki prau. Murid-murid dadi wedi. 20 Ning, Yésus ngomong karo murid-muridé, ”Aja wedi, iki aku.”+ 21 Terus, murid-murid ngongkon Yésus munggah ing prau. Ora let suwé, prauné tekan ing tujuané.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim