Yésaya
9 Tapi, kesusahan sing dialami ing tanah kuwi ora bakal kaya mbiyèn pas wong Zébulon lan Naftali ngalami kesusahan lan direndhahké.+ Ning, sukmbèn Gusti Allah bakal nggawé dalan menyang laut dadi diajèni, yaiku sing ana ing wilayah Kali Yordan, Galiléa sing dienggoni bangsa-bangsa liya.
2 Wong sing mlaku ing petengan
Wis ndelok cahaya sing padhang.
Wong sing manggon ing panggonan sing peteng banget
Wis dipadhangi.+
3 Njenengan nggawé bangsa kuwi tambah gedhé.
Njenengan nggawé bangsa kuwi seneng.
Wong-wong kuwi ngrasa seneng ing ngarep-Mu
Kaya wong sing seneng merga bar panèn,
Kaya wong sing seneng wektu mbagi jarahan.
4 Njenengan wis ngremuk kayu sing dienggo ngangkat bebané wong-wong kuwi,
Ngremuk kayu sing dienggo nggebug pundhaké wong-wong kuwi, yaiku tongkaté majikané,
Kaya wektu Midian dikalahké.+
5 Sepatuné para prajurit sing nggawé bumi goncang
Lan kabèh klambi sing kebak getih
Bakal diobong nganti entèk.
6 Ana bocah sing wis lair kanggo awaké dhéwé.+
Ana bocah lanang sing wis diwènèhké marang awaké dhéwé.
Bocah kuwi bakal nduwé hak kanggo mréntah.+
Dhèwèké bakal disebut Penaséhat sing hébat,+ Gusti sing kuwat,+ Bapak sing ana saklawasé, lan Pemimpin sing nggawé rukun lan tentrem.
7 Kuwasané bakal saya gedhé,
Lan pamréntahané bakal terus nggawé rukun lan tentrem.+
Dhèwèké bakal dadi raja kaya Daud,+
Lan kerajaané bakal saya kuwat lan bakal ana sakterusé,+
Merga dhèwèké bener+ lan adil+
Saka saiki nganti saklawasé.
Yéhuwah pemimpiné pasukan péngin banget nindakké kuwi.
8 Yéhuwah ngomong nèk Yakub bakal dihukum,
Lan Israèl bakal ngalami kuwi.+
9 Kabèh wong, yaiku wong Éfraim lan penduduk Samaria,
Bakal ngerti soal kuwi.
Merga sombong lan ngunggulké awaké dhéwé, wong-wong kuwi ngomong ngéné,
10 ”Omah-omah saka bata wis ambruk,
Ning aku bakal mbangun omah saka watu.+
Wit ara hutan wis ditegor,
Ning bakal tak ganti nganggo wit aras.”
11 Yéhuwah bakal nggawé mungsuh-mungsuhé Rézin menang nglawan dhèwèké*
Lan nggawé mungsuh-mungsuhé Israèl padha nyerang.
12 Siria bakal teka saka wétan, lan Filistin bakal teka saka kulon.+
Bangsa-bangsa kuwi bakal nyerang Israèl, kaya kéwan buas sing nyaplok mangsané.+
Ning, Dhèwèké tetep nesu
Lan tetep ngukum umaté.+
13 Senajan wis dihukum, umat iki tetep ora mertobat marang Gusti Allah.
Umat iki ora nggolèk tuntunané Yéhuwah pemimpiné pasukan.+
14 Mung ing wektu sedina, Yéhuwah bakal ngethok endhas lan buntuté Israèl,+
Yaiku tunas lan suket dhuwur* sing ana ing Israèl.
15 Endhasé yaiku para pemimpin lan wong-wong sing diajèni.
Buntuté yaiku para nabi sing mènèhi ajaran sing ora bener.+
16 Wong-wong sing mimpin umat iki malah mblasukké,
Lan wong-wong sing manut karo para pemimpin kuwi dadi bingung.
17 Kuwi sebabé Yéhuwah ora seneng karo cah-cah enomé bangsa iki.
Dhèwèké ora bakal mesakké karo bocah yatim* lan randha
Merga kabèh wong kuwi jahat lan mbrontak marang Gusti Allah,*+
Lan kabèh wong kuwi ngomongké sing ora ana gunané.
Ning, Dhèwèké tetep nesu
Lan tetep ngukum umaté.+
18 Kejahatané wong-wong kuwi kaya geni
Sing ngobong semak berduri lan suket.
Kuwi bakal ngobong semak-semak sing ana ing hutan
Nganti asapé munggah.
19 Merga Yéhuwah pemimpiné pasukan nesu banget,
Tanah kuwi diobong.
Penduduké bakal diobong nganti entèk.
Ora ana sing mesakké karo seduluré dhéwé.
20 Ana sing motong daging ing sebelah tengené,
Ning isih tetep ngelih.*
Ana sing mangan daging ing sebelah kiwané,
Ning tetep ora wareg.
Saben wong bakal mangan daging saka lengené dhéwé.
21 Manasyé bakal nyaplok Éfraim,
Lan Éfraim bakal nyaplok Manasyé.
Bangsa-bangsa kuwi bakal nyerang Yéhuda.+
Ning, Dhèwèké tetep nesu
Lan tetep ngukum umaté.+