PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Matius 12:1-8
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 12 Wektu kuwi, Yésus mlaku ngliwati ladhang gandum pas dina Sabat. Merga ngelih,* murid-muridé methik gandum, terus dipangan.+ 2 Wektu ngerti kuwi, wong Farisi ngomong karo Yésus, ”Deloken kuwi, murid-muridmu methik gandum pas dina Sabat.+ Kuwi kan nglanggar hukum.” 3 Yésus njawab, ”Apa kowé durung tau maca kisahé Daud wektu dhèwèké lan anak buahé lagi ngelih?*+ 4 Daud mlebu ing omahé Gusti Allah, terus dhèwèké lan anak buahé mangan roti persembahan,+ padahal kuduné sing éntuk mangan roti kuwi mung para imam.+ 5 Utawa, apa kowé durung tau maca ing Taurat nèk para imam tetep kerja ing bait pas dina Sabat tapi ora dianggep salah?+ 6 Kowé tak kandhani, ing kéné ana wong sing luwih penting timbang bait.+ 7 Kitab Suci tau kandha, ’Aku luwih seneng nèk kowé nduwé rasa mesakké+ karo wong liya timbang kowé mènèhi Aku korban.’+ Nèk ngerti artiné kata-kata iki, kowé mesthi ora bakal nyalahké wong-wong sing ora salah. 8 Anaké manungsa kuwi nduwé wewenang marang* dina Sabat.”+

  • Markus 2:23-28
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 23 Wektu Yésus mlaku ngliwati ladhang gandum pas dina Sabat, murid-muridé methik gandum karo mlaku.+ 24 Mula, wong Farisi ngomong karo Yésus, ”Deloken kuwi. Ngapa kok murid-muridmu methik gandum pas dina Sabat? Kuwi kan nglanggar hukum.” 25 Ning Yésus njawab, ”Apa kowé durung tau maca kisah sing nyritakké wektu Daud lan anak buahé lagi ngelih,* ning ora nduwé panganan?+ 26 Ing kisah soal Imam Kepala Abiatar,+ Daud mlebu ing omahé Gusti Allah, mangan roti persembahan, lan mènèhké kuwi marang anak buahé, padahal kuwi ora éntuk dipangan sapa waé kecuali para imam.+ Apa kowé durung tau maca kisah kuwi?” 27 Yésus ngomong manèh, ”Manungsa digawé dudu kanggo nindakké Sabat,+ tapi Sabat digawé bèn manungsa éntuk manfaat. 28 Anaké manungsa kuwi nduwé wewenang, malah termasuk wewenang marang* dina Sabat.”+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim