-
Markus 12:13-17Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
13 Terus, wong-wong kuwi ngongkon wong Farisi lan pengikuté partai Hérodès marani Yésus. Wong-wong kuwi péngin nggawé Yésus kejebak omongané dhéwé.+ 14 Wektu tekan kono, wong-wong kuwi kandha marang Yésus, ”Guru, aku ngerti nèk omongané njenengan mesthi bener. Njenengan ora péngin dialem manungsa. Njenengan ya ora ndelok wong mung saka penampilané waé, ning njenengan mulang apa sing bener soal Gusti Allah. Mula, aku péngin ngerti, mbayar pajeg marang Kaisar kuwi éntuk apa ora? 15 Awaké dhéwé kudu mbayar apa ora?” Yésus ngerti nèk wong-wong kuwi munafik. Mula Yésus kandha, ”Ngapa kok kowé nguji aku? Wènèhana aku dhuwit dinar* siji.” 16 Wong-wong kuwi mènèhi Yésus dhuwit dinar siji. Terus, Yésus takon, ”Gambar lan jenengé sapa sing ana ing dhuwit iki?” Wong-wong kuwi njawab, ”Kaisar.” 17 Bar kuwi, Yésus kandha, ”Mula, wènèhna marang Kaisar apa sing dadi duwèké Kaisar.+ Ning, wènèhna marang Gusti Allah apa sing dadi duwèké Gusti Allah.”+ Wong-wong kuwi kagum karo jawabané Yésus.
-
-
Lukas 20:20-26Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
20 Para ahli Taurat lan imam kepala kuwi nggolèk kesempatan kanggo njebak Yésus. Wong-wong kuwi péngin nggawé Yésus kejebak omongané+ dhéwé bèn nduwé alesan kanggo nyerahké Yésus marang pamréntah, yaiku marang gubernur. Mula, wong-wong kuwi meneng-meneng mbayar wong bèn wong-wong sing dibayar kuwi éthok-éthok dadi wong sing apik. 21 Wong-wong sing wis dibayar kuwi kandha, ”Guru, aku ngerti nèk omongan lan wulangané njenengan kuwi mesthi bener. Njenengan ya ora mbédak-mbédakké wong lan mulang apa sing bener soal Gusti Allah. 22 Mula aku péngin ngerti, mbayar pajeg marang Kaisar kuwi éntuk apa ora?” 23 Ning, Yésus ngerti siasaté wong-wong kuwi, mula Yésus kandha, 24 ”Wènèhana aku dhuwit dinar* siji. Gambar lan jenengé sapa sing ana ing dhuwit iki?” Wong-wong kuwi njawab, ”Kaisar.” 25 Bar kuwi, Yésus kandha, ”Mula, wènèhna marang Kaisar apa sing dadi duwèké Kaisar.+ Ning, wènèhna marang Gusti Allah apa sing dadi duwèké Gusti Allah.”+ 26 Wong-wong kuwi ora isa nggawé Yésus kejebak omongané dhéwé ing ngarepé wong akèh. Wong-wong kuwi malah meneng waé merga nggumun banget wektu krungu jawabané Yésus.
-