PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • g21 No. 2 hlm. 10-12
  • Apa Pengaruhé Tèknologi kanggo Suami Istri?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Apa Pengaruhé Tèknologi kanggo Suami Istri?
  • Gatèkna!—2021
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • SING KUDU DIPIKIRKÉ
  • SING PERLU DIUPAYAKKÉ
  • Carané Bèn Ora Terus-terusan Mikirké Gawéan
    Bantuan kanggo Keluarga
  • Piyé Bèn Ana Luwih Akèh Wektu kanggo Bojo?
    Bantuan kanggo Keluarga
  • Carané Bèn Suami Istri sing Wis Lansia Isa Tetep Harmonis
    Bantuan kanggo Keluarga
  • 3 Menghargai
    Gatèkna!—2018
Delok Kabèh
Gatèkna!—2021
g21 No. 2 hlm. 10-12
Wong lanang ing bandara lagi video call karo bojoné sing lagi ing omah.

Apa Pengaruhé Tèknologi Kanggo Suami Istri?

Nèk nganggoné bener, tèknologi isa bermanfaat kanggo suami istri. Misalé, merga ana tèknologi, suami istri isa tetep komunikasi senajan ora ketemu. Dadi, hubungané suami istri isa tetep cedhak.

Tapi, nèk nganggoné ora bener, tèknologi malah isa nggawé suami istri dadi . . .

  • sibuk dhéwé-dhéwé.

  • terus-terusan ngurusi gawéan padahal wis ing omah.

  • ora jujur utawa malah saling curiga.

SING KUDU DIPIKIRKÉ

Suami istri bengi-bengi dolanan HP karo turonan.

WEKTU LAGI WONG LORO

Ana suami sing jenengé Michael crita, ”Kadhang aku lagi karo bojoku, tapi dhèwèké malah sibuk dhéwé. Dhèwèké sibuk ndeloki HP, terus ngomong, ’Sik tak mbukak iki sik, kèt mau durung sempet ngecèk.’” Terus, ana suami sing jenengé Jonathan sing ngomong nèk pas ngono kuwi ”suami karo istri kétoké lagi lungguh jèjèr tapi rasané adoh banget”.

COBA DIPIKIR: Apa ing HP-ku kerep ana télpon, pesan masuk, utawa notifikasi sing ngganggu wektu aku lagi karo bojoku?​—ÉFÉSUS 5:33.

GAWÉAN

Ana wong-wong sing kudu selalu siap nampa télpon utawa e-mail soal gawéan, bahkan pas wis ora jam kerja. Sing liyané mungkin ora kaya ngono, tapi kadhang tetep ngurusi gawéan padahal wis ing omah. Ana suami sing jenengé Lee sing kandha, ”Kadhang aku wis nyisihké wektu karo bojoku kanggo ngobrol wong loro, tapi nèk ana télpon utawa pesan masuk soal gawéan, gelem ra gelem ya tetep kudu tak bukak.” Terus, ana istri sing jenengé Joy sing kandha, ”Aku kerja saka omah, dadi aku kudu berupaya nggo ngatur wektu bèn ora ngurusi gawéan terus.”

COBA DIPIKIR: Nèk bojoné njenengan lagi ngejak omong, apa njenengan nggatèkké tenanan?​—LUKAS 8:18.

KUDU SETYA

Akèh sing ngomong nèk suami istri isa saling curiga lan akhiré padu gara-gara média sosial. Wong-wong kuwi pas ditakoni ana beberapa sing ngomong nèk postingané ing média sosial sengaja diatur bèn ora isa didelok karo bojoné.

Akèh sing setuju nèk média sosial kuwi isa berbahaya kanggo hubungané suami istri, bahkan gara-gara média sosial wong-wong isa selingkuh. Makané beberapa pengacara perceraian kandha nèk akèh sing pegatan gara-gara média sosial.

COBA DIPIKIR: Apa njenengan meneng-meneng kerep télponan utawa chatting-an karo lawan jenis?​—WULANG BEBASAN 4:23.

SING PERLU DIUPAYAKKÉ

NGUTAMAKKÉ SING LUWIH PENTING

Komunikasi kuwi isa dipadhakké kaya mangan. Mangan kuwi penting bèn awaké tetep séhat. Komunikasi ya penting bèn hubungané suami istri tetep apik.​—Éfésus 5:28, 29.

KANDHANÉ ALKITAB: ”Kowé [kudu] isa mastèkké endi sing luwih penting.”​—FILIPI 1:10.

Bèn hubungané suami istri ora terganggu gara-gara perangkat èlèktronik, njenengan isa ngrembug karo bojoné njenengan saran endi sing péngin dicoba. Njenengan ya isa nambahi dhéwé ing ngisoré.

  • Mangan bareng saben dina, ora kétang sepisan

  • Aja nyekel HP terus, ing wektu-wektu tertentu HP-né disèlèhké

  • Nggawé rencana kanggo berduaan, misalé jalan-jalan utawa mangan bareng

  • Nèk bengi pas mèh turu HP-né dipatèni

  • HP-né dipatèni, paling ora 15 menit saben dina, bèn isa ngobrol wong loro

  • Ing wektu-wektu tertentu Internèté dipatèni

PITAKONAN KANGGO SUAMI ISTRI

Njenengan isa mikirké pitakonan-pitakonan iki, bar kuwi lagi dirembug wong loro.

  • Apa manfaaté tèknologi kanggo hubungané njenengan karo bojoné njenengan?

  • Menurut njenengan, apa perangkat èlèktronik kerep ngganggu wektu njenengan lagi wong loro?

  • Apa ana sing péngin njenengan owahi utawa upayakké?

  • Apa njenengan isih ngurusi gawéan pas wis ing omah? Apa bojoné njenengan ya setuju karo jawabané njenengan?

  • Apa njenengan isa maklum nèk bojoné njenengan lagi ana urusan sing ora isa diganggu, dadi ora isa nggatèkké njenengan?

    KANDHANÉ ALKITAB: ”Saben wong kudu mikirké kepentingané wong liya, dudu kepentingané dhéwé.”​—1 KORINTUS 10:24.

Jason lan Alexandra.

”Aku kerja saka omah. Dadi, nèk wis ora jam kerja aku wis ora ngurusi gawéan manèh, terus notifikasi e-mail ing HP-ku ya tak patèni bèn aku ora terganggu karo urusan gawéan pas ndelok HP.”​—JASON KARO ALEXANDRA, BOJONÉ.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim