PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Yésaya 2:2, 3
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    •  2 Ing dina-dina terakhir,

      Gunung panggonané omahé Yéhuwah

      Bakal tetep kuwat lan luwih dhuwur timbang gunung liyané.+

      Kuwi ya bakal luwih dhuwur timbang bukit-bukit.

      Kabèh bangsa bakal bareng-bareng lunga mrono.+

       3 Wong-wong saka bangsa liya bakal lunga mrono lan kandha,

      ”Ayo munggah ing gunungé Yéhuwah,

      Ing omahé Gusti Allahé Yakub.+

      Dhèwèké bakal ngajari awaké dhéwé soal dalané,

      Lan awaké dhéwé bakal mlaku ing dalané.”+

      Hukum* bakal metu saka Zion,

      Lan omongané Yéhuwah bakal metu saka Yérusalèm.+

  • Yésaya 56:6, 7
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    •  6 Wong asing sing ngibadah lan ngabdi marang Yéhuwah,

      Sing sayang karo Yéhuwah lan jenengé,+

      Sing gelem dadi abdi-Ku,

      Sing ngrayakké Sabat lan ora nglanggar hukum soal dina Sabat,

      Sing manut karo perjanjian-Ku,

       7 Bakal Tak gawa ing gunung-Ku sing suci+

      Lan Tak gawé seneng ing omah-Ku sing dienggo ndonga.

      Kabèh persembahan bakaran lan korban sing diwènèhké wong kuwi bakal Tak tampa ing mézbah-Ku,

      Merga omah-Ku bakal disebut omah sing dienggo ndonga wong-wong saka kabèh bangsa.”+

  • Yésaya 60:3
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    •  3 Bangsa-bangsa bakal marani cahayamu.+

      Raja-raja+ bakal nekani cahayamu*+ sing padhang banget.

  • Mikha 4:1, 2
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 4 Ing dina-dina terakhir,

      Gunung panggonan omahé Yéhuwah+

      Bakal ngadeg jejeg ngluwihi puncak gunung-gunung

      Lan bakal dadi luwih dhuwur timbang bukit-bukit.

      Wong-wong bakal padha bareng-bareng mrana.+

       2 Akèh bangsa bakal mara lan kandha,

      ”Ayo awaké dhéwé munggah menyang gunungé Yéhuwah,

      Menyang omahé Gusti Allahé Yakub.+

      Dhèwèké bakal mulang awaké dhéwé soal dalané,

      Lan awaké dhéwé bakal mlaku ing dalané.”

      Sebab saka Zion bakal ana hukum,*

      Lan saka Yérusalèm bakal ana omongané Yéhuwah.

  • Zakharia 2:11
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 11 ”Ing dina kuwi, akèh bangsa bakal nglayani Aku, Yéhuwah.+ Bangsa-bangsa kuwi bakal dadi umat-Ku, lan Aku bakal manggon bareng karo kowé.” Kowé ya bakal ngerti nèk sing ngutus aku marang kowé yaiku Yéhuwah pemimpiné pasukan.

  • Zakharia 8:22, 23
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 22 Akèh wong lan bangsa sing kuwat bakal teka ing Yérusalèm+ arep nglayani Aku, Yéhuwah, pemimpiné pasukan, lan arep njaluk marang Aku, Yéhuwah, bèn dimesakké.’

      23 ”Aku, Yéhuwah, pemimpiné pasukan kandha, ’Wektu kuwi, wong lanang sepuluh saka kabèh bangsa+ lan basa mesthi bakal nyekel kenceng jubahé wong Yahudi siji.* Wong-wong kuwi bakal kandha, ”Aku bakal mèlu karo kowé,+ merga aku krungu nèk Gusti Allah ndhukung kowé.”’”+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim