PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Yérémia 25
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

Intiné Buku Yérémia

      • Yéhuwah ngukum bangsa-bangsa (1-38)

        • Bangsa-bangsa bakal nglayani Babilon nganti 70 taun (11)

        • Gelas sing isiné anggur sing nglambangké rasa nesuné Gusti Allah (15)

        • Bencana sing bakal nyebar saka bangsa siji menyang bangsa liyané (32)

        • Wong-wong sing dipatèni Yéhuwah (33)

Yérémia 25:1

Cathetan Ngisor

  • *

    Lit.: ”Nébukhadrézar”, éjaan liya jeneng iki.

Réferènsi Silang

  • +2Raj 24:1; Yér 36:1; 46:2; Dan 1:1

Yérémia 25:2

Cathetan Ngisor

  • *

    Utawa ”marang”.

Yérémia 25:3

Cathetan Ngisor

  • *

    Lit.: ”Aku tangi ésuk-ésuk lan ngomong”.

Réferènsi Silang

  • +Yér 1:2
  • +Yér 7:13; 13:10

Yérémia 25:4

Cathetan Ngisor

  • *

    Lit.: ”ya tangi ésuk-ésuk lan ngutus”.

  • *

    Lit.: ”utawa ngarahké kupingmu”.

Réferènsi Silang

  • +Yér 29:19

Yérémia 25:5

Réferènsi Silang

  • +2Raj 17:13; Yés 55:7; Yér 18:11; 35:15; Yèh 18:30; 33:11

Yérémia 25:7

Réferènsi Silang

  • +PT 32:21; Néh 9:26

Yérémia 25:9

Cathetan Ngisor

  • *

    Utawa ”nyeluk”.

  • *

    Lit.: ”Nébukhadrézar”, éjaan liya jeneng iki.

  • *

    Lit.: ”nyingsoti”.

Réferènsi Silang

  • +Km 26:25; Yés 5:26; Yér 1:15
  • +Yér 27:6; 43:10
  • +PT 28:49, 50; Yér 5:15; Yèh 7:24
  • +Yèh 26:7; 29:19; Hab 1:6

Yérémia 25:10

Cathetan Ngisor

  • *

    Gilingan cilik sing dicekel nganggo tangan. Deloken ”Watu Gilingan” ing Daftar Istilah.

Réferènsi Silang

  • +Yés 24:7; Yèh 26:13
  • +Yér 7:34

Yérémia 25:11

Réferènsi Silang

  • +2Bb 36:20, 21; Dan 9:2; Za 1:12; 7:5

Yérémia 25:12

Réferènsi Silang

  • +PT 30:3; Ézr 1:1, 2; Yér 29:10
  • +Yés 47:1; Yér 51:1; Dan 5:26, 30
  • +Yés 13:1, 19; 14:4, 23

Yérémia 25:14

Réferènsi Silang

  • +Yér 50:9; 51:27
  • +Yés 14:2; Hab 2:8
  • +Mzm 137:8; Yér 50:29; 51:6, 24; Why 18:6

Yérémia 25:16

Réferènsi Silang

  • +Yér 51:7; KP 4:21; Yèh 23:32-34; Nah 3:7, 11

Yérémia 25:17

Réferènsi Silang

  • +Yér 1:10

Yérémia 25:18

Cathetan Ngisor

  • *

    Lit.: ”nyingsoti”.

Réferènsi Silang

  • +Yés 51:17
  • +Yér 24:9

Yérémia 25:19

Réferènsi Silang

  • +Yér 46:2

Yérémia 25:20

Réferènsi Silang

  • +Yér 47:1
  • +Yér 47:5

Yérémia 25:21

Réferènsi Silang

  • +Yér 49:17; KP 4:21
  • +Yér 48:1
  • +Yér 49:1

Yérémia 25:22

Réferènsi Silang

  • +Yér 27:2, 3; 47:4

Yérémia 25:23

Réferènsi Silang

  • +Yér 49:8
  • +Yér 9:25, 26; 49:32

Yérémia 25:24

Réferènsi Silang

  • +Yér 49:31, 32

Yérémia 25:25

Réferènsi Silang

  • +Yér 49:34
  • +Yér 51:11

Yérémia 25:26

Cathetan Ngisor

  • *

    Mungkin iki jeneng liya saka Babèl (Babilon).

Réferènsi Silang

  • +Yér 51:41

Yérémia 25:27

Cathetan Ngisor

  • *

    Lit.: ”pedhang”.

Réferènsi Silang

  • +Yés 63:6; Hab 2:16

Yérémia 25:29

Cathetan Ngisor

  • *

    Lit.: ”pedhang”.

Réferènsi Silang

  • +1Raj 9:7; Yér 7:12, 14; Dan 9:18; Hos 12:2; Mi 6:2
  • +Yér 49:12; Ob 16

Yérémia 25:30

Cathetan Ngisor

  • *

    Mungkin maksudé tanahé umaté Gusti Allah.

Yérémia 25:31

Réferènsi Silang

  • +Yl 3:2

Yérémia 25:32

Réferènsi Silang

  • +Yés 34:2, 3; Yér 25:17
  • +Zéf 3:8

Yérémia 25:38

Réferènsi Silang

  • +Hos 5:14

Terjemahan Liya

Klik ayat kanggo ndelok ayat sing padha saka Alkitab liya.

Keterangan Liya

Yér. 25:12Raj 24:1; Yér 36:1; 46:2; Dan 1:1
Yér. 25:3Yér 1:2
Yér. 25:3Yér 7:13; 13:10
Yér. 25:4Yér 29:19
Yér. 25:52Raj 17:13; Yés 55:7; Yér 18:11; 35:15; Yèh 18:30; 33:11
Yér. 25:7PT 32:21; Néh 9:26
Yér. 25:9Km 26:25; Yés 5:26; Yér 1:15
Yér. 25:9Yér 27:6; 43:10
Yér. 25:9PT 28:49, 50; Yér 5:15; Yèh 7:24
Yér. 25:9Yèh 26:7; 29:19; Hab 1:6
Yér. 25:10Yés 24:7; Yèh 26:13
Yér. 25:10Yér 7:34
Yér. 25:112Bb 36:20, 21; Dan 9:2; Za 1:12; 7:5
Yér. 25:12PT 30:3; Ézr 1:1, 2; Yér 29:10
Yér. 25:12Yés 47:1; Yér 51:1; Dan 5:26, 30
Yér. 25:12Yés 13:1, 19; 14:4, 23
Yér. 25:14Yér 50:9; 51:27
Yér. 25:14Yés 14:2; Hab 2:8
Yér. 25:14Mzm 137:8; Yér 50:29; 51:6, 24; Why 18:6
Yér. 25:16Yér 51:7; KP 4:21; Yèh 23:32-34; Nah 3:7, 11
Yér. 25:17Yér 1:10
Yér. 25:18Yés 51:17
Yér. 25:18Yér 24:9
Yér. 25:19Yér 46:2
Yér. 25:20Yér 47:1
Yér. 25:20Yér 47:5
Yér. 25:21Yér 49:17; KP 4:21
Yér. 25:21Yér 48:1
Yér. 25:21Yér 49:1
Yér. 25:22Yér 27:2, 3; 47:4
Yér. 25:23Yér 49:8
Yér. 25:23Yér 9:25, 26; 49:32
Yér. 25:24Yér 49:31, 32
Yér. 25:25Yér 49:34
Yér. 25:25Yér 51:11
Yér. 25:26Yér 51:41
Yér. 25:27Yés 63:6; Hab 2:16
Yér. 25:291Raj 9:7; Yér 7:12, 14; Dan 9:18; Hos 12:2; Mi 6:2
Yér. 25:29Yér 49:12; Ob 16
Yér. 25:31Yl 3:2
Yér. 25:32Yés 34:2, 3; Yér 25:17
Yér. 25:32Zéf 3:8
Yér. 25:38Hos 5:14
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
  • 1
  • 2
  • 3
  • 4
  • 5
  • 6
  • 7
  • 8
  • 9
  • 10
  • 11
  • 12
  • 13
  • 14
  • 15
  • 16
  • 17
  • 18
  • 19
  • 20
  • 21
  • 22
  • 23
  • 24
  • 25
  • 26
  • 27
  • 28
  • 29
  • 30
  • 31
  • 32
  • 33
  • 34
  • 35
  • 36
  • 37
  • 38
Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
Yérémia 25:1-38

Yérémia

25 Ing taun kepapat pamréntahané Yéhoyakim+ anaké Yosia raja Yéhuda, yaiku taun pertama pamréntahané Nébukhadnézar* raja Babilon, Gusti Allah kandha marang Yérémia soal kabèh wong Yéhuda. 2 Iki sing diomongké Nabi Yérémia soal* kabèh wong Yéhuda lan kabèh penduduk Yérusalèm:

3 ”Kèt taun ke-13 pamréntahané Yosia+ anaké Amon raja Yéhuda nganti dina iki, yaiku 23 taun suwéné, Yéhuwah wis nyampèkké omongané marang aku. Aku ya wis bola-bali nyampèkké kuwi* marang kowé, ning kowé ora gelem ngrungokké.+ 4 Yéhuwah ya bola-bali ngutus* kabèh abdiné, yaiku para nabi, marang kowé, ning kowé ora gelem ngrungokké utawa nggatèkké.*+ 5 Para nabi kuwi kandha, ’Kowé aja nindakké sing jahat manèh+ bèn kowé isa manggon suwé ing tanah sing mbiyèn wis diwènèhké Yéhuwah marang kowé lan nènèk moyangmu. 6 Aja nyembah, nglayani, lan sujud marang allah-allah liya. Aja nggawé brahala bèn ora nglarani atiné Gusti Allah. Nèk kowé nganti nindakké kuwi, Gusti Allah bakal ngukum kowé.’

7 ”Yéhuwah kandha, ’Ning kowé ora gelem ngrungokké Aku. Kowé malah nggawé brahala lan nglarani Aku, mula Aku ngukum kowé.’+

8 ”Kuwi sebabé iki sing diomongké Yéhuwah pemimpiné pasukan, ’”Merga kowé ora gelem manut omongan-Ku, 9 Aku bakal ngundang* kabèh bangsa saka lor+ lan ngundang Nébukhadnézar* raja Babilon, yaiku abdi-Ku,”+ kandhané Yéhuwah. ”Aku bakal ngongkon wong-wong kuwi nyerang tanah iki,+ penduduké, lan kabèh bangsa ing sekitaré.+ Kowé lan kabèh bangsa kuwi bakal Tak singkirké, lan wong sing ngerti kuwi bakal dadi wedi lan ngrèmèhké.* Kowé lan kabèh bangsa kuwi ya bakal hancur saklawasé. 10 Aku bakal ngendhegké swara seneng-seneng,+ swarané mantèn lanang, swarané mantèn wédok,+ swara gilingan,* lan cahaya lampu. 11 Kabèh wilayah ing tanah iki bakal dadi reruntuhan lan panggonan sing medèni. Bangsa-bangsa iki kudu nglayani raja Babilon 70 taun suwéné.”’+

12 ”Yéhuwah kandha, ’Ning sakwisé 70 taun,+ Aku bakal ngukum raja Babilon lan bangsa kuwi merga kesalahané,+ lan tanahé wong Khaldéa bakal Tak dadèkké panggonan sing gersang lan telantar kanggo saklawasé.+ 13 Kabèh sing Tak omongké soal tanah kuwi bakal Tak tindakké, termasuk kabèh sing ditulis ing buku iki, sing wis diramalké Yérémia soal kabèh bangsa. 14 Akèh bangsa lan raja sing hébat+ bakal ndadèkké wong-wong kuwi budhak.+ Aku bakal mbales wong-wong kuwi sesuai karo kelakuan lan tumindaké.’”+

15 Iki sing diomongké Yéhuwah Gusti Allahé Israèl marang aku: ”Jupuken gelas sing isiné anggur sing nglambangké rasa nesu-Ku iki. Terus, lungaa menyang bangsa ngendi waé kowé Tak utus, lan kongkonen bangsa-bangsa kuwi ngombé saka gelas iki. 16 Bangsa-bangsa kuwi kudu ngombé lan sempoyongan. Kelakuané bakal kaya wong édan pas Aku nggawé mungsuh nyerang bangsa-bangsa kuwi nganggo pedhang.”+

17 Mula, gelas kuwi tak jupuk saka Yéhuwah, terus aku lunga menyang bangsa ngendi waé Yéhuwah ngutus aku lan ngongkon kabèh bangsa mau ngombé saka gelas kuwi,+ 18 yaiku dimulai saka Yérusalèm lan kutha-kutha Yéhuda,+ marang para raja lan pejabaté, bèn kabèh padha hancur. Saben wong sing ngerti kuwi bakal wedi, ngrèmèhké,* lan ngutuk,+ kaya sing arep kelakon dina iki. 19 Terus marang Firaun raja Mesir, para abdiné, pejabaté, kabèh rakyaté,+ 20 lan kabèh wong asing sing manggon ing Mesir. Terus marang kabèh raja ing Uz. Terus marang kabèh raja ing tanahé wong Filistin,+ Askélon,+ Gaza, Ékron, lan wong-wong sing isih urip ing Asdod. 21 Terus marang Édom,+ Moab,+ lan wong Ammon.+ 22 Terus marang kabèh raja Tirus, kabèh raja Sidon,+ lan para raja ing dhaérah sabrang laut. 23 Terus marang Dédan,+ Téma, Buz, lan kabèh wong sing nyukur rambut ing pelipisé nganti entèk.+ 24 Terus marang kabèh rajané wong Arab+ lan kabèh raja saka bangsa-bangsa sing manggon ing padhang belantara. 25 Terus marang kabèh raja Zimri, kabèh raja Élam,+ lan kabèh rajané wong Média.+ 26 Terus marang kabèh raja saka lor, embuh sing cedhak utawa sing adoh. Aku nemoni raja-raja kuwi siji-siji. Aku ya lunga marang kabèh kerajaan liyané ing bumi. Terus, sing terakhir ngombé saka gelas kuwi yaiku raja Syésyakh.*+

27 ”Ngomonga ngéné, ’Iki sing diomongké Yéhuwah pemimpiné pasukan, Gusti Allahé Israèl: ”Ngombéa nganti mabuk lan muntah. Kowé bakal tiba lan ora isa tangi manèh,+ merga Aku bakal nyebabké ana perang* sing nglawan kowé.”’ 28 Nèk wong-wong kuwi ora gelem nampa lan ora gelem ngombé saka gelas sing mbok gawa, kandhaa marang wong-wong kuwi, ’Iki sing diomongké Yéhuwah pemimpiné pasukan: ”Kowé kudu ngombé iki. 29 Aku bakal mènèhi bencana, lan kuwi dimulai saka kutha sing disebut nganggo jeneng-Ku.+ Mula, mosok kowé ora dihukum?”’+

”’Kowé mesthi bakal Tak hukum. Aku bakal nyebabké ana perang* sing nglawan kabèh penduduk bumi,’ kandhané Yéhuwah pemimpiné pasukan.

30 ”Sampèkna kabèh omongan ing ramalan iki marang wong-wong kuwi lan kandhaa,

’Kaya singa, Yéhuwah bakal nggero saka panggonan sing dhuwur.

Saka panggonan suciné, Dhèwèké bakal ngetokké swarané.

Dhèwèké bakal nggero banter banget ing panggonané ing bumi.*

Kaya wong sing ngidak-idak anggur ing panggonan meres anggur, Dhèwèké bengok-bengok merga seneng

Lan nyanyi lagu kemenangan kanggo kabèh penduduk bumi.’

31 ’Bakal ana swara perang nganti ujung-ujung bumi,

Sebab ana kasus antarané Yéhuwah karo bangsa-bangsa.

Dhèwèké bakal ngadili kabèh wong.+

Dhèwèké bakal nyerahké wong jahat bèn dipatèni nganggo pedhang,’ kandhané Yéhuwah.

32 Iki sing diomongké Yéhuwah pemimpiné pasukan:

’Ana bencana sing bakal nyebar saka bangsa siji menyang bangsa liyané.+

Aku bakal nyebabké ana badai sing gedhé saka bagéan-bagéan sing paling adoh ing bumi.+

33 ”’Wong-wong sing dipatèni Yéhuwah pas dina kuwi bakal pating glimpang saka ujung bumi tekan ujung bumi. Wong-wong kuwi ora bakal ditangisi lan ora bakal dikumpulké utawa dikubur. Kuwi bakal dadi kaya pupuk ing lemah.’

34 Hé para gembala, nangisa sing banter, lan mbengoka.

Hé pemimpiné bangsa, gulung-gulunga ing lemah,

Sebab wis tekan wektuné kowé dibelèh lan dipencarké kaya domba.

Kowé bakal tiba lan pecah kaya wadhah sing berharga saka tanah liat.

35 Para gembala ora isa mlayu menyang endi-endi,

Lan pemimpiné bangsa ora isa lolos.

36 Rungokna para gembala sing lagi padha mbengok

Lan pemimpiné bangsa sing lagi padha nangis banter banget,

Sebab Yéhuwah wis ngrusak padhang rumputé.

37 Ing panggonan-panggonan sing ayem, kabèh bakal dipatèni

Merga Yéhuwah nesu banget.

38 Dhèwèké kaya singa enom+ sing metu saka panggonané.

Tanahé wong-wong kuwi dadi panggonan sing medèni

Merga Dhèwèké nggunakké pedhang sing matèni akèh wong

Lan merga Dhèwèké nesu banget.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim