PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Yérémia 47:1
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 47 Iki sing diomongké Yéhuwah marang Nabi Yérémia soal wong Filistin+ sakdurungé Firaun ngalahké Gaza,

  • Yèhèzkièl 25:16
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 16 Kuwi sebabé iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ”Aku bakal nggunakké kekuwatan-Ku kanggo nglawan wong Filistin,+ lan Aku bakal matèni wong Khèrèti+ lan nyingkirké penduduk dhaérah pinggir laut sing isih urip.+

  • Yoèl 3:4
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    •  4 Tirus, Sidon, lan kabèh wilayah Filistia,

      Kok wani-waniné kowé karo Aku.

      Apa kowé arep balas dendam?

      Nèk pancèn kaya ngono,

      Aku bakal langsung mbales kowé* kaya sing mbok tindakké.+

  • Amos 1:6-8
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    •  6 Iki sing diomongké Yéhuwah,

      ’”Merga Gaza+ wis bola-bali* mbrontak, Aku ora bakal ngubah keputusan-Ku. Wong-wong kuwi wis nyerahké kabèh tawanané+ marang Édom.

       7 Mula, Aku bakal nggawé geni ngobong témbok Gaza,+

      Lan kuwi bakal ngobong kabèh menara sing ana bèntèngé nganti entèk.

       8 Aku bakal nyingkirké penduduk Asdod,+

      Lan sing mréntah Askélon.+

      Aku bakal ngangkat tangan-Ku nglawan Ékron,+

      Lan wong Filistin sing isih urip bakal musnah,”+ kandhané Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah.’

  • Zéfanya 2:4
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    •  4 Gaza bakal dadi kutha sing telantar.

      Askélon bakal ora ana sing ngenggoni.+

      Penduduk Asdod bakal diusir pas awan,

      Lan Ékron bakal disingkirké.+

  • Zakharia 9:5
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    •  5 Askélon bakal ndelok kuwi lan dadi wedi.

      Gaza bakal ngrasa susah banget.

      Ékron ya bakal kaya ngono merga harapané wis ora ana manèh.

      Raja ing Gaza bakal dipatèni,

      Lan Askélon ora bakal dienggoni.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim