Mikha
4 Ing dina-dina terakhir,
Gunung panggonan omahé Yéhuwah+
Bakal ngadeg jejeg ngluwihi puncak gunung-gunung
Lan bakal dadi luwih dhuwur timbang bukit-bukit.
Wong-wong bakal padha bareng-bareng mrana.+
2 Akèh bangsa bakal mara lan kandha,
”Ayo awaké dhéwé munggah menyang gunungé Yéhuwah,
Menyang omahé Gusti Allahé Yakub.+
Dhèwèké bakal mulang awaké dhéwé soal dalané,
Lan awaké dhéwé bakal mlaku ing dalané.”
Sebab saka Zion bakal ana hukum,*
Lan saka Yérusalèm bakal ana omongané Yéhuwah.
3 Gusti Allah bakal dadi hakimé bangsa-bangsa+
Lan bakal ngrampungké masalahé bangsa-bangsa kuwi.
Wong-wong bakal nggawé pedhangé dadi mata bajak
Lan tombaké dadi arit.+
Bangsa ora bakal perang nglawan bangsa
Lan ora bakal ajar perang manèh.+
4 Saben wong bakal lungguh* ing ngisor wit anggur lan wit arané dhéwé.+
Ora ana sing bakal nggawé wedi+
Merga sing ngomong kaya ngono Yéhuwah pemimpiné pasukan.
5 Kabèh bangsa bakal manut karo* allahé dhéwé-dhéwé,
Ning awaké dhéwé bakal manut karo* Yéhuwah, Gusti Allahé awaké dhéwé,+ nganti saklawasé.
6 Yéhuwah kandha, ”Wektu kuwi,
Aku bakal nglumpukké bangsa sing pincang kuwi
Lan bangsa sing kesebar kuwi,+
Bareng karo wong-wong sing wis Tak hukum.
7 Aku bakal nylametké wong-wong sing isih urip saka bangsa sing pincang kuwi,+
Lan bangsa sing wis disingkirké menyang panggonan sing adoh bakal Tak dadèkké bangsa sing kuwat.+
Yéhuwah bakal mréntah dadi rajané wong-wong kuwi saka Gunung Zion,
Saiki nganti saklawasé.
8 Kowé, menara sing nglindhungi domba-domba,
Bukit ing kutha Zion,+
Kekuasaanmu sing mbiyèn* mesthi bakal bali manèh marang kowé.+
Kerajaan kuwi bakal dadi duwèké kutha Yérusalèm manèh.+
9 Ngapa kok kowé bengok-bengok?
Apa kowé ora nduwé raja?
Apa para penaséhatmu wis padha mati?
Kok nganti kowé kelaran kaya wong wédok sing arep nglairké?+
10 Hé kutha Zion, padha sambat lan bengok-bengoka,
Kaya wong wédok sing arep nglairké
Merga saiki kowé bakal metu saka kutha lan manggon ing padhang.
Ing kono, Yéhuwah bakal nebus kowé saka mungsuh-mungsuhmu.+
11 Akèh bangsa bakal diklumpukké nglawan kowé.
Wong-wong kuwi bakal kandha, ’Bèn waé Zion dirèmèhké,
Lan awaké dhéwé isa ndelok kehancurané.’
12 Ning, wong-wong kuwi ora ngerti pikirané Yéhuwah,
Lan ora ngerti karepé Gusti Allah.
Gusti Allah bakal nglumpukké wong-wong kuwi kaya tumpukan biji-bijian ing panggonan kanggo nggiles biji-bijian.*
13 Hé kutha Zion,+ tangia lan gilesen biji-bijian,
Merga Aku bakal nggawé sungumu dadi wesi,
Lan kukumu dadi tembaga.
Kowé bakal ngremuk akèh bangsa,+
Lan kowé bakal mènèhké jarahan marang Yéhuwah.
Kowé ya bakal mènèhké hartané wong-wong kuwi marang Gusti sing bener, sing nguwasani bumi sak isiné.”+