PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • wp17 No. 1 hlm. 4
  • Piyé Carané Mulai?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Piyé Carané Mulai?
  • Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2017
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Carané Bèn Seneng Maca Alkitab
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
  • Carané Bèn Anak-Anak Seneng Maca—Bagéan 1: Pilih Maca utawa Nonton?
    Bantuan kanggo Keluarga
  • Carané Éntuk Manfaat Pas Maca Alkitab
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2023
  • Ngetrapké Omongané Gusti Allah
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2024
Delok Kabèh
Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2017
wp17 No. 1 hlm. 4

BAB UTAMA | CARANÉ ÉNTUK PAÉDAH SAKA MACA ALKITAB

Piyé Carané Mulai?

Wong wédok ndonga dhisik sakdurungé maca Alkitab

Piyé carané bèn panjenengan isa seneng maca Alkitab lan éntuk paédah? Panjenengan isa nyoba limang cara iki.

Nggolèka panggonan sing cocog. Bèn éntuk paédah, panjenengan isa maca ing panggonan sing tenang lan ora akèh gangguan. Luwih pénak manèh nèk macané ing panggonan sing padhang lan hawané seger.

Nduwéa pikiran sing bener. Alkitab kuwi asalé saka Gusti Allah, Bapak kita ing swarga. Bèn éntuk paédah luwih akèh, panjenengan perlu dadi andhap asor kaya bocah cilik sing gelem sinau saka wong tuwané. Bèn isa éntuk piwulang sing bener saka Gusti Allah, panjenengan perlu nyingkirké pikiran sing klèru bab Alkitab.​—Jabur 25:4.

Ndongaa sakdurungé maca. Alkitab kuwi isiné pikirané Gusti Allah, mula awaké dhéwé perlu ndonga njaluk bantuané Gusti Allah bèn isa ngerti isiné. Gusti Allah janji bakal maringi ”Roh Suci marang kang padha nyenyuwun”. (Lukas 11:13) Roh suciné Gusti Allah isa mbantu panjenengan ngerti pikirané Gusti Allah sarta mbukak pikiran panjenengan bèn isa éntuk pangertèn sing jero bab Gusti Allah.​—1 Korinta 2:10.

Macaa merga péngin ngerti tenan. Aja mung péngin maca nganti rampung. Coba dipikir tenanan, ’Sipat apa waé sing diduwèni karo wong-wong sing dicritakké ing Alkitab? Piyé aku isa niru sipat-sipat kuwi?’

Nduwéa tujuan. Wektu maca Alkitab, nduwéa tujuan kanggo sinau bab sing isa ditrapké ing urip panjenengan dhéwé. Contoné, ’Aku péngin sinau luwih akèh bab Gusti Allah.’ ’Aku péngin dadi wong sing luwih apik utawa bojo sing luwih apik.’ Banjur, pilihen bagéan ing Alkitab sing cocog karo tujuan kuwi.a

Limang cara kuwi isa mbantu panjenengan seneng maca Alkitab lan éntuk paédah. Ning, piyé carané bèn luwih nyenengké wektu maca Alkitab? Artikel sakbanjuré bakal ngrembug bab kuwi.

a Seksi-Seksi Yéhuwah seneng mbantu nemokké bagéan Alkitab sing cocog kanggo panjenengan.

Bèn Éntuk Paédah

  • Aja kesusu macané

  • Bayangna critané, kaya-kayané kelakon tenan

  • Golèkana hubungané ayat-ayat sing diwaca

  • Golèkana bab sing isa ditrapké

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim