PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Kaimaman 26
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

Intiné Buku Kaimaman

      • Aja nyembah brahala (1, 2)

      • Berkahé nèk manut (3-13)

      • Hukuman nèk ora manut (14-46)

Kaimaman 26:1

Cathetan Ngisor

  • *

    Deloken Daftar Istilah.

Réferènsi Silang

  • +Pa 20:4; Km 19:4; Kis 17:29; 1Kor 8:4
  • +PT 5:8
  • +Wi 33:52
  • +Dan 3:18; 1Kor 10:14

Kaimaman 26:2

Cathetan Ngisor

  • *

    Lit.: ”wedi marang”.

Kaimaman 26:3

Réferènsi Silang

  • +PT 11:13-15; Pkh 12:13

Kaimaman 26:4

Réferènsi Silang

  • +PT 28:12; Yés 30:23; Yèh 34:26; Yl 2:23
  • +Mzm 67:6; 85:12

Kaimaman 26:5

Cathetan Ngisor

  • *

    Deloken Daftar Istilah.

Réferènsi Silang

  • +Km 25:18

Kaimaman 26:6

Réferènsi Silang

  • +1Bb 22:9; Mzm 29:11; Hag 2:9
  • +Mi 4:4

Kaimaman 26:7

Cathetan Ngisor

  • *

    Utawa ”nguber”.

Kaimaman 26:8

Cathetan Ngisor

  • *

    Utawa ”nguber”.

Réferènsi Silang

  • +PT 28:7; Yos 23:10; PH 7:15, 16; 15:15, 16; 1Bb 11:20

Kaimaman 26:9

Réferènsi Silang

  • +PT 28:4
  • +Pa 6:4

Kaimaman 26:11

Réferènsi Silang

  • +Pa 25:8; Yèh 37:26; Why 21:3

Kaimaman 26:12

Réferènsi Silang

  • +PT 23:14
  • +Pa 6:7; 2Kor 6:16

Kaimaman 26:13

Cathetan Ngisor

  • *

    Lit.: ”Aku wis nugel kayu sing dipasang ing gulumu”.

Kaimaman 26:14

Réferènsi Silang

  • +PT 28:15

Kaimaman 26:15

Réferènsi Silang

  • +2Raj 17:15
  • +Pa 24:7; PT 31:16; Ibr 8:9

Kaimaman 26:16

Réferènsi Silang

  • +PT 28:22, 33; PH 6:3

Kaimaman 26:17

Cathetan Ngisor

  • *

    Utawa ”nguber”.

Réferènsi Silang

  • +PT 28:15, 25; PH 2:14; 1Sam 4:10
  • +Mzm 106:41; KP 1:5
  • +Km 26:36

Kaimaman 26:19

Cathetan Ngisor

  • *

    Maksudé, ora bakal ana udan saka langit.

  • *

    Maksudé, tanah bakal gersang merga ora ana udan.

Réferènsi Silang

  • +PT 11:17; 1Raj 17:1

Kaimaman 26:20

Réferènsi Silang

  • +Yér 12:13; Hag 1:6, 10

Kaimaman 26:22

Réferènsi Silang

  • +PT 32:24; Yér 15:3
  • +Yèh 5:17
  • +PH 5:6; Yés 33:8; Za 7:14

Kaimaman 26:23

Réferènsi Silang

  • +Yés 1:16; Yér 2:30; 5:3

Kaimaman 26:25

Réferènsi Silang

  • +Pa 24:7
  • +PT 28:21; Yér 24:10; Am 4:10
  • +PH 2:14; 1Sam 4:10

Kaimaman 26:26

Cathetan Ngisor

  • *

    Lit.: ”tongkat”. Mungkin tongkat kanggo nggantung roti sing bentuké kaya gelang.

  • *

    Utawa ”pangananmu”.

Réferènsi Silang

  • +Yèh 5:16
  • +Yèh 4:16
  • +Yés 9:20; Mi 6:14; Hag 1:6

Kaimaman 26:28

Réferènsi Silang

  • +Yér 21:5

Kaimaman 26:29

Réferènsi Silang

  • +PT 28:53; 2Raj 6:29; Yér 19:9; KP 4:10; Yèh 5:10

Kaimaman 26:30

Cathetan Ngisor

  • *

    Deloken Daftar Istilah.

Réferènsi Silang

  • +2Bb 34:3; Yés 27:9
  • +1Raj 13:2; 2Raj 23:8, 20; Yèh 6:5
  • +Mzm 78:58, 59

Kaimaman 26:31

Réferènsi Silang

  • +2Raj 25:9, 10; 2Bb 36:17; Néh 2:3; Yés 1:7; Yér 4:7

Kaimaman 26:32

Réferènsi Silang

  • +Yér 9:11
  • +PT 28:37; 29:22-24; Yér 18:16; KP 2:15; Yèh 5:15

Kaimaman 26:33

Réferènsi Silang

  • +Mzm 44:11
  • +Yér 9:16; Yèh 12:14
  • +Za 7:14

Kaimaman 26:34

Cathetan Ngisor

  • *

    Utawa ”nindakké sabat”.

Réferènsi Silang

  • +2Bb 36:20, 21

Kaimaman 26:36

Cathetan Ngisor

  • *

    Utawa ”diuber”.

Réferènsi Silang

  • +Yés 24:6
  • +Km 26:17; Yés 30:17

Kaimaman 26:37

Cathetan Ngisor

  • *

    Utawa ”diuber”.

Réferènsi Silang

  • +Yos 7:12; PH 2:14; Yér 37:10

Kaimaman 26:38

Réferènsi Silang

  • +PT 4:27; 28:48; Yér 42:17

Kaimaman 26:39

Réferènsi Silang

  • +PT 28:65
  • +Pa 20:5; Wi 14:18

Kaimaman 26:40

Réferènsi Silang

  • +1Raj 8:33; Néh 9:2; Yèh 6:9; Dan 9:5
  • +Yèh 36:31

Kaimaman 26:41

Cathetan Ngisor

  • *

    Lit.: ”atiné”.

Réferènsi Silang

  • +Km 26:24
  • +1Raj 8:47; 2Bb 36:20
  • +PT 30:6; Yér 4:4; Kis 7:51

Kaimaman 26:42

Réferènsi Silang

  • +PD 28:13
  • +PD 26:3
  • +PD 12:7; PT 4:31; Mzm 106:45

Kaimaman 26:43

Réferènsi Silang

  • +Km 26:34; 2Bb 36:20, 21
  • +2Raj 17:15

Kaimaman 26:44

Réferènsi Silang

  • +PT 4:31; 2Raj 13:23; Néh 9:31
  • +PT 4:13; Yér 14:21

Kaimaman 26:45

Réferènsi Silang

  • +Pa 24:3, 8; PT 9:9
  • +Yèh 20:9

Kaimaman 26:46

Réferènsi Silang

  • +Km 27:34; PT 6:1

Terjemahan Liya

Klik ayat kanggo ndelok ayat sing padha saka Alkitab liya.

Keterangan Liya

Km. 26:1Pa 20:4; Km 19:4; Kis 17:29; 1Kor 8:4
Km. 26:1PT 5:8
Km. 26:1Wi 33:52
Km. 26:1Dan 3:18; 1Kor 10:14
Km. 26:3PT 11:13-15; Pkh 12:13
Km. 26:4PT 28:12; Yés 30:23; Yèh 34:26; Yl 2:23
Km. 26:4Mzm 67:6; 85:12
Km. 26:5Km 25:18
Km. 26:61Bb 22:9; Mzm 29:11; Hag 2:9
Km. 26:6Mi 4:4
Km. 26:8PT 28:7; Yos 23:10; PH 7:15, 16; 15:15, 16; 1Bb 11:20
Km. 26:9PT 28:4
Km. 26:9Pa 6:4
Km. 26:11Pa 25:8; Yèh 37:26; Why 21:3
Km. 26:12PT 23:14
Km. 26:12Pa 6:7; 2Kor 6:16
Km. 26:14PT 28:15
Km. 26:152Raj 17:15
Km. 26:15Pa 24:7; PT 31:16; Ibr 8:9
Km. 26:16PT 28:22, 33; PH 6:3
Km. 26:17PT 28:15, 25; PH 2:14; 1Sam 4:10
Km. 26:17Mzm 106:41; KP 1:5
Km. 26:17Km 26:36
Km. 26:19PT 11:17; 1Raj 17:1
Km. 26:20Yér 12:13; Hag 1:6, 10
Km. 26:22PT 32:24; Yér 15:3
Km. 26:22Yèh 5:17
Km. 26:22PH 5:6; Yés 33:8; Za 7:14
Km. 26:23Yés 1:16; Yér 2:30; 5:3
Km. 26:25Pa 24:7
Km. 26:25PT 28:21; Yér 24:10; Am 4:10
Km. 26:25PH 2:14; 1Sam 4:10
Km. 26:26Yèh 5:16
Km. 26:26Yèh 4:16
Km. 26:26Yés 9:20; Mi 6:14; Hag 1:6
Km. 26:28Yér 21:5
Km. 26:29PT 28:53; 2Raj 6:29; Yér 19:9; KP 4:10; Yèh 5:10
Km. 26:302Bb 34:3; Yés 27:9
Km. 26:301Raj 13:2; 2Raj 23:8, 20; Yèh 6:5
Km. 26:30Mzm 78:58, 59
Km. 26:312Raj 25:9, 10; 2Bb 36:17; Néh 2:3; Yés 1:7; Yér 4:7
Km. 26:32Yér 9:11
Km. 26:32PT 28:37; 29:22-24; Yér 18:16; KP 2:15; Yèh 5:15
Km. 26:33Mzm 44:11
Km. 26:33Yér 9:16; Yèh 12:14
Km. 26:33Za 7:14
Km. 26:342Bb 36:20, 21
Km. 26:36Yés 24:6
Km. 26:36Km 26:17; Yés 30:17
Km. 26:37Yos 7:12; PH 2:14; Yér 37:10
Km. 26:38PT 4:27; 28:48; Yér 42:17
Km. 26:39PT 28:65
Km. 26:39Pa 20:5; Wi 14:18
Km. 26:401Raj 8:33; Néh 9:2; Yèh 6:9; Dan 9:5
Km. 26:40Yèh 36:31
Km. 26:41Km 26:24
Km. 26:411Raj 8:47; 2Bb 36:20
Km. 26:41PT 30:6; Yér 4:4; Kis 7:51
Km. 26:42PD 28:13
Km. 26:42PD 26:3
Km. 26:42PD 12:7; PT 4:31; Mzm 106:45
Km. 26:43Km 26:34; 2Bb 36:20, 21
Km. 26:432Raj 17:15
Km. 26:44PT 4:31; 2Raj 13:23; Néh 9:31
Km. 26:44PT 4:13; Yér 14:21
Km. 26:45Pa 24:3, 8; PT 9:9
Km. 26:45Yèh 20:9
Km. 26:46Km 27:34; PT 6:1
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
  • 1
  • 2
  • 3
  • 4
  • 5
  • 6
  • 7
  • 8
  • 9
  • 10
  • 11
  • 12
  • 13
  • 14
  • 15
  • 16
  • 17
  • 18
  • 19
  • 20
  • 21
  • 22
  • 23
  • 24
  • 25
  • 26
  • 27
  • 28
  • 29
  • 30
  • 31
  • 32
  • 33
  • 34
  • 35
  • 36
  • 37
  • 38
  • 39
  • 40
  • 41
  • 42
  • 43
  • 44
  • 45
  • 46
Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
Kaimaman 26:1-46

Kaimaman

26 ”’Aja nggawé allah-allah sing ora ana gunané.+ Aja nggawé patung+ pahatan utawa tugu suci,* lan aja ndèlèhké watu pahatan+ ing negaramu kanggo disembah.+ Aku iki Yéhuwah Gusti Allahmu. 2 Kowé kudu nindakké sabat-Ku lan ngajèni* panggonan suci-Ku. Aku iki Yéhuwah.

3 ”’Nèk kowé urip manut peraturan-peraturan-Ku, manut préntah-préntah-Ku, lan nindakké kuwi kabèh,+ 4 Aku bakal mènèhi udan pas musimé+ bèn tanah kuwi ngetokké hasilé+ lan wit-wit ing ladhang ngetokké buah. 5 Panènanmu bakal akèh banget. Durung rampung kowé nggiles* gandum, kowé wis kudu manèn anggur. Pas kowé isih manèn anggur, kowé wis kudu nyebar benih. Kowé bakal mangan roti nganti puas, lan kowé ya bakal aman manggon ing negaramu.+ 6 Aku bakal nggawé negaramu tentrem,+ lan kowé bakal turu tanpa ana sing nggawé kowé wedi.+ Aku bakal ngusir kéwan buas saka negaramu, lan ora ana sing bakal nyerang kowé nganggo pedhang. 7 Kowé mesthi bakal ngoyak* mungsuh-mungsuhmu lan ngalahké mungsuh-mungsuhmu nganggo pedhang. 8 Wong lima saka antaramu bakal ngoyak* wong 100, lan wong 100 bakal ngoyak wong 10.000. Kowé bakal ngalahké mungsuh-mungsuhmu nganggo pedhang.+

9 ”’Aku bakal mberkahi kowé. Aku bakal nggawé kowé nduwé akèh anak,+ lan keturunanmu bakal dadi akèh banget. Perjanjian-Ku karo kowé bakal Tak tepati.+ 10 Kowé bakal nglumpukké hasil panèn sing akèh banget nganti cukup kanggo taun sakwisé kuwi. Hasil panèn kuwi akèh banget nganti kowé kudu mbuwang hasil panèn sing sakdurungé bèn ana panggonan kanggo nyimpen hasil panèn sing anyar. 11 Aku bakal ndèlèhké tabernakel-Ku ing tengah-tengahmu,+ lan Aku ora bakal nolak kowé. 12 Aku bakal bareng karo kowé lan dadi Gusti Allahmu,+ lan kowé bakal dadi umat-Ku.+ 13 Aku iki Yéhuwah Gusti Allahmu sing nggawa kowé metu saka Mesir bèn kowé ora dadi budhaké wong-wong kuwi manèh. Aku wis mbébaské kowé saka perbudakan* lan nggawé kowé dadi wong merdéka.

14 ”’Ning, nèk kowé ora ngrungokké Aku lan ora nindakké kabèh préntah iki,+ 15 nèk kowé nolak peraturan-Ku+ lan sengit karo hukum-Ku nganti kowé ora nindakké préntah-Ku lan nglanggar perjanjian-Ku,+ 16 Aku bakal nindakké iki: Aku bakal nggawé kowé sengsara merga tuberkulosis lan demam tinggi. Mripatmu bakal rabun, lan kowé bakal kentèkan tenaga. Kowé bakal nyebar benih ning ora ana hasilé merga hasilé bakal dipangan mungsuh-mungsuhmu.+ 17 Aku bakal nolak kowé, lan kowé bakal dikalahké mungsuh-mungsuhmu.+ Kowé bakal diidak-idak wong-wong sing sengit karo kowé.+ Saking wediné, kowé bakal mlayu senajan ora ana sing ngoyak.*+

18 ”’Nèk sakwisé ngalami kuwi kowé tetep ora gelem ngrungokké Aku, Aku bakal ngukum kowé ping pitu luwih abot timbang sakdurungé merga dosa-dosamu. 19 Aku bakal nggawé kowé ora ndableg lan ora sombong manèh. Langitmu bakal Tak gawé dadi kaya wesi*+ lan tanahmu dadi kaya tembaga.* 20 Kowé bakal kentèkan tenaga tanpa ana hasilé, merga tanahmu ora bakal ngetokké hasil+ lan wit-wit ing tanah kuwi ora bakal ngetokké buah.

21 ”’Ning, nèk kowé isih tetep nglawan Aku lan ora gelem ngrungokké Aku, Aku bakal ngukum kowé ping pitu luwih abot merga dosa-dosamu. 22 Aku bakal ngirim kéwan-kéwan buas menyang tengah-tengahmu.+ Kéwan-kéwan kuwi bakal matèni anak-anakmu+ lan ternakmu. Jumlahmu bakal saya sithik, lan dalan-dalanmu bakal dadi sepi.+

23 ”’Ning, nèk sakwisé ngalami kuwi kabèh, lan sakwisé Tak hukum nganti kaya ngono kowé isih durung kapok+ lan tetep nglawan Aku, 24 Aku ya bakal nglawan kowé lan bakal ngukum kowé ping pitu luwih abot merga dosa-dosamu. 25 Aku bakal nggawé mungsuh-mungsuhmu nyerang kowé nganggo pedhang kanggo ngukum kowé merga kowé wis nglanggar perjanjianmu karo Aku.+ Pas kowé mlayu mlebu ing kutha-kuthamu, Aku bakal ngirim penyakit ing tengah-tengahmu,+ lan kowé bakal dikalahké mungsuh-mungsuhmu.+ 26 Sakwisé persediaan* rotimu*+ Tak hancurké, sisa rotiné mung tinggal sithik banget, nganti wong wédok sepuluh mung butuh oven siji kanggo manggang roti.+ Terus, rotiné bakal ditimbang, lan kowé mung bakal éntuk jatah sithik. Kowé bakal mangan ning ora puas.+

27 ”’Nèk sakwisé ngalami kuwi kabèh kowé tetep ora gelem ngrungokké Aku lan tetep nglawan Aku, 28 Aku bakal saya nesu karo kowé+ lan bakal ngukum kowé ping pitu luwih abot merga dosa-dosamu. 29 Kowé bakal mangan dagingé anak-anakmu lanang lan anak-anakmu wédok.+ 30 Aku bakal ngancurké panggonan-panggonan dhuwur*+ lan panggonan-panggonan dupamu. Aku bakal numpuk mayatmu ing ndhuwuré brahala-brahalamu sing njijiki lan ora ana nyawané.+ Aku bakal ninggalké kowé merga jijik.+ 31 Aku bakal ngancurké kutha-kuthamu,+ lan panggonan-panggonan sucimu bakal ditelantarké. Ambu sing nyenengké saka korban-korbanmu ora bakal nggawé Aku seneng. 32 Aku bakal nggawé tanah kuwi telantar,+ nganti mungsuh-mungsuhmu sing bakal manggon ing kono padha kagèt ndelok kuwi.+ 33 Kowé bakal Tak sebar ing antarané bangsa-bangsa.+ Aku bakal nggawé mungsuh-mungsuhmu nyerang kowé nganggo pedhang.+ Tanahmu bakal telantar,+ lan kutha-kuthamu bakal hancur.

34 ”’Pas kowé ana ing negarané mungsuhmu, tanahmu bakal ditelantarké lan tanahmu bakal mbayar lunas sabat-sabaté. Saksuwéné ditelantarké, tanah kuwi bakal istirahat* merga kudu mbayar sabat-sabaté.+ 35 Saksuwéné ditelantarké, tanah kuwi bakal istirahat. Kuwi merga pas kowé manggon ing kono tanah kuwi ora istirahat saksuwéné sabat-sabatmu.

36 ”’Aku bakal nyebabké wong-wong ing antaramu+ sing manggon ing negarané mungsuhmu padha kewedèn nganti swarané godhong sing kena angin waé nggawé kowé mlayu. Kowé bakal mlayu kaya dioyak* wong sing nggawa pedhang, lan kowé bakal tiba senajan ora ana sing ngoyak.+ 37 Kaya pas kowé lagi dioyak* wong sing nggawa pedhang, sing siji bakal kesandhung sijiné, padahal sakjané ora ana sing ngoyak. Kowé ora bakal sanggup ngadhepi mungsuhmu.+ 38 Kowé bakal mati ing negara liya,+ lan kowé bakal dipatèni ing negarané mungsuhmu. 39 Wong-wong sing isih urip ing antaramu bakal sengsara ing negarané mungsuh+ merga kesalahané dhéwé lan kesalahané nènèk moyangé.+ 40 Terus, wong-wong kuwi bakal ngakoni nèk wong-wong kuwi salah+ lan nèk nènèk moyangé ya salah lan ora setya. Wong-wong kuwi bakal ngakoni nèk wis ora setya lan nglawan Aku.+ 41 Mula, Aku bakal nggawa wong-wong kuwi+ menyang negarané mungsuhé kanggo nduduhké nèk Aku ya nglawan wong-wong kuwi.+

”’Sapa ngerti wong-wong* sing ndableg kuwi isa rendah hati+ lan ngrasakké akibat saka kesalahané. 42 Terus, Aku bakal éling perjanjian-Ku karo Yakub,+ perjanjian-Ku karo Ishak,+ lan perjanjian-Ku karo Abraham.+ Aku ya bakal éling tanah kuwi. 43 Saksuwéné ditinggal, tanah kuwi bakal mbayar lunas sabat-sabaté+ lan tanah kuwi bakal ditelantarké. Wong-wong kuwi bakal ngrasakké akibat saka kesalahané merga wis nolak hukum-Ku lan sengit karo peraturan-Ku.+ 44 Senajan ngono, pas wong-wong kuwi ana ing negarané mungsuhé, Aku ora bakal bener-bener nolak+ utawa sengit karo wong-wong kuwi nganti kabèh Tak patèni. Merga nèk kaya ngono, berarti Aku nglanggar perjanjian-Ku+ karo wong-wong kuwi. Aku iki Yéhuwah Gusti Allahé wong-wong kuwi. 45 Demi wong-wong kuwi, Aku bakal éling perjanjian-Ku+ karo nènèk moyangé sing wis Tak gawa metu saka Mesir ing ngarepé bangsa-bangsa.+ Kuwi kanggo nduduhké nèk Aku iki Gusti Allahé wong-wong kuwi. Aku iki Yéhuwah.’”

46 Kuwi peraturan, keputusan hukum, lan hukum sing diwènèhké Yéhuwah marang wong Israèl liwat Musa ing Gunung Sinai.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim