PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • 2 Samuèl 6
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

Intiné Buku 2 Samuèl

      • Pethiné Gusti Allah digawa menyang Yérusalèm (1-23)

        • Uzza nyekel Pethiné Gusti Allah lan dipatèni (6-8)

        • Mikhal ngrèmèhké Daud (16, 20-23)

2 Samuèl 6:2

Cathetan Ngisor

  • *

    Utawa mungkin ”ing antarané”.

Réferènsi Silang

  • +1Sam 7:2; 1Raj 8:1; 1Bb 13:1-5
  • +PT 20:4; 1Sam 1:3; 1Bb 17:24
  • +Pa 25:22; 1Sam 4:4; 1Bb 13:6-11; Mzm 80:1

2 Samuèl 6:3

Réferènsi Silang

  • +Pa 25:14; Wi 7:9; Yos 3:14
  • +1Sam 7:1

2 Samuèl 6:5

Réferènsi Silang

  • +1Sam 10:5
  • +Pa 15:20
  • +Mzm 150:3-5

2 Samuèl 6:6

Cathetan Ngisor

  • *

    Deloken Daftar Istilah.

Réferènsi Silang

  • +Wi 4:15; 1Bb 15:2

2 Samuèl 6:7

Réferènsi Silang

  • +Km 10:1, 2; 1Sam 6:19
  • +WB 11:2

2 Samuèl 6:8

Cathetan Ngisor

  • *

    Artiné ”Gusti Allah Nesu Banget karo Uzza”.

2 Samuèl 6:9

Réferènsi Silang

  • +1Sam 6:20; Mzm 119:120
  • +1Bb 13:12-14

2 Samuèl 6:10

Réferènsi Silang

  • +2Sam 5:7
  • +1Bb 15:25

2 Samuèl 6:11

Réferènsi Silang

  • +PD 30:27; 39:5

2 Samuèl 6:12

Réferènsi Silang

  • +1Bb 15:25, 26; Mzm 24:7; 68:24

2 Samuèl 6:13

Réferènsi Silang

  • +Wi 4:15; 7:9; Yos 3:3; 1Bb 15:2, 15

2 Samuèl 6:14

Cathetan Ngisor

  • *

    Lit.: ”sabukan”.

  • *

    Deloken Daftar Istilah.

Réferènsi Silang

  • +1Bb 15:27, 28

2 Samuèl 6:15

Cathetan Ngisor

  • *

    Lit.: ”sungu”. Deloken Daftar Istilah.

Réferènsi Silang

  • +Pa 37:1; Mzm 132:8
  • +1Bb 15:16
  • +Mzm 150:3

2 Samuèl 6:16

Réferènsi Silang

  • +1Sam 14:49; 18:20, 27; 2Sam 3:14
  • +1Bb 15:29

2 Samuèl 6:17

Cathetan Ngisor

  • *

    Deloken Daftar Istilah.

Réferènsi Silang

  • +1Bb 15:1
  • +Km 1:3
  • +Km 3:1
  • +1Bb 16:1-3

2 Samuèl 6:18

Cathetan Ngisor

  • *

    Deloken Daftar Istilah.

2 Samuèl 6:20

Réferènsi Silang

  • +1Sam 18:27
  • +Pa 22:28

2 Samuèl 6:21

Réferènsi Silang

  • +1Sam 13:13, 14; 15:27, 28; 16:1, 12

2 Samuèl 6:23

Réferènsi Silang

  • +1Sam 14:49; 2Sam 6:16

Terjemahan Liya

Klik ayat kanggo ndelok ayat sing padha saka Alkitab liya.

Keterangan Liya

2 Sam. 6:21Sam 7:2; 1Raj 8:1; 1Bb 13:1-5
2 Sam. 6:2PT 20:4; 1Sam 1:3; 1Bb 17:24
2 Sam. 6:2Pa 25:22; 1Sam 4:4; 1Bb 13:6-11; Mzm 80:1
2 Sam. 6:3Pa 25:14; Wi 7:9; Yos 3:14
2 Sam. 6:31Sam 7:1
2 Sam. 6:51Sam 10:5
2 Sam. 6:5Pa 15:20
2 Sam. 6:5Mzm 150:3-5
2 Sam. 6:6Wi 4:15; 1Bb 15:2
2 Sam. 6:7Km 10:1, 2; 1Sam 6:19
2 Sam. 6:7WB 11:2
2 Sam. 6:91Sam 6:20; Mzm 119:120
2 Sam. 6:91Bb 13:12-14
2 Sam. 6:102Sam 5:7
2 Sam. 6:101Bb 15:25
2 Sam. 6:11PD 30:27; 39:5
2 Sam. 6:121Bb 15:25, 26; Mzm 24:7; 68:24
2 Sam. 6:13Wi 4:15; 7:9; Yos 3:3; 1Bb 15:2, 15
2 Sam. 6:141Bb 15:27, 28
2 Sam. 6:15Pa 37:1; Mzm 132:8
2 Sam. 6:151Bb 15:16
2 Sam. 6:15Mzm 150:3
2 Sam. 6:161Sam 14:49; 18:20, 27; 2Sam 3:14
2 Sam. 6:161Bb 15:29
2 Sam. 6:171Bb 15:1
2 Sam. 6:17Km 1:3
2 Sam. 6:17Km 3:1
2 Sam. 6:171Bb 16:1-3
2 Sam. 6:201Sam 18:27
2 Sam. 6:20Pa 22:28
2 Sam. 6:211Sam 13:13, 14; 15:27, 28; 16:1, 12
2 Sam. 6:231Sam 14:49; 2Sam 6:16
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
  • 1
  • 2
  • 3
  • 4
  • 5
  • 6
  • 7
  • 8
  • 9
  • 10
  • 11
  • 12
  • 13
  • 14
  • 15
  • 16
  • 17
  • 18
  • 19
  • 20
  • 21
  • 22
  • 23
Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
2 Samuèl 6:1-23

2 Samuèl

6 Daud nglumpukké manèh kabèh pasukané sing paling apik ing Israèl, sing cacahé 30.000. 2 Daud lan anak buahé lunga menyang Baalé-yéhuda merga njupuk Pethiné Gusti Allah sing bener.+ Ing ngarepé pethi kuwi, wong nyebut asmané Yéhuwah pemimpiné pasukan+ sing takhtané ana ing ndhuwuré* kerub-kerub.+ 3 Ning, wong-wong ndèlèhké Pethiné Gusti Allah sing bener kuwi ing grobag+ anyar merga arep dipindhah saka omahé Abinadab+ sing ana ing bukit. Sing ngarahké sapi-sapi sing nggèrèt grobag anyar kuwi yaiku Uzza lan Ahio, anak-anaké Abinadab.

4 Wong-wong kuwi nggawa Pethiné Gusti Allah sing bener saka omahé Abinadab sing ana ing bukit, lan Ahio mlaku ing ngarepé Pethi kuwi. 5 Daud lan kabèh wong Israèl ngrayakké kuwi ing ngarepé Yéhuwah nganggo kabèh alat musik saka kayu juniper, harpa, alat musik liyané sing nganggo senar,+ rebana,+ simbal,+ lan alat musik liyané. 6 Ning, wektu tekan ing Nakon, yaiku panggonan kanggo nggiles biji-bijian,* Uzza nyekel Pethiné Gusti Allah sing bener, merga sapi-sapi sing narik grobag+ kuwi mèh waé nggawé Pethi kuwi tiba. 7 Mula, Yéhuwah dadi nesu banget marang Uzza, lan Gusti Allah sing bener matèni+ Uzza merga dhèwèké kurang ajar.+ Uzza mati ing kana, ing sebelahé Pethiné Gusti Allah sing bener. 8 Ning, Daud nesu merga Yéhuwah nesu banget marang Uzza. Kuwi sebabé panggonan kuwi disebut Pèrèz-uzza* nganti saiki. 9 Ing dina kuwi, Daud dadi wedi marang Yéhuwah.+ Dhèwèké kandha, ”Lha terus piyé aku isa nggawa Pethiné Yéhuwah iki menyang panggonanku?”+ 10 Daud ora gelem nggawa Pethiné Yéhuwah menyang panggonané, yaiku ing Kutha Daud.+ Ning, Daud malah ngongkon supaya Pethi kuwi digawa menyang omahé Obèd-édom+ wong Gat.

11 Pethiné Yéhuwah tetep ana ing omahé Obèd-édom wong Gat nganti telung sasi, lan Yéhuwah terus mberkahi Obèd-édom lan keluargané.+ 12 Terus Raja Daud éntuk laporan, ”Yéhuwah wis mberkahi keluargané Obèd-édom lan kabèh duwèké merga Pethiné Gusti Allah sing bener.” Daud ngrasa seneng,+ terus dhèwèké lunga bèn isa njupuk Pethiné Gusti Allah sing bener saka omahé Obèd-édom menyang Kutha Daud. 13 Sakwisé wong-wong sing ngangkat+ Pethiné Yéhuwah mlaku enem jangkah, Daud ngorbanké sapi siji lan kéwan lemu siji.

14 Merga seneng banget, Daud nari-nari ing sekitaré Pethiné Yéhuwah. Wektu kuwi, dhèwèké nganggo* éfod* saka linèn.+ 15 Daud lan kabèh wong Israèl nggawa Pethiné+ Yéhuwah lan ngrasa seneng banget. Kabèh wong kuwi padha sorak-sorak+ lan ngunèkké trompèt.*+ 16 Ning, wektu Pethiné Yéhuwah tekan ing Kutha Daud, Mikhal+ anaké wédok Saul ndelok saka jendhéla lan weruh Raja Daud lagi mlumpat-mlumpat lan nari-nari ing sekitaré Pethiné Yéhuwah. Ing njero atiné, Mikhal mulai ngrèmèhké Daud.+ 17 Pethiné Yéhuwah digawa lan dilebokké ing kémah sing wis disedhiakké Daud.+ Terus, Daud mènèhké persembahan bakaran+ lan korban kerukunan*+ marang Yéhuwah.+ 18 Sakwisé rampung mènèhké persembahan bakaran lan korban kerukunan,* Daud mberkahi bangsa kuwi nganggo jenengé Yéhuwah pemimpiné pasukan. 19 Bar kuwi, Daud mbagèkké roti sing bentuké kaya gelang, kué kurma, lan kué kismis marang bangsa kuwi, yaiku kabèh wong Israèl, wong lanang lan wong wédok. Terus, wong-wong kuwi padha mulih ing omahé dhéwé-dhéwé.

20 Pas Daud bali kanggo mberkahi keluargané dhéwé, Mikhal anaké Saul+ metu nemoni dhèwèké. Mikhal kandha, ”Dina iki rajané Israèl ngrendhahké dhèwèké dhéwé. Dhèwèké setengah wuda ing ngarepé budhak-budhaké wédok pembantuné, kaya wong bodho sing wuda.”+ 21 Pas krungu kuwi, Daud njawab Mikhal, ”Perayaanku iki kanggo Yéhuwah, sing wis milih aku lan dudu bapakmu utawa keturunané bapakmu, lan sing wis nglantik aku dadi pemimpiné wong Israèl umaté Yéhuwah.+ Aku ngrayakké iki kanggo Yéhuwah, 22 lan aku bakal bener-bener ngrendhahké awakku dhéwé. Ning, budhak-budhakku wédok sing mbok sebut mau, wong-wong kuwi bakal mulyakké aku.” 23 Kuwi sebabé, Mikhal+ anaké Saul ora nduwé anak nganti mati.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim