PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • 2 Babad 23
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

Intiné Buku 2 Babad

      • Yéhoyada wani tumindak; Yéhoas dadi raja (1-11)

      • Atalia dipatèni (12-15)

      • Perubahan sing digawé Yéhoyada (16-21)

2 Babad 23:1

Cathetan Ngisor

  • *

    Utawa ”kesepakatan”.

Réferènsi Silang

  • +2Raj 11:4

2 Babad 23:2

Réferènsi Silang

  • +2Bb 8:14

2 Babad 23:3

Réferènsi Silang

  • +2Sam 5:3
  • +2Sam 7:8, 12; 1Raj 2:4; 9:5; Mzm 89:20, 29

2 Babad 23:4

Réferènsi Silang

  • +1Bb 24:3
  • +2Raj 11:5-8; 1Bb 9:22-25; 26:1

2 Babad 23:5

Réferènsi Silang

  • +1Raj 7:1
  • +1Raj 7:12

2 Babad 23:6

Réferènsi Silang

  • +1Bb 23:28, 32

2 Babad 23:7

Cathetan Ngisor

  • *

    Lit.: ”wektu dhèwèké metu lan wektu dhèwèké mlebu”.

2 Babad 23:8

Réferènsi Silang

  • +2Raj 11:9-12
  • +1Bb 24:1; 26:1

2 Babad 23:9

Cathetan Ngisor

  • *

    Tamèng sing kerep digawa para pemanah.

Réferènsi Silang

  • +2Sam 8:7
  • +1Bb 26:26, 27; 2Bb 5:1
  • +2Raj 11:4

2 Babad 23:10

Cathetan Ngisor

  • *

    Utawa ”senjata lémparé”.

2 Babad 23:11

Cathetan Ngisor

  • *

    Mungkin gulungan sing isiné Hukumé Gusti Allah.

Réferènsi Silang

  • +2Raj 11:2
  • +PT 17:18
  • +1Sam 10:1, 24

2 Babad 23:12

Réferènsi Silang

  • +2Raj 11:13-16

2 Babad 23:13

Réferènsi Silang

  • +2Bb 23:1
  • +1Raj 1:39, 40

2 Babad 23:16

Réferènsi Silang

  • +2Raj 11:17, 18; 2Bb 34:1, 31

2 Babad 23:17

Réferènsi Silang

  • +2Raj 10:27, 28
  • +PT 12:3; 2Bb 34:1, 4
  • +PT 13:5; 1Raj 18:40

2 Babad 23:18

Réferènsi Silang

  • +1Bb 23:6, 30, 31
  • +Pa 29:38; Wi 28:2

2 Babad 23:19

Réferènsi Silang

  • +1Bb 9:26; 26:1, 13

2 Babad 23:20

Réferènsi Silang

  • +2Raj 11:9
  • +1Raj 7:7
  • +2Raj 11:19, 20

Terjemahan Liya

Klik ayat kanggo ndelok ayat sing padha saka Alkitab liya.

Keterangan Liya

2 Bb. 23:12Raj 11:4
2 Bb. 23:22Bb 8:14
2 Bb. 23:32Sam 5:3
2 Bb. 23:32Sam 7:8, 12; 1Raj 2:4; 9:5; Mzm 89:20, 29
2 Bb. 23:41Bb 24:3
2 Bb. 23:42Raj 11:5-8; 1Bb 9:22-25; 26:1
2 Bb. 23:51Raj 7:1
2 Bb. 23:51Raj 7:12
2 Bb. 23:61Bb 23:28, 32
2 Bb. 23:82Raj 11:9-12
2 Bb. 23:81Bb 24:1; 26:1
2 Bb. 23:92Sam 8:7
2 Bb. 23:91Bb 26:26, 27; 2Bb 5:1
2 Bb. 23:92Raj 11:4
2 Bb. 23:112Raj 11:2
2 Bb. 23:11PT 17:18
2 Bb. 23:111Sam 10:1, 24
2 Bb. 23:122Raj 11:13-16
2 Bb. 23:132Bb 23:1
2 Bb. 23:131Raj 1:39, 40
2 Bb. 23:162Raj 11:17, 18; 2Bb 34:1, 31
2 Bb. 23:172Raj 10:27, 28
2 Bb. 23:17PT 12:3; 2Bb 34:1, 4
2 Bb. 23:17PT 13:5; 1Raj 18:40
2 Bb. 23:181Bb 23:6, 30, 31
2 Bb. 23:18Pa 29:38; Wi 28:2
2 Bb. 23:191Bb 9:26; 26:1, 13
2 Bb. 23:202Raj 11:9
2 Bb. 23:201Raj 7:7
2 Bb. 23:202Raj 11:19, 20
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
  • 1
  • 2
  • 3
  • 4
  • 5
  • 6
  • 7
  • 8
  • 9
  • 10
  • 11
  • 12
  • 13
  • 14
  • 15
  • 16
  • 17
  • 18
  • 19
  • 20
  • 21
Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
2 Babad 23:1-21

2 Babad

23 Ing taun kepitu, Yéhoyada wani tumindak lan nggawé perjanjian* karo para pemimpiné wong satus,+ yaiku Azaria anaké Yéroham, Ismaèl anaké Yéhohanan, Azaria anaké Obèd, Maaséya anaké Adaya, lan Èlisyafat anaké Zikhri. 2 Terus, wong-wong kuwi lunga menyang kabèh dhaérah ing Yéhuda lan ngumpulké wong Lèwi+ saka kabèh kutha ing Yéhuda lan para pemimpin keluarga pihak bapaké wong Israèl. Pas wong-wong kuwi tekan ing Yérusalèm, 3 kabèh sing ngumpul padha nggawé perjanjian+ karo Raja ing omahé Gusti Allah sing bener. Bar kuwi, Yéhoyada kandha,

”Anaké Raja bakal mréntah kaya janjiné Yéhuwah soal anak-anaké Daud.+ 4 Iki sing kudu mbok lakoni: Sepertelu saka para imam lan wong Lèwi bakal éntuk tugas+ pas dina Sabat dadi penjaga lawang.+ 5 Sepertelu liyané bakal jaga ing istana,+ lan sepertelu liyané manèh bakal jaga ing Gerbang Pondhasi. Kabèh rakyat bakal ana ing halaman omahé Yéhuwah.+ 6 Ora ana sing éntuk mlebu ing omahé Yéhuwah, kecuali para imam lan wong Lèwi sing lagi tugas.+ Wong-wong kuwi éntuk mlebu merga wong-wong kuwi kelompok sing suci, ning kabèh wong liyané kudu terus nindakké kewajibané marang Yéhuwah. 7 Wong Lèwi kudu ana ing sak ubengé Raja karo nggawa senjatané dhéwé-dhéwé. Sapa waé sing nrobos mlebu omah kuwi kudu mbok patèni. Kowé kudu terus bareng karo Raja ing endi waé dhèwèké lunga.”*

8 Wong Lèwi lan kabèh wong Yéhuda nindakké persis kaya sing dipréntahké Imam Yéhoyada. Wong-wong kuwi nggawa pasukané dhéwé-dhéwé, yaiku pasukan sing éntuk tugas pas dina Sabat+ lan sing ora, merga Imam Yéhoyada ora mbébaské kelompok-kelompok+ kuwi saka tugasé. 9 Terus, Imam Yéhoyada mènèhké tombak, tamèng cilik,* lan tamèng bunder duwèké Raja Daud+ sing ana ing omahé Gusti Allah sing bener+ marang para pemimpiné wong satus.+ 10 Bar kuwi, dhèwèké nugaské kabèh pasukan ing sisih tengen lan sisih kiwané omah kuwi, ing cedhak mézbah lan ing cedhak omah kuwi, yaiku ing sak ubengé Raja. Pasukan kuwi nggawa senjatané* dhéwé-dhéwé. 11 Terus, wong-wong kuwi nggawa anaké raja metu+ lan ndèlèhké mahkota lan Kesaksian*+ ing sirahé, terus ndadèkké dhèwèké raja. Yéhoyada lan anak-anaké nglantik dhèwèké, terus wong-wong kuwi kandha, ”Muga-muga Raja diberkahi.”+

12 Wektu Atalia krungu swarané wong-wong mlayu lan muji-muji Raja, Atalia langsung marani wong-wong ing omahé Yéhuwah.+ 13 Terus, Atalia ndelok Raja ngadeg ing cedhak cagak ing lawang. Para pejabat+ lan wong sing nyebul trompèt bareng karo Raja. Kabèh wong ing tanah kuwi padha seneng-seneng+ lan nyebul trompèt. Para penyanyi sing diiringi alat musik padha mimpin nyanyian pujian. Wektu ndelok kuwi, Atalia nyuwèk klambiné lan mbengok, ”Pengkhianatan! Pengkhianatan!” 14 Imam Yéhoyada nggawa metu para pemimpiné wong satus, yaiku wong sing ditugaské kanggo mimpin pasukan. Dhèwèké kandha, ”Gawanen wong wédok kuwi metu saka barisan pengawal. Sapa waé sing ngetutké wong wédok kuwi kudu mbok patèni nganggo pedhang.” Sakdurungé, imam kuwi wis kandha, ”Aja matèni dhèwèké ing omahé Yéhuwah.” 15 Mula, wong-wong kuwi nangkep dhèwèké lan nggawa dhèwèké menyang Gerbang Jaran ing istana, terus langsung matèni dhèwèké ing kana.

16 Terus, Yéhoyada nggawé perjanjian antarané dhèwèké karo kabèh rakyat lan Raja, yaiku nèk wong-wong kuwi bakal terus dadi umaté Yéhuwah.+ 17 Sakwisé kuwi, kabèh rakyat padha mara ing kuil Baal lan ngambrukké kuwi.+ Rakyat ya ngremuk mézbah-mézbah lan patung-patung,+ terus matèni Matan imamé Baal+ ing ngarepé mézbah-mézbah kuwi. 18 Bar kuwi, Yéhoyada ngongkon para imam lan wong Lèwi ngawasi omahé Yéhuwah. Wong-wong kuwi wis ditugasi Daud ing kelompok-kelompok kanggo ngawasi omahé Yéhuwah lan mènèhké korban bakaran kanggo Yéhuwah+ sesuai karo apa sing wis ditulis ing Hukum Musa.+ Wong-wong kuwi ya kudu nyanyi karo seneng, kaya sing wis diatur Daud. 19 Dhèwèké ya nugaské para penjaga ing gerbang+ omahé Yéhuwah bèn ora ana wong najis siji-sijia sing isa mlebu ing omah kuwi. 20 Terus, dhèwèké nggawa para pemimpiné wong satus,+ para bangsawan, wong-wong sing mréntah rakyat, lan kabèh rakyat negara kuwi. Wong-wong kuwi padha ngiringi Raja saka omahé Yéhuwah. Wong-wong kuwi mlebu istana liwat gerbang ndhuwur lan nglungguhké Raja ing takhta+ kerajaané.+ 21 Mula, kabèh rakyat ing tanah kuwi padha seneng-seneng. Kutha kuwi ya dadi ayem, merga Atalia wis dipatèni nganggo pedhang.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim