Yésaya
36 Ing taun ke-14 pamréntahané Raja Hizkia, Sanhèrib raja Asiria+ nyerang lan ngrebut kabèh kutha sing ana bèntèngé ing Yéhuda.+ 2 Terus, raja Asiria ngongkon Rabsyaké*+ lan pasukan sing gedhé lunga saka Lakhis+ menyang Yérusalèm nemoni Raja Hizkia. Kabèh wong kuwi teka ing saluran banyu sing ana ing kolam ndhuwur,+ sing ana ing pinggir dalan gedhé sing ngarah menyang panggonané tukang ngumbahi klambi.+ 3 Pengawas istana sing jenengé Èliakim+ anaké Hilkia, Syébna+ sekretaris kerajaan, lan juru tulis sing jenengé Yoah anaké Asaf padha nemoni Rabsyaké.
4 Rabsyaké ngomong karo wong-wong kuwi, ”Tulung ngomonga karo Hizkia, ’Raja Asiria sing hébat ngomong ngéné, ”Kok isa kowé percaya diri banget?+ 5 Kowé ngomong nèk nduwé taktik lan kekuwatan kanggo perang, ning kuwi mung omong kosong. Kowé ngendelké sapa kok nganti wani-waniné mbrontak nglawan aku?+ 6 Mesir sing mbok endelké kuwi kaya suket dhuwur sing tugel, sing bakal nusuk lan nembus tlapak tangané wong sing sèndhèran ing kono. Kuwi sing bakal ditindakké Firaun raja Mesir marang kabèh wong sing ngendelké dhèwèké.+ 7 Mungkin kowé njawab, ’Aku ngendelké Yéhuwah Gusti Allahku.’ Tapi, kuwi kan Gusti Allah sing mézbah lan panggonan dhuwuré* disingkirké karo Hizkia.+ Terus, Hizkia ya ngongkon wong Yéhuda lan Yérusalèm, ’Kowé kudu sujud ing ngarepé mézbah+ sing ana ing Yérusalèm.’”’ 8 Dadi saiki, gustiku raja Asiria+ nantang kowé. Kowé bakal tak wènèhi jaran 2.000 nèk kowé sanggup nyedhiakké wong-wong sing numpaki jaran kuwi. 9 Senajan Mesir isa mènèhi kowé kréta perang lan pasukan sing numpak jaran, apa kowé isa ngalahké para abdiné gustiku? Lha wong gubernur sing jabatané paling rendhah waé ora isa mbok tandhingi. 10 Apa mbok pikir aku ora éntuk wewenang saka Yéhuwah kanggo nyerang lan ngremuk tanah iki? Yéhuwah dhéwé kandha karo aku, ’Serangen lan remuken kutha kuwi.’”
11 Terus Èliakim, Syébna,+ lan Yoah ngomong ngéné karo Rabsyaké,+ ”Tulung ngomong marang abdimu iki nganggo basa Aram* waé,+ aku isa paham. Aja ngomong nganggo basa Yahudi, bèn wong-wong sing ana ing ndhuwur témbok ora ngerti sing mbok omongké.”+ 12 Ning Rabsyaké njawab, ”Apa rajaku ngongkon aku ngomong marang kowé lan rajamu thok? Aku ya dikongkon ngomong marang wong-wong sing lungguh ing ndhuwur témbok, sing bakal mangan tainé dhéwé lan ngombé uyuhé dhéwé bareng karo kowé.”
13 Terus, Rabsyaké ngadeg lan ngomong nganggo swara banter nganggo basa Yahudi.+ Dhèwèké kandha, ”Rungokna omongané raja Asiria+ sing hébat. 14 Raja ngomong ngéné, ’Aja gelem diapusi Hizkia, merga dhèwèké ora sanggup nylametké kowé.+ 15 Aja nganti Hizkia nggawé kowé ngendelké Yéhuwah+ liwat omongané iki, ”Yéhuwah mesthi bakal nylametké awaké dhéwé, lan kutha iki ora bakal dikuwasani raja Asiria.” 16 Aja ngrungokké Hizkia, merga raja Asiria ngomong ngéné, ”Mendhing kowé nyerah waé lan damai karo aku, mengko kowé isa mangan anggur saka wit anggurmu dhéwé lan mangan ara saka wit aramu dhéwé. Kowé ya isa ngombé banyu saka sumurmu* dhéwé. 17 Terus, aku bakal nggawa kowé menyang tanah sing padha kaya tanahmu dhéwé,+ sing kebak biji-bijian, anggur anyar, roti, lan kebon anggur. 18 Aja gelem diapusi Hizkia sing ngomong, ’Yéhuwah bakal nylametké awaké dhéwé.’ Apa ana allahé bangsa liya sing isa nylametké bangsané saka raja Asiria?+ 19 Ing endi allah-allahé wong Hamat lan wong Arpad?+ Ing endi allah-allahé wong Séfarwaim?+ Apa allah-allah kuwi isa nylametké Samaria saka aku?+ 20 Apa mungkin Yéhuwah isa nylametké Yérusalèm saka aku? Lha wong allahé bangsa liya waé ora isa nylametké bangsané saka aku.”’”+
21 Ning, wong-wong kuwi meneng waé, ora njawab babar blas, merga Raja wis kandha, ”Ora usah mbok jawab.”+ 22 Terus, pengawas istana yaiku Èliakim anaké Hilkia, Syébna+ sekretaris kerajaan, lan juru tulis yaiku Yoah anaké Asaf padha nemoni Hizkia nganggo klambi sing wis disuwèk. Wong-wong kuwi nyampèkké omongané Rabsyaké mau.