PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • 2 Babad 18
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

Intiné Buku 2 Babad

      • Yéhosyafat kerja sama karo Ahab (1-11)

      • Mikaya ngramalké nèk Ahab bakal dikalahké (12-27)

      • Ahab dipatèni ing Ramot-giléad (28-34)

2 Babad 18:1

Réferènsi Silang

  • +2Bb 17:5
  • +1Raj 16:28, 33; 21:25

2 Babad 18:2

Cathetan Ngisor

  • *

    Utawa ”ngorbanké”.

Réferènsi Silang

  • +1Raj 22:2-4; 2Bb 19:2
  • +PT 4:41-43; 1Bb 6:77, 80

2 Babad 18:4

Réferènsi Silang

  • +2Sam 2:1; 1Raj 22:5, 6

2 Babad 18:6

Réferènsi Silang

  • +2Raj 3:11
  • +1Raj 22:7, 8

2 Babad 18:7

Réferènsi Silang

  • +1Raj 18:4; 19:9, 10
  • +Yér 38:4

2 Babad 18:8

Réferènsi Silang

  • +1Raj 22:9-12

2 Babad 18:9

Cathetan Ngisor

  • *

    Deloken Daftar Istilah.

2 Babad 18:10

Cathetan Ngisor

  • *

    Utawa ”nyurung”.

2 Babad 18:11

Réferènsi Silang

  • +Mi 3:5

2 Babad 18:12

Réferènsi Silang

  • +1Raj 22:13-17
  • +Yés 30:9, 10

2 Babad 18:13

Réferènsi Silang

  • +Yér 23:28; Kis 20:27

2 Babad 18:16

Réferènsi Silang

  • +Km 26:14, 17; Wi 27:16, 17

2 Babad 18:17

Réferènsi Silang

  • +1Raj 22:18

2 Babad 18:18

Réferènsi Silang

  • +Yés 6:1; Yèh 1:26; Why 20:11
  • +Ayb 1:6; Dan 7:9, 10
  • +1Raj 22:19-23

2 Babad 18:20

Cathetan Ngisor

  • *

    Lit.: ”roh”.

Réferènsi Silang

  • +Mzm 104:4

2 Babad 18:21

Cathetan Ngisor

  • *

    Lit.: ”lan dadi roh sing ngapusi ing cangkemé kabèh nabiné”.

2 Babad 18:22

Réferènsi Silang

  • +Yés 19:14; Yèh 14:9

2 Babad 18:23

Réferènsi Silang

  • +2Bb 18:10
  • +Yér 20:2; Mrk 14:65
  • +2Bb 18:7
  • +1Raj 22:24-28

2 Babad 18:26

Réferènsi Silang

  • +2Bb 16:10; Kis 5:18

2 Babad 18:27

Réferènsi Silang

  • +Wi 16:29

2 Babad 18:28

Réferènsi Silang

  • +Yos 20:8; 1Raj 22:29-33; 2Bb 18:2

2 Babad 18:31

Réferènsi Silang

  • +Pa 14:10; 2Bb 13:14

2 Babad 18:32

Cathetan Ngisor

  • *

    Utawa ”nguber”.

2 Babad 18:33

Réferènsi Silang

  • +1Raj 22:34, 35

2 Babad 18:34

Réferènsi Silang

  • +2Bb 18:22

Terjemahan Liya

Klik ayat kanggo ndelok ayat sing padha saka Alkitab liya.

Keterangan Liya

2 Bb. 18:12Bb 17:5
2 Bb. 18:11Raj 16:28, 33; 21:25
2 Bb. 18:21Raj 22:2-4; 2Bb 19:2
2 Bb. 18:2PT 4:41-43; 1Bb 6:77, 80
2 Bb. 18:42Sam 2:1; 1Raj 22:5, 6
2 Bb. 18:62Raj 3:11
2 Bb. 18:61Raj 22:7, 8
2 Bb. 18:71Raj 18:4; 19:9, 10
2 Bb. 18:7Yér 38:4
2 Bb. 18:81Raj 22:9-12
2 Bb. 18:11Mi 3:5
2 Bb. 18:121Raj 22:13-17
2 Bb. 18:12Yés 30:9, 10
2 Bb. 18:13Yér 23:28; Kis 20:27
2 Bb. 18:16Km 26:14, 17; Wi 27:16, 17
2 Bb. 18:171Raj 22:18
2 Bb. 18:18Yés 6:1; Yèh 1:26; Why 20:11
2 Bb. 18:18Ayb 1:6; Dan 7:9, 10
2 Bb. 18:181Raj 22:19-23
2 Bb. 18:20Mzm 104:4
2 Bb. 18:22Yés 19:14; Yèh 14:9
2 Bb. 18:232Bb 18:10
2 Bb. 18:23Yér 20:2; Mrk 14:65
2 Bb. 18:232Bb 18:7
2 Bb. 18:231Raj 22:24-28
2 Bb. 18:262Bb 16:10; Kis 5:18
2 Bb. 18:27Wi 16:29
2 Bb. 18:28Yos 20:8; 1Raj 22:29-33; 2Bb 18:2
2 Bb. 18:31Pa 14:10; 2Bb 13:14
2 Bb. 18:331Raj 22:34, 35
2 Bb. 18:342Bb 18:22
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
  • 1
  • 2
  • 3
  • 4
  • 5
  • 6
  • 7
  • 8
  • 9
  • 10
  • 11
  • 12
  • 13
  • 14
  • 15
  • 16
  • 17
  • 18
  • 19
  • 20
  • 21
  • 22
  • 23
  • 24
  • 25
  • 26
  • 27
  • 28
  • 29
  • 30
  • 31
  • 32
  • 33
  • 34
Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
2 Babad 18:1-34

2 Babad

18 Yéhosyafat dadi sugih banget lan mulya,+ ning dhèwèké nggawé kerja sama karo Ahab liwat pernikahan.+ 2 Pirang-pirang taun sakwisé kuwi, dhèwèké nemoni Ahab ing Samaria,+ lan Ahab mbelèh* akèh domba lan sapi kanggo dhèwèké lan wong-wong sing bareng karo dhèwèké. Ahab ngojok-ojoki dhèwèké bèn perang nglawan Ramot-giléad.+ 3 Ahab raja Israèl kandha marang Yéhosyafat raja Yéhuda, ”Apa kowé gelem ngancani aku menyang Ramot-giléad?” Dhèwèké njawab, ”Aku bakal lunga karo kowé bareng karo pasukanku lan mbantu kowé perang.”

4 Ning Yéhosyafat kandha marang raja Israèl, ”Mendhing awaké dhéwé takon dhisik marang Yéhuwah soal iki.”+ 5 Mula, raja Israèl nglumpukké nabi 400, lan takon, ”Aku kudu maju perang nglawan Ramot-giléad apa ora?” Para nabi kuwi njawab, ”Majua, Gusti Allah sing bener bakal nyerahké kutha kuwi marang Raja.”

6 Yéhosyafat kandha, ”Apa ora ana nabiné Yéhuwah ing kéné?+ Ayo awaké dhéwé ya njaluk tuntunané Gusti Allah liwat dhèwèké.”+ 7 Raja Israèl kandha marang Yéhosyafat, ”Isih ana siji manèh.+ Awaké dhéwé isa njaluk tuntunané Yéhuwah liwat wong kuwi, ning aku sengit karo dhèwèké, merga dhèwèké ora tau ngramalké sing apik soal aku, mung sing èlèk terus.+ Jenengé Mikaya anaké Imla.” Ning Yéhosyafat kandha, ”Raja ora olèh ngomong kaya ngono.”

8 Mula raja Israèl ngundang salah siji pejabat istana lan kandha, ”Cepet gawanen Mikaya anaké Imla mréné.”+ 9 Wektu kuwi, raja Israèl lan Yéhosyafat raja Yéhuda nganggo jubah kerajaan lan lungguh ing takhtané dhéwé-dhéwé, ing panggonan kanggo nggiles biji-bijian* ing ngarep gerbang Samaria. Kabèh nabi padha ngramal ing ngarepé raja-raja kuwi. 10 Terus, Zédékia anaké Khénaana nggawé sungu-sungu saka wesi lan kandha, ”Iki sing diomongké Yéhuwah, ’Nganggo sungu-sungu iki kowé bakal nyrudug* wong Siria nganti kabèh wong kuwi disingkirké.’” 11 Kabèh nabi liyané ya ngramalké sing padha, kandhané, ”Majua menyang Ramot-giléad, lan njenengan bakal suksès.+ Yéhuwah bakal nyerahké kutha kuwi marang Raja.”

12 Utusan sing dikongkon ngundang Mikaya kuwi kandha, ”Tak kandhani, kabèh nabi wis padha ngomong sing apik-apik marang Raja. Tulung, kowé ya ngomong sing apik-apik marang Raja+ kaya wong-wong kuwi.”+ 13 Ning Mikaya kandha, ”Demi Yéhuwah Gusti Allah sing urip, apa waé sing diomongké Gusti Allahku, kuwi sing bakal tak omongké.”+ 14 Terus dhèwèké ngadhep Raja, lan Raja takon, ”Mikaya, aku kabèh kudu maju perang nglawan Ramot-giléad apa ora?” Mikaya langsung njawab, ”Majua, njenengan bakal suksès. Gusti Allah bakal nyerahké kutha kuwi ing tangané Raja.” 15 Terus Raja kandha, ”Nganti ping pira aku kudu ngongkon kowé sumpah supaya kowé mung ngomongké sing sak beneré marang aku nganggo jenengé Yéhuwah?” 16 Mikaya kandha, ”Aku ndelok kabèh wong Israèl kesebar ing gunung-gunung, kaya domba sing ora nduwé gembala.+ Yéhuwah kandha, ’Wong-wong kuwi ora nduwé majikan. Bèn waé wong-wong kuwi bali lan slamet tekan omahé dhéwé-dhéwé.’”

17 Raja Israèl kandha marang Yéhosyafat, ”Kowé kan wis tak kandhani, ta? Dhèwèké kuwi ora tau ngramalké sing apik soal aku, mung sing èlèk terus.”+

18 Terus Mikaya kandha, ”Saiki rungokna omongané Yéhuwah. Aku ndelok Yéhuwah lungguh ing takhtané+ lan kabèh pasukan langit+ padha ngadeg ing sisih tengen lan kiwané.+ 19 Bar kuwi, Yéhuwah kandha, ’Sapa sing bakal ngapusi Ahab raja Israèl supaya dhèwèké mangkat lan mati ing Ramot-giléad?’ Sing siji ngomong ngéné, lan sing sijiné ngomong ngono. 20 Terus, ana malaékat*+ sing maju lan ngadeg ing ngarepé Yéhuwah lan kandha, ’Aku sing arep ngapusi dhèwèké.’ Yéhuwah takon, ’Piyé carané kowé ngapusi dhèwèké?’ 21 Dhèwèké njawab, ’Aku bakal lunga lan nggawé para nabiné ngapusi.’* Gusti Allah kandha, ’Lungaa lan tindakna kuwi. Kowé bakal ngapusi dhèwèké, lan kowé bakal suksès.’ 22 Kuwi sebabé Yéhuwah ngijinké malaékaté nggawé nabi-nabimu iki ngapusi.+ Ning, Yéhuwah wis ngumumké nèk njenengan bakal kena bencana.”

23 Terus, Zédékia+ anaké Khénaana nyedhak lan ngampleng pipiné+ Mikaya+ lan kandha, ”Maksudmu, apa roh suciné Yéhuwah wis ninggalké aku lan saiki omongan liwat kowé?”+ 24 Mikaya njawab, ”Kowé bakal ngerti saktenané wektu kowé mlebu menyang ruangan paling njero kanggo ndhelik.” 25 Terus, raja Israèl kandha, ”Gawanen Mikaya lan serahna marang Amon pemimpiné kutha lan marang Yoas putrané Raja. 26 Kandhaa marang wong-wong kuwi, ’Raja kandha, ”Lebokna wong iki ing penjara+ lan kurangi jatah roti lan banyuné nganti aku slamet bali tekan kéné.”’” 27 Ning Mikaya kandha, ”Nèk nganti njenengan isa slamet bali tekan kéné, berarti omonganku iki dudu saka Yéhuwah.”+ Mikaya kandha manèh, ”Kowé kabèh, gatèkna omonganku iki.”

28 Mula, raja Israèl lan Yéhosyafat raja Yéhuda mangkat menyang Ramot-giléad.+ 29 Raja Israèl kandha marang Yéhosyafat, ”Aku bakal nyamar lan maju perang, ning kowé nganggoa jubah kerajaanmu.” Mula, raja Israèl nyamar lan wong-wong kuwi mlebu ing médan perang. 30 Raja Siria wis mènèhi préntah marang pemimpin pasukan krétané, ”Aja nyerang sapa waé, embuh kuwi prajurit utawa pemimpin pasukan. Serangen waé raja Israèl.” 31 Pas para pemimpin pasukan kréta weruh Yéhosyafat, wong-wong kuwi langsung mikir, ’Kuwi raja Israèl.’ Mula wong-wong kuwi mbalik kanggo nyerang, lan Yéhosyafat bengok-bengok njaluk tulung.+ Terus Yéhuwah nulungi dhèwèké, lan Gusti Allah langsung nggawé wong-wong kuwi ninggalké dhèwèké. 32 Wektu para pemimpin pasukan kréta kuwi sadhar nèk wong kuwi jebulé dudu raja Israèl, wong-wong kuwi langsung mundur lan ora ngoyak* manèh.

33 Ana wong sing manah sak kenané, lan ora sengaja ngenani raja Israèl pas ing sela-selané sambungan klambi perangé. Mula Raja kandha marang kusir krétané, ”Mbalika, lan gawanen aku lunga saka kéné merga aku wis luka parah.”+ 34 Perangé kelakon sedina muput, lan raja Israèl kudu disangga bèn isa tetep ngadeg ing krétané karo madhep ing arahé wong Siria nganti soré. Terus, dhèwèké mati pas matahari terbenam.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim