PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • ijwhf artikel 35
  • Carané Bèn Suami Istri sing Wis Lansia Isa Tetep Harmonis

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Carané Bèn Suami Istri sing Wis Lansia Isa Tetep Harmonis
  • Bantuan kanggo Keluarga
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Apa sebabé ana lansia sing péngin cerai?
  • Sing isa diupayakké
  • 3 Menghargai
    Gatèkna!—2018
  • Pengaruhé Pegatan kanggo Anak-Anak
    Bantuan kanggo Keluarga
  • Apa Pengaruhé Tèknologi kanggo Suami Istri?
    Gatèkna!—2021
  • 1 Setya
    Gatèkna!—2018
Bantuan kanggo Keluarga
ijwhf artikel 35
Pasangan suami istri sing ora bahagia nganti lungguhé adoh-adohan.

BANTUAN KANGGO KELUARGA | PERKAWINAN

Carané Bèn Suami Istri sing Wis Lansia Isa Tetep Harmonis

Saka taun 1990 nganti 2015, jumlah lansia sing cerai ing Amerika Serikat dadi tambah akèh. Sing cerai pas umuré 50 luwih, jumlahé mundhak nganti ping loro. Terus sing umuré luwih saka 65, jumlahé mundhak nganti ping telu. Ngapa kok akèh lansia sing cerai? Piyé bèn njenengan ora ngalami kuwi?

Ing artikel iki bakal dibahas:

  • Apa sebabé ana lansia sing péngin cerai?

  • Sing isa diupayakké

  • Sing isa dirembug bareng-bareng

Apa sebabé ana lansia sing péngin cerai?

  • Biasané, para lansia sing mutuské cerai kuwi merga hubungané wis ora akrab manèh karo pasangané. Saya suwé, mungkin meréka wis ora nduwé tujuan sing padha manèh lan kegiatan sing disenengi ya wis béda. Terus pas anak-anak wis ora manggon sak omah, meréka lagi sadhar nèk selama iki meréka fokusé mung dadi wong tuwa. Akhiré meréka lali karo tanggung jawabé sebagai suami lan istri.

  • Durung suwé iki, ana wong-wong sing dianggep pakar perkawinan ngandhani nèk suami istri kuduné mikirké kebutuhané dhéwé. Dadi nèk ngrasa perkawinané ora marakké bahagia, terus bojoné ora ngekèki pengaruh sing apik, lan ora nyukupi kebutuhan émosiné, sing luwih apik ya mendhing cerai waé.

  • Saiki, nèk ana sing cerai kuwi wis dianggep biasa. Ahli sosial sing jenengé Eric Klinenberg ngomong, ”Mbiyèn wong ora isa cerai mung merga ora seneng utawa kecéwa karo bojoné. Dadi, nèk masalahé mung sepélé ora isa cerai. Tapi saiki ora kaya ngono. Merga wong-wong mung mikirké kepentingané dhéwé, dadi nèk perkawinané ora bahagia kuwi isa didadèkké alesan kanggo cerai.”a

Cerai kuwi ora marakké masalahé dadi ilang, tapi malah nambahi masalah. Misalé menurut salah siji penelitian, ”Nèk wis lansia terus cerai, biasané kuwi malah marakké masalah keuangan, khususé kanggo sing wédok.”

Ana manèh sing isa dipikirké. Ing buku Don’t Divorce disebutké, ”Meskipun njenengan wis cerai, tapi sifaté njenengan isih padha. Misalé, nèk mbiyèn carané njenengan ngomong kuwi ora apik, apa njenengan wis ngupaya kanggo ngubah kuwi? Terus, apa saiki njenengan isa luwih tenang lan sabar wektu ana masalah?”b

Sing isa diupayakké

  • Gelem nampa perubahan. Hubungan suami istri ujug-ujug isa berubah. Misalé, merga anak wis ora manggon sak omah, mungkin njenengan karo bojoné njenengan wis dadi ora akrab manèh. Terus, kegiatan sing disenengi ya wis ora padha. Dadi ketimbang berupaya bèn keadaané isa dadi kaya mbiyèn manèh, luwih apik mikirké apa sing isa diupayakké saiki.

    Pasangan suami istri sing lagi lungguh bareng. Sing wédok ndelok foto keluarga pas bareng karo anaké terus sing lanang lagi ndeloki kursi kosong.

    Ayat: ”Aja takon, ’Ngapa jaman mbiyèn luwih pénak timbang jaman saiki?’ Kowé ora wicaksana nèk takon kaya ngono.”—Pengkhotbah 7:10.

  • Berusaha bèn tetep akrab karo bojo. Merga kegiatan sing disenengi wis béda, apa njenengan isa nyoba memahami kuwi? Apa njenengan isa mbantu bèn bojoné njenengan memahami apa sing njenengan senengi? Apa njenengan isa nggolèk kegiatan liya sing isa dilakoni bareng-bareng? Kabèh isa diupayakké bèn hubungané njenengan isa luwih akrab lan luwih harmonis.

    Pasangan suami istri lansia sing lagi ngrawat tanduran bareng-bareng.

    Ayat: ”Saben wong kudu mikirké kepentingané wong liya, dudu kepentingané dhéwé.”—1 Korintus 10:24.

  • Kudu tetep ngajèni. Kudu tetep sopan meskipun wis suwé urip bareng. Pas ngomong kudu ramah lan berupaya memperlakukan bojoné njenengan kaya mbiyèn pas lagi pacaran. Kerep ngomong ”tulung” lan ”maturnuwun”. Duduhké nèk njenengan sayang karo bojoné njenengan lan menghargai apa waé sing wis dhèwèké lakukan.

    Suami sing lagi mayungi bojoné karo mbukakké pintu mobil kanggo bojoné.

    Ayat: ’Kudu apikan karo wong liya lan nduwé rasa mesakké.’—Éfésus 4:32.

  • Ngéling-éling kenangan indah bareng-bareng. Ndelok album foto nikah utawa ndelok foto-foto liyané, isa nggawé njenengan lan bojoné njenengan tambah sayang lan akrab.

    Pasangan lansia sing lagi ndelok album foto bareng-bareng.

    Ayat: ”Saben wong lanang ing antaramu kudu sayang karo bojoné kaya sayang karo badané dhéwé. Wong wédok ya kudu bener-bener ngajèni bojoné.”—Éfésus 5:33.

a Saka buku Going Solo—The Extraordinary Rise and Surprising Appeal of Living Alone.

b Ing Alkitab disebutké nèk alesan sing sah kanggo cerai kuwi mung nèk pasangané laku jina. (Matius 19:5, 6, 9) Deloken artikel sing judhulé ”Apakah Alkitab Mengizinkan Perceraian?”

Sing isa dirembug bareng-bareng

Njenengan karo bojoné njenengan isa mikirké sik pertanyaan-pertanyaan iki. Bar kuwi, isa dirembug bareng-bareng.

  • Mbiyèn, apa waé sing nggawé njenengan tertarik karo dhèwèké?

  • Saksuwéné nikah, sifat-sifat apa sing berubah saka bojoné njenengan?

  • Apa sing isa diupayakké bèn njenengan karo bojoné njenengan isa luwih harmonis?

  • Piyé bèn njenengan isa luwih akrab karo bojoné njenengan?

  • Bèn isa luwih akrab, apa sing njenengan pénginké saka bojoné njenengan?

  • Apa sing isa dilakukan bojoné njenengan bèn njenengan isa ngrasa luwih diajèni?

  • Kegiatan apa waé sing isa dilakoni bareng-bareng?

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim