PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • jy bab 1 hlm. 10-hlm. 11 par. 8
  • Rong Warta saka Gusti Allah

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Rong Warta saka Gusti Allah
  • Yésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Èlisabèt Nduwé Anak
    Ayo Sinau saka Crita Alkitab
  • Wong sing Nyiapké Dalan Wis Lair
    Yésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
  • Yésus Dihormati Sakdurungé Lair
    Yésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
  • Gabrièl Nemoni Maria
    Ayo Sinau saka Crita Alkitab
Delok Kabèh
Yésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
jy bab 1 hlm. 10-hlm. 11 par. 8
Gabrièl nemoni Zakharia; Élisabèt mbobot

BAB 1

Rong Warta saka Gusti Allah

LUKAS 1:​5-​33

  • MALAÉKAT GABRIÈL NGANDHANI NÈK YOHANES PEMBAPTIS BAKAL LAIR

  • GABRIÈL NGANDHANI MARIA NÈK YÉSUS BAKAL LAIR

Kabèh isiné Alkitab kuwi sakjané warta saka Gusti Allah. Bapak kita ing swarga wis nyedhiakké kuwi kanggo dadi tuntunan kita. Saiki, ayo digatèkké rong warta istiméwa sing wis disampèkké luwih saka 2.000 taun kepungkur liwat malaékat sing jenengé Gabrièl, sing ”ana terus ing ngarsané Gusti Allah”. (Lukas 1:​19) Ayo dirembug ceritané.

Wektu kuwi kira-kira taun 3 SM. Gabrièl nyampèkké wartané sing kapisan ing dhaérah perbukitan Yudéa, mungkin ora adoh saka Yérusalèm. Ing kana, ana imamé Yéhuwah sing jenengé Zakharia. Dhèwèké lan bojoné, yaiku Élisabèt, wis tuwa lan ora nduwé anak. Wektu kuwi gilirané Zakharia kanggo nindakké tugas dadi imam ing bait Yérusalèm. Wektu Zakharia ana ing njero bait, ujug-ujug Gabrièl ana ing cedhak mésbah dupa.

Zakharia langsung kagèt. Nanging malaékat kuwi kandha, ”Aja wedi Zakharia. Panyuwunmu wis dimirengké Gusti Allah, lan Élisabèt bojomu bakal nglairké anak lanang. Kowé kudu njenengi dhèwèké Yohanes.” Gabrièl kandha nèk Yohanes ”bakal dadi wong sing penting” lan bakal nggawé wong-wong ”dadi umat sing siap ngabdi marang Yéhuwah”.​—Lukas 1:​13-​17.

Zakharia nggawé isyarat nganggo tangané

Zakharia ora percaya. Apa sebabé? Merga dhèwèké lan Élisabèt wis tuwa. Mula Gabrièl kandha, ”Kowé ora percaya omonganku . . . Mula, kowé bakal dadi bisu lan ora isa ngomong nganti kabèh iki kelakon.”​—Lukas 1:​20.

Wektu kuwi, wong-wong sing ana ing njaba padha nggumun merga Zakharia suwé banget ing njero bait. Akiré Zakharia metu, nanging ora isa ngomong. Zakharia mung isa nggawé isyarat nganggo tangané. Wong-wong kuwi dadi ngerti nèk Zakharia bar ndelok perkara sing ajaib ing njero bait.

Sakwisé tugasé ing bait rampung, Zakharia banjur mulih. Ora let suwé, Élisabèt mbobot. Lan saksuwéné limang sasi, karo nunggu anaké lair, Élisabèt mung ing omah waé.

Gabrièl nemoni Maria

Banjur, Gabrièl teka manèh kanggo nyampèkké warta sing kapindho, lan warta iki kanggo Maria. Dhèwèké kuwi wong wadon enom sing durung nikah, lan manggon ing kutha Nazarèt, Galiléa, ing sisih loré Yérusalèm. Warta apa sing disampèkké? Malaékat kuwi kandha, ”Gusti Allah tresna marang kowé.” Banjur, Gabrièl kandha, ”Kowé bakal mbobot lan nglairké anak lanang, lan kudu kok jenengi Yésus.” Gabrièl kandha manèh, ”Dhèwèké bakal dadi wong sing penting lan bakal disebut Putrané Sing Mahaluhur. . . . lan dhèwèké bakal mréntah dadi Raja kanggo keturunané Yakub nganti saklawasé, lan Kratoné bakal ana nganti sakterusé.”​—Lukas 1:​30-​33.

Gabrièl mesthi nganggep iki kaurmatan merga isa nyampèkké rong warta kuwi. Saksuwéné kita sinau luwih akèh bab Yohanes lan Yésus, kita bakal saya ngerti ngapa warta saka swarga iki penting banget.

  • Sapa sing nyampèkké warta penting saka swarga?

  • Rong warta kuwi kanggo sapa waé?

  • Nurut panjenengan, apa sebabé warta kuwi angèl dipercaya?

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim