Setu, 2 Agustus
Kudu manut karo pamréntah.—Rm. 13:1.
Awaké dhéwé isa niru contoné Yusuf karo Maria, sing tetep manut pamréntah meskipun kuwi angèl. (Luk. 2:1-6) Pas kuwi, Maria lagi meteng sangang sasi. Kaisar Agustus ngongkon rakyaté bèn disènsus. Mulané, Yusuf karo Maria kudu lunga ing Bètlehèm sing adohé 150 kilomèter lan kudu munggah mudhun bukit. Perjalanané kuwi mesthi ora gampang terutama kanggo Maria. Isa waé meréka mikir, ’Iki aman apa ora ya kanggo Maria lan bayiné? Nèk ngerti-ngerti lairan pas lagi ing dalan piyé? Padahal bayi kuwi kan mengko bakalé dadi Mésias.’ Apa kuwi dadi alesan bèn Yusuf karo Maria ora perlu manut pamréntah? Meskipun kuwatir, Yusuf karo Maria tetep manut pamréntah. Merga meréka manut, Yéhuwah mberkahi. Maria isa slamet tekan ing Bètlehèm lan nglairké bayi sing séhat. Ramalan ing Alkitab ya akhiré kelakon.—Mi. 5:2. w23.10 8 ¶9; 9 ¶11-12
Minggu, 3 Agustus
Kudu padha-padha nguwatké.—Ibr. 10:25.
Piyé nèk pas arep koméntar wektu pertemuan ibadah, njenengan wedi? Njenengan isa persiapan sik. (WB. 21:5) Nèk ngerti tenan sing lagi dibahas, njenengan ora bakal terlalu grogi pas mèh koméntar. Koméntaré singkat waé. (WB. 15:23; 17:27) Nèk koméntaré singkat, nyusun kalimaté ya ora mumet. Nèk koméntaré njenengan singkat lan nganggo kata-katané dhéwé, berarti persiapané apik lan njenengan ngerti tenan apa sing lagi dirembug. Tapi piyé nèk sakwisé nyoba saran iki, njenengan isih wedi nèk arep koméntar luwih saka ping pisan? Yéhuwah tetep menghargai upayané njenengan. (Luk. 21:1-4) Mènèhi sing paling apik ora berarti mènèhi luwih saka kesanggupan. (Flp. 4:5) Pikirna kesanggupané njenengan, siapna koméntar sing cocog, lan ndongaa bèn isa tenang. Cobanen mènèhi siji koméntar sing singkat. w23.04 21 ¶6-8
Senèn, 4 Agustus
[Kudu] nganggo tutup dhadha . . . lan nganggo topi wesi.—1 Tés. 5:8.
Paulus madhakké awaké dhéwé kaya prajurit sing siap perang. Prajurit kudu selalu siap kapan waé. Nèk terus nganggo tutup dhadha yaiku iman lan katresnan lan nganggo topi wesi yaiku harapan, kuwi bukti nèk tetep siap kanggo dinané Yéhuwah. Tutup dhadha nglindhungi jantung. Iman lan katresnan nglindhungi ati. Nèk nduwé iman, awaké dhéwé yakin Yéhuwah bakal mberkahi awaké dhéwé. (Ibr. 11:6) Nèk nduwé iman, awaké dhéwé ya bakal tetep setya karo Yésus meskipun ngadhepi masalah. Bèn isa nguwatké iman, gatèkna sedulur-sedulur sing tetep setya meskipun dianiaya utawa ngadhepi masalah ékonomi. Awaké dhéwé ya ora bakal nresnani dhuwit nèk niru sedulur-sedulur sing urip sederhana kanggo ngutamakké Kerajaané Gusti Allah. w23.06 10 ¶8-9