PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • nwt 2 Tésalonika 1:1-3:18
  • 2 Tésalonika

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • 2 Tésalonika
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
2 Tésalonika

SURAT KELORO KANGGO JEMAAT ING TÉSALONIKA

1 Surat saka Paulus, Silvanus,* lan Timotius,+ kanggo jemaat Tésalonika sing bersatu karo Gusti Allah, Bapaké awaké dhéwé, lan karo Gusti Yésus Kristus:

2 Muga-muga Gusti Allah, yaiku Bapaké awaké dhéwé, lan Gusti Yésus Kristus apikan banget karo kowé lan nggawé kowé ayem.

3 Sedulur-sedulur, aku kudu terus ngucap syukur marang Gusti Allah merga kowé. Kuwi merga imanmu saya kuwat lan kowé saya nresnani liyané.+ 4 Mula, aku bangga nyritakké soal kowé+ marang jemaat-jemaaté Gusti Allah, merga kowé tetep sabar lan nduwé iman wektu dianiaya lan ngalami kesusahan.+ 5 Kuwi bukti nèk keputusané Gusti Allah pancèn bener. Kuwi nggawé kowé pantes mlebu ing Kerajaané Gusti Allah. Kuwi sebabé, kowé ngalami kesusahan.+

6 Merga Gusti Allah kuwi adil, Gusti Allah bakal ngukum wong-wong sing nggawé kowé sengsara.+ 7 Ning, kowé sing sengsara bakal dibébaské bareng karo aku wektu Gusti Yésus+ nduduhké kuwasané saka swarga ing geni sing murub, bareng karo para malaékaté sing kuwat.+ 8 Dhèwèké bakal ngukum wong-wong sing ora kenal Gusti Allah lan sing ora nampa kabar apik soal Yésus Gustiné awaké dhéwé.+ 9 Wong-wong kuwi bakal dihukum lan disingkirké saklawasé,+ mula Gusti ora bakal ndelok wong-wong kuwi manèh lan ora bakal nulungi nganggo kuwasané sing gedhé. 10 Pas Gusti teka, dhèwèké bakal diluhurké wong-wong suci lan diunggulké wong-wong sing nduwé iman. Kowé bakal ana ing antarané wong-wong kuwi merga kowé percaya karo kabèh sing tak omongké marang kowé.

11 Mula, aku terus ndongakké kowé bèn Gusti Allahé awaké dhéwé nganggep kowé pantes dipilih+ lan bèn Gusti Allah nggunakké kuwasané kanggo nindakké apa waé sing apik sing péngin ditindakké. Aku ya ndonga bèn kabèh sing mbok tindakké merga iman isa berhasil. 12 Dadi, jenengé Yésus Gustiné awaké dhéwé isa dimulyakké liwat kowé, lan kowé isa dimulyakké merga bersatu karo dhèwèké. Kuwi kelakon merga Gusti Allahé awaké dhéwé lan Gusti Yésus Kristus apikan banget.

2 Ning, sedulur-sedulur, aku arep ngomong soal wektuné Yésus Kristus+ Gustiné awaké dhéwé bali* lan kapan awaké dhéwé bakal dikumpulké bèn isa urip bareng karo dhèwèké.+ Iki sing tak jaluk saka kowé. 2 Aja bingung utawa ora tenang nèk ana sing ngomong dinané Yéhuwah* wis teka.+ Aja kuwatir senajan wong kuwi ngomong nèk kabar kuwi saka Gusti Allah+ utawa saka surat sing jaréné saka aku.

3 Aja nganti ana sing ngapusi* kowé nganggo cara apa waé, merga sakdurungé dina kuwi teka, bakal ana wong-wong sing murtad,+ lan wong sing jahat+ bakal disingkapké, yaiku wong sing pancèn bakal disingkirké.+ 4 Dhèwèké kuwi mungsuh. Dhèwèké rumangsa luwih hébat timbang kabèh sing disebut allah utawa sing disembah karo wong-wong. Mula, dhèwèké lungguh ing baité Gusti Allah lan nduduhké ing ngarepé wong akèh nèk dhèwèké kuwi kaya Gusti Allah. 5 Apa kowé ora éling nèk wektu aku isih bareng karo kowé, aku kerep ngomongké iki?

6 Saiki, kowé ngerti sapa sing ngalang-alangi wong jahat kuwi bèn ora disingkapké sakdurungé wektuné. 7 Sakjané, wong kuwi lagi nindakké kejahatané sing didhelikké,+ ning kuwi didhelikké mung nganti wong sing ngalang-alangi ora ana manèh. 8 Sakwisé kuwi, wong sing jahat kuwi bakal disingkapké. Pas Gusti Yésus bali,* wong sing jahat kuwi bakal disingkirké nganggo kuwasa sing metu saka lambéné Gusti+ lan bakal ora ana manèh.+ 9 Wong sing jahat kuwi teka merga Sétan.+ Sétan mènèhi dhèwèké kuwasa kanggo nindakké mukjijat* sing ngapusi wong liya, tumindak sing ajaib,+ 10 lan tumindak sing licik.+ Kabèh kuwi nggawé wong-wong sing bakal disingkirké kapusan. Wong-wong kuwi dihukum merga ora saktulusé ati nampa ajaran sing bener sing isa nylametké wong-wong kuwi. 11 Kuwi sebabé, Gusti Allah ngéntukké wong-wong kuwi diapusi nganggo ajaran sing ora bener. Wong-wong kuwi dadi percaya karo omongan sing ngapusi.+ 12 Mula, wong-wong kuwi bakal dihukum merga ora percaya karo apa sing bener lan seneng karo apa sing salah.

13 Ning, sedulur-sedulur sing ditresnani Yéhuwah,* aku kudu terus ngucap syukur marang Gusti Allah merga kowé. Kèt awal, Gusti Allah wis milih kowé+ bèn dislametké. Dhèwèké nggawé kowé suci+ nganggo roh suciné merga kowé nduwé iman marang apa sing bener. 14 Dhèwèké milih kowé liwat kabar apik sing tak wartakké bèn kowé isa dimulyakké kaya Yésus Kristus Gustiné awaké dhéwé.+ 15 Mula sedulur-sedulur, kowé kudu terus kuwat+ lan manut karo apa waé* sing wis diwulangké marang kowé+ liwat omongan utawa liwat suratku. 16 Muga-muga Gusti Yésus Kristus lan Gusti Allah, Bapaké awaké dhéwé, sing nresnani awaké dhéwé,+ sing mènèhi penghiburan sing langgeng,+ lan sing mènèhi harapan sing apik merga sifaté sing apikan banget, 17 menghibur kowé lan nggawé kowé kuwat bèn kowé isa terus ngomongké lan nindakké apa sing apik.

3 Akhiré, sedulur-sedulur, kowé kudu terus ndongakké aku+ bèn omongané Yéhuwah* cepet nyebar ing endi-endi+ lan bèn Dhèwèké dimulyakké ing antarané wong-wong, kaya sing kelakon ing antaramu. 2 Tulung kowé ya ndongakké aku bèn aku dislametké saka wong-wong sing jahat lan kejem,+ merga ora kabèh wong nduwé iman.+ 3 Ning, Gusti mesthi bakal nepati janjiné, nguwatké kowé, lan nglindhungi kowé saka Sétan.* 4 Sakliyané kuwi, aku, yaiku murid-muridé Gusti, yakin nèk kowé terus manut lan nindakké petunjuk sing tak wènèhké marang kowé. 5 Muga-muga Gusti mbantu kowé nresnani Gusti Allah+ lan tetep sabar+ demi Kristus.

6 Sedulur-sedulur, nganggo jenengé Gusti Yésus Kristus, saiki aku péngin mènèhi kowé petunjuk iki. Kowé kudu ngedohi sedulur-sedulur sing ora tertib+ lan ora manut karo petunjuk* sing mbok tampa* saka aku.+ 7 Kowé wis ngerti piyé carané niru aku.+ Wektu bareng karo kowé, aku ora kaya wong sing ora tertib. 8 Aku ya ora tau njaluk-njaluk panganan tanpa mbayar.+ Ning, aku nyambut gawé tenanan lan ngupaya tenanan sedina muput bèn aku ora mbebani kowé nganggo ragad sing gedhé.+ 9 Senajan nduwé hak, aku ora gelem kaya ngono+ merga aku péngin dadi conto bèn isa mbok tiru.+ 10 Malah, wektu ana bareng karo kowé, aku tau mènèhi préntah iki, ”Wong sing ora gelem nyambut gawé, ora usah mangan.”+ 11 Aku krungu nèk ing antaramu ana wong-wong sing ora tertib.+ Wong-wong kuwi ora gelem nyambut gawé, ning seneng mèlu-mèlu ngurusi urusané wong liya.+ 12 Nganggo jenengé Gusti Yésus Kristus, aku mènèhi préntah lan naséhat sing tegas marang wong-wong sing kaya ngono kuwi, yaiku bèn wong-wong kuwi ngurusi urusané dhéwé lan mangan saka hasil nyambut gawéné dhéwé.+

13 Sedulur-sedulur, aja nyerah nindakké apa sing apik. 14 Nèk ana sing ora manut karo petunjuk sing tak wènèhké liwat surat iki, kowé kudu ati-ati karo wong kuwi* lan aja bergaul manèh karo dhèwèké+ bèn dhèwèké isin. 15 Ning, dhèwèké aja mbok anggep mungsuh. Kowé kudu terus mènèhi dhèwèké naséhat+ kaya sedulur.

16 Muga-muga ing keadaan apa waé, Gusti sing nggawé ayem nggawé kowé ngrasa ayem.+ Muga-muga Gusti terus ndhukung kowé.

17 Iki salam saka aku, Paulus, sing tak tulis dhéwé.+ Aku mesthi nulis kaya ngéné ing saben suratku bèn kowé ngerti nèk aku sing nulis surat-surat kuwi.

18 Muga-muga Yésus Kristus Gustiné awaké dhéwé apikan banget karo kowé.

Jeneng liyané yaiku Silas.

Yunani: parousia. Deloken Daftar Istilah.

Deloken Lamp. A5.

Utawa ”nggodha”.

Lit.: ”Pas baliné Gusti dadi nyata”. Yunani: parousia. Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”tandha”.

Deloken Lamp. A5.

Lit.: ”karo tradhisi”.

Deloken Lamp. A5.

Lit.: ”si jahat”.

Utawa ”tradhisi”.

 Utawa mungkin ”sing ditampa wong-wong kuwi”.

Lit.: ”kowé kudu mènèhi wong kuwi tandha”.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim