PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • 2 Babad 20
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

Intiné Buku 2 Babad

      • Yéhuda diancam bangsa-bangsa ing sekitaré (1-4)

      • Yéhosyafat ndonga njaluk tulung (5-13)

      • Jawabané Yéhuwah (14-19)

      • Yéhuda dislametké nganggo mukjijat (20-30)

      • Akhir pamréntahané Yéhosyafat (31-37)

2 Babad 20:1

Cathetan Ngisor

  • *

    Utawa mungkin ”wong Méunim”.

Réferènsi Silang

  • +PH 3:14; 2Sam 8:2; Mzm 83:2, 6
  • +PD 19:36-38

2 Babad 20:2

Cathetan Ngisor

  • *

    Kétoké Laut Mati.

Réferènsi Silang

  • +Yos 15:1
  • +Yos 15:20, 62

2 Babad 20:3

Réferènsi Silang

  • +2Bb 19:1, 3

2 Babad 20:4

Réferènsi Silang

  • +PT 4:29-31

2 Babad 20:6

Réferènsi Silang

  • +1Raj 8:23; Mat 6:9
  • +1Bb 29:11; Dan 4:17
  • +1Bb 29:12; Yés 40:15, 17; Dan 4:35

2 Babad 20:7

Réferènsi Silang

  • +PD 12:7; Néh 9:7, 8; Yés 41:8; Yak 2:23

2 Babad 20:8

Réferènsi Silang

  • +2Bb 2:4

2 Babad 20:9

Réferènsi Silang

  • +2Bb 6:20
  • +1Raj 8:33, 34; 2Bb 6:28-30

2 Babad 20:10

Réferènsi Silang

  • +PD 36:8
  • +Wi 20:17, 18; PT 2:5, 9, 19

2 Babad 20:11

Réferènsi Silang

  • +PH 11:23, 24; Mzm 83:2, 4

2 Babad 20:12

Réferènsi Silang

  • +PH 11:27, 28; Mzm 7:6
  • +2Raj 6:15, 16
  • +2Bb 14:11; Mzm 25:15; 62:1

2 Babad 20:13

Cathetan Ngisor

  • *

    Lit.: ”putra-putrané”.

2 Babad 20:15

Réferènsi Silang

  • +PT 1:29, 30; Yos 11:4, 6; 2Bb 32:7, 8

2 Babad 20:16

Cathetan Ngisor

  • *

    Utawa ”wadi”.

2 Babad 20:17

Réferènsi Silang

  • +Yés 30:15
  • +Pa 14:13, 14; 15:2; 1Sam 2:1; 1Bb 16:23; KP 3:26
  • +PT 31:8; Yos 10:25
  • +Wi 14:9; 2Bb 15:2

2 Babad 20:19

Réferènsi Silang

  • +1Bb 23:12
  • +1Bb 15:16

2 Babad 20:20

Réferènsi Silang

  • +2Bb 11:5, 6
  • +Pa 14:31; 19:9

2 Babad 20:21

Cathetan Ngisor

  • *

    Utawa ”Katresnané sing langgeng”. Deloken Daftar Istilah.

Réferènsi Silang

  • +1Bb 15:16
  • +Pa 34:6

2 Babad 20:22

Réferènsi Silang

  • +PH 7:22; 1Sam 14:20

2 Babad 20:23

Réferènsi Silang

  • +PT 2:5
  • +Pa 14:25; Yèh 38:21

2 Babad 20:24

Réferènsi Silang

  • +2Bb 20:16
  • +Pa 14:30; Mzm 110:5, 6; Yés 37:36

2 Babad 20:25

Réferènsi Silang

  • +Pa 12:35; 2Raj 7:15, 16

2 Babad 20:26

Cathetan Ngisor

  • *

    Lit.: ”mberkahi”.

  • *

    Artiné ”Berkah”.

Réferènsi Silang

  • +Pa 17:14, 15; 1Sam 7:12

2 Babad 20:27

Réferènsi Silang

  • +1Sam 2:1; Mzm 20:5; 30:1

2 Babad 20:28

Réferènsi Silang

  • +2Sam 6:5; 1Bb 16:5
  • +Wi 10:8; 1Bb 13:8; 2Bb 29:26
  • +Mzm 116:19

2 Babad 20:29

Réferènsi Silang

  • +Pa 15:13, 14; Yos 9:3, 9; 2Bb 17:10

2 Babad 20:30

Réferènsi Silang

  • +Yos 23:1; 2Sam 7:1; 2Bb 15:15

2 Babad 20:31

Réferènsi Silang

  • +1Raj 22:41, 42

2 Babad 20:32

Réferènsi Silang

  • +1Raj 15:11
  • +2Bb 17:3, 4; 19:2, 3

2 Babad 20:33

Cathetan Ngisor

  • *

    Deloken Daftar Istilah.

Réferènsi Silang

  • +1Raj 15:14; 22:43; 2Bb 17:1, 6
  • +1Raj 18:21

2 Babad 20:34

Réferènsi Silang

  • +1Raj 16:1; 2Bb 19:2
  • +2Bb 16:7

2 Babad 20:35

Réferènsi Silang

  • +2Raj 1:2, 16

2 Babad 20:36

Réferènsi Silang

  • +1Raj 10:22, 23
  • +Wi 33:1, 35; PT 2:8; 1Raj 9:26

2 Babad 20:37

Réferènsi Silang

  • +2Bb 19:2; Mzm 127:1
  • +1Raj 22:48

Terjemahan Liya

Klik ayat kanggo ndelok ayat sing padha saka Alkitab liya.

Keterangan Liya

2 Bb. 20:1PH 3:14; 2Sam 8:2; Mzm 83:2, 6
2 Bb. 20:1PD 19:36-38
2 Bb. 20:2Yos 15:1
2 Bb. 20:2Yos 15:20, 62
2 Bb. 20:32Bb 19:1, 3
2 Bb. 20:4PT 4:29-31
2 Bb. 20:61Raj 8:23; Mat 6:9
2 Bb. 20:61Bb 29:11; Dan 4:17
2 Bb. 20:61Bb 29:12; Yés 40:15, 17; Dan 4:35
2 Bb. 20:7PD 12:7; Néh 9:7, 8; Yés 41:8; Yak 2:23
2 Bb. 20:82Bb 2:4
2 Bb. 20:92Bb 6:20
2 Bb. 20:91Raj 8:33, 34; 2Bb 6:28-30
2 Bb. 20:10PD 36:8
2 Bb. 20:10Wi 20:17, 18; PT 2:5, 9, 19
2 Bb. 20:11PH 11:23, 24; Mzm 83:2, 4
2 Bb. 20:12PH 11:27, 28; Mzm 7:6
2 Bb. 20:122Raj 6:15, 16
2 Bb. 20:122Bb 14:11; Mzm 25:15; 62:1
2 Bb. 20:15PT 1:29, 30; Yos 11:4, 6; 2Bb 32:7, 8
2 Bb. 20:17Yés 30:15
2 Bb. 20:17Pa 14:13, 14; 15:2; 1Sam 2:1; 1Bb 16:23; KP 3:26
2 Bb. 20:17PT 31:8; Yos 10:25
2 Bb. 20:17Wi 14:9; 2Bb 15:2
2 Bb. 20:191Bb 23:12
2 Bb. 20:191Bb 15:16
2 Bb. 20:202Bb 11:5, 6
2 Bb. 20:20Pa 14:31; 19:9
2 Bb. 20:211Bb 15:16
2 Bb. 20:21Pa 34:6
2 Bb. 20:22PH 7:22; 1Sam 14:20
2 Bb. 20:23PT 2:5
2 Bb. 20:23Pa 14:25; Yèh 38:21
2 Bb. 20:242Bb 20:16
2 Bb. 20:24Pa 14:30; Mzm 110:5, 6; Yés 37:36
2 Bb. 20:25Pa 12:35; 2Raj 7:15, 16
2 Bb. 20:26Pa 17:14, 15; 1Sam 7:12
2 Bb. 20:271Sam 2:1; Mzm 20:5; 30:1
2 Bb. 20:282Sam 6:5; 1Bb 16:5
2 Bb. 20:28Wi 10:8; 1Bb 13:8; 2Bb 29:26
2 Bb. 20:28Mzm 116:19
2 Bb. 20:29Pa 15:13, 14; Yos 9:3, 9; 2Bb 17:10
2 Bb. 20:30Yos 23:1; 2Sam 7:1; 2Bb 15:15
2 Bb. 20:311Raj 22:41, 42
2 Bb. 20:321Raj 15:11
2 Bb. 20:322Bb 17:3, 4; 19:2, 3
2 Bb. 20:331Raj 15:14; 22:43; 2Bb 17:1, 6
2 Bb. 20:331Raj 18:21
2 Bb. 20:341Raj 16:1; 2Bb 19:2
2 Bb. 20:342Bb 16:7
2 Bb. 20:352Raj 1:2, 16
2 Bb. 20:361Raj 10:22, 23
2 Bb. 20:36Wi 33:1, 35; PT 2:8; 1Raj 9:26
2 Bb. 20:372Bb 19:2; Mzm 127:1
2 Bb. 20:371Raj 22:48
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
  • 1
  • 2
  • 3
  • 4
  • 5
  • 6
  • 7
  • 8
  • 9
  • 10
  • 11
  • 12
  • 13
  • 14
  • 15
  • 16
  • 17
  • 18
  • 19
  • 20
  • 21
  • 22
  • 23
  • 24
  • 25
  • 26
  • 27
  • 28
  • 29
  • 30
  • 31
  • 32
  • 33
  • 34
  • 35
  • 36
  • 37
Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
2 Babad 20:1-37

2 Babad

20 Sakwisé kuwi, wong Moab,+ wong Ammon,+ lan sebagéan wong Ammonim* teka arep perang nglawan Yéhosyafat. 2 Yéhosyafat dikandhani, ”Ana pasukan sing akèh saka dhaérah laut* teka nglawan njenengan. Wong-wong kuwi teka saka Édom+ lan saiki ana ing Hazazon-tamar, yaiku Èn-gèdi.”+ 3 Merga krungu kuwi, Yéhosyafat dadi wedi lan nduwé tékad nggolèk tuntunané Yéhuwah.+ Mula, dhèwèké ngumumké pasa kanggo kabèh wong Yéhuda. 4 Wong Yéhuda ngumpul bareng kanggo njaluk tulung marang Yéhuwah.+ Wong-wong kuwi teka saka kabèh kutha ing Yéhuda kanggo njaluk tuntunané Yéhuwah.

5 Yéhosyafat ngadeg ing antarané jemaat Yéhuda lan Yérusalèm ing omahé Yéhuwah ing ngarepé halaman anyar. 6 Dhèwèké kandha,

”Oh Yéhuwah Gusti Allahé nènèk moyangku, mung Njenengan Gusti Allah ing swarga+ sing nguwasani kabèh kerajaan bangsa-bangsa.+ Kuwasa lan kehébatan ana ing tangan-Mu, lan ora ana sing isa nglawan Njenengan.+ 7 Oh Gusti Allahku, Njenengan ngusir penduduké tanah iki saka ngarepé umat-Mu Israèl lan mènèhké kuwi marang keturunané Abraham sahabat-Mu+ kanggo dadi duwèké saklawasé. 8 Terus wong-wong kuwi manggon ing kono, lan mbangun panggonan suci kanggo jeneng-Mu+ ing kono. Wong-wong kuwi kandha, 9 ’Nèk aku kabèh kena bencana, embuh kuwi merga pedhang, hukuman, wabah, utawa kelaparan, aku kabèh bakal ngadeg ing ngarepé omah iki lan ing ngarepé Njenengan (merga jeneng-Mu ana ing omah iki).+ Pas aku kabèh ngalami kesusahan lan njaluk tulung marang Njenengan, muga-muga Njenengan ngrungokké lan nylametké aku kabèh.’+ 10 Ing kéné ana pasukan saka Ammon, Moab, lan saka dhaérah pegunungan Séir.+ Pas Israèl metu saka Mesir, Njenengan ora ngéntukké Israèl nyerang wong-wong kuwi. Wong Israèl padha ninggalké lan ora nyingkirké wong-wong kuwi.+ 11 Saiki wong-wong kuwi mbales aku kabèh kaya ngéné iki. Wong-wong kuwi teka kanggo ngusir aku kabèh saka tanah sing Njenengan wènèhké marang aku kabèh dadi warisan.+ 12 Oh Gusti Allahku, apa Njenengan ora bakal ngukum wong-wong kuwi?+ Merga aku kabèh iki ora nduwé kekuwatan ngadhepi pasukan sing akèh iki lan ora ngerti kudu piyé,+ ning mripatku ngarah marang Njenengan.”+

13 Wektu kuwi, kabèh wong Yéhuda ngadeg ing ngarepé Yéhuwah bareng karo bojo lan anak-anaké,* termasuk sing isih cilik.

14 Terus, Yahazièl, sing ana ing tengah-tengahé jemaat kuwi, éntuk roh suciné Yéhuwah. Yahazièl kuwi anaké Zakharia anaké Bénaya anaké Yéièl anaké Matania, wong Lèwi anaké Asaf. 15 Dhèwèké kandha, ”Wong Yéhuda, penduduk Yérusalèm, lan Raja Yéhosyafat, gatèkna! Iki omongané Yéhuwah, ’Aja wedi merga pasukan sing akèh iki, merga iki dudu perangmu ning perangé Gusti Allah.+ 16 Sésuk, mudhuna ngadhepi wong-wong kuwi. Wong-wong kuwi bakal munggah liwat Tanjakan Ziz, lan kowé bakal ketemu karo wong-wong kuwi ing ujung lembah* ing ngarepé Padhang Belantara Yéruèl. 17 Ing perang iki, kowé ora perlu nyerang. Kowé kudu siap-siap ing panggonanmu, tetep ngadeg,+ lan deloken piyé Yéhuwah nylametké kowé.+ Yéhuda lan Yérusalèm, aja wedi.+ Sésuk, kowé kudu ngadhepi wong-wong kuwi, lan Yéhuwah bakal ndhukung kowé.’”+

18 Yéhosyafat langsung sujud, lan kabèh wong Yéhuda lan penduduk Yérusalèm padha sujud ing ngarepé Yéhuwah kanggo nyembah Yéhuwah. 19 Terus, wong Lèwi keturunané Kohat+ lan keturunané Korah ngadeg kanggo muji Yéhuwah Gusti Allahé Israèl nganggo swara sing banter banget.+

20 Sésuk ésuké, wong-wong kuwi mangkat menyang Padhang Belantara Tékoa.+ Pas wong-wong kuwi mangkat, Yéhosyafat ngadeg lan kandha, ”Wong Yéhuda lan penduduk Yérusalèm, rungokna aku. Kowé kudu percaya marang Yéhuwah Gusti Allahmu bèn kowé isa yakin. Kowé kudu nduwé iman marang para nabiné,+ lan kowé bakal berhasil.”

21 Sakwisé omong-omongan karo wong-wong kuwi, Yéhosyafat nglantik wong-wong kanggo nyanyi+ lan muji Yéhuwah. Para penyanyi kuwi kudu nganggo klambi suci lan mlaku ing ngarepé pasukan sing nggawa senjata karo nyanyi, ”Ucapna syukur marang Yéhuwah merga katresnané* ana saklawasé.”+

22 Wektu wong-wong kuwi mulai nyanyèkké pujian karo seneng banget, Yéhuwah ngatur serangan dadakan marang pasukan saka Ammon, Moab, lan saka dhaérah pegunungan Séir sing nyerang Yéhuda. Mula, wong-wong kuwi padha patèn-patènan dhéwé.+ 23 Wong Ammon lan wong Moab mbalik nyerang penduduk saka dhaérah pegunungan Séir.+ Sakwisé nyingkirké lan matèni penduduk Séir mau, wong-wong kuwi padha patèn-patènan.+

24 Wektu wong Yéhuda tekan ing menara penjaga ing padhang belantara+ lan ndelok pasukan kuwi, wong-wong kuwi ndelok mayaté pasukan kuwi padha pating gléthak.+ Kabèh padha mati. 25 Mula Yéhosyafat lan pasukané mara, terus njarah wong-wong kuwi. Yéhosyafat lan pasukané nemokké akèh barang, klambi, lan barang berharga. Kabèh barang kuwi dijupuk nganti ora isa nggawa luwih akèh manèh.+ Butuh wektu telung dina njupuk jarahan kuwi merga jumlahé akèh banget. 26 Ing dina kepapat, wong-wong kuwi ngumpul ing Lembah Béraka, merga ing kono wong-wong kuwi padha muji* Yéhuwah. Kuwi sebabé, wong-wong kuwi njenengi panggonan kuwi Lembah Béraka*+ nganti saiki.

27 Terus, kabèh wong Yéhuda lan Yérusalèm ngetutké Yéhosyafat bali ing Yérusalèm karo seneng banget. Yéhuwah wis nggawé wong-wong kuwi seneng banget merga wis menang saka mungsuh-mungsuhé.+ 28 Wong-wong kuwi mlebu ing Yérusalèm karo diiringi alat musik bersenar, harpa,+ lan trompèt,+ terus padha mlebu ing omahé Yéhuwah.+ 29 Kabèh kerajaan ing negara-negara liya padha wedi marang Gusti Allah wektu krungu nèk Yéhuwah wis perang nglawan mungsuh-mungsuhé Israèl.+ 30 Mula kerajaané Yéhosyafat bébas saka gangguan, lan Gusti Allahé nggawé wong-wong kuwi bébas saka kabèh mungsuh ing sekitaré.+

31 Yéhosyafat tetep mréntah ing Yéhuda. Dhèwèké umur 35 taun pas dadi raja, lan mréntah 25 taun suwéné ing Yérusalèm. Ibuné jenengé Azuba anaké Syilhi.+ 32 Yéhosyafat terus niru contoné Asa bapaké+ lan ora nyimpang saka kuwi. Dhèwèké nindakké apa sing bener nurut pandhangané Yéhuwah.+ 33 Ning, panggonan-panggonan dhuwur* ora disingkirké.+ Wong-wong durung nduwé tékad kanggo nyembah Gusti Allahé nènèk moyangé.+

34 Sejarah liyané soal Yéhosyafat, saka awal nganti akhir, dicathet ing tulisané Yéhu+ anaké Hanani+ lan dilebokké ing Buku Raja-Raja Israèl. 35 Bar kuwi, Yéhosyafat raja Yéhuda kerja sama karo Ahazia raja Israèl sing jahat.+ 36 Dhèwèké kerja sama nggawé kapal-kapal sing bakal berlayar menyang Tarsyis.+ Kapal-kapal kuwi digawé ing Ézion-gèbèr.+ 37 Ning, Èlièzèr anaké Dodawahu saka Marésya ngramal soal Yéhosyafat. Dhèwèké kandha, ”Merga kowé wis kerja sama karo Ahazia, Yéhuwah bakal nyingkirké gawéanmu.”+ Mula, kapal-kapal kuwi hancur+ lan ora isa berlayar menyang Tarsyis.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim