Yésaya
14 Yéhuwah bakal mesakké karo Yakub,+ lan Dhèwèké bakal milih Israèl manèh.+ Dhèwèké bakal nggawé umaté manggon ing tanahé dhéwé,+ lan wong asing bakal nggabung lan manggon bareng karo keturunané Yakub.+ 2 Wong saka bangsa liya bakal nggawa lan ngeterké wong Israèl bali ing panggonané dhéwé, yaiku ing tanahé Yéhuwah. Ing kono, wong Israèl bakal ndadèkké wong-wong kuwi dadi budhaké lanang lan budhaké wédok.+ Wong Israèl sing mauné ditawan karo wong-wong kuwi bakal nawan wong-wong kuwi. Wong Israèl ya bakal nguwasani wong sing mbiyèn dadi mandoré.*
3 Pas Yéhuwah mbébaské kowé saka kesusahan, kekuwatiran, lan kerja paksa sing wis mbok lakoni,+ 4 kowé bakal ngomong peribahasa iki soal raja Babilon,
”Mandoré* wis ora ana manèh.
Ora ana sing ditindhes manèh.+
5 Yéhuwah wis nugel tongkat sing digunakké wong jahat,
Yaiku tongkaté para pemimpin,+
6 Sing terus nggebugi bangsa-bangsa karo nesu,+
Sing ngalahké lan terus nganiaya bangsa-bangsa.+
7 Kabèh penduduk bumi sorak-sorak,+
Merga saiki bumi wis aman lan tentrem.
8 Wit juniper lan wit aras Lébanon
Ngrasa seneng merga sing wis mbok alami.
Wit-wit kuwi ngomong, ’Sakwisé kowé mati,
Ora ana sing negor aku manèh.’
9 Kuburan* nganti kagèt
Pas kowé mlebu ing kono.
Kabèh pemimpin sing kejem* ing bumi sing wis mati
Nganti padha tangi merga kowé.
Kabèh raja bangsa-bangsa liya nganti ngadeg saka takhtané.
10 Kabèh padha ngomong karo kowé,
’Jebulé kowé ya ora isa ngapa-ngapa manèh kaya aku.
Kowé ya padha waé karo aku.
Sèt sing akèh banget ing ngisormu dadi panggonanmu turu,
Lan cacing dadi kemulmu.’
12 Hé kowé sing kaya bintang ésuk sing bersinar,
Kowé wis tiba saka langit.
Kowé sing mbiyèn ngalahké bangsa-bangsa,+
Saiki kowé wis tiba ing lemah.
13 Kowé mbatin, ’Aku bakal munggah ing langit.+
Takhtaku bakal ana ing ndhuwuré bintang-bintangé Gusti Allah.+
Aku bakal lungguh ing gunung sing dadi panggonan ngibadah,
Sing ana ing panggonan sing paling adoh ing sisih lor.+
14 Aku bakal munggah ing ndhuwuré méga.
Aku bakal padha kaya Gusti Allah sing Mahaluhur.’
15 Ning, kowé malah