PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • 2 Babad 35
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

Intiné Buku 2 Babad

      • Yosia nganakké Paskah sing gedhé (1-19)

      • Yosia dipatèni Firaun Nékho (20-27)

2 Babad 35:1

Réferènsi Silang

  • +Pa 12:3-11; 2Raj 23:21
  • +Pa 12:21
  • +Km 23:5; PT 16:1

2 Babad 35:2

Réferènsi Silang

  • +2Bb 23:18; 31:2

2 Babad 35:3

Réferènsi Silang

  • +PT 33:10; 2Bb 17:8, 9; Néh 8:7, 8
  • +1Raj 6:38; 2Bb 5:7
  • +Wi 4:15; 1Bb 23:25, 26

2 Babad 35:4

Réferènsi Silang

  • +1Bb 23:6
  • +2Bb 8:14

2 Babad 35:6

Réferènsi Silang

  • +Pa 12:21; 2Bb 30:1, 15

2 Babad 35:7

Réferènsi Silang

  • +2Bb 30:24

2 Babad 35:8

Réferènsi Silang

  • +2Raj 23:4; 2Bb 34:14

2 Babad 35:10

Réferènsi Silang

  • +1Bb 23:6

2 Babad 35:11

Réferènsi Silang

  • +Pa 12:3, 6
  • +2Bb 30:16
  • +2Bb 29:34

2 Babad 35:13

Cathetan Ngisor

  • *

    Utawa mungkin ”manggang”.

Réferènsi Silang

  • +Pa 12:8; PT 16:6, 7

2 Babad 35:15

Réferènsi Silang

  • +1Bb 16:37
  • +1Bb 23:5
  • +1Bb 25:1, 2
  • +1Bb 16:41, 42; 25:3
  • +1Bb 26:12, 13

2 Babad 35:16

Réferènsi Silang

  • +Km 23:5
  • +2Raj 23:21

2 Babad 35:17

Réferènsi Silang

  • +Pa 12:15; Km 23:6; PT 16:3; 2Bb 30:1, 21

2 Babad 35:18

Réferènsi Silang

  • +2Raj 23:22, 23; 2Bb 30:5, 26

2 Babad 35:20

Réferènsi Silang

  • +Yér 46:2
  • +2Raj 23:29

2 Babad 35:22

Réferènsi Silang

  • +1Raj 22:30
  • +PH 1:27; 5:19; Za 12:11; Why 16:16

2 Babad 35:24

Réferènsi Silang

  • +2Raj 23:30; 2Bb 34:28

2 Babad 35:25

Réferènsi Silang

  • +Yér 1:1
  • +Yér 9:17, 20

2 Babad 35:26

Cathetan Ngisor

  • *

    Deloken ”Katresnan sing langgeng” ing Daftar Istilah.

2 Babad 35:27

Réferènsi Silang

  • +2Raj 23:28

Terjemahan Liya

Klik ayat kanggo ndelok ayat sing padha saka Alkitab liya.

Keterangan Liya

2 Bb. 35:1Pa 12:3-11; 2Raj 23:21
2 Bb. 35:1Pa 12:21
2 Bb. 35:1Km 23:5; PT 16:1
2 Bb. 35:22Bb 23:18; 31:2
2 Bb. 35:3PT 33:10; 2Bb 17:8, 9; Néh 8:7, 8
2 Bb. 35:31Raj 6:38; 2Bb 5:7
2 Bb. 35:3Wi 4:15; 1Bb 23:25, 26
2 Bb. 35:41Bb 23:6
2 Bb. 35:42Bb 8:14
2 Bb. 35:6Pa 12:21; 2Bb 30:1, 15
2 Bb. 35:72Bb 30:24
2 Bb. 35:82Raj 23:4; 2Bb 34:14
2 Bb. 35:101Bb 23:6
2 Bb. 35:11Pa 12:3, 6
2 Bb. 35:112Bb 30:16
2 Bb. 35:112Bb 29:34
2 Bb. 35:13Pa 12:8; PT 16:6, 7
2 Bb. 35:151Bb 16:37
2 Bb. 35:151Bb 23:5
2 Bb. 35:151Bb 25:1, 2
2 Bb. 35:151Bb 16:41, 42; 25:3
2 Bb. 35:151Bb 26:12, 13
2 Bb. 35:16Km 23:5
2 Bb. 35:162Raj 23:21
2 Bb. 35:17Pa 12:15; Km 23:6; PT 16:3; 2Bb 30:1, 21
2 Bb. 35:182Raj 23:22, 23; 2Bb 30:5, 26
2 Bb. 35:20Yér 46:2
2 Bb. 35:202Raj 23:29
2 Bb. 35:221Raj 22:30
2 Bb. 35:22PH 1:27; 5:19; Za 12:11; Why 16:16
2 Bb. 35:242Raj 23:30; 2Bb 34:28
2 Bb. 35:25Yér 1:1
2 Bb. 35:25Yér 9:17, 20
2 Bb. 35:272Raj 23:28
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
  • 1
  • 2
  • 3
  • 4
  • 5
  • 6
  • 7
  • 8
  • 9
  • 10
  • 11
  • 12
  • 13
  • 14
  • 15
  • 16
  • 17
  • 18
  • 19
  • 20
  • 21
  • 22
  • 23
  • 24
  • 25
  • 26
  • 27
Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
2 Babad 35:1-27

2 Babad

35 Yosia nganakké Paskah+ kanggo Yéhuwah ing Yérusalèm, lan korban Paskah+ dibelèh ing dina ke-14 sasi ke-1.+ 2 Dhèwèké nentokké tugasé para imam lan nyemangati bèn padha nindakké pelayanané ing omahé Yéhuwah.+ 3 Terus, dhèwèké kandha marang wong Lèwi, yaiku para guru Israèl+ sing wis disucèkké kanggo Yéhuwah, ”Dèlèhna Pethi kuwi ing omah sing dibangun Salomo anaké Daud raja Israèl.+ Kuwi ora usah mbok usung manèh ing pundhakmu.+ Saiki, kowé kudu nglayani Yéhuwah Gusti Allahmu lan Israèl umaté. 4 Kowé kudu siap-siap nindakké tugas sesuai karo keluarga pihak bapakmu lan kelompok-kelompokmu, kaya préntah sing wis ditulis Daud+ raja Israèl lan Salomo anaké.+ 5 Ngadega ing panggonan suci sesuai karo kelompokmu dhéwé-dhéwé, supaya siji kelompok saka keluarga pihak bapakmu isa nglayani siji keluarga pihak bapaké sedulur-sedulurmu, yaiku umat kuwi. 6 Belèhen korban Paskah kuwi,+ sucèkna awakmu, lan nggawéa persiapan kanggo sedulur-sedulurmu kanggo nindakké omongané Yéhuwah liwat Musa.”

7 Yosia nyumbang ternak kanggo bangsa kuwi, yaiku anak domba lanang lan anak kambing lanang 30.000 lan sapi 3.000 dadi korban Paskah kanggo kabèh sing teka. Kabèh kuwi duwèké Raja dhéwé.+ 8 Para pejabaté ya mènèhi persembahan sukaréla kanggo umat kuwi, para imam, lan wong Lèwi. Hilkia,+ Zakharia, lan Yéhièl, para pemimpin ing omahé Gusti Allah sing bener, mènèhi para imam korban Paskah 2.600 lan sapi 300. 9 Konania, lan sedulur-seduluré yaiku Syémaya lan Nétanèl, bareng karo Hasyabia, Yéièl, lan Yozabad, para pemimpiné wong Lèwi, nyumbang korban Paskah 5.000 lan sapi 500 kanggo wong Lèwi.

10 Sakwisé persiapan kanggo ibadah kuwi rampung, para imam ngadeg ing panggonané, lan wong Lèwi ngadeg nurut kelompok-kelompoké,+ kaya préntahé Raja. 11 Wong-wong kuwi mbelèh korban-korban Paskah,+ terus mènèhké getih korban kuwi marang para imam.+ Bar kuwi, para imam nyipratké getih mau, lan wong Lèwi nguliti kéwan-kéwan.+ 12 Terus, wong-wong kuwi nyiapké persembahan bakaran kanggo dibagèk-bagèkké marang umat kuwi, sing dikelompokké nurut keluarga pihak bapaké bèn korban kuwi isa diwènèhké marang Yéhuwah kaya sing ditulis ing kitab Musa. Sapi-sapiné ya dingonokké. 13 Wong-wong kuwi masak* persembahan Paskah ing ndhuwur geni kaya sing biasa ditindakké.+ Persembahan suci dimasak ing panci, kwali, lan wajan, terus cepet-cepet diwènèhké marang umat kuwi. 14 Wong Lèwi nyiapké korban Paskah kanggo wong-wong kuwi dhéwé lan kanggo para imam, merga para imam keturunané Harun padha mènèhké korban bakaran lan gajih nganti bengi. Mula, wong Lèwi nyiapké korban Paskah kanggo wong-wong kuwi dhéwé lan kanggo para imam keturunané Harun.

15 Para penyanyi, yaiku keturunané Asaf,+ ana ing panggonané dhéwé-dhéwé kaya sing dipréntahké Daud,+ Asaf,+ Héman, lan Yédutun+ wong sing nyampèkké wahyu saka Gusti Allah. Para penjaga gerbang ana ing gerbang sing béda-béda.+ Wong-wong kuwi ora usah ninggalké tugasé, merga sedulur-seduluré, yaiku wong Lèwi, wis nggawé persiapan kanggo wong-wong kuwi. 16 Ing dina kuwi, kabèh persiapan kanggo ibadah marang Yéhuwah ditindakké kanggo nganakké Paskah+ lan kanggo mènèhké persembahan bakaran ing mézbahé Yéhuwah, kaya préntahé Raja Yosia.+

17 Wektu kuwi, wong Israèl sing teka padha ngrayakké Paskah lan Perayaan Roti Tanpa Ragi sing suwéné pitung dina.+ 18 Paskah sing kaya ngono ora tau dianakké ing Israèl kèt jamané Nabi Samuèl. Raja-raja Israèl liyané ora tau nganakké Paskah kaya sing dianakké Yosia,+ para imam, wong Lèwi, kabèh wong Yéhuda lan wong Israèl sing teka, lan penduduk Yérusalèm. 19 Paskah iki dianakké ing taun ke-18 pamréntahané Yosia.

20 Sakwisé kuwi kabèh kelakon, wektu Yosia wis rampung ndandani bait, Nékho+ raja Mesir teka arep perang ing Karkhémis ing cedhak Kali Éfrat. Terus, Yosia mangkat ngadhepi dhèwèké.+ 21 Mula Nékho ngirim utusan kanggo kandha, ”Apa urusanmu, raja Yéhuda? Dina iki aku teka dudu kanggo nglawan kowé, ning nglawan bangsa liya, lan Gusti Allah ngongkon aku cepet-cepet nindakké kuwi. Kanggo kepentinganmu dhéwé, aja nglawan Gusti Allah sing ndhukung aku. Nèk ora, Gusti Allah bakal nyingkirké kowé.” 22 Yosia ora mundur, ning malah nyamar+ kanggo nglawan dhèwèké lan ora ngrungokké omongané Nékho sing asalé saka Gusti Allah. Mula, dhèwèké perang ing Dataran Mégido.+

23 Para pemanah manah Raja Yosia, terus dhèwèké kandha marang para abdiné, ”Gawanen aku lunga saka kéné, merga aku wis luka parah.” 24 Mula, para abdiné mindhah dhèwèké saka kréta perangé menyang kréta perangé sing keloro, terus digawa menyang Yérusalèm. Akhiré, Yosia mati lan dikubur ing kuburané nènèk moyangé.+ Kabèh wong Yéhuda lan Yérusalèm padha nangisi Yosia. 25 Yérémia+ nyanyi lagu sedhih kanggo Yosia, lan kabèh penyanyi lanang lan wédok+ terus-terusan nyanyi soal Yosia ing lagu-lagu sedhihé nganti saiki. Terus, keputusan digawé kanggo nyanyèkké kuwi ing Israèl, lan kuwi kabèh ditulis ing kumpulan lagu sedhih.

26 Sejarah liyané soal Yosia, termasuk soal katresnané sing langgeng* wektu nindakké apa sing ditulis ing Hukumé Yéhuwah, 27 lan soal kabèh sing wis ditindakké, saka awal nganti akhir, kabèh kuwi ditulis ing Buku Raja-Raja Israèl lan Yéhuda.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim