PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • nwt Galatia 1:1-6:18
  • Galatia

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Galatia
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
Galatia

SURAT KANGGO JEMAAT ING GALATIA

1 Surat saka Paulus, rasul sing ora dilantik karo manungsa, ning dilantik karo Yésus Kristus+ lan Gusti Allah, yaiku Bapaké awaké dhéwé,+ sing wis nguripké manèh Yésus saka antarané wong mati. 2 Aku nulis surat iki kanggo kowé, jemaat-jemaat ing Galatia. Kabèh sedulur sing bareng karo aku ngirim salam kanggo kowé.

3 Muga-muga Gusti Allah, Bapaké awaké dhéwé, lan Gusti Yésus Kristus apikan banget karo kowé lan nggawé kowé ayem. 4 Kristus wis masrahké uripé kanggo nebus dosané awaké dhéwé,+ bèn dhèwèké isa nylametké awaké dhéwé saka donya* sing jahat iki,+ sesuai karo karepé Gusti Allah, Bapak awaké dhéwé.+ 5 Muga-muga Gusti Allah diluhurké nganti saklawasé. Amin.

6 Aku nggumun merga kowé cepet banget ngedoh saka Gusti Allah, sing wis milih kowé liwat Kristus sing apikan banget. Kowé malah ngrungokké kabar apik liya.+ 7 Sakjané ora ana kabar apik liya. Ning, ana wong-wong sing nggawé masalah+ ing antaramu lan ngubah kabar apik soal Kristus. 8 Nèk ana sing martakké kabar apik liya, sing béda karo sing wis tak wartakké marang kowé, dhèwèké pantes dikutuk, embuh dhèwèké kuwi salah siji saka antaraku utawa malaékat ing swarga. 9 Kowé tak omongi manèh: Sapa waé sing martakké kabar apik liya marang kowé, sing béda karo sing wis mbok tampa, wong kuwi pantes dikutuk.

10 Sakjané, aku lagi ngupaya nyenengké manungsa utawa Gusti Allah? Nèk aku isih ngupaya nyenengké manungsa, aku dudu budhaké Kristus. 11 Sedulur-sedulur, aku péngin kowé ngerti nèk kabar apik sing tak wartakké marang kowé, asalé dudu saka manungsa,+ 12 merga sing mènèhké lan mulangké kuwi marang aku dudu manungsa, ning Yésus Kristus dhéwé sing nduduhké kuwi marang aku.

13 Kowé mesthi wis krungu soal tumindakku wektu agamaku isih agama Yahudi.*+ Aku kejem banget* wektu nganiaya lan ngupaya nyingkirké jemaaté Gusti Allah.+ 14 Ing agama Yahudi* aku luwih maju timbang akèh wong sing sak umuran lan sak bangsa karo aku, lan aku luwih semangat nindakké tradhisiné nènèk moyangku.+ 15 Ning Gusti Allah, sing nggawé aku dilairké, milih aku merga Dhèwèké apikan banget karo aku.+ Gusti Allah seneng 16 nggunakké aku kanggo martakké kabar apik marang bangsa liya+ bèn padha kenal karo Anaké. Wektu dipilih, aku ora njaluk naséhaté manungsa. 17 Aku ya ora lunga menyang Yérusalèm kanggo nemoni wong-wong sing wis dadi rasul sakdurungé aku. Ning, aku lunga menyang Arab, terus bali manèh menyang Damaskus.+

18 Telung taun sakwisé kuwi, aku lunga menyang Yérusalèm+ merga arep marani Kéfas,*+ lan aku manggon karo dhèwèké nganti 15 dina. 19 Ning, aku ora ketemu karo rasul-rasul liyané, sakliyané Yakobus+ adhiné Gusti. 20 Kabèh sing tak tulis marang kowé kuwi bener. Aku sumpah ing ngarepé Gusti Allah nèk aku ora ngapusi.

21 Sakwisé kuwi, aku lunga menyang wilayah Siria lan Kilikia.+ 22 Ning, jemaat-jemaat ing Yudéa sing dadi muridé Kristus durung kenal karo aku. 23 Wong-wong kuwi mung krungu soal iki, ”Wong sing mbiyèn péngin nyingkirké agamané awaké dhéwé lan nganiaya awaké dhéwé,+ saiki martakké kabar apik.”+ 24 Mula, wong-wong kuwi mulai ngluhurké Gusti Allah merga sing tak alami.

2 Terus, 14 taun sakwisé kuwi, aku lunga manèh menyang Yérusalèm bareng karo Barnabas,+ lan aku ngejak Titus.+ 2 Aku mangkat mrana merga Gusti ngongkon aku lunga mrana. Aku ngandhani wong-wong ing kana soal kabar apik sing wis tak wartakké marang bangsa-bangsa liya. Ning, aku mung nindakké kuwi ing ngarepé sedulur-sedulur sing dihormati banget merga aku péngin ngerti hasil gawéanku kanggo Gusti Allah kuwi apik utawa ora. Nèk ora apik, apa sing tak tindakké kuwi ora ana gunané. 3 Senajan Titus+ sing mèlu bareng aku kuwi wong Yunani, ning ora ana sing meksa dhèwèké bèn disunat.+ 4 Tapi, kuwi dadi masalah merga ana sedulur-sedulur palsu sing meneng-meneng mlebu ing jemaat+ dadi mata-mata. Wong-wong kuwi péngin ngrampas kebébasané awaké dhéwé+ sing dadi muridé Kristus Yésus. Wong-wong kuwi péngin awaké dhéwé dadi budhaké hukum manèh.+ 5 Ning, aku ora gelem lan ora bakal ngalah utawa manut karo wong-wong kuwi,+ bèn kowé ora kélangan ajaran sing bener sing ana ing kabar apik.

6 Soal sedulur-sedulur sing dianggep penting,+ embuh wong kuwi kaya apa sakdurungé, kuwi ora penting kanggoku, merga sing didelok Gusti Allah kuwi dudu apa sing kétok saka njabané. Malah, ora ana sing anyar sing tak tampa saka sedulur-sedulur sing dihormati kuwi. 7 Ning, sedulur-sedulur kuwi ngerti nèk aku wis dipercaya kanggo martakké kabar apik marang wong sing dudu Yahudi,*+ padha kaya Pétrus sing dipercaya kanggo martakké kabar apik marang wong Yahudi.* 8 Gusti Allah nggawé Pétrus sanggup dadi rasul kanggo wong Yahudi,* lan Dhèwèké ya nggawé aku sanggup dadi rasul kanggo bangsa-bangsa liya.+ 9 Sedulur-sedulur kuwi ngerti nèk Gusti Allah wis apikan banget karo aku.+ Mula Yakobus,+ Kéfas,* lan Yohanes, yaiku wong-wong sing dianggep dadi pemimpin, nyalami aku lan Barnabas.+ Kuwi nduduhké nèk sedulur-sedulur kuwi setuju nèk aku lan Barnabas lunga marang bangsa liya, lan para sedulur kuwi lunga marang wong Yahudi.* 10 Para sedulur kuwi mung njaluk bèn aku terus éling karo sedulur-sedulur sing mlarat, lan kuwi sing tak upayakké tenanan.+

11 Wektu Kéfas*+ teka ing Antiokhia,+ aku terus terang ngélikké dhèwèké, merga wis jelas nèk dhèwèké salah. 12 Biasané, dhèwèké kerep mangan bareng karo wong-wong saka bangsa liya.+ Ning, wektu wong-wong sing dikongkon Yakobus+ teka, dhèwèké ora bergaul manèh karo wong-wong saka bangsa liya. Dhèwèké ngedoh saka wong-wong kuwi merga wedi karo wong-wong sing ndhukung sunat.+ 13 Wong-wong Yahudi liyané ya mèlu-mèlu dadi munafik. Barnabas ya nganti mèlu-mèlu dadi munafik. 14 Ning, wektu aku ngerti nèk tumindaké wong-wong kuwi ora cocog karo ajaran sing bener sing ana ing kabar apik,+ aku ngomong karo Kéfas* ing ngarepé kabèh wong kuwi, ”Kowé kuwi wong Yahudi, ning tumindakmu kuwi kaya wong saka bangsa liya, ora kaya wong Yahudi. Lha terus ngapa kok kowé ngongkon wong-wong saka bangsa liya manut karo kebiasaané wong Yahudi?”+

15 Awaké dhéwé, sing wong Yahudi asli lan dudu wong dosa saka bangsa liya, 16 ngerti nèk wong bakal dianggep bener nèk dhèwèké nduwé iman+ marang Yésus Kristus,+ dudu merga nindakké hukum. Mula, awaké dhéwé nduwé iman marang Kristus Yésus bèn awaké dhéwé dianggep bener merga nduwé iman marang Kristus, dudu merga nindakké hukum. Ora ana wong sing bakal dianggep bener merga nindakké hukum.+ 17 Nèk awaké dhéwé sing ngupaya dianggep bener liwat Kristus ya dianggep dosa, apa kuwi berarti Kristus ngongkon awaké dhéwé nindakké dosa? Ora mungkin. 18 Nèk aku mbangun manèh apa sing wis tak ambrukké, aku nduduhké nèk aku nglanggar hukum. 19 Merga aku nindakké hukum,+ aku mati bèn isa urip kanggo Gusti Allah. 20 Aku dipaku ing cagak bareng karo Kristus.+ Mula, aku ora urip kanggo awakku dhéwé manèh,+ ning kanggo Kristus sing bersatu karo aku. Dadi, saiki aku urip menurut iman marang Anaké Gusti Allah+ sing nresnani aku lan sing masrahké uripé kanggo aku.+ 21 Aku ora nolak wektu Gusti Allah+ nduduhké sifaté sing apikan banget. Nèk wong isa dianggep bener merga nindakké hukum, ora ana gunané Kristus mati.+

3 Hé, wong-wong Galatia sing ora masuk akal. Sapa sing wis ngapusi kowé kaya ngéné iki?+ Kowé kan wis nampa keterangan sing jelas soal Yésus Kristus sing dipaku ing cagak, ta?+ 2 Aku arep takon karo kowé: Kowé nampa roh suci merga nindakké hukum utawa merga nduwé iman marang kabar apik sing mbok rungokké?+ 3 Apa kowé ora paham? Awalé, kowé ngendelké tuntunané roh suci, ning ngapa kok saiki kowé manut karo pikirané manungsa?+ 4 Apa ora ana gunané kowé ngalami akèh kesusahan? Aku yakin ora kaya ngono. 5 Ana wong sing mènèhi kowé roh suci lan nindakké akèh mukjijat ing antaramu.+ Sakjané, apa alesané dhèwèké nindakké kabèh kuwi? Merga kowé nindakké hukum utawa merga kowé nduwé iman marang kabar apik sing mbok rungokké? 6 Coba pikirna soal Abraham. Dhèwèké ”nduwé iman marang Yéhuwah,* kuwi sebabé Gusti Allah nganggep dhèwèké wong sing bener”.+

7 Kowé mesthi ngerti nèk wong-wong sing nduwé iman kuwi anak-anaké Abraham.+ 8 Mbiyèn, ana ayat sing kandha nèk wong-wong saka bangsa liya bakal dianggep bener karo Gusti Allah merga wong-wong kuwi nduwé iman. Kuwi sebabé kabar apik diwartakké sik marang Abraham. Kabar apiké yaiku, ”Kabèh bangsa bakal éntuk berkah liwat kowé.”+ 9 Mula, kabèh wong sing nduwé iman diberkahi kaya Abraham sing nduwé iman.+

10 Kabèh wong sing mung ngendelké hukum kuwi dikutuk, merga ana ayat sing kandha, ”Saben wong sing ora terus manut karo kabèh sing ditulis ing gulungan Hukum Musa kuwi dikutuk.”+ 11 Apa manèh, jelas banget nèk ora ana wong sing dianggep bener karo Gusti Allah+ merga nindakké hukum, merga ana ayat sing kandha, ”Wong sing bener bakal tetep urip merga nduwé iman.”+ 12 Sakliyané kuwi, Hukum Musa dhasaré dudu iman. Ana ayat sing kandha, ”Sapa waé sing nindakké iki bakal tetep urip.”+ 13 Awaké dhéwé wis dituku Kristus.+ Dhèwèké wis mbébaské awaké dhéwé+ saka kutukané Hukum Musa. Dhèwèké nggantèni awaké dhéwé dadi wong sing dikutuk, merga ana ayat sing kandha, ”Wong sing dipaku* ing cagak kuwi dikutuk.”+ 14 Dadi, liwat Kristus Yésus,+ kabèh bangsa nampa berkah sing wis dijanjèkké marang Abraham, lan awaké dhéwé isa nampa roh suci sing wis dijanjèkké+ merga awaké dhéwé nduwé iman.

15 Sedulur-sedulur, aku arep nggunakké perumpamaan saka urip saben dina: Nèk perjanjian wis disahké, ora ana sing éntuk mbatalké utawa nambahi apa-apa, senajan perjanjian kuwi mung disahké karo manungsa. 16 Janji-janjiné Gusti Allah digawé kanggo Abraham lan keturunané.*+ Ayaté ora kandha ”kanggo keturunan-keturunanmu”,* kaya-kaya kanggo akèh wong. Ning, ayaté kandha ”kanggo keturunanmu”,* maksudé mung kanggo wong siji, yaiku Kristus.+ 17 Aku ya arep ngomong iki: Hukum Musa, sing diwènèhké 430 taun bar kuwi,+ ora mbatalké perjanjian sing wis digawé Gusti Allah sakdurungé kuwi. Janji kuwi ya ora berakhir merga Hukum Musa. 18 Nèk warisan kuwi diwènèhké merga Hukum Musa, kuwi artiné warisan kuwi ora diwènèhké merga janji. Tapi nyatané Gusti Allah wis apikan mènèhi Abraham warisan merga janji.+

19 Dadi, Hukum Musa kuwi kanggo apa? Hukum kuwi akhiré diwènèhké marang awaké dhéwé kanggo nduduhké nèk ana pelanggaran.+ Hukum kuwi digunakké nganti keturunan* sing nampa janji kuwi teka.+ Hukum kuwi diwènèhké liwat para malaékat,+ sing ngumumké kuwi liwat perantara.+ 20 Perantara mung dibutuhké nèk ana loro pihak ing perjanjian kuwi. Tapi ing perjanjian kuwi, mung ana siji pihak, yaiku Gusti Allah. 21 Dadi, apa Hukum Musa kuwi nglawan janji-janjiné Gusti Allah? Ora babar blas. Nèk misalé hukum sing diwènèhké kuwi isa marahi urip, wong bakal dianggep bener nèk nindakké hukum kuwi. 22 Ning, Kitab Suci nggawé kabèh wong dikuwasani dosa bèn janji-janji sing dihasilké merga nduwé iman marang Yésus Kristus isa ditampa karo wong-wong sing nduwé iman.

23 Wektu iman* kuwi durung teka, hukum njaga awaké dhéwé lan awaké dhéwé dikuwasani hukum kuwi. Awaké dhéwé ya ngentèni iman sing bakal diduduhké kuwi.+ 24 Mula, Hukum Musa dadi sing nuntun* awaké dhéwé marang Kristus+ bèn awaké dhéwé isa dianggep bener merga nduwé iman.+ 25 Ning saiki, sakwisé iman kuwi teka,+ ora perlu ana sing nuntun*+ awaké dhéwé.

26 Kowé sakjané anak-anaké Gusti Allah+ merga kowé nduwé iman marang Kristus Yésus.+ 27 Kowé, sing wis dibaptis lan saiki dadi muridé Kristus, wis dadi kaya Kristus.+ 28 Saiki, ora ana bédané antarané wong Yahudi lan wong Yunani,+ antarané budhak lan wong sing bébas,+ lan antarané wong lanang lan wong wédok.+ Merga kowé muridé Kristus Yésus, kowé kabèh dadi siji.+ 29 Apa manèh, nèk kowé duwèké Kristus, kowé bener-bener keturunané*+ Abraham lan kowé isa nampa warisan sing wis dijanjèkké.+

4 Wektu sing dadi ahli waris isih cilik, dhèwèké ora ana bédané karo budhak. Senajan dhèwèké sing nduwèni kabèh, 2 dhèwèké isih diawasi karo wong sing diwènèhi tanggung jawab lan para pengurus nganti dina sing wis ditentokké karo bapaké. 3 Awaké dhéwé ya kaya ngono. Wektu isih cilik, awaké dhéwé dadi budhak sing manut karo pandhangané* donya iki.+ 4 Sakwisé tekan wektuné, Gusti Allah ngutus Anaké, sing dilairké wong wédok+ lan sing uripé manut hukum.+ 5 Dhèwèké diutus kanggo nebus awaké dhéwé sing uripé manut hukum+ bèn awaké dhéwé isa diangkat dadi anak-anaké Gusti Allah.+

6 Merga saiki kowé wis dadi anak-anaké Gusti Allah, Gusti Allah mènèhké roh suciné+ ing atiné awaké dhéwé,+ yaiku roh suci sing ana ing Anaké. Roh suci kuwi nggawé awaké dhéwé ngomong, ”Abba,* Bapak.”+ 7 Mula, kowé dudu budhak manèh, ning anaké Gusti Allah. Merga kowé kuwi anaké Gusti Allah, Dhèwèké ya bakal nggawé kowé dadi ahli waris.+

8 Ning wektu kowé durung kenal Gusti Allah, kowé dadi budhaké allah-allah palsu. 9 Saiki kowé wis kenal Gusti Allah lan dikenal Gusti Allah. Ngapa kok kowé péngin dadi budhak manèh+ sing manut karo pandhangané* donya iki?+ 10 Kowé nganggep ana dina, sasi,+ musim, lan taun sing istiméwa sing kudu dirayakké. 11 Aku kuwatir nèk upayaku mbantu kowé ora ana gunané.

12 Aku mbiyèn ya kaya kowé. Mula sedulur-sedulur, aku tenanan njaluk marang kowé bèn dadi kaya aku sing saiki.+ Mbiyèn, kowé ora tumindak salah marang aku. 13 Kowé ngerti aku pertama kali éntuk kesempatan martakké kabar apik marang kowé kuwi merga penyakitku. 14 Senajan penyakitku nggawé kowé susah, kowé ora ngrèmèhké aku utawa jijik karo aku. Kowé malah nampa aku kaya malaékaté Gusti Allah, utawa kaya Kristus Yésus. 15 Ngapa kok kowé ora bahagia manèh kaya mbiyèn? Aku yakin, nèk isa, mbiyèn kowé mesthi bakal nyungkil mripatmu lan mènèhké kuwi marang aku.+ 16 Tapi, apa aku saiki dadi mungsuhmu merga aku ngandhani apa sing bener marang kowé? 17 Ana wong-wong sing ngupaya tenanan njupuk atimu, ning tujuané ora apik, yaiku kanggo ngedohké kowé saka aku bèn kowé gelem manut karo wong-wong kuwi. 18 Tapi, sedulur-sedulur, nèk ana wong-wong sing njupuk atimu lan tujuané apik, terus ora mung pas aku ana bareng karo kowé, kuwi ora apa-apa. 19 Anak-anakku,+ aku kaya ngrasakké larané wong wédok sing arep nglairké. Aku bakal terus ngrasakké kaya ngono nganti kowé isa nduduhké sifat-sifaté Kristus. 20 Aku péngin ana bareng karo kowé saiki lan ngomong luwih alus, merga aku bingung kowé kudu tak apakké.

21 Kowé sing péngin manut karo hukum, apa kowé ngerti sing diomongké Hukum Musa? 22 Contoné, Kitab Suci kandha nèk Abraham nduwé anak loro, sing siji saka pembantuné wédok,+ lan sing sijiné saka wong wédok sing bébas.*+ 23 Sing lair saka pembantuné wédok kuwi padha kaya kabèh bocah liyané,+ ning sing lair saka wong wédok sing bébas kuwi lair merga janjiné Gusti Allah.+ 24 Kuwi dadi gambaran. Wong wédok loro kuwi nggambarké perjanjian loro. Hagar nggambarké perjanjian sing digawé ing Gunung Sinai,+ lan kabèh sing mèlu ing perjanjian kuwi dadi budhak. 25 Hagar artiné Gunung Sinai,+ sing ana ing negara Arab. Dhèwèké padha karo Yérusalèm sing saiki, merga dhèwèké lan anak-anaké dadi budhak. 26 Ning, Yérusalèm sing ana ing ndhuwur kuwi bébas, lan dhèwèké kuwi ibuné awaké dhéwé.

27 Kitab Suci kandha, ”Hé wong wédok sing ora tau nglairké anak, kowé kudu ngrasa bahagia. Hé wong wédok sing ora ngrasakké lara pas nglairké, kowé kudu sorak-sorak, merga wong wédok sing ditinggalké bakal nduwé anak luwih akèh timbang wong wédok sing nduwé bojo.”+ 28 Sedulur-sedulur, kowé kuwi anak-anak sing dilairké merga janjiné Gusti Allah, padha kaya Ishak.+ 29 Mbiyèn, anak sing lair kaya bocah liyané kuwi mulai nganiaya anak sing lair merga roh suci,+ lan saiki ya isih kaya ngono.+ 30 Ning, Kitab Suci ngomong apa? ”Pembantu wédok karo anaké kuwi diusir waé, merga anaké pembantu wédok kuwi ora bakal éntuk warisan bareng karo anaké wong wédok sing bébas kuwi.”+ 31 Dadi sedulur-sedulur, awaké dhéwé iki dudu anaké pembantu wédok, ning anaké wong wédok sing bébas.

5 Kristus wis nggawé awaké dhéwé bébas bèn awaké dhéwé isa ngrasakké kebébasan sing kaya ngono.* Mula, kowé kudu terus ngupaya bèn tetep nduwé kebébasan kuwi+ lan aja nganti kowé didadèkké budhak manèh.+

2 Aku, Paulus, péngin ngandhani kowé. Nèk kowé disunat, sing ditindakké Kristus ora bakal ana gunané kanggo kowé.+ 3 Aku péngin ngélingké manèh. Saben wong sing disunat wajib nindakké kabèh Hukum Musa.+ 4 Nèk kowé ngupaya dianggep bener merga nindakké hukum,+ kowé wis kepisah saka Kristus lan ora gelem nampa sifaté Kristus sing apikan banget. 5 Ning, awaké dhéwé bener-bener ngentèni bèn isa dianggep bener liwat roh suci lan iman. 6 Bèn isa bersatu karo Kristus Yésus, sing penting kuwi dudu disunat utawa ora,+ ning sing penting kuwi nduduhké iman lan katresnan.

7 Mbiyèn sing mbok tindakké kuwi wis apik.*+ Sapa sing ngalang-alangi kowé nganti kowé ora manut manèh karo apa sing bener? 8 Ajarané wong-wong sing ngalang-alangi kowé kuwi asalé dudu saka Gusti Allah sing wis milih kowé. 9 Ragi sithik isa nggawé kabèh adonan dadi ngembang.+ 10 Aku yakin nèk kowé sing bersatu karo Gusti bakal setuju karo aku.+ Ning, sapa waé sing nyebabké masalah+ ing antaramu mesthi bakal nampa hukuman sing pantes kanggo dhèwèké. 11 Sedulur-sedulur, nèk aku isih mulang soal sunat, wong-wong kuwi ora bakal nganiaya aku, lan ajaranku soal kematiané Yésus ing cagak hukuman*+ ora dadi masalah manèh. 12 Muga-muga wong-wong sing nggawé imanmu dadi lemah bakal ngebiri wong-wong kuwi dhéwé.*

13 Sedulur-sedulur, kowé wis dipilih bèn bébas, ning aja nggunakké kebébasan iki kanggo nuruti kepénginan sing salah.+ Tapi, kowé kudu nglayani liyané merga katresnan.+ 14 Dadi, iki kesimpulan saka kabèh isiné Hukum Musa: ”Kowé kudu nresnani wong liya kaya kowé nresnani awakmu dhéwé.”+ 15 Nèk kowé terus nyerang lan nglarani sedulurmu,+ kuwi bahaya merga kuwi padha waé kaya nyingkirké sedulurmu.+

16 Aku péngin ngandhani kowé: Kowé kudu terus manut karo tuntunané roh suci+ bèn kowé ora nuruti kepénginan sing salah.+ 17 Kepénginan sing salah ora cocog karo roh suci, lan roh suci ora cocog karo kepénginan sing salah. Loro-loroné kuwi ora padha, mula kowé ora nindakké apa sing mbok péngini.+ 18 Sakliyané kuwi, nèk kowé dituntun roh suci, kowé ora bakal nindakké hukum manèh.

19 Tumindak saka kepénginan sing salah kuwi kétok jelas, yaiku hubungan sèks sing ora pantes,*+ tumindak sing najis, tumindak kurang ajar,*+ 20 nyembah brahala, nindakké spiritisme,*+ mungsuhan, seneng padu, gampang curiga, gampang nesu, seneng debat, ora rukun, nggawé kelompok-kelompok agama, 21 iri, seneng mabuk,+ pésta bébas, lan liya-liyané.+ Aku ngélikké kowé manèh: Wong-wong sing terus nindakké kuwi ora bakal nampa warisan Kerajaané Gusti Allah.+

22 Wong sing dituntun roh suci bakal nduwé katresnan, bahagia, tentrem, sabar, apikan, nindakké apa sing bener,+ nduwé iman, 23 nduwé watak sing alus, lan isa ngendhalèni dhiri.+ Ora ana hukum sing nglawan sifat-sifat kuwi. 24 Sakliyané kuwi, wong sing wis dadi duwèké Kristus Yésus wis matèni* kabèh nafsuné lan kepénginané sing salah.+

25 Nèk awaké dhéwé urip manut karo tuntunané roh suci, ayo awaké dhéwé terus tumindak manut karo tuntunané roh suci kuwi.+ 26 Aja nganti awaké dhéwé sombong,+ saingan,+ utawa iri karo liyané.

6 Sedulur-sedulur, nèk ana wong sing ora sadhar nèk tumindaké ngarah marang sing salah, kowé sing dituntun roh suci kudu mbantu dhèwèké supaya nindakké sing bener manèh. Kowé kudu alus wektu mbantu wong kuwi.+ Kowé ya kudu ngati-ati+ bèn ora kegodha nindakké sing salah.+ 2 Kowé kudu mbantu nanggung bebané wong liya.+ Kuwi bukti nèk kowé manut karo hukum Kristus.+ 3 Nèk ana wong sing rumangsa penting padahal sakjané ora penting,+ wong kuwi ngapusi dhèwèké dhéwé. 4 Ning, saben wong kudu mriksa tumindaké dhéwé.+ Dhèwèké bakal bahagia merga apa sing wis ditindakké, dudu merga mbandhingké karo wong liya.+ 5 Saben wong bakal mikul tanggung jawabé dhéwé-dhéwé.+

6 Sakliyané kuwi, wong sing diwulang soal omongané Gusti Allah kudu seneng mbagi apa sing apik karo wong sing mulang dhèwèké.+

7 Aja ngapusi awakmu dhéwé.* Gusti Allah ora isa diapusi. Apa sing disebar wong, ya kuwi sing bakal dipanèn.+ 8 Wong sing nyebar sesuai karo kepénginan sing salah bakal manèn hasil sing ora apik* saka kepénginan sing salah kuwi. Ning, wong sing nyebar sesuai karo tuntunané roh suci bakal manèn urip saklawasé saka roh suci kuwi.+ 9 Mula, aja nyerah nindakké apa sing apik. Nèk awaké dhéwé ora nyerah, awaké dhéwé bakal manèn hasilé nèk wis wektuné.+ 10 Dadi, mumpung isih ana kesempatan,* ayo awaké dhéwé nindakké apa sing apik marang kabèh wong, utamané marang sedulur-sedulur seiman.

11 Aku dhéwé sing nulis surat iki kanggo kowé. Gatèkna sepira gedhéné huruf-hurufé.

12 Kabèh wong sing meksa kowé bèn disunat kuwi mung péngin nyenengké wong liya. Wong-wong kuwi tumindak kaya ngono bèn ora dianiaya merga cagak hukumané* Kristus. 13 Sakjané, wong-wong sing disunat kuwi dhéwé ora nindakké Hukum Musa.+ Ning, wong-wong kuwi péngin kowé disunat supaya isa bangga merga isa meksa kowé bèn disunat. 14 Ning nèk aku, aku ora bakal bangga sakliyané soal Yésus Kristus Gustiné awaké dhéwé sing wis mati ing cagak hukuman.*+ Kanggoku, donya iki wis dihukum mati liwat dhèwèké, ning kanggoné donya iki, aku wis dihukum mati liwat dhèwèké. 15 Disunat utawa ora kuwi ora penting.+ Ning, sing penting kuwi Gusti Allah nggawé kowé dadi ciptaan anyar.+ 16 Muga-muga Gusti Allah apikan marang wong-wong sing manut karo omongan iki. Muga-muga wong kuwi, yaiku Israèl duwèké Gusti Allah, ngrasa tentrem.+

17 Muga-muga mulai saiki ora ana wong sing nggawé aku susah, merga ing badanku ana tandha sing nduduhké nèk aku iki budhaké Yésus.+

18 Sedulur-sedulur, muga-muga Yésus Kristus Gustiné awaké dhéwé apikan banget karo kowé merga kowé terus semangat. Amin.

Utawa ”sistem donya”. Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”Yudaisme”.

Utawa ”Aku kebangeten”.

Utawa ”Yudaisme”.

Jeneng liyané yaiku Pétrus.

Utawa ”wong sing ora disunat”.

Utawa ”wong sing disunat”.

Utawa ”wong sing disunat”.

Jeneng liyané yaiku Pétrus.

Utawa ”wong sing disunat”.

Jeneng liyané yaiku Pétrus.

Jeneng liyané yaiku Pétrus.

Deloken Lamp. A5.

Lit.: ”digantung”.

Lit.: ”benihé”.

Lit.: ”benih-benihmu”.

Lit.: ”benihmu”.

Lit.: ”benih”.

Mungkin maksudé iman Kristen.

Maksudé, wong sing njaga lan momong bocah-bocah.

Maksudé, wong sing njaga lan momong bocah-bocah.

Lit.: ”benihé”.

Utawa ”pathokan dhasaré”.

Kata Ibrani utawa Aram sing artiné ”Bapak”.

Utawa ”pathokan dhasaré”.

Maksudé, wong wédok sing dudu budhak.

Maksudé, bébas saka Hukum Musa.

Lit.: ”Mbiyèn kowé wis apik mlayuné”.

Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”bakal dadi sida-sida”. Nganggo cara kaya ngono, wong-wong kuwi dadi ora pantes manèh kanggo nindakké hukum sing didhukung wong-wong kuwi.

Yunani: porneia. Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”tumindak ora nduwé isin”. Yunani: aselgeia. Deloken Daftar Istilah.

Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”maku ing cagak”.

Utawa mungkin ”Aja gelem diapusi wong liya”.

Lit.: ”manèn kerusakan”.

Lit.: ”ana wektu sing ditentokké”.

Deloken Daftar Istilah.

Deloken Daftar Istilah.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim