ARTIKEL PELAJARAN 19
LAGU 6 Langit Nyritakké Kemuliaané Gusti Allah
Niru Para Malaékat sing Setya
”Pujinen Yéhuwah, hé kowé para malaékaté.”—MZM. 103:20.
INTI
Sing isa ditiru saka para malaékat sing setya.
1-2. (a) Apa waé bédané manungsa karo malaékat? (b) Apa waé persamaané manungsa karo malaékat?
MERGA nyembah Yéhuwah, awaké dhéwé dadi keluargané Yéhuwah, sing isiné wong-wong sing setya lan jutaan malaékat sing setya. (Dan. 7:9, 10) Mémang, para malaékat kuwi béda karo manungsa. Misalé, para malaékat wis diciptakké suwé sakdurungé manungsa. (Ayb. 38:4, 7) Meréka ya luwih kuwat, luwih suci, lan luwih bener timbang manungsa sing ora sempurna.—Luk. 9:26.
2 Tapi, manungsa karo para malaékat ya nduwé akèh persamaan. Misalé, isa niru sifat-sifaté Yéhuwah lan nduwé kebébasan kanggo milih. Terus ya nduwé jeneng, sifat-sifat, kepribadian, lan tugas sing béda-béda. Kaya para malaékat, awaké dhéwé ya diciptakké bèn nduwé kepénginan kanggo nyembah Pencipta.—1 Ptr. 1:12.
3. Apa sing isa ditiru saka para malaékat sing setya?
3 Merga nduwé akèh persamaan, para malaékat isa dadi conto sing apik kanggo awaké dhéwé. Ana akèh sing isa ditiru saka meréka. Misalé sifat rendah hatiné, rasa sayangé karo manungsa, kesetiaané, lan upayané kanggo terus mastèkké bèn organisasi tetep resik ing pandhangané Yéhuwah. Kuwi sing bakal dibahas ing artikel iki.
PARA MALAÉKAT RENDAH HATI
4. (a) Apa buktiné para malaékat rendah hati? (b) Menurut Mazmur 89:7, ngapa kok para malaékat rendah hati?
4 Para malaékat sing setya kuwi rendah hati. Meskipun berpengalaman, kuwat, lan wicaksana, meréka gelem manut préntahé Yéhuwah. (Mzm. 103:20) Wektu dikèki tugas Yéhuwah, meréka ora tau nyombongké tugasé, utawa nggawé bèn sing liyané terkesan karo kekuwatané. Dikongkon apa-apa karo Yéhuwah tetep manut, meskipun jenengé ora dikenal.a (PD. 32:24, 29; 2 Raj. 19:35) Meréka ora gelem nampa kemuliaan sing kuduné kanggo Yéhuwah. Ngapa kok para malaékat isa rendah hati kaya ngono? Merga meréka sayang lan bener-bener ngajèni Yéhuwah.—Wacanen Mazmur 89:7.
5. Apa buktiné nèk malaékat sing ngandhani Yohanes kuwi rendah hati? (Deloken gambar.)
5 Ana peristiwa sing mbuktèkké nèk para malaékat rendah hati. Kira-kira taun 96 M, ana malaékat sing ora disebutké jenengé ngekèki wahyu sing luar biasa kanggo Rasul Yohanes. (Why. 1:1) Bar ndelok wahyu kuwi, Yohanes arep sujud ing ngarep sikilé malaékat kuwi. Tapi, malaékat kuwi langsung ngomong, ”Aja. Aku aja mbok sembah. Sembahen Gusti Allah. Aku iki ya mung budhak kaya kowé lan kaya sedulur-sedulurmu.” (Why. 19:10) Saka tanggepané, awaké dhéwé isa ngerti nèk dhèwèké ora gelem dimulyakké. Dhèwèké ngongkon Yohanes nyembah Yéhuwah. Malaékat kuwi ya ora ngrendahké Yohanes. Meskipun wis luwih suwé nglayani Yéhuwah lan luwih kuwat timbang Yohanes, dhèwèké rendah hati lan ngomong nèk dhèwèké ya budhak kaya Yohanes. Terus, meskipun ngerti nèk sing dilakukan Yohanes kuwi ora bener, dhèwèké ora kasar utawa nyenèni Yohanes. Dhèwèké tetep alus ngandhaniné. Malaékat kuwi ngerti nèk Yohanes sujud mungkin merga takjub banget.
Malaékat sing nemoni Yohanes mbuktèkké nèk dhèwèké rendah hati (Deloken paragraf 5)
6. Apa buktiné nèk rendah hati kaya para malaékat?
6 Apa buktiné nèk rendah hati kaya para malaékat? Wektu dikèki tugas, awaké dhéwé mesthi péngin melakukan sing terbaik, tapi ora nyombongké tugas kuwi utawa berupaya bèn wong liya terkesan. (1 Kor. 4:7) Terus, ya aja ngrasa luwih unggul mung merga wis luwih suwé nglayani Yéhuwah, utawa merga éntuk tugas-tugas tertentu. Malah, saya akèh éntuk tugas, kuduné malah saya ngrasa ora penting. (Luk. 9:48) Kaya para malaékat, awaké dhéwé péngin nglayani wong liya. Aja ngupaya dadi sing paling menonjol.
7. Apa buktiné nèk rendah hati wektu kudu ngekèki naséhat?
7 Awaké dhéwé ya kudu rendah hati wektu ngekèki naséhat sedulur seiman utawa anaké awaké dhéwé. Mémang, ngekèki naséhat kuwi kudu tegas. Tapi, kaya malaékat sing apikan wektu ngandhani Yohanes, awaké dhéwé aja nganti nggawé wong sing dinaséhati kuwi dadi cilik ati. Nèk ora nganggep diri sendiri luwih penting, wektu ngekèki naséhat, dhasaré mesthi saka Alkitab lan carané ya apikan lan ora ngrendhahké.—Kol. 4:6.
PARA MALAÉKAT SAYANG KARO MANUNGSA
8. (a) Menurut Lukas 15:10, apa buktiné para malaékat sayang karo manungsa? (b) Piyé malaékat mbantu awaké dhéwé wektu nginjil? (Deloken gambar.)
8 Para malaékat ora tau nganggep manungsa kuwi rendah. Meréka malah perduli lan sayang karo manungsa. Meréka seneng wektu ana sing gelem sinau soal Yéhuwah, ngetrapké isiné Alkitab, lan mulai nyembah Yéhuwah. Meréka ya seneng wektu ana sing bertobat lan gelem nglayani Yéhuwah manèh. (Wacanen Lukas 15:10.) Para malaékat ya seneng mbantu umaté Yéhuwah nginjil. (Why. 14:6) Meskipun sing nginjil tetep manungsa, malaékat isa nuntun bèn ketemu karo wong sing péngin kenal karo Yéhuwah. Mémang, nèk ketemu wong sing berminat, kuwi durung mesthi merga sing ngarahké malaékat. Soalé, sakliyané liwat malaékat, Yéhuwah ya isa nuntun umaté liwat roh suciné. (Kis. 16:6, 7) Tapi, Yéhuwah tetep ngongkon malaékaté mbantu awaké dhéwé wektu nginjil. Dadi, awaké dhéwé isa yakin nèk wektu nginjil, mesthi bakal dikancani karo para malaékat.—Deloken kothak ”Dongané Meréka Dijawab”.b
Bar gerai, pasangan suami istri arep mulih. Ing dalan, sing wédok ndelok mbak-mbak sing lagi susah. Sedulur wédok kuwi kèlingan nèk malaékat isa ngarahké meréka ing wong-wong sing butuh tuntunané Yéhuwah. Makané, sedulur wédok kuwi tergerak kanggo menghibur mbak-mbak kuwi (Deloken paragraf 8)
9. Apa buktiné nèk sayang karo wong liya kaya para malaékat?
9 Apa buktiné nèk sayang karo wong liya kaya para malaékat? Piyé tanggepané njenengan wektu krungu pengumuman nèk ana sing ditampa manèh ing jemaat? Kaya para malaékat, njenengan mesthiné seneng. Sambuten lan buktèkna nèk njenengan sayang karo dhèwèké. (Luk. 15:4-7; 2 Kor. 2:6-8) Sakliyané kuwi, kaya para malaékat, awaké dhéwé ya péngin semangat ing kegiatan nginjil. (Pkh. 11:6) Kaya para malaékat sing ndhukung awaké dhéwé wektu nginjil, awaké dhéwé ya péngin ndhukung sedulur-sedulur. Misalé, kerja sama karo sing lagi waé dadi penginjil, utawa ngancani nginjil sedulur-sedulur lansia lan sing nduwé masalah keséhatan.
