ARTIKEL PELAJARAN 1
Tetep Tenang lan Percaya karo Yéhuwah
AYAT TAUNAN 2021: ”Nèk kowé tetep tenang lan percaya karo Aku, kowé bakal dadi kuwat.”—YÉS. 30:15.
LAGU 3 Kekuwatan, Pangarep-arep, Percayaku
ISINÉ ARTIKEL IKIa
1. Kaya Raja Daud, awaké dhéwé mungkin nduwé pitakonan apa?
AWAKÉ DHÉWÉ mesthi péngin urip ayem lan bahagia. Ora ana sing kepéngin ngrasa kuwatir. Ning kadhang-kadhang, awaké dhéwé ngrasa kuwatir. Malah, ana umaté Yéhuwah sing nduwé pitakonan sing padha kaya Raja Daud. Raja Daud tau takon karo Yéhuwah, ”Nganti kapan aku terus kuwatir lan ngrasa sedhih saben dina?”—Mzm. 13:2.
2. Apa sing bakal dirembug ing artikel iki?
2 Awaké dhéwé ora isa bener-bener bébas saka perasaan kuwatir. Ning, ana sing isa awaké dhéwé tindakké bèn ora terlalu kuwatir. Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug apa waé sing isa nggawé awaké dhéwé ngrasa kuwatir. Awaké dhéwé ya bakal ngrembug enem cara bèn awaké dhéwé isa tetep tenang senajan ngalami masalah.
SING NGGAWÉ AWAKÉ DHÉWÉ NGRASA KUWATIR
3. Keadaan apa waé sing isa nggawé awaké dhéwé ngrasa kuwatir? Apa awaké dhéwé isa ngendhalèni kuwi kabèh?
3 Awaké dhéwé mungkin kangèlan utawa ora isa ngendhalèni keadaan-keadaan sing isa nggawé awaké dhéwé ngrasa kuwatir. Misalé, awaké dhéwé ora isa ngendhalèni rega panganan, pakaian, lan tempat tinggal sing terus mundhak saben taun. Awaké dhéwé ora isa nyegah nèk ana kanca kerja utawa kanca sekolah sing arep nggodha awaké dhéwé bèn ora jujur utawa nindakké hubungan sèks sing ora pantes. Sakliyané kuwi, awaké dhéwé ora isa nyegah wong-wong ing sekitaré awaké dhéwé bèn ora nindakké kejahatan. Awaké dhéwé ngadhepi kuwi kabèh merga wong-wong jaman saiki ora manut karo pathokané Alkitab. Sétan, sing nguwasani donya iki, ngerti nèk ”rasa kuwatir ing urip” isa nggawé wong-wong dadi mandheg nglayani Yéhuwah. (Mat. 13:22; 1 Yoh. 5:19) Kuwi sebabé ana akèh keadaan sing isa nggawé awaké dhéwé ngrasa kuwatir ing jaman saiki.
4. Piyé perasaané awaké dhéwé wektu ngadhepi kesusahan?
4 Wektu ngadhepi kesusahan, awaké dhéwé isa dadi kuwatir banget. Misalé, awaké dhéwé mungkin kuwatir merga lara lan ora isa kerja, ora isa nyukupi kebutuhané awaké dhéwé, utawa kélangan gawéan. Awaké dhéwé mungkin kuwatir dadi ora setya wektu digodha nglanggar hukumé Gusti Allah. Ora suwé manèh, Sétan bakal nggunakké wong-wong sing dhèwèké kuwasani kanggo nyerang umaté Gusti Allah. Awaké dhéwé mungkin kuwatir soal apa sing bakal awaké dhéwé tindakké wektu kuwi. Apa kabèh perasaan kuwatir kuwi salah?
5. Apa sing dimaksud Yésus wektu kandha, ”Aja kuwatir manèh”?
5 Yésus kandha marang murid-muridé, ”Aja kuwatir manèh.” (Mat. 6:25) Apa kuwi maksudé awaké dhéwé ora éntuk ngrasa kuwatir? Ora. Buktiné, ana umaté Yéhuwah sing setya ing jaman mbiyèn sing tau ngrasa kuwatir. Ning, Yéhuwah tetep sayang karo wong-wong kuwi.b (1 Raj. 9:4; Mzm. 6:3) Sakjané liwat kata-kata kuwi, Yésus péngin mbantu bèn awaké dhéwé tetep tenang. Yésus ora péngin awaké dhéwé terlalu kuwatir nganti ora ngutamakké ibadah marang Yéhuwah. Apa sing isa awaké dhéwé tindakké bèn ora terlalu kuwatir?—Deloken kothak ”Carané Bèn Isa Tetep Tenang”.
ENEM CARA BÈN ISA TETEP TENANG
Deloken paragraf 6c
6. Saka Filipi 4:6, 7, apa sing isa nggawé awaké dhéwé tetep tenang?
6 (1) Kerep ndonga. Wektu lagi ngrasa kuwatir, awaké dhéwé isa tetep tenang nèk tenanan ndonga marang Yéhuwah. (1 Ptr. 5:7) Nèk ndonga, ”Gusti Allah bakal mènèhi [awaké dhéwé] rasa ayem sing ora isa dipahami manungsa”. (Wacanen Filipi 4:6, 7.) Yéhuwah isa nggawé awaké dhéwé tetep tenang liwat roh suciné.—Gal. 5:22.
7. Yéhuwah péngin awaké dhéwé piyé wektu ndonga?
7 Wektu ndonga, awaké dhéwé isa nyritakké kabèh sing dirasakké marang Yéhuwah. Awaké dhéwé isa nyritakké masalah sing lagi awaké dhéwé adhepi lan piyé perasaané awaké dhéwé soal kuwi. Nèk kétoké masalah kuwi isa dirampungké, awaké dhéwé isa njaluk bantuané Yéhuwah bèn isa nggawé keputusan sing bener lan nindakké keputusan kuwi. Nèk kétoké masalah kuwi ora isa dirampungké, awaké dhéwé isa njaluk bantuané Yéhuwah bèn awaké dhéwé ora terlalu kuwatir. Nèk awaké dhéwé nyritakké kabèh masalahé awaké dhéwé liwat donga, awaké dhéwé bakal ngerti carané Yéhuwah njawab donga-dongané awaké dhéwé. Aja nyerah nèk dongané awaké dhéwé ora langsung dijawab. Yéhuwah ora mung péngin awaké dhéwé nyritakké kabèh masalahé awaké dhéwé liwat donga, ning ya péngin bèn awaké dhéwé terus ndonga.—Luk. 11:8-10.
8. Wektu ndonga, awaké dhéwé isa nyebutké apa manèh?
8 Wektu nyritakké kabèh sing awaké dhéwé rasakké liwat donga, awaké dhéwé ya perlu ngucap syukur marang Yéhuwah. Ora soal pas lagi seneng utawa susah, awaké dhéwé kudu terus ngéling-éling kabèh berkah sing wis tau awaké dhéwé tampa. Nèk awaké dhéwé bingung arep ngomong apa wektu ndonga, élinga nèk Yéhuwah bakal njawab dongané awaké dhéwé senajan mung ngomong, ’Tulungi aku.’—2 Bb. 18:31; Rm. 8:26.
Deloken paragraf 9d
9. Apa sing kudu ditindakké wektu ngrasa wedi?
9 (2) Percaya karo Yéhuwah. Ing jamané Nabi Yésaya, wong Yéhuda wedi nèk diserang wong Asiria. Mula, wong Yéhuda njaluk bantuané wong Mesir. (Yés. 30:1, 2) Yéhuwah ngandhani wong-wong kuwi nèk hasilé ora bakal apik. (Yés. 30:7, 12, 13) Ning, liwat Nabi Yésaya, Yéhuwah ngandhani apa sing kudu ditindakké wektu ngrasa wedi. Yéhuwah kandha, ”Nèk kowé tetep tenang lan percaya karo Aku, kowé bakal dadi kuwat.”—Yés. 30:15b.
10. Piyé carané awaké dhéwé nduduhké nèk percaya karo Yéhuwah?
10 Piyé carané awaké dhéwé nduduhké nèk percaya karo Yéhuwah? Bayangna njenengan ditawani gawéan sing gajiné luwih akèh, ning kudu lembur lan kuwi isa ngganggu ibadahé njenengan. Bayangna njenengan disenengi karo kanca kerja, padahal dhèwèké dudu umaté Yéhuwah. Utawa, bayangna nèk anggota keluargané njenengan ngomong, ”Kowé pilih aku utawa Gusti Allahmu?” Ora gampang kanggo nggawé keputusan wektu ngalami kuwi. Ning, Yéhuwah bakal mènèhi arahan sing dibutuhké. (Mat. 6:33; 10:37; 1 Kor. 7:39) Dadi, apa njenengan percaya karo Yéhuwah lan manut karo arahané?
Deloken paragraf 11e
11. Conto Alkitab apa waé sing isa mbantu awaké dhéwé tetep tenang wektu ngalami masalah sing abot?
11 (3) Sinau saka conto sing apik lan sing èlèk. Ana conto-conto ing Alkitab sing nduduhké pentingé tetep tenang lan percaya karo Yéhuwah. Wektu sinau conto-conto kuwi, gatèkna apa sing mbantu umaté Gusti Allah wektu ngalami masalah sing abot. Misalé, wektu dikongkon mandheg nginjil karo mahkamah agung Yahudi, para rasul ora wedi. Malah, wong-wong kuwi ngomong, ”Penguasa sing kudu tak turuti kuwi Gusti Allah dudu manungsa.” (Kis. 5:29) Sakwisé dianiaya, para rasul tetep tenang, merga wong-wong kuwi ngerti nèk Yéhuwah ndhukung lan sayang karo wong-wong kuwi. Mula, wong-wong kuwi terus martakké kabar apik. (Kis. 5:40-42) Kuwi ya dialami karo Stéfanus. Wektu arep mati, dhèwèké isa tetep tenang lan wajahé isa kétok ”kaya wajahé malaékat”. (Kis. 6:12-15) Kok isa? Merga Stéfanus yakin nèk Yéhuwah sayang karo dhèwèké.
12. Nurut 1 Pétrus 3:14 lan 4:14, apa sebabé awaké dhéwé ora perlu kuwatir wektu dianiaya?
12 Para rasul yakin nèk Yéhuwah ndhukung para rasul, merga Yéhuwah mènèhi wong-wong kuwi kuwasa kanggo nggawé mukjijat. (Kis. 5:12-16; 6:8) Mukjijat pancèn wis ora ana ing jaman saiki. Ning, Yéhuwah ngyakinké awaké dhéwé liwat Alkitab nèk Dhèwèké sayang karo awaké dhéwé lan bakal mènèhi roh suciné wektu awaké dhéwé sengsara demi apa sing bener. (Wacanen 1 Pétrus 3:14; 4:14.) Dadi, awaké dhéwé ora perlu kuwatir soal apa sing kudu ditindakké nèk sukmbèn dianiaya. Awaké dhéwé kudu ngupaya bèn terus yakin nèk Yéhuwah bakal ndhukung lan nylametké awaké dhéwé. Kaya para murid ing jaman mbiyèn, awaké dhéwé ya kudu percaya karo janjiné Yésus yaiku, ”Aku bakal nggawé kowé dadi wicaksana lan ngerti apa sing kudu mbok omongké. Senajan kabèh sing nentang kowé padha bersatu, wong-wong kuwi ora bakal isa ngalahké utawa mbantah kowé.” Yésus ya kandha, ”Nèk kowé terus setya nganti akhir, kowé bakal slamet.” (Luk. 21:12-19) Yéhuwah ora bakal lali karo umaté sing setya nganti mati, lan sukmbèn Dhèwèké bakal nguripké wong-wong kuwi manèh.
13. Apa manfaaté sinau saka contoné wong-wong sing ora tetep tenang lan ora percaya karo Yéhuwah?
13 Awaké dhéwé ya isa sinau saka contoné wong-wong sing ora tetep tenang lan ora percaya karo Yéhuwah. Nèk sinau conto-conto kuwi, awaké dhéwé dibantu bèn ora nggawé kesalahan sing padha. Misalé, ing awal pamréntahané, Raja Asa percaya karo Yéhuwah wektu ngadhepi pasukan tentara sing akèh banget. Hasilé, Yéhuwah nggawé Raja Asa menang. (2 Bb. 14:9-12) Ning, wektu diserang karo pasukané Raja Baasya sing luwih sithik, Raja Asa malah mbayar pasukan Siria. Padahal, mbiyèn dhèwèké tau njaluk bantuané Yéhuwah. (2 Bb. 16:1-3) Pas Raja Asa mèh mati lan lara parah, dhèwèké ora ngendelké Yéhuwah kanggo mbantu dhèwèké.—2 Bb. 16:12.
14. Apa sing isa awaké dhéwé sinaoni saka kesalahané Asa?
14 Awalé, Asa ngendelké Yéhuwah wektu ngalami masalah. Ning sakwisé kuwi, Asa ngupaya ngrampungké masalah nganggo carané dhéwé lan ora ngendelké Yéhuwah manèh. Rencanané Asa kanggo njaluk bantuané wong Siria kuwi kétoké apik. Ning, keberhasilané mung sementara. Yéhuwah kandha liwat nabiné, ”Merga kowé ngendelké raja Siria lan ora ngendelké Yéhuwah Gusti Allahmu, pasukané raja Siria bakal lolos.” (2 Bb. 16:7) Awaké dhéwé kudu ngati-ati bèn ora terlalu percaya diri wektu ngadhepi masalah. Aja nganti awaké dhéwé ora ngendelké arahané Yéhuwah liwat Alkitab. Malah, wektu kudu cepet-cepet nggawé keputusan, awaké dhéwé isa berhasil nèk tetep tenang lan ngendelké Yéhuwah.
Deloken paragraf 15f
15. Apa sing isa awaké dhéwé tindakké wektu maca Alkitab?
15 (4) Ngéling-éling ayat Alkitab. Awaké dhéwé isa ngéling-éling ayat-ayat Alkitab sing isa nggawé awaké dhéwé tetep tenang lan percaya karo Yéhuwah. Bèn isa ngéling-éling ayat-ayat kuwi, awaké dhéwé isa maca nganggo swara utawa nulis manèh ayat-ayat kuwi lan diwaca bola-bali. Yéhuwah ngongkon Yosua maca lan ngrenungké buku hukum saben dina bèn isa tumindak wicaksana. Merga maca buku hukum, kuwi isa mbantu Yosua dadi kendel wektu mimpin umaté Gusti Allah. (Yos. 1:8, 9) Akèh ayat Alkitab sing isa mbantu awaké dhéwé tetep tenang wektu ngadhepi keadaan sing nggawé awaké dhéwé kuwatir utawa wedi.—Mzm. 27:1-3; WB. 3:25, 26.
Deloken paragraf 16g
16. Piyé carané Yéhuwah nggunakké jemaat kanggo mbantu awaké dhéwé tetep tenang lan percaya karo Yéhuwah?
16 (5) Bergaul karo umaté Yéhuwah. Yéhuwah nggunakké para sedulur kanggo mbantu awaké dhéwé tetep tenang lan percaya karo Yéhuwah. Ing perhimpunan, awaké dhéwé isa éntuk manfaat saka ceramah-ceramah, koméntaré wong-wong, lan pergaulan karo para sedulur. (Ibr. 10:24, 25) Awaké dhéwé isa ngrasa dikuwatké wektu nyritakké apa sing awaké dhéwé kuwatirké marang kanca sing akrab ing jemaat. ”Omongan sing apik” saka kanca akrab isa mbantu awaké dhéwé bèn ora terus-terusan ngrasa kuwatir.—WB. 12:25.
Deloken paragraf 17h
17. Nurut Ibrani 6:19, piyé harapan ing masa depan isa mbantu awaké dhéwé tetep tenang wektu ngalami masalah?
17 (6) Terus mikirké harapan. ”Harapan sing njaga uripé awaké dhéwé kuwi kaya jangkar” sing isa mbantu awaké dhéwé bèn ora terlalu kuwatir senajan ngalami masalah. (Wacanen Ibrani 6:19.) Pikirna soal janjiné Yéhuwah ing masa depan sing nyebutké nèk rasa kuwatir ora bakal ana manèh. (Yés. 65:17) Bayangna njenengan ana ing donya anyar. Ing kono, keadaané ayem tentrem. (Mi. 4:4) Harapané njenengan ya isa saya kuwat nèk njenengan nyritakké kuwi marang wong liya. Mula, terusa semangat nginjil lan ndadèkké murid. Nèk nindakké kuwi, njenengan isa ’tetep yakin karo harapané’ njenengan nganti akhir.—Ibr. 6:11.
18. Merga akhir donya iki wis saya cedhak, awaké dhéwé bakal ngalami apa, lan piyé carané isa ngadhepi kuwi?
18 Akhir donya iki wis saya cedhak. Mula, awaké dhéwé mesthi bakal ngalami luwih akèh masalah sing nggawé awaké dhéwé kuwatir. Ayat taunan 2021 isa mbantu awaké dhéwé ngadhepi tantangan lan tetep tenang merga percaya karo Yéhuwah. Ing taun 2021, muga-muga awaké dhéwé terus percaya karo janjiné Yéhuwah yaiku, ”Nèk kowé tetep tenang lan percaya karo Aku, kowé bakal dadi kuwat.”—Yés. 30:15.
LAGU 8 Yéhuwah sing Ngayomi
a Ayat taunan 2021 nduduhké pentingé percaya karo Yéhuwah wektu ngadhepi keadaan sing nggawé kuwatir. Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug carané ngetrapké naséhat saka ayat taunan kuwi.
b Ana sedulur-sedulur seiman sing ngalami gangguan kecemasan utawa serangan panik. Kuwi kabèh masalah keséhatan sing serius lan dudu perasaan kuwatir sing dimaksud Yésus.
c GAMBAR: (1) Sedulur wédok kerep ndonga soal rasa kuwatiré.
d GAMBAR: (2) Wektu istirahat siang, dhèwèké maca Alkitab.
e GAMBAR: (3) Dhèwèké sinau soal conto sing apik lan sing èlèk saka Alkitab.
f GAMBAR: (4) Dhèwèké nèmplèkké ing kulkas ayat Alkitab sing péngin diéling-éling.
g GAMBAR: (5) Dhèwèké nginjil karo kanca akrabé. (6) Dhèwèké terus mikirké harapan ing masa depan.
h GAMBAR: (6) Dhèwèké terus mikirké harapan ing masa depan.