-
Pangandharing Torèt 12:31Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
31 Aja nyembah Yéhuwah Gusti Allahmu kaya carané wong-wong kuwi nyembah allahé, merga Yéhuwah Gusti Allahmu jijik karo tumindak sing kaya ngono, malah wong-wong kuwi ngobong anak-anaké lanang lan wédok kanggo korban marang allah-allahé.+
-
-
2 Para Raja 16:1Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
16 Ing taun ke-17 pamréntahané Pékah anaké Rémalia, Ahaz+ anaké Yotam raja Yéhuda dadi raja.
-
-
2 Para Raja 17:17, 18Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
17 Wong-wong kuwi ya mènèhké anak-anaké lanang lan anak-anaké wédok kanggo diobong dadi korban.+ Wong-wong kuwi ngramal+ lan nggolèk tandha. Wong-wong kuwi ya terus nindakké apa sing jahat nurut pandhangané Yéhuwah nganti nglarani atiné.
18 Mula, Yéhuwah dadi nesu banget karo wong Israèl lan nyingkirké wong-wong kuwi saka ngarepé.+ Sing dijarké tetep ana kuwi mung suku Yéhuda.
-
-
Yérémia 7:30, 31Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
30 Wong Yéhuda wis nindakké apa sing èlèk nurut pandhangan-Ku,’ kandhané Yéhuwah. ’Wong-wong kuwi wis ndèlèhké brahalané sing njijiki ing omah sing disebut nganggo jeneng-Ku kanggo nggawé najis omah kuwi.+ 31 Wong-wong kuwi mbangun panggonan-panggonan dhuwur* ing Tofèt, ing Lembah Putra Hinom,*+ bèn isa ngobong anak-anaké lanang lan wédok.+ Aku ora tau mréntahké kuwi lan malah ora tau mikir kaya ngono kuwi.’*+
-