PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Maléakhi 2
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

Intiné Buku Maléakhi

      • Para imam gagal mulang umaté Gusti Allah (1-9)

        • Tugasé para imam kuduné mulangké pengetahuan (7)

      • Wong-wong salah merga megat bojoné sak senengé dhéwé (10-17)

        • ”’Aku sengit karo pegatan,’ kandhané Yéhuwah” (16)

Maléakhi 2:1

Réferènsi Silang

  • +Mal 1:6

Maléakhi 2:2

Réferènsi Silang

  • +Km 26:14-17; PT 28:15
  • +Hag 1:11

Maléakhi 2:3

Cathetan Ngisor

  • *

    Maksudé, menyang panggonan kanggo mbuwang telèk kéwan korban kuwi.

Réferènsi Silang

  • +Yl 1:17

Maléakhi 2:4

Réferènsi Silang

  • +Pa 40:12, 15; Wi 3:6; 18:23; Yèh 44:15, 16

Maléakhi 2:5

Cathetan Ngisor

  • *

    Deloken Daftar Istilah.

Maléakhi 2:6

Cathetan Ngisor

  • *

    Utawa ”tuntunan”.

Réferènsi Silang

  • +2Bb 17:8, 9
  • +Pa 32:26

Maléakhi 2:7

Cathetan Ngisor

  • *

    Lit.: ”Lambéné para imam kuwi kuduné mulangké pengetahuan”.

  • *

    Lit.: ”Kuduné wong-wong nggolèk hukum ing cangkemé dhèwèké”.

Réferènsi Silang

  • +PT 24:8; 2Bb 15:3; Néh 8:7, 8; Yèh 44:23, 24

Maléakhi 2:8

Réferènsi Silang

  • +Luk 11:52
  • +Néh 13:29

Maléakhi 2:9

Cathetan Ngisor

  • *

    Lit.: ”ora mlaku ing dalan-Ku”.

Réferènsi Silang

  • +Km 19:15; PT 1:17; 16:19

Maléakhi 2:10

Réferènsi Silang

  • +Mal 1:6; 1Kor 8:6
  • +Néh 5:8

Maléakhi 2:11

Cathetan Ngisor

  • *

    Lit.: ”karo anaké wédok”.

Réferènsi Silang

  • +Km 20:26
  • +PT 7:1, 3; PH 3:5, 6; 1Raj 11:1, 2; Néh 13:23

Maléakhi 2:12

Réferènsi Silang

  • +1Sam 15:22

Maléakhi 2:13

Réferènsi Silang

  • +WB 21:27

Maléakhi 2:14

Cathetan Ngisor

  • *

    Utawa ”wis ngianati”.

  • *

    Lit.: ”bojo perjanjianmu”.

Réferènsi Silang

  • +WB 5:18-20; Mat 19:4-6

Maléakhi 2:15

Cathetan Ngisor

  • *

    Lit.: ”benihé”.

Maléakhi 2:16

Réferènsi Silang

  • +PD 2:24; Mat 5:32; 19:8, 9; Mrk 10:5-9
  • +Mal 2:10

Maléakhi 2:17

Réferènsi Silang

  • +Yés 1:14, 15
  • +Yèh 18:29

Terjemahan Liya

Klik ayat kanggo ndelok ayat sing padha saka Alkitab liya.

Keterangan Liya

Mal. 2:1Mal 1:6
Mal. 2:2Km 26:14-17; PT 28:15
Mal. 2:2Hag 1:11
Mal. 2:3Yl 1:17
Mal. 2:4Pa 40:12, 15; Wi 3:6; 18:23; Yèh 44:15, 16
Mal. 2:62Bb 17:8, 9
Mal. 2:6Pa 32:26
Mal. 2:7PT 24:8; 2Bb 15:3; Néh 8:7, 8; Yèh 44:23, 24
Mal. 2:8Luk 11:52
Mal. 2:8Néh 13:29
Mal. 2:9Km 19:15; PT 1:17; 16:19
Mal. 2:10Mal 1:6; 1Kor 8:6
Mal. 2:10Néh 5:8
Mal. 2:11Km 20:26
Mal. 2:11PT 7:1, 3; PH 3:5, 6; 1Raj 11:1, 2; Néh 13:23
Mal. 2:121Sam 15:22
Mal. 2:13WB 21:27
Mal. 2:14WB 5:18-20; Mat 19:4-6
Mal. 2:16PD 2:24; Mat 5:32; 19:8, 9; Mrk 10:5-9
Mal. 2:16Mal 2:10
Mal. 2:17Yés 1:14, 15
Mal. 2:17Yèh 18:29
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
  • 1
  • 2
  • 3
  • 4
  • 5
  • 6
  • 7
  • 8
  • 9
  • 10
  • 11
  • 12
  • 13
  • 14
  • 15
  • 16
  • 17
Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
Maléakhi 2:1-17

Maléakhi

2 ”Saiki Aku mènèhi kowé préntah,+ hé para imam. 2 Nèk kowé ora gelem ngrungokké lan nèk kowé ora tenanan ngluhurké jeneng-Ku, Aku bakal ngutuk kowé.+ Kabèh berkahmu bakal Tak ubah dadi kutukan.+ Malah sakjané berkahmu kuwi wis Tak ubah dadi kutukan, merga kowé ora nganggep kuwi serius,” kandhané Yéhuwah pemimpiné pasukan.

3 ”Merga tumindakmu, Aku bakal ngrusak benih sing wis mbok sebar.+ Raimu bakal Tak uncali telèk, yaiku telèké kéwan sing mbok korbanké pas perayaan. Kowé bakal dibuwang bareng karo telèk kuwi.* 4 Terus, kowé ya bakal ngerti nèk Aku wis mènèhi préntah iki marang kowé bèn perjanjian-Ku karo Lèwi ora batal,”+ kandhané Yéhuwah pemimpiné pasukan.

5 ”Perjanjian-Ku karo dhèwèké kuwi isa nggawé dhèwèké tetep urip lan mènèhi kedamaian, bèn dhèwèké wedi marang* Aku. Mbiyèn, dhèwèké ngajèni Aku lan ngluhurké jeneng-Ku. 6 Dhèwèké mulangké hukum* sing bener lan ora tau ngomong sing jahat.+ Dhèwèké nduwé hubungan sing damai karo Aku, nindakké sing bener,+ lan nggawé akèh wong ora nindakké manèh kesalahané. 7 Tugasé para imam kuwi kuduné mulangké pengetahuan* soal Gusti Allah marang wong-wong. Kuduné wong-wong njaluk petunjuk soal hukum marang dhèwèké*+ merga dhèwèké kuwi utusané Yéhuwah pemimpiné pasukan.

8 ”Ning kowé dhéwé wis nyimpang, lan kowé nyebabké akèh wong gagal nindakké hukum.+ Kowé wis nglanggar perjanjian-Ku karo Lèwi,”+ kandhané Yéhuwah pemimpiné pasukan. 9 ”Mula, Aku bakal nggawé kowé dirèmèhké lan direndhahké ing ngarepé kabèh wong merga kowé ora manut préntah-Ku,* ning malah pilih kasih wektu nindakké hukum.”+

10 ”Bapaké awaké dhéwé kuwi kan mung siji, ta?+ Gusti Allah sing nyiptakké awaké dhéwé kan mung siji, ta? Terus ngapa kok awaké dhéwé padha ngianati?+ Kuwi isa nggawé najis perjanjiané nènèk moyangé awaké dhéwé. 11 Yéhuda wis berkhianat lan nindakké sing njijiki ing Israèl lan Yérusalèm. Yéhuda wis ngrèmèhké Yéhuwah+ sing nresnani apa sing suci, lan dhèwèké nikah karo wong wédok sing nyembah* allah asing.+ 12 Kabèh sing nindakké kuwi bakal dipatèni Yéhuwah saka kémahé Yakub, embuh wong kuwi sapa, senajan wong kuwi mènèhké persembahan marang Yéhuwah pemimpiné pasukan.”+

13 ”Ana manèh sing mbok tindakké sing nyebabké mézbahé Yéhuwah ketutup air mata, tangisan, lan sambaté wong-wong. Kuwi sebabé Dhèwèké ora gelem nampa persembahanmu manèh lan ora seneng karo apa waé sing mbok wènèhké.+ 14 Kowé takon, ’Kok isa?’ Kuwi merga Yéhuwah dadi seksi nèk kowé wis ora setya karo* wong wédok sing mbok nikahi pas kowé isih enom, padahal dhèwèké kuwi pasanganmu lan bojomu sing sah.*+ 15 Ning, ana ing antaramu sing nduwé tékad ora nindakké kaya ngono kuwi. Wong-wong kuwi péngin nduwé keturunan sing bener-bener umaté* Gusti Allah. Wong-wong kuwi tumindak manut tuntunané roh suci. Mula jaganen atimu, lan nduwéa tékad aja nganti ngianati wong wédok sing mbok nikahi pas kowé isih enom, 16 sebab Aku sengit karo pegatan,”+ kandhané Yéhuwah Gusti Allahé Israèl, ”lan wong sing salah merga nindakké kejahatan,” kandhané Yéhuwah pemimpiné pasukan. ”Mula jaganen atimu, lan aja padha ngianati.+

17 ”Kowé wis nggawé Yéhuwah bosen karo omonganmu.+ Ning kowé kandha, ’Kok isa aku nggawé Dhèwèké bosen?’ Kowé nggawé Gusti Allah bosen merga kowé kandha, ’Wong sing tumindak jahat kuwi apik nurut pandhangané Yéhuwah, lan wong kuwi nggawé seneng Gusti Allah,’+ utawa merga kowé kandha, ’Ing endi Gusti Allah sing adil?’”

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim