PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Matius 22:15-22
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 15 Bar kuwi, wong Farisi lunga saka kono lan nggawé rencana bèn Yésus kejebak omongané dhéwé.+ 16 Mula, wong Farisi ngongkon murid-muridé lan pengikuté partai Hérodès+ nemoni Yésus. Wong-wong kuwi ngomong, ”Guru, aku ngerti nèk omongané njenengan mesthi bener. Njenengan ya mulang apa sing bener soal Gusti Allah lan ora péngin dialem manungsa. Njenengan ora ndelok wong mung saka penampilané waé. 17 Mula, aku péngin ngerti pendapaté njenengan. Mbayar pajeg marang Kaisar kuwi éntuk apa ora?” 18 Ning, Yésus ngerti nèk wong-wong kuwi nduwé niat jahat. Mula Yésus kandha, ”Wong munafik, ngapa kok kowé nguji aku? 19 Wènèhana aku dhuwit rècèh sing dienggo mbayar pajeg.” Wong-wong kuwi mènèhi Yésus dhuwit dinar* siji. 20 Yésus takon, ”Gambar lan jenengé sapa sing ana ing dhuwit iki?” 21 Wong-wong kuwi njawab, ”Kaisar.” Terus Yésus kandha, ”Mula, wènèhna marang Kaisar apa sing dadi duwèké Kaisar. Ning, wènèhna marang Gusti Allah apa sing dadi duwèké Gusti Allah.”+ 22 Wong-wong kuwi kagum karo jawabané Yésus. Terus, wong-wong kuwi lunga saka kono.

  • Markus 12:13-17
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 13 Terus, wong-wong kuwi ngongkon wong Farisi lan pengikuté partai Hérodès marani Yésus. Wong-wong kuwi péngin nggawé Yésus kejebak omongané dhéwé.+ 14 Wektu tekan kono, wong-wong kuwi kandha marang Yésus, ”Guru, aku ngerti nèk omongané njenengan mesthi bener. Njenengan ora péngin dialem manungsa. Njenengan ya ora ndelok wong mung saka penampilané waé, ning njenengan mulang apa sing bener soal Gusti Allah. Mula, aku péngin ngerti, mbayar pajeg marang Kaisar kuwi éntuk apa ora? 15 Awaké dhéwé kudu mbayar apa ora?” Yésus ngerti nèk wong-wong kuwi munafik. Mula Yésus kandha, ”Ngapa kok kowé nguji aku? Wènèhana aku dhuwit dinar* siji.” 16 Wong-wong kuwi mènèhi Yésus dhuwit dinar siji. Terus, Yésus takon, ”Gambar lan jenengé sapa sing ana ing dhuwit iki?” Wong-wong kuwi njawab, ”Kaisar.” 17 Bar kuwi, Yésus kandha, ”Mula, wènèhna marang Kaisar apa sing dadi duwèké Kaisar.+ Ning, wènèhna marang Gusti Allah apa sing dadi duwèké Gusti Allah.”+ Wong-wong kuwi kagum karo jawabané Yésus.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim