PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Yérémia 44
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

Intiné Buku Yérémia

      • Ramalan soal bencana sing bakal dialami wong Yahudi ing Mesir (1-14)

      • Wong-wong ora gelem ngrungokké Gusti Allah (15-30)

        • Nyembah ”Ratu Swarga” (17-19)

Yérémia 44:1

Cathetan Ngisor

  • *

    Utawa ”Mèmfis”.

Réferènsi Silang

  • +Yér 43:4, 7
  • +Yèh 29:10; 30:6
  • +Yèh 30:18
  • +Yér 46:14; Yèh 30:16
  • +Yèh 29:14; 30:14

Yérémia 44:2

Réferènsi Silang

  • +2Raj 25:9, 10; Yér 39:8
  • +KP 1:1

Yérémia 44:3

Réferènsi Silang

  • +Yér 11:17
  • +PT 13:6-9; 32:17; Yér 19:4

Yérémia 44:4

Cathetan Ngisor

  • *

    Lit.: ”Aku tangi ésuk-ésuk lan ngutus”.

Réferènsi Silang

  • +2Bb 36:15, 16; Yés 65:2; Yér 7:24-26; 35:15

Yérémia 44:5

Cathetan Ngisor

  • *

    Lit.: ”utawa ngarahké kupingmu”.

Réferènsi Silang

  • +Yér 19:13

Yérémia 44:6

Réferènsi Silang

  • +Yés 6:11; Yér 39:8

Yérémia 44:8

Réferènsi Silang

  • +1Raj 9:7; Yér 24:9; 42:18

Yérémia 44:9

Réferènsi Silang

  • +2Raj 21:19, 20; 24:8, 9
  • +1Raj 11:1-3
  • +Yér 44:19

Yérémia 44:10

Cathetan Ngisor

  • *

    Utawa ”ora ngrendhahké awakmu; ora ngrasa remuk”.

Réferènsi Silang

  • +Yér 36:22-24
  • +PT 6:1, 2

Yérémia 44:12

Réferènsi Silang

  • +Yèh 30:13
  • +Yér 42:17, 18

Yérémia 44:13

Réferènsi Silang

  • +Yér 21:9; 42:22; 43:11

Yérémia 44:15

Réferènsi Silang

  • +Yér 43:4, 7
  • +Yér 44:1

Yérémia 44:17

Cathetan Ngisor

  • *

    Sebutan kanggo dèwi sing disembah wong Israèl sing murtad, mungkin dèwi kesuburan.

Réferènsi Silang

  • +Yér 7:18

Yérémia 44:18

Cathetan Ngisor

  • *

    Sebutan kanggo dèwi sing disembah wong Israèl sing murtad, mungkin dèwi kesuburan.

Yérémia 44:19

Cathetan Ngisor

  • *

    Sebutan kanggo dèwi sing disembah wong Israèl sing murtad, mungkin dèwi kesuburan.

Yérémia 44:21

Cathetan Ngisor

  • *

    Lit.: ”Kuwi kabèh ana ing atiné”.

Réferènsi Silang

  • +Yér 11:13; Yèh 16:24, 25

Yérémia 44:22

Réferènsi Silang

  • +1Raj 9:8, 9; KP 2:15; Yèh 33:29

Yérémia 44:23

Réferènsi Silang

  • +2Bb 36:15, 16; Dan 9:11

Yérémia 44:25

Cathetan Ngisor

  • *

    Sebutan kanggo dèwi sing disembah wong Israèl sing murtad, mungkin dèwi kesuburan.

Réferènsi Silang

  • +Yér 7:18; 44:15, 17

Yérémia 44:26

Réferènsi Silang

  • +Yèh 20:39
  • +Yés 48:1, 2; Yér 5:2

Yérémia 44:27

Réferènsi Silang

  • +Yér 1:10
  • +Yér 44:12

Yérémia 44:28

Réferènsi Silang

  • +Km 26:44; Yés 27:13; Yér 44:14

Yérémia 44:30

Cathetan Ngisor

  • *

    Lit.: ”Nébukhadrézar”, éjaan liya jeneng iki.

Réferènsi Silang

  • +2Raj 25:7; Yér 34:21; 39:5

Terjemahan Liya

Klik ayat kanggo ndelok ayat sing padha saka Alkitab liya.

Keterangan Liya

Yér. 44:1Yér 43:4, 7
Yér. 44:1Yèh 29:10; 30:6
Yér. 44:1Yèh 30:18
Yér. 44:1Yér 46:14; Yèh 30:16
Yér. 44:1Yèh 29:14; 30:14
Yér. 44:22Raj 25:9, 10; Yér 39:8
Yér. 44:2KP 1:1
Yér. 44:3Yér 11:17
Yér. 44:3PT 13:6-9; 32:17; Yér 19:4
Yér. 44:42Bb 36:15, 16; Yés 65:2; Yér 7:24-26; 35:15
Yér. 44:5Yér 19:13
Yér. 44:6Yés 6:11; Yér 39:8
Yér. 44:81Raj 9:7; Yér 24:9; 42:18
Yér. 44:92Raj 21:19, 20; 24:8, 9
Yér. 44:91Raj 11:1-3
Yér. 44:9Yér 44:19
Yér. 44:10Yér 36:22-24
Yér. 44:10PT 6:1, 2
Yér. 44:12Yèh 30:13
Yér. 44:12Yér 42:17, 18
Yér. 44:13Yér 21:9; 42:22; 43:11
Yér. 44:15Yér 43:4, 7
Yér. 44:15Yér 44:1
Yér. 44:17Yér 7:18
Yér. 44:21Yér 11:13; Yèh 16:24, 25
Yér. 44:221Raj 9:8, 9; KP 2:15; Yèh 33:29
Yér. 44:232Bb 36:15, 16; Dan 9:11
Yér. 44:25Yér 7:18; 44:15, 17
Yér. 44:26Yèh 20:39
Yér. 44:26Yés 48:1, 2; Yér 5:2
Yér. 44:27Yér 1:10
Yér. 44:27Yér 44:12
Yér. 44:28Km 26:44; Yés 27:13; Yér 44:14
Yér. 44:302Raj 25:7; Yér 34:21; 39:5
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
  • 1
  • 2
  • 3
  • 4
  • 5
  • 6
  • 7
  • 8
  • 9
  • 10
  • 11
  • 12
  • 13
  • 14
  • 15
  • 16
  • 17
  • 18
  • 19
  • 20
  • 21
  • 22
  • 23
  • 24
  • 25
  • 26
  • 27
  • 28
  • 29
  • 30
Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
Yérémia 44:1-30

Yérémia

44 Iki sing diomongké Gusti Allah marang Yérémia kanggo wong Yahudi sing manggon ing Mesir,+ sing manggon ing Migdol,+ Tahpanhès,+ Nof,*+ lan dhaérah Patros:+ 2 ”Yéhuwah pemimpiné pasukan, Gusti Allahé Israèl, kandha ngéné, ’Kowé wis ndelok kabèh bencana sing wis Tak wènèhké marang Yérusalèm+ lan kabèh kutha Yéhuda. Saiki, kuwi kabèh wis dadi reruntuhan lan ora ana sing ngenggoni.+ 3 Kuwi kelakon merga tumindakmu sing jahat wis nglarani ati-Ku. Kowé wis mènèhké korban+ lan ngibadah marang allah-allah liya sing ora mbok kenal lan ora dikenal nènèk moyangmu.+ 4 Aku bola-bali ngutus para abdi-Ku, yaiku para nabi, marang kowé. Aku terus-terusan ngutus* para nabi kuwi bèn kandha, ”Tulung aja nindakké perkara-perkara sing njijiki sing Tak sengiti iki.”+ 5 Ning, kowé ora gelem ngrungokké utawa nggatèkké.* Kowé ora mertobat saka tumindakmu sing jahat, ning malah terus-terusan mènèhké korban kanggo allah-allah liya.+ 6 Mula, Aku nesu banget lan ngukum kutha-kutha Yéhuda lan dalan-dalan Yérusalèm nganti kuwi kabèh dadi reruntuhan lan telantar kaya saiki.’+

7 ”Iki sing diomongké Yéhuwah, Gusti Allah pemimpiné pasukan, Gusti Allahé Israèl: ’Ngapa kok kowé nyebabké bencana kanggo awakmu dhéwé, nganti kabèh wong lanang, wong wédok, bocah-bocah, lan bayi disingkirké saka Yéhuda lan ora ana sing slamet? 8 Kowé wis nggawé Aku nesu merga kelakuanmu. Kowé nggawé korban kanggo allah-allah liya ing Mesir, panggonanmu saiki. Kowé bakal dipatèni, lan kowé bakal dirèmèhké ing antarané kabèh bangsa ing bumi. Jenengmu bakal digunakké kanggo ngutuk.+ 9 Apa kowé wis lali karo kejahatan ing Yéhuda+ lan ing dalan-dalan Yérusalèm sing ditindakké nènèk moyangmu, raja-raja Yéhuda lan bojoné,+ termasuk kowé lan bojo-bojomu?+ 10 Nganti saiki, kowé ora nduduhké nèk kowé mertobat.* Kowé ora wedi karo Aku.+ Kowé ya ora manut karo hukum lan peraturan sing Tak wènèhké marang kowé lan nènèk moyangmu.’+

11 ”Kuwi sebabé iki sing diomongké Yéhuwah pemimpiné pasukan, Gusti Allahé Israèl: ’Aku mesthi bakal nggawé kowé kena bencana, yaiku kabèh wong Yéhuda bakal Tak singkirké. 12 Aku bakal nggawé wong Yéhuda sing isih urip, sing padha ngèyèl arep lunga menyang Mesir lan manggon ing kana, bèn padha mati ing Mesir.+ Wong-wong kuwi bakal dipatèni nganggo pedhang lan mati merga kelaparan. Saka rakyat biasa nganti pejabat, kabèh bakal mati merga pedhang lan kelaparan. Wong-wong bakal ngutuk, ngécé, lan ngrèmèhké wong-wong kuwi. Wong-wong ya bakal wedi pas ngerti sing dialami wong-wong kuwi.+ 13 Aku bakal ngukum wong-wong sing manggon ing Mesir kaya Aku wis ngukum Yérusalèm nganggo pedhang, kelaparan, lan wabah penyakit.+ 14 Wong Yéhuda sing isih urip, sing lunga merga arep manggon ing Mesir, ora bakal ana sing lolos utawa bali manèh menyang Yéhuda. Wong-wong kuwi bakal péngin banget bali lan manggon ing Yéhuda, ning ora bakal isa. Mung sithik sing isa lolos.’”

15 Terus, wong-wong sing jumlahé akèh banget, yaiku wong-wong lanang sing ngerti nèk bojoné nggawé korban kanggo allah-allah liya lan bojoné wong-wong lanang kuwi sing ngadeg ing kono, lan kabèh wong sing manggon ing Mesir,+ ing Patros,+ padha njawab Yérémia, 16 ”Aku wegah ngrungokké kabèh sing mbok omongké nganggo jeneng Yéhuwah. 17 Kabèh sing wis tak omongké bakal tetep tak lakoni, yaiku kanggo mènèhké korban lan ngesokké persembahan minuman marang Ratu Swarga.*+ Kèt mbiyèn, aku, nènèk moyangku, rajaku, lan para pemimpinku wis padha nindakké kuwi ing kutha-kutha Yéhuda lan dalan-dalan Yérusalèm. Wektu kuwi, aku nduwé akèh panganan, makmur, lan babar blas ora ngalami bencana. 18 Ning, kèt aku mandheg mènèhké korban lan ngesokké persembahan minuman marang Ratu Swarga,* aku dadi kekurangan lan mati merga pedhang lan kelaparan.”

19 Wong-wong wédok kuwi ya kandha, ”Bojoku ngijinké aku mènèhké korban, ngesokké persembahan minuman marang Ratu Swarga,* lan nggawé roti-roti persembahan sing bentuké dèwi kuwi.”

20 Mula Yérémia kandha marang kabèh wong kuwi, yaiku marang wong-wong lanang lan bojoné lan marang kabèh wong sing lagi omongan karo dhèwèké, 21 ”Yéhuwah ora bakal lali nèk kowé, nènèk moyangmu, raja-rajamu, para pemimpinmu, lan kabèh rakyat ing tanah iki wis mènèhké korban ing kutha-kutha Yéhuda lan ing dalan-dalan Yérusalèm.+ Dhèwèké kèlingan kuwi kabèh.* 22 Akhiré, Yéhuwah ora tahan manèh karo tumindak jahat lan njijiki sing mbok tindakké, lan tanahmu dadi hancur, ora ana sing ngenggoni. Wong ya bakal wedi pas ngerti sing mbok alami lan ngutuk kowé, kaya sing kelakon saiki.+ 23 Kuwi merga kowé wis mènèhké korban-korban kuwi lan kowé wis dosa marang Yéhuwah merga ora manut omongané Yéhuwah. Kowé ya ora manut hukum, peraturan, lan pangéling-élingé. Kuwi sebabé kowé kena bencana iki, kaya sing kelakon saiki.”+

24 Terus Yérémia ngomong marang kabèh rakyat lan wong wédok, ”Hé kabèh wong Yéhuda sing ana ing Mesir, rungokna omongané Yéhuwah. 25 Iki sing diomongké Yéhuwah pemimpiné pasukan, Gusti Allahé Israèl: ’Kowé lan bojomu wis nggawé janji lan nindakké apa sing wis mbok janjèkké. Kowé kandha, ”Aku lan bojoku mesthi bakal nepati janji kanggo mènèhké korban lan ngesokké persembahan minuman marang Ratu Swarga.”*+ Ya, kowé lan bojomu mesthi bakal nepati janjimu.’

26 ”Mula, hé kabèh wong Yéhuda sing manggon ing Mesir, rungokna omongané Yéhuwah, ’Yéhuwah kandha, ”Aku sumpah demi jeneng-Ku sing luhur nèk ora ana wong Yéhuda ing kabèh dhaérah ing Mesir sing bakal nyebut jeneng-Ku manèh pas sumpah.+ Wong-wong kuwi ora bakal kandha manèh, ’Aku sumpah demi Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah, Gusti Allah sing urip.’+ 27 Saiki Aku mung arep nggawé wong-wong kuwi kena bencana lan ora ngalami apa sing apik.+ Kabèh wong Yéhuda sing ana ing Mesir bakal mati merga pedhang lan kelaparan nganti wong-wong kuwi ora ana manèh.+ 28 Mung sithik sing bakal lolos saka pedhang lan bali saka Mesir menyang Yéhuda.+ Terus, kabèh wong Yéhuda sing isih urip, sing padha lunga menyang Mesir merga arep manggon ing kana, bakal ngerti omongané sapa sing kelakon, omongan-Ku apa omongané wong-wong kuwi.”’”

29 ”Yéhuwah kandha, ’Iki tandhané nèk Aku bakal ngukum kowé ing panggonan iki, supaya kowé ngerti nèk omongan-Ku soal bencana sing bakal mbok alami mesthi bakal kelakon: 30 ”Aku bakal nyerahké Firaun Hofra raja Mesir marang mungsuh-mungsuhé lan marang wong-wong sing péngin matèni dhèwèké, kaya Aku wis nyerahké Zédékia raja Yéhuda marang Nébukhadnézar* raja Babilon, yaiku mungsuh lan wong sing péngin matèni Zédékia,”+ kandhané Yéhuwah.’”

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim