PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Sugeng Rawuh.
Nganggo situs iki, njenengan isa nggolèk keterangan luwih akèh saka publikasiné Seksi-Seksi Yéhuwah.
Kanggo download publikasi, bukaken jw.org.
  • Dina Iki

Jumat, 1 Agustus

Wong sing bener ngalami akèh kesusahan, tapi Yéhuwah mbébaské wong kuwi saka kabèh kesusahan mau.—Mzm. 34:19.

Ana loro kesimpulan saka ayat kuwi: (1) Wong sing bener ngalami kesusahan. (2) Yéhuwah mbébaské awaké dhéwé saka kabèh kesusahan. Carané piyé? Yéhuwah mbantu awaké dhéwé bèn nduwé pandhangan sing bener soal donya iki. Mémang nèk nglayani Yéhuwah, awaké dhéwé bakal bahagia. Tapi, Yéhuwah ora janji nèk saiki awaké dhéwé isa bébas saka masalah. (Yés. 66:14) Yéhuwah péngin awaké dhéwé terus mikirké harapan ing masa depan pas isa urip saklawasé. (2 Kor. 4:​16-18) Nganti kuwi kelakon, saben dina Yéhuwah bakal mènèhi kekuwatan bèn awaké dhéwé isa tetep setya. (KP. 3:​22-24) Apa sing isa dipelajari saka umaté Yéhuwah sing setya ing jaman Alkitab lan jaman saiki? Mémang awaké dhéwé isa ngalami masalah sing ora disangka-sangka. Tapi nèk percaya karo Yéhuwah, Yéhuwah mesthi bakal ndhukung awaké dhéwé.—Mzm. 55:22. w23.04 15 ¶3-4

Nliti Alkitab Saben Dina—2025

Setu, 2 Agustus

Kudu manut karo pamréntah.—Rm. 13:1.

Awaké dhéwé isa niru contoné Yusuf karo Maria, sing tetep manut pamréntah meskipun kuwi angèl. (Luk. 2:​1-6) Pas kuwi, Maria lagi meteng sangang sasi. Kaisar Agustus ngongkon rakyaté bèn disènsus. Mulané, Yusuf karo Maria kudu lunga ing Bètlehèm sing adohé 150 kilomèter lan kudu munggah mudhun bukit. Perjalanané kuwi mesthi ora gampang terutama kanggo Maria. Isa waé meréka mikir, ’Iki aman apa ora ya kanggo Maria lan bayiné? Nèk ngerti-ngerti lairan pas lagi ing dalan piyé? Padahal bayi kuwi kan mengko bakalé dadi Mésias.’ Apa kuwi dadi alesan bèn Yusuf karo Maria ora perlu manut pamréntah? Meskipun kuwatir, Yusuf karo Maria tetep manut pamréntah. Merga meréka manut, Yéhuwah mberkahi. Maria isa slamet tekan ing Bètlehèm lan nglairké bayi sing séhat. Ramalan ing Alkitab ya akhiré kelakon.—Mi. 5:2. w23.10 8 ¶9; 9 ¶11-12

Nliti Alkitab Saben Dina—2025

Minggu, 3 Agustus

Kudu padha-padha nguwatké.—Ibr. 10:25.

Piyé nèk pas arep koméntar wektu pertemuan ibadah, njenengan wedi? Njenengan isa persiapan sik. (WB. 21:5) Nèk ngerti tenan sing lagi dibahas, njenengan ora bakal terlalu grogi pas mèh koméntar. Koméntaré singkat waé. (WB. 15:23; 17:27) Nèk koméntaré singkat, nyusun kalimaté ya ora mumet. Nèk koméntaré njenengan singkat lan nganggo kata-katané dhéwé, berarti persiapané apik lan njenengan ngerti tenan apa sing lagi dirembug. Tapi piyé nèk sakwisé nyoba saran iki, njenengan isih wedi nèk arep koméntar luwih saka ping pisan? Yéhuwah tetep menghargai upayané njenengan. (Luk. 21:​1-4) Mènèhi sing paling apik ora berarti mènèhi luwih saka kesanggupan. (Flp. 4:5) Pikirna kesanggupané njenengan, siapna koméntar sing cocog, lan ndongaa bèn isa tenang. Cobanen mènèhi siji koméntar sing singkat. w23.04 21 ¶6-8

Nliti Alkitab Saben Dina—2025
Sugeng Rawuh.
Nganggo situs iki, njenengan isa nggolèk keterangan luwih akèh saka publikasiné Seksi-Seksi Yéhuwah.
Kanggo download publikasi, bukaken jw.org.
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim