Pengantar Bagian 10
Yéhuwah kuwi mahakuwasa. Dhèwèké mesthi isa ngendhalèkké kabèh keadaan. Contoné, Yéhuwah nylametké Yérémia saka sumur bèn dhèwèké ora mati. Syadrakh, Mésyakh, lan Abèdnégo dislametké wektu wong telu kuwi dilebokké ing ruang pembakaran. Danièl ya dislametké bèn ora dipangan singa. Yéhuwah ya nglindhungi Èster bèn isa nylametké bangsané. Yéhuwah bakal nyingkirké kabèh kejahatan. Ramalan soal patung lan wit gedhé mènèhi jaminan nèk Kerajaané Yéhuwah bakal mréntah bumi lan nyingkirké kabèh kejahatan.