Wulang Bebasan
29 Wong sing tetep ndableg senajan wis dikandhani+
Bakal ujug-ujug cilaka lan ora isa pulih manèh.+
2 Nèk ana akèh wong bener, wong-wong padha seneng,
Ning nèk wong sing jahat mréntah, wong-wong padha sambat.+
3 Wong sing péngin dadi wicaksana nggawé bapaké seneng,+
Ning wong sing kekancan karo pelacur mbuwang-mbuwang dhuwit.+
4 Merga adil wektu mréntah, raja nggawé negarané tetep kuwat,
Ning wong sing nampa suap ngrusak negara kuwi.+
5 Wong sing nyanjung-nyanjung wong liya kuwi
Kaya masang jerat ing ngarepé sikilé wong sing disanjung kuwi.+
6 Kesalahané wong jahat kuwi kaya jerat kanggo wong kuwi dhéwé,+
Ning wong sing bener bakal sorak-sorak lan seneng banget.+
8 Wong sing sombong nggawé wong sak kutha dadi nesu,+
Ning wong wicaksana nggawé wong liya ora nesu manèh.+
9 Wektu wong wicaksana padu karo wong bodho,
Wong bodho kuwi bakal ngamuk lan ngécé. Wong wicaksana kuwi ya ora bakal ngrasa puas.+
10 Wong sing seneng matèni sengit karo wong sing ora salah,+
Lan wong kuwi péngin matèni wong sing bener.*
12 Nèk pemimpin ngrungokké omongan sing ngapusi,
Kabèh abdiné bakal dadi jahat.+
13 Iki persamaané wong sing mlarat lan wong sing seneng nindhes:
Yéhuwah sing mènèhi urip marang wong-wong kuwi.
15 Hukuman* lan naséhat nggawé wong dadi wicaksana,+
Ning anak sing diejarké sak karepé dhéwé nggawé isin ibuné.
16 Nèk wong jahat tambah akèh, kejahatan ya tambah akèh,
Ning wong sing bener bakal ndelok wektu wong-wong kuwi disingkirké.+
17 Dhidhiken anakmu bèn dhèwèké isa nggawé uripmu tenang.
Dhèwèké bakal nggawé kowé bahagia.+
18 Nèk ora ana tuntunan saka Gusti Allah, wong dadi ora nduwé aturan,+
Ning wong sing manut karo hukum bakal bahagia.+
19 Pembantu ora isa dikandhani nèk mung nganggo omongan thok,
Merga senajan dhèwèké ngerti, dhèwèké ora manut.+
20 Apa kowé tau ndelok wong sing ngomong tanpa dipikir?+
Masa depané wong bodho luwih apik timbang wong kuwi.+
21 Nèk pembantu dimanja kèt isih enom,
Dhèwèké bakal dadi wong sing ora nduwé rasa maturnuwun.
22 Wong sing gampang nesu marakké padu.+
Wong sing cepet nesu nggawé akèh kesalahan.+
24 Wong isa kena masalah nèk mbantu maling.
Dhèwèké ora ngomong apa-apa wektu diundang dadi seksi.*+
25 Wedi marang* manungsa kuwi isa nggawé cilaka,*+
Ning wong sing percaya marang Yéhuwah bakal dilindhungi.+
26 Akèh wong péngin ketemu karo pemimpin bèn isa éntuk keadilan,
Ning mung Yéhuwah sing isa mènèhi keadilan.+