ARTIKEL PELAJARAN 24
LAGU 98 Yéhuwah Mulang Liwat Kitab Suci
Sing Isa Dipelajari saka Ramalané Yakub Sakdurungé Mati—Bagian 1
”Ayo padha ngumpul mréné bèn aku isa ngandhani kowé apa sing bakal mbok alami mbésuk.”—PD. 49:1.
INTI
Sing isa dipelajari saka kata-kata terakhiré Yakub kanggo Rubèn, Siméon, Lèwi, lan Yéhuda.
1-2. Sakdurungé mati, apa sing dilakukan Yakub, lan ngapa? (Deloken gambar.)
WEKTU kuwi, Yakub sak keluarga wis 17 taun manggon ing Mesir. (PD. 47:28) Yakub seneng banget merga isa ketemu manèh karo Yusuf. Yakub akhiré isa ngumpul manèh bareng karo kabèh anaké. Tapi saiki, Yakub ngrasa nèk dhèwèké sedhéla manèh arep mati. Makané, dhèwèké ngundang anak-anaké lanang merga ana hal penting sing péngin disampèkké.—PD. 49:28.
2 Pas jaman kuwi, wis umum nèk sakdurungé mati, kepala keluarga ngumpulké kabèh anggota keluargané kanggo ngandhan-andhani meréka. (Yés. 38:1) Mungkin, dhèwèké ya bakal ngandhani sapa sing bakal dadi kepala keluarga berikuté.
Pas arep mati, Yakub ngekèki ramalan soal 12 anaké lanang (Deloken paragraf 1-2)
3. Menurut Purwaning Dumadi 49:1, 2, ngapa kok kata-kata terakhiré Yakub kuwi istiméwa?
3 Tapi, peristiwa sing ditulis ing Purwaning Dumadi 49:1, 2 (Wacanen.) iki peristiwa sing istiméwa. Ora kaya pertemuan keluarga umumé, Yakub ngomong sebagai nabi. Wektu Yakub ngomong karo anak-anaké lanang, Yéhuwah nuntun Yakub bèn ngramalké apa sing bakal dialami keturunané.
4. Apa sing bakal dibahas ing artikel iki? (Deloken kothak ”Keluargané Yakub”.)
4 Ing artikel iki bakal dibahas omongané Yakub kanggo Rubèn, Siméon, Lèwi, lan Yéhuda. Terus, ing artikel berikuté bakal dibahas omongané Yakub kanggo wolu anak liyané. Sing diramalké Yakub kuwi ora mung soal anak-anaké, tapi ya soal keturunané meréka, sing mengkoné bakal dadi bangsa Israèl. Terus ya bakal dibahas peristiwa-peristiwa sing dialami bangsa Israèl sing mbuktèkké nèk omongané Yakub kelakon tenan. Nèk mempelajari omongané Yakub kuwi, awaké dhéwé bakal ngerti carané nggawé Yéhuwah seneng.
RUBÈN
5. Merga dadi anak pertama, apa sing mungkin dibayangké Rubèn?
5 Wektu ngomong karo Rubèn, Yakub nyebut, ”Rubèn, anakku sing pertama.” (PD. 49:3) Merga dadi anak pertama, Rubèn mungkin mbayangké bakal nampa warisan ping loro luwih akèh timbang adhi-adhiné. Dhèwèké ya mungkin mbayangké bakal dadi kepala keluarga nggantèni bapaké, lan mengkoné keturunané sing selalu dadi pemimpin keluarga besaré.
6. Ngapa kok Rubèn ora sida nampa haké dadi anak pertama? (Purwaning Dumadi 49:3, 4)
6 Kenyataané, Rubèn ora sida nampa haké dadi anak pertama. (1 Bb. 5:1) Lha ngapa? Soalé, beberapa waktu sakwisé Rakhèl mati, Rubèn melakukan hubungan sèks karo Bilha, padahal Bilha kuwi pembantuné Rakhèl sing wis dikèkké dadi bojoné Yakub. (PD. 35:19, 22) Kemungkinan, Rubèn melakukan kuwi bèn bapaké benci karo Bilha lan dadi luwih sayang karo ibuné, yaiku Léa. Utawa, mungkin Rubèn mémang seneng karo Bilha lan ora ngendhalèni nafsuné. Embuh apa alesané, perbuatané Rubèn kuwi marakké Yéhuwah lan Yakub ora seneng.—Wacanen Purwaning Dumadi 49:3, 4.
7. Piyé ramalané Yakub soal Rubèn lan keturunané kelakon? (Deloken kothak ”Ramalané Yakub Sakdurungé Mati”.)
7 Merga dadi anak pertama, Rubèn kuduné dadi ”sing paling kuwat lan paling dihormati”. Tapi, Yakub ngomong, ”Kowé bakal kélangan kuwi kabèh”. Mémang, Rubèn tetep diakoni dadi anaké Yakub, lan keturunané Rubèn ya akhiré dadi salah siji suku ing Israèl. (Yos. 12:6) Tapi, ora ana keturunané Rubèn sing dadi raja, imam, utawa nabi. Terus, ing beberapa peristiwa, Rubèn nduduhké nèk nduwé sifat-sifat sing apik, lan kétoké ya ora mbalèni manèh kesalahané mau.—PD. 37:20-22; 42:37.
8. Apa waé sing isa dipelajari saka Rubèn?
8 Pelajarané. Kudu nduwé pengendalian diri lan bertékad aja nganti melakukan hubungan sèks sing ora pantes. Nèk ana godhaan kanggo nggawé dosa, kudu mikirké akibaté. Kuwi isa marakké Yéhuwah, keluarga, lan wong liya dadi lara ati. Terus ya élinga nèk ”sing disebar wong, ya kuwi sing bakal dipanèn”. (Gal. 6:7) Sakliyané kuwi, ana pelajaran liyané. Mungkin awaké dhéwé wis terlanjur nggawé kesalahan lan ngrasakké akibaté. Tapi, Yéhuwah kuwi gampang mesakké. Dadi nèk gelem bertobat lan berupaya melakukan sing bener, Yéhuwah bakal ngampuni lan mberkahi.
SIMÉON LAN LÈWI
9. Apa sing marakké Yakub kecéwa karo Siméon lan Lèwi? (Purwaning Dumadi 49:5-7)
9 Bar kuwi, Yakub ngomong karo Siméon lan Lèwi. (Wacanen Purwaning Dumadi 49:5-7.) Saka kata-katané, kétok banget nèk Yakub kecéwa karo meréka. Lha ngapa? Mbiyèn, anaké Yakub sing jenengé Dina diperkosa karo wong Kanaan sing jenengé Syikhèm. Ya mémang wajar nèk anak-anaké lanang Yakub dadi nesu lan ora trima. Tapi, Siméon karo Lèwi ora ngendhalèni émosiné. Bar kuwi, anak-anaké Yakub nggawé siasat. Meréka ngomong nèk gelem damai asalkan Syikhèm lan wong-wong lanang ing kuthané gelem disunat. Pas wong-wong kuwi isih padha kelaran merga bar disunat, Siméon karo Lèwi ”njupuk pedhang lan meneng-meneng mlebu ing kutha kuwi, terus matèni kabèh wong lanang”.—PD. 34:25-29.
10. Piyé ramalané Yakub soal Siméon lan Lèwi kelakon? (Deloken kothak ”Ramalané Yakub Sakdurungé Mati”.)
10 Yakub dadi nesu banget merga Siméon karo Lèwi wis matèni akèh banget wong. Makané, dhèwèké ngramalké nèk meréka lan keturunané bakal tersebar ing kabèh wilayah Israèl. Ramalan kuwi kelakon tenan 200 taun bar kuwi. Bar bangsa Israèl mlebu Tanah Perjanjian, suku Siméon ora nampa tanah warisan dhéwé. Meréka éntuké beberapa kutha ing wilayahé suku Yéhuda. (Yos. 19:1) Nèk suku Lèwi éntuké 48 kutha sing kesebar ing kabèh dhaérah Israèl.—Yos. 21:41.
11. Hal-hal apik apa sing wis dilakukan suku Siméon lan Lèwi?
11 Nah untungé, keturunané Siméon lan Lèwi ora kaya nènèk moyangé. Suku Lèwi terus setya karo Yéhuwah. Pas ing Gunung Sinai, wektu Musa dikèki Yéhuwah hukum Taurat, akèh wong Israèl nyembah patung anak sapi. Tapi, wong Lèwi ora gelem mèlu-mèlu. Malah bar kuwi, meréka sing mbantu Musa nyingkirké wong-wong sing nyembah patung kuwi. (Pa. 32:26-29) Sing dipilih Yéhuwah kanggo dadi imamé bangsa Israèl ya wong-wong lanang saka suku Lèwi. (Pa. 40:12-15; Wi. 3:11, 12) Suku Siméon ya nggawé Yéhuwah seneng. Wektu arep ngrebut Tanah Perjanjian, meréka ngéwangi suku Yéhuda kanggo ngalahké wong Kanaan.—PH. 1:3, 17.
12. Apa waé sing isa dipelajari saka Siméon lan Lèwi?
12 Pelajarané. Wektu njenengan utawa wong sing njenengan sayangi diperlakukan ora adil, mémang wajar nèk dadi nesu. Tapi, aja nganti nggawé keputusan utawa bertindak pas isih nesu. (Mzm. 4:4) Élinga, nèk awaké dhéwé dadi péngin mbales nglarani kuwi isa marakké Yéhuwah ora seneng. (Yak. 1:20) Dadi wektu diperlakukan ora adil, embuh karo sedulur seiman utawa dudu, kudu terus mikirké apa sing nggawé Yéhuwah seneng. Kuwi isa marakké omongan lan perbuatané awaké dhéwé ora nglarani wong liya. (Rm. 12:17, 19; 1 Ptr. 3:9) Terus pelajaran liyané, nèk wong tuwané njenengan ora dadi conto sing apik, ya aja mèlu-mèlu. Terusa melakukan apa sing nggawé Yéhuwah seneng. Aja mikir nèk njenengan ora isa melakukan sing bener. Yéhuwah bakal mbantu lan mberkahi njenengan.
YÉHUDA
13. Pas arep dikandhani bapaké, apa waé sing mungkin marakké Yéhuda kuwatir?
13 Saiki, gilirané Yakub ngandhani Yéhuda. Bar krungu mas-masé dikandhani kaya ngono, isa waé Yéhuda dadi kuwatir. Mungkin dhèwèké dadi éling manèh karo kesalahan-kesalahané. Misalé, Yéhuda mèlu njarah kutha Syikhèm. (PD. 34:27) Terus, dhèwèké ya mèlu ngedol Yusuf dadi budhak lan ngapusi bapaké. (PD. 37:31-33) Sakliyané kuwi, Yéhuda ya nglakoni hubungan sèks karo mantuné sing jenengé Tamar merga ngira nèk Tamar kuwi pelacur.—PD. 38:15-18.
14. Apa waé apiké Yéhuda? (Purwaning Dumadi 49:8, 9)
14 Ternyata, roh suci nuntun Yakub kanggo mberkahi lan muji Yéhuda. (Wacanen Purwaning Dumadi 49:8, 9.) Apa alesané? Yéhuda bener-bener mikirké perasaané bapaké sing wis tuwa. Dhèwèké ya terbukti sayang banget karo adhiné sing paling cilik, yaiku Bènyamin.—PD. 44:18, 30-34.
15. Ramalané Yakub soal berkah-berkah sing bakal ditampa Yéhuda kuwi kelakoné piyé?
15 Menurut ramalané Yakub, Yéhuda sing bakal mimpin sedulur-seduluré. Ramalan kuwi kelakoné kira-kira 200 taun bar kuwi. Sakwisé bangsa Israèl metu saka Mesir arep ing Tanah Perjanjian, selama ing padhang belantara, barisan sing paling ngarep kuwi suku Yéhuda. (Wi. 10:14) Puluhan taun bar kuwi, Yéhuwah ngongkon suku Yéhuda maju dhisik nglawan wong Kanaan bèn isa nguwasani Tanah Perjanjian. (PH. 1:1, 2) Sakliyané kuwi, ana akèh raja Israèl sing asalé saka suku Yéhuda. Sing pertama kuwi Daud. Apa manèh ramalané Yakub soal Yéhuda sing ya kelakon?
16. Piyé ramalan ing Purwaning Dumadi 49:10 kelakon? (Deloken kothak ”Ramalané Yakub Sakdurungé Mati”.)
16 Yakub ngramalké nèk sing bakal mimpin kabèh manungsa nganti saklawasé kuwi asalé saka keturunané Yéhuda. (Wacanen Purwaning Dumadi 49:10 lan cathetan ngisor.) Sing dimaksud kuwi Yésus Kristus, sing disebut Yakub ”Syilo”. Soal Yésus, ana malaékat sing ngomong, ”Gusti Allah Yéhuwah bakal nggawé dhèwèké dadi raja kaya Daud nènèk moyangé.” (Luk. 1:32, 33) Yésus ya disebut ”Singa saka suku Yéhuda”.—Why. 5:5.
17. Nèk niru Yéhuwah, piyé pandhangané awaké dhéwé karo para sedulur?
17 Pelajarané. Wektu kuwi, isa waé sedulur-seduluré Yéhuda bingung ngapa kok Yéhuwah mberkahi Yéhuda padahal Yéhuda wis tau melakukan beberapa kesalahan gedhé. Mémang, awaké dhéwé ora ngerti meréka mikir kaya ngono apa ora. Tapi sing awaké dhéwé ngerti, Yéhuwah ndelok apiké Yéhuda lan mberkahi dhèwèké. Padha kaya ngono, nèk saiki ana sedulur seiman sing éntuk tugas tambahan padahal awaké dhéwé ngerti dhèwèké nduwé kelemahan, isa waé awaké dhéwé dadi ora trima. Tapi élinga, nèk Yéhuwah selalu nggolèki hal-hal sing apik saka umaté. Awaké dhéwé ya kudu kaya ngono.
18. Piyé carané niru keturunané Yéhuda?
18 Saka Yéhuda, awaké dhéwé ya diajari nèk kudu sabar. Mémang, Yéhuwah selalu nepati janjiné, tapi carané piyé lan kapan kuwi, awaké dhéwé ora ngerti. Nah, mau kan Yéhuda mémang dijanjèni nèk mengko sing mimpin umaté Gusti Allah kuwi asalé saka keturunané. Tapi selama bertaun-taun, sing mimpin umaté Gusti Allah ternyata dudu saka keturunané. Misalé, Musa kuwi suku Lèwi, Yosua suku Éfraim, terus Raja Saul suku Bènyamin. Tapi, keturunané Yéhuda selalu ndhukung wong-wong sing dipilih Yéhuwah. Nah, awaké dhéwé ya kudu manut karo sapa waé sing dipilih Yéhuwah kanggo mimpin umaté saiki.—Ibr. 6:12.
19. Ing artikel iki, apa waé sing isa awaké dhéwé pelajari soal ramalané Yakub sakdurungé mati?
19 Ing artikel iki, apa waé sing wis dibahas? Jelas banget nèk ”carané Gusti Allah ndelok ora kaya manungsa”. (1 Sam. 16:7, cathetan ngisor) Yéhuwah bener-bener sabar lan seneng ngampuni. Mémang, Dhèwèké ora seneng nèk umaté nggawé dosa, tapi Yéhuwah ya ora tau nuntut kesempurnaan saka umaté. Bahkan nèk misalé umaté tau nggawé dosa gedhé, asalkan meréka bener-bener bertobat lan berupaya melakukan sing bener, Yéhuwah bakal mberkahi. Ing artikel berikuté bakal dibahas ramalané Yakub soal wolu anak liyané.
LAGU 124 Tetep Setya