PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Yérémia 37
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

Intiné Buku Yérémia

      • Wong Khaldéa bakal bali manèh (1-10)

      • Yérémia dipenjara (11-16)

      • Zédékia ketemu karo Yérémia (17-21)

        • Yérémia terus diwènèhi roti (21)

Yérémia 37:1

Cathetan Ngisor

  • *

    Jeneng liyané yaiku Yéhoyakhin lan Yékonia.

  • *

    Lit.: ”Nébukhadrézar”, éjaan liya jeneng iki.

Réferènsi Silang

  • +2Raj 24:17-19; 1Bb 3:15
  • +2Raj 24:12; Yér 22:24
  • +2Bb 36:10-12

Yérémia 37:3

Réferènsi Silang

  • +Yér 38:1, 4
  • +2Raj 25:18, 21; Yér 21:1, 2; 29:25

Yérémia 37:4

Réferènsi Silang

  • +Yér 37:15

Yérémia 37:5

Réferènsi Silang

  • +Yér 34:21
  • +Yèh 17:15

Yérémia 37:7

Réferènsi Silang

  • +Yér 17:5; KP 4:17; Yèh 17:17

Yérémia 37:8

Réferènsi Silang

  • +Yér 32:29; 34:22; 39:8

Yérémia 37:10

Réferènsi Silang

  • +Yér 21:4

Yérémia 37:11

Réferènsi Silang

  • +Yér 34:21

Yérémia 37:12

Réferènsi Silang

  • +Yér 1:1

Yérémia 37:15

Réferènsi Silang

  • +Yér 26:11; 38:4
  • +Yér 20:2; Ibr 11:32, 36

Yérémia 37:17

Cathetan Ngisor

  • *

    Utawa ”njemput”.

Réferènsi Silang

  • +Yér 38:14
  • +Yér 21:7; 24:8; 34:21; Yèh 12:12, 13

Yérémia 37:19

Réferènsi Silang

  • +Yér 14:13; 23:16, 17; 27:14; 28:1, 2; KP 2:14

Yérémia 37:20

Réferènsi Silang

  • +Yér 37:15
  • +Yér 26:15; 38:8, 9

Yérémia 37:21

Réferènsi Silang

  • +Néh 3:25; Yér 32:2; 33:1; 38:13, 28
  • +1Raj 17:6
  • +2Raj 25:3; Yér 38:9

Terjemahan Liya

Klik ayat kanggo ndelok ayat sing padha saka Alkitab liya.

Keterangan Liya

Yér. 37:12Raj 24:17-19; 1Bb 3:15
Yér. 37:12Raj 24:12; Yér 22:24
Yér. 37:12Bb 36:10-12
Yér. 37:3Yér 38:1, 4
Yér. 37:32Raj 25:18, 21; Yér 21:1, 2; 29:25
Yér. 37:4Yér 37:15
Yér. 37:5Yér 34:21
Yér. 37:5Yèh 17:15
Yér. 37:7Yér 17:5; KP 4:17; Yèh 17:17
Yér. 37:8Yér 32:29; 34:22; 39:8
Yér. 37:10Yér 21:4
Yér. 37:11Yér 34:21
Yér. 37:12Yér 1:1
Yér. 37:15Yér 26:11; 38:4
Yér. 37:15Yér 20:2; Ibr 11:32, 36
Yér. 37:17Yér 38:14
Yér. 37:17Yér 21:7; 24:8; 34:21; Yèh 12:12, 13
Yér. 37:19Yér 14:13; 23:16, 17; 27:14; 28:1, 2; KP 2:14
Yér. 37:20Yér 37:15
Yér. 37:20Yér 26:15; 38:8, 9
Yér. 37:21Néh 3:25; Yér 32:2; 33:1; 38:13, 28
Yér. 37:211Raj 17:6
Yér. 37:212Raj 25:3; Yér 38:9
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
  • 1
  • 2
  • 3
  • 4
  • 5
  • 6
  • 7
  • 8
  • 9
  • 10
  • 11
  • 12
  • 13
  • 14
  • 15
  • 16
  • 17
  • 18
  • 19
  • 20
  • 21
Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
Yérémia 37:1-21

Yérémia

37 Raja Zédékia+ anaké Yosia mulai mréntah nggantèni Konia*+ anaké Yéhoyakim, merga Nébukhadnézar* raja Babilon ndadèkké Zédékia dadi raja ing Yéhuda.+ 2 Ning Zédékia, para abdiné, lan rakyat ing tanah kuwi ora ngrungokké omongané Yéhuwah sing disampèkké liwat Nabi Yérémia.

3 Terus, Raja Zédékia ngutus Yéhukal+ anaké Syélémia lan Zéfanya+ anaké Imam Maaséya nemoni Nabi Yérémia lan kandha, ”Tulung ndongaa marang Gusti Allah Yéhuwah kanggo awaké dhéwé.” 4 Pas kuwi, Yérémia isih bébas manggon ing endi waé ing antarané wong-wong merga Yérémia durung dilebokké penjara.+ 5 Wektu kuwi, wong Khaldéa lagi ngepung Yérusalèm, ning ora sida nyerang Yérusalèm+ merga krungu laporan nèk pasukané Firaun teka saka Mesir.+ 6 Bar kuwi, Yéhuwah kandha marang Yérémia, 7 ”Iki sing diomongké Yéhuwah Gusti Allahé Israèl: ’Iki sing kudu mbok omongké marang raja Yéhuda sing ngongkon kowé bèn njaluk tuntunan saka Aku: ”Pasukané Firaun sing teka kanggo mbantu kowé bakal bali menyang tanahé, yaiku Mesir.+ 8 Ning wong Khaldéa bakal bali manèh, terus nyerang, ngrebut, lan ngobong kutha iki nganti entèk.”+ 9 Iki sing diomongké Yéhuwah: ”Aja ngapusi awakmu dhéwé lan mikir, ’Wong Khaldéa ora bakal bali,’ merga wong-wong kuwi mesthi bakal bali mréné. 10 Senajan kowé ngalahké kabèh pasukan Khaldéa sing nyerang kowé lan sisané mung tinggal wong-wong sing luka parah, tetep waé wong-wong kuwi bakal mangkat saka kémahé lan ngobong kutha iki nganti entèk.”’”+

11 Wektu pasukan Khaldéa ora sida nyerang Yérusalèm merga pasukané Firaun,+ 12 Yérémia lunga saka Yérusalèm menyang dhaérah Bènyamin+ kanggo nampa bagéan tanahé ing antarané sedulur-seduluré. 13 Ning pas tekan Gerbang Bènyamin, Nabi Yérémia ditangkep karo kepala penjaga sing jenengé Iriya anaké Syélémia anaké Hanania. Iriya kandha, ”Kowé mihak wong Khaldéa.” 14 Ning Yérémia kandha, ”Ora! Aku ora mihak wong Khaldéa.” Tapi Iriya ora gelem ngrungokké Yérémia. Dhèwèké malah nangkep lan nggawa Yérémia marang para pejabat. 15 Para pejabat kuwi nesu banget karo Yérémia,+ terus nggebugi lan nglebokké dhèwèké ing penjara+ ing omahé Yéhonatan sekretaris kuwi. Wektu kuwi, omahé Yéhonatan didadèkké penjara. 16 Yérémia dilebokké ing sèl bawah tanah lan tetep ing kana nganti pirang-pirang dina.

17 Terus, Raja Zédékia ngutus wong kanggo methuk* Yérémia. Raja meneng-meneng nakoni Yérémia ing istanané.+ Raja Zédékia takon, ”Apa ana pesen saka Yéhuwah?” Yérémia kandha, ”Ana.” Yérémia kandha manèh, ”Njenengan bakal diserahké marang raja Babilon.”+

18 Bar kuwi, Yérémia kandha marang Raja Zédékia, ”Apa salahku marang njenengan, para abdiné njenengan, lan marang bangsa iki, kok nganti aku dilebokké penjara? 19 Endi nabi-nabiné njenengan sing ngramalké, ’Raja Babilon ora bakal nyerang njenengan lan tanah iki’?+ 20 Saiki, Rajaku, tulung rungokna lan turutana sing tak jaluk. Aku aja dibalèkké manèh ing omahé Yéhonatan+ sekretaris kuwi, merga aku isa mati ing kana.”+ 21 Mula, Raja Zédékia mréntahké bèn Yérémia ditahan ing Halaman Penjaga.+ Saben dina, Yérémia diwènèhi roti bunder saka dalan tukang roti,+ nganti kabèh roti ing kutha entèk.+ Yérémia tetep ditahan ing Halaman Penjaga.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim