PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Matius 22:15-22
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 15 Bar kuwi, wong Farisi lunga saka kono lan nggawé rencana bèn Yésus kejebak omongané dhéwé.+ 16 Mula, wong Farisi ngongkon murid-muridé lan pengikuté partai Hérodès+ nemoni Yésus. Wong-wong kuwi ngomong, ”Guru, aku ngerti nèk omongané njenengan mesthi bener. Njenengan ya mulang apa sing bener soal Gusti Allah lan ora péngin dialem manungsa. Njenengan ora ndelok wong mung saka penampilané waé. 17 Mula, aku péngin ngerti pendapaté njenengan. Mbayar pajeg marang Kaisar kuwi éntuk apa ora?” 18 Ning, Yésus ngerti nèk wong-wong kuwi nduwé niat jahat. Mula Yésus kandha, ”Wong munafik, ngapa kok kowé nguji aku? 19 Wènèhana aku dhuwit rècèh sing dienggo mbayar pajeg.” Wong-wong kuwi mènèhi Yésus dhuwit dinar* siji. 20 Yésus takon, ”Gambar lan jenengé sapa sing ana ing dhuwit iki?” 21 Wong-wong kuwi njawab, ”Kaisar.” Terus Yésus kandha, ”Mula, wènèhna marang Kaisar apa sing dadi duwèké Kaisar. Ning, wènèhna marang Gusti Allah apa sing dadi duwèké Gusti Allah.”+ 22 Wong-wong kuwi kagum karo jawabané Yésus. Terus, wong-wong kuwi lunga saka kono.

  • Lukas 20:20-26
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 20 Para ahli Taurat lan imam kepala kuwi nggolèk kesempatan kanggo njebak Yésus. Wong-wong kuwi péngin nggawé Yésus kejebak omongané+ dhéwé bèn nduwé alesan kanggo nyerahké Yésus marang pamréntah, yaiku marang gubernur. Mula, wong-wong kuwi meneng-meneng mbayar wong bèn wong-wong sing dibayar kuwi éthok-éthok dadi wong sing apik. 21 Wong-wong sing wis dibayar kuwi kandha, ”Guru, aku ngerti nèk omongan lan wulangané njenengan kuwi mesthi bener. Njenengan ya ora mbédak-mbédakké wong lan mulang apa sing bener soal Gusti Allah. 22 Mula aku péngin ngerti, mbayar pajeg marang Kaisar kuwi éntuk apa ora?” 23 Ning, Yésus ngerti siasaté wong-wong kuwi, mula Yésus kandha, 24 ”Wènèhana aku dhuwit dinar* siji. Gambar lan jenengé sapa sing ana ing dhuwit iki?” Wong-wong kuwi njawab, ”Kaisar.” 25 Bar kuwi, Yésus kandha, ”Mula, wènèhna marang Kaisar apa sing dadi duwèké Kaisar.+ Ning, wènèhna marang Gusti Allah apa sing dadi duwèké Gusti Allah.”+ 26 Wong-wong kuwi ora isa nggawé Yésus kejebak omongané dhéwé ing ngarepé wong akèh. Wong-wong kuwi malah meneng waé merga nggumun banget wektu krungu jawabané Yésus.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim