Yésaya
28 Cilaka tenan mahkota* sing dibanggakké wong Éfraim+ sing seneng mabuk.
Hiasané mung kembang sing arep layu
Ing puncak lembah sing subur, sing dienggoni wong-wong sing mabuk merga ngombé anggur.
2 Yéhuwah bakal ngongkon wong sing kuwat.
Kaya udan ès sing medèni, kaya badai sing ngrusak,
Kaya badai lan banjir gedhé,
Dhèwèké bakal nguncalké mahkota kuwi ing bumi.
3 Mahkota sing dibanggakké wong Éfraim sing seneng mabuk
Bakal diidak-idak.+
4 Kembang sing arep layu kuwi,
Sing ana ing puncak lembah sing subur,
Bakal dadi kaya buah ara sing pertama mateng sakdurungé musim panas.
Wektu ndelok buah kuwi, wong bakal methik lan langsung mangan buah kuwi.
5 Wektu kuwi, Yéhuwah pemimpiné pasukan bakal dadi kaya hiasan sirah lan mahkota sing apik kanggoné umaté sing isih urip.+ 6 Dhèwèké bakal nggawé para hakim adil wektu ngadili lan mènèhi kekuwatan marang wong sing ngusir mungsuh-mungsuh sing nyerang ing gerbang.+
7 Merga ngombé anggur, pikirané para imam lan para nabi dadi ora bener.
Merga ngombé minuman keras, wong-wong kuwi dadi sempoyongan.
Pikirané wong-wong kuwi dadi ora bener.
Wong-wong kuwi dadi bingung merga ngombé anggur
Lan sempoyongan merga ngombé minuman keras.
Wahyu sing didelok nggawé wong-wong kuwi nindakké sing ora bener
Lan ora adil wektu ngadili.+
8 Méjané wong-wong kuwi kebak muntahan sing njijiki.
Kabèh kena muntahané kuwi.
9 Wong-wong kuwi ngomong, ”Dhèwèké arep ngajari sapa
Lan arep nyampèkké berita kuwi marang sapa?
Apa aku iki kaya bocah cilik sing lagi waé mandheg nyusu,
Sing wis ora nyusu ibuné manèh?
10 Sithik-sithik dhèwèké ngomong, ’Iki préntahé, kuwi préntahé,
Iki peraturané,* kuwi peraturané,+
Gatèkna iki, gatèkna kuwi.’”*
11 Mula, Gusti Allah bakal ngomong karo bangsa iki liwat bangsa sing ngomong nganggo basa liya, sing basané anèh lan angèl dipahami.+ 12 Dhèwèké wis tau ngomong, ”Iki panggonan kanggo istirahat, bèn wong sing kesel isa istirahat lan ngrasa seger manèh.” Ning, wong-wong kuwi ora gelem ngrungokké.+ 13 Mula kanggoné wong-wong kuwi, omongané Yéhuwah bakal kaya ngéné,
”Iki préntahé, kuwi préntahé,
Iki peraturané,* kuwi peraturané,+
Gatèkna iki, gatèkna kuwi.”
Wektu wong-wong kuwi mlaku,
Wong-wong kuwi bakal kesandhung lan tiba,
Terus luka, kena jerat, lan kecekel.+
14 Hé para pemimpiné bangsa iki sing ana ing Yérusalèm,
Sing seneng nyombongké dhiri, rungokna omongané Yéhuwah.
15 Kowé ngomong ngéné,
”Aku wis nggawé perjanjian karo Kematian.+
Aku ya wis nggawé perjanjian karo Kuburan.*
Wektu ana banjir gedhé,
Aku ora bakal kena,
Merga omonganku sing ngapusi kuwi kaya témbok perlindungan
Lan kaya panggonan kanggo ndhelik.”+
16 Mula, Gusti Yéhuwah sing Mahakuwasa ngomong ngéné,
”Aku ndèlèhké watu sing wis teruji bèn dadi pondhasi ing Zion,+
Wong sing nduwé iman ora bakal panik.+
17 Keadilan bakal Tak dadèkké kaya tali pengukur,+
Lan apa sing bener dadi kaya alat ukur kedataran.+
Témbok perlindungan palsu kuwi bakal hancur merga udan ès,
Lan panggonan kanggo ndhelik kuwi bakal kebanjiran.
18 Perjanjianmu karo Kematian ora bakal berlaku manèh,
Wektu ana banjir gedhé,
Kowé bakal hancur.
19 Saben banjir gedhé kuwi teka,
Kowé mesthi bakal kesèrèt.+
Banjir gedhé kuwi bakal teka saben ésuk,
Awan, lan bengi.
Wong-wong kuwi isa ngerti artiné berita sing disampèkké nèk pas wedi thok.”*
20 Panggonané turu kecendhèken,
Lan kain tenuné keciliken nganti ora isa dienggo kemulan.
21 Yéhuwah bakal tumindak kaya pas Dhèwèké tumindak ing Gunung Pérazim.
Dhèwèké bakal tumindak kaya pas Dhèwèké tumindak ing lembah cedhak Gibéon.+
Tumindaké ora kaya biasané.
Tumindaké béda karo biasané.+
22 Mula, aja ngécé,+
Bèn tali sing nalèni kowé ora dadi saya kenceng,
Merga aku krungu saka Gusti sing Mahakuwasa, Yéhuwah pemimpiné pasukan,
Nèk Dhèwèké wis mutuské bakal nyingkirké kabèh sing ana ing tanah iki.*+
23 Rungokna swaraku.
Gatèkna lan rungokna omonganku.
24 Apa ana petani sing saben dina
Mung mbajak, macul, lan ngratakké lemahé, tapi ora nandur benih?+
25 Sakwisé ngratakké lemahé,
Dhèwèké mesthi bakal nyebar biji jinten ireng lan jinten putih, ta?
Dhèwèké ya mesthi bakal nandur gandum lan barli ing panggonané
Lan nandur biji-bijian+ liyané ing pinggirané ladhang, ta?
27 Jinten ireng ora digiles nganggo alat,+
Lan jinten putih ora digiles nganggo rodhané grobag.
Ning, jinten ireng digebug-gebug nganggo kayu,
Lan jinten putih digebug-gebug nganggo tongkat.
28 Wektu biji-bijian dipisahké saka batangé, biji-bijian kuwi ora bakal digiling nganti alus bèn isa digawé roti.
Biji-bijian kuwi ora bakal terus-terusan digiles,+
Ning cukup digiles nganggo grobag sing ditarik jaran
Bèn biji-bijian kuwi ora remuk.+
29 Kabèh naséhat kuwi asalé saka Yéhuwah pemimpiné pasukan.