-
Pangentasan 12:16Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
16 Ing dina pertama lan kepitu, kowé kudu ngumpul kanggo ngibadah marang Gusti Allah. Ing dina-dina kuwi, kowé ora éntuk kerja.+ Kowé mung éntuk nyiapké panganan sak cukupé, sesuai karo sing mbok butuhké.
-
-
Pangandharing Torèt 23:25Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
25 ”Nèk kowé mlebu ing ladhang biji-bijiané wong liya, kowé éntuk methik biji-bijian sing wis mateng, ning gagangé wit biji-bijian kuwi aja mbok kethok.+
-
-
Markus 2:23-28Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
23 Wektu Yésus mlaku ngliwati ladhang gandum pas dina Sabat, murid-muridé methik gandum karo mlaku.+ 24 Mula, wong Farisi ngomong karo Yésus, ”Deloken kuwi. Ngapa kok murid-muridmu methik gandum pas dina Sabat? Kuwi kan nglanggar hukum.” 25 Ning Yésus njawab, ”Apa kowé durung tau maca kisah sing nyritakké wektu Daud lan anak buahé lagi ngelih,* ning ora nduwé panganan?+ 26 Ing kisah soal Imam Kepala Abiatar,+ Daud mlebu ing omahé Gusti Allah, mangan roti persembahan, lan mènèhké kuwi marang anak buahé, padahal kuwi ora éntuk dipangan sapa waé kecuali para imam.+ Apa kowé durung tau maca kisah kuwi?” 27 Yésus ngomong manèh, ”Manungsa digawé dudu kanggo nindakké Sabat,+ tapi Sabat digawé bèn manungsa éntuk manfaat. 28 Anaké manungsa kuwi nduwé wewenang, malah termasuk wewenang marang* dina Sabat.”+
-
-
Lukas 6:1-5Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
6 Wektu kuwi, pas dina Sabat, Yésus mlaku ngliwati ladhang gandum. Murid-muridé methik gandum,+ terus digosok-gosok nganggo tangané lan dipangan.+ 2 Wektu ngerti kuwi, ana wong-wong Farisi sing kandha, ”Ngapa kok kowé methik gandum pas dina Sabat?+ Kuwi kan nglanggar hukum.” 3 Ning Yésus njawab, ”Apa kowé durung tau maca kisahé Daud wektu dhèwèké lan anak buahé lagi ngelih?*+ 4 Daud mlebu ing omahé Gusti Allah lan diwènèhi roti persembahan. Terus, roti kuwi dipangan lan diwènèhké marang anak buahé, padahal kuduné sing éntuk mangan roti kuwi mung para imam.”+ 5 Yésus ngomong manèh, ”Anaké manungsa kuwi nduwé wewenang marang* dina Sabat.”+
-