10. Apa sing isa dipelajari saka pengalamané Sara?
10 Piyé nèk merga keadaan, saiki ora isa akèh nginjil kaya mbiyèn? Élinga, awaké dhéwé isih isa kerja sama karo para malaékat. Piyé carané? Gatèkna pengalamané Sedulur Sarac ing India. Sara wis merintis selama kira-kira 20 taun. Tapi bar kuwi, dhèwèké lara parah nganti mung isa turonan thok ing kasur. Dhèwèké dadi strès banget. Tapi merga rutin maca Alkitab lan dibantu para sedulur, suwé-suwé Sara dadi semangat manèh. Mémang, Sara kudu nyesuaikké cara nginjilé. Merga ora isa lungguh kanggo nulis surat, nginjilé mung isa liwat télpon. Makané, dhèwèké nélponi kunjungané. Terus, kunjungan-kunjungané kuwi ngandhani Sara sapa waé sing kira-kira isa dijak sinau Alkitab. Hasilé, beberapa bulan bar kuwi wis ana wong 70 sing gelem sinau Alkitab. Sara kewalahan, makané beberapa dipasrahké karo sedulur-sedulur ing jemaat. Ana akèh kunjungané Sara sing saiki wis teka ing pertemuan ibadah. Para malaékat mesthi seneng banget isa kerja sama karo sedulur-sedulur kaya Sara, sing berupaya nggolèk akèh kesempatan bèn isa terus nginjil.
PARA MALAÉKAT SETYA
11. Piyé para malaékat sing setya mbuktèkké kesetiaané?
11 Para malaékat sing setya dadi conto sing apik banget soal kesetiaan. Misalé, selama éwonan taun, meréka mèlu susah merga ndelok Sétan lan para malaékat sing mauné nglayani Yéhuwah bareng meréka saiki padha mbrontak nglawan Yéhuwah. (PD. 3:1; 6:1, 2; Yud. 6) Terus, kaya sing dicritakké ing Danièl 10:13, meréka dhéwé ya ngalami tantangan saka para malaékat sing jahat. Sakliyané kuwi, kèt jamané Adam karo Hawa, mung sithik manungsa sing gelem nyembah Yéhuwah. Tapi meskipun ngalami kuwi kabèh, para malaékat sing setya tetep semangat lan bahagia nglayani Yéhuwah. Meréka ngerti, nèk wis wektuné, Yéhuwah bakal nyingkirké kabèh sing ora bener.
12. Bèn isa tetep setya kudu piyé?
12 Apa buktiné nèk setya kaya para malaékat? Isa waé awaké dhéwé ndelok utawa ngalami dhéwé hal-hal sing jahat utawa ora adil. Tapi awaké dhéwé yakin, mengko nèk wis wektuné, Gusti Allah bakal nyingkirké kabèh sing jahat. Mulané kaya para malaékat sing setya, awaké dhéwé ’ora nyerah nindakké apa sing apik’. (Gal. 6:9) Gusti Allah ya janji bakal nulungi. (1 Kor. 10:13) Awaké dhéwé isa ndonga njaluk roh suci bèn isa tetep sabar lan bahagia. (Gal. 5:22; Kol. 1:11) Nèk ngadhepi tantangan, percayaa karo Yéhuwah lan aja wedi. Yéhuwah bakal ndhukung lan nguwatké njenengan.—Ibr. 13:6.
PARA MALAÉKAT TERUS MASTÈKKÉ BÈN JEMAAT TETEP RESIK
13. Menurut Matius 13:47-49, ing akhir jaman, para malaékat éntuk tugas istiméwa apa?
13 Selama akhir jaman, Yéhuwah wis ngekèki para malaékat tugas sing istiméwa. (Wacanen Matius 13:47-49.) Kegiatan nginjil marakké macem-macem wong dadi tertarik karo kabar apik. Ana sing akhiré gelem nyesuaikké tingkah lakuné lan nglayani Yéhuwah, tapi ya ana sing ora. Nah, para malaékat éntuk tugas kanggo ”misahké wong sing jahat saka wong sing bener” bèn jemaat tetep resik ing pandhangané Yéhuwah. Tapi, kuwi ora berarti nèk wong-wong sing wis ora gabung ing organisasi ora éntuk balik manèh. Kuwi ya ora berarti nèk sing wis ing njero organisasi babar blas ora ana masalah. Sing pasti, awaké dhéwé yakin nèk para malaékat ngupaya tenanan mastèkké bèn jemaat tetep resik ing pandhangané Yéhuwah.
14-15. Apa buktiné nèk niru para malaékat sing berupaya mastèkké bèn jemaat tetep resik ing pandhangané Yéhuwah? (Deloken gambar.)
14 Apa buktiné nèk terus mastèkké bèn jemaat tetep resik ing pandhangané Yéhuwah, kaya para malaékat? Awaké dhéwé kudu berupaya terus akrab karo Yéhuwah. Salah siji carané, kudu milih kanca sing ya sayang Yéhuwah lan ora nglakoni sing marahi Yéhuwah sedhih. (Mzm. 101:3) Terus, ya kudu mbantu sedulur-sedulur seiman bèn tetep setya karo Yéhuwah. Misalé nèk ngerti ana sing nggawé dosa gedhé, merga sayang karo dhèwèké, awaké dhéwé péngin ngandhani sedulur kuwi bèn dhèwèké ngomong karo para pinituwa. Nèk dhèwèké ora gelem, awaké dhéwé sing kudu ngandhani para pinituwa. Awaké dhéwé péngin bèn sedulur kuwi ndang éntuk bantuan.—Yak. 5:14, 15.
15 Sayangé, ana sing akhiré ditokké saka jemaat merga nggawé dosa gedhé. Nèk wis kaya ngono, awaké dhéwé kudu ”mandheg bergaul” karo wong-wong kuwi.d (1 Kor. 5:9-13) Pengaturan kuwi marakké jemaat tetep resik. Kuwi sakjané ya bukti nèk awaké dhéwé apikan karo meréka. Soalé, kuwi isa marakké meréka suwé-suwé dadi sadhar nèk kudu bali ing Yéhuwah. Nèk meréka bali manèh nglayani Yéhuwah, awaké dhéwé mèlu seneng bareng karo Yéhuwah lan para malaékaté.—Luk. 15:7.
Nèk ngerti ana sedulur seiman sing nggawé dosa gedhé, njenengan kudu piyé? (Deloken paragraf 14)e
16. Apa sing péngin njenengan tiru saka para malaékat?
16 Isa belajar lan kerja sama karo para malaékat kuwi bener-bener kehormatan sing luar biasa. Makané, ayo niru sifat rendah hatiné, rasa sayangé karo manungsa, kesetiaané, lan piyé meréka berupaya mastèkké bèn jemaat tetep resik. Nèk niru para malaékat sing setya, awaké dhéwé ya isa dadi anggota keluargané Yéhuwah nganti saklawasé.
LAGU 123 Manut Arahané Yéhuwah
a Para malaékat jumlahé ana atusan yuta. Tapi, sing jenengé ditulis ing Alkitab mung Mikhaèl lan Gabrièl.—Dan. 12:1; Luk. 1:19.
b Nèk péngin ngerti pengalaman liyané, deloken Laporan Pengurus Pusat 2021 (Bagéan 1) ing jw.org.
c Ana jeneng-jeneng ing artikel iki sing dudu jeneng asliné.
d Menurut Laporan Pengurus Pusat 2024 (Bagéan 2), nèk ana wong sing ditokké saka jemaat teka ing pertemuan ibadah, para sedulur isa nyapa utawa nyalami dhèwèké, bergantung karo hati nuraniné masing-masing.
e PENJELASAN GAMBAR: Sedulur wédok ngongkon kancané bèn ngomong karo para pinituwa. Tapi bar dikèki wektu, kancané kuwi ora ngomong, akhiré sedulur wédok kuwi sing ngandhani pinituwa.