PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • ijwhf artikel 34
  • Apa Éntuk Manggon Bareng Meskipun Durung Nikah?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Apa Éntuk Manggon Bareng Meskipun Durung Nikah?
  • Bantuan kanggo Keluarga
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Naséhat ing Alkitab
  • Nèk wis manggon bareng sik, apa mengko pas nikah isa luwih bahagia?
  • Apa nèk manggon bareng dadi ora nduwé masalah keuangan?
  • Apa nèk manggon bareng mesthi isa cocog?
  • Cara sing luwih apik
  • Apa Pandhangané Alkitab soal Kumpul Kebo?
    Pertanyaan sing Dijawab ing Alkitab
  • Pathokan ing Alkitab soal Perkawinan
    Pertanyaan sing Dijawab ing Alkitab
  • Urip Bebojoan sing Rukun lan Bahagia
    Carané Bèn Tetep Ditresnani Gusti Allah
  • Urip Bebojoan Kuwi Anugrah
    Carané Bèn Tetep Ditresnani Gusti Allah
Delok Kabèh
Bantuan kanggo Keluarga
ijwhf artikel 34
Wong lanang lan wong wédok sing nggawa barang-barangé ing kerdhus.

BANTUAN KANGGO KELUARGA | PERKAWINAN

Apa Éntuk Manggon Bareng Meskipun Durung Nikah?

Akèh pasangan manggon bareng padahal durung nikah. Tujuané kanggo ndelok wong kuwi cocog ora dinikahi. Meréka mikiré nèk manggon bareng sik mengko pas wis nikah meréka isa luwih cocog lan uripé bahagia. Apa kuwi bener?

Ing artikel iki bakal dibahas:

  • Naséhat ing Alkitab

  • Nèk wis manggon bareng sik, apa mengko pas nikah isa luwih bahagia?

  • Apa nèk manggon bareng dadi ora nduwé masalah keuangan?

  • Apa nèk manggon bareng mesthi isa cocog?

  • Cara sing luwih apik

Naséhat ing Alkitab

  • Gusti Allah ngekèki préntah bèn awaké dhéwé ”ora nindakké hubungan sèks sing ora pantes”. (1 Tésalonika 4:3; 1 Korintus 6:18) Berarti nèk wong lanang lan wong wédok manggon bareng terus hubungan sèks kuwi ora éntuk, meskipun mengko akhiré meréka nikah.a Ngetrapké pathokan soal kuwi mesthi bermanfaat, misalé ora hamil sakdurungé nikah utawa ngalami masalah liyané merga manggon bareng sakdurungé nikah.

  • Perkawinan kuwi sing nggawé Gusti Allah. Gusti Allah ngomong, ”Wong lanang bakal ninggalké bapak ibuné, terus bakal urip bareng karo bojoné, lan loro-loroné bakal dadi siji.” (Purwaning Dumadi 2:24) Nèk wong lanang lan wong wédok mutuské kanggo nikah lan berusaha tetep setya, keluargané mesthi bahagia.

Nèk wis manggon bareng sik, apa mengko pas nikah isa luwih bahagia?

Beberapa ngomong iya. Nèk manggon bareng sik, meréka ngrasa bakal luwih siap kanggo nikah soalé wis biasa ngerjakké gawéan omah bareng lan ya wis kenal karo pasangané. Tapi sakjané bèn perkawinan isa bahagia sing paling penting kuwi kudu setya karo pasangané.

Wong sing manggon bareng sakdurungé nikah mikiré ora apa-apa manggon bareng sik, mengko nèk ora cocog isa pisah. Padahal nèk wis nikah kuduné susah seneng terus bareng-bareng, ora pisah. Hubungané wong lanang lan wong wédok isa tambah kuwat merga meréka berusaha tetep setya satu sama lain lan ngatasi masalah bareng-bareng.

Intiné: Wong sing manggon bareng sakdurungé nikah sakjané durung siap nikah tapi siap pisah.

Ayat: ”Apa sing disebar wong, ya kuwi sing bakal dipanèn.”—Galatia 6:7.

Apa nèk manggon bareng dadi ora nduwé masalah keuangan?

Beberapa ngomong iya. Menurut survéi saka Pusat Riset Pew, 40 persèn wong déwasa ing Amerika Serikat manggon bareng karo pasangané sakdurungé nikah bèn isa luwih hémat. Tapi akèh-akèhé tetep ora nikah merga ora nduwé dhuwit.

Manggon bareng sakdurungé nikah isa dadi masalah, terutama kanggo wong-wong wédok. Soalé nèk ujug-ujug pisah, biasané sing ngurus anaké ya sing wédok.

Wong wédok kuwi lungguh karo mangku bayiné lan kétok strès. Sing lanang lunga karo nggawa barang-barangé ing kerdhus.

Intiné: Manggon bareng sakdurungé nikah kuwi luwih akèh masalahé daripada manfaaté.

Ayat: ”Aku Yéhuwah Gusti Allahmu, sing mulang kowé soal apa waé sing ana manfaaté kanggo kowé.”—Yésaya 48:17.

Apa nèk manggon bareng mesthi isa cocog?

Beberapa ngomong iya. Tapi menurut buku Fighting for Your Marriage, ”Wong sing manggon bareng sakdurungé nikah bakal kangèlan ninggalké pasangané utawa putus.” Kenapa? Soalé meskipun wis ngrasa ora cocog tapi meréka wis terlanjur nduwé tanggung jawab bareng. Misalé nduwé peliharaan, ngontrak omah, utawa tiba-tiba hamil. Para peneliti ngamati nèk pasangan kaya ngono kuwi gelem ora gelem kudu terus bareng-bareng.b Ing buku kuwi ya disebutké, ”Pasangan sing manggon bareng akhiré kepeksa nikah merga kuwi pilihan sing paling gampang.”

Intiné: Nèk wis manggon bareng justru mengko malah susah nèk arep putus karo wong sing ora cocog.

Ayat: ”Wong sing pinter nyingkir wektu ana bahaya, ning wong sing ora nduwé pengalaman terus ana ing kono lan akhiré kena cilaka.”—Wulang Bebasan 22:3.

Cara sing luwih apik

Nèk ora manggon bareng sik, njenengan ora bakal nduwé masalah-masalah sing disebutké mau lan perkawinané njenengan isa bahagia. Njenengan isa manut pathokan ing Alkitab bèn perkawinané bahagia. Sakdurungé nikah, njenengan isa berusaha luwih kenal calon pasangané njenengan. Nggolèka pasangan sing tujuan lan kepercayaané padha karo njenengan, ora mung merga penampilané menarik.

Ing Alkitab ana naséhat bèn perkawinané njenengan isa bahagia.c Misalé ana naséhat soal . . .

  • tetep setya karo pasangan

  • carané bèn mengko isa dadi suami utawa istri sing apik

  • carané ngerti wong kuwi cocog ora kanggo awaké dhéwé

Nèk péngin ngerti keterangan luwih akèh soal topik kuwi bukaken bagéan ”Suami Istri lan Wong Tuwa” ing jw.org.

Ayat: ”Kabèh sing ditulis ing Kitab Suci asalé saka Gusti Allah. Kuwi gunané kanggo mulang.”—2 Timotius 3:16.

a Wacanen artikel ”Seks Pranikah—Bolehkah Asalkan Cinta?”

b Saka artikel ”Sliding Versus Deciding: Inertia and the Premarital Cohabitation Effect” sing ditulis Scott M. Stanley, Galena Kline Rhoades, lan Howard J. Markman (diterbitké ing jurnal Family Relations).

c Ana kebiasaan nèk wong tuwa sing milihké bojoné anaké. Nèk mémang kaya ngono, wong tuwa isa mikirké pathokan ing Alkitab bèn isa milihké pasangan sing sifat-sifaté apik.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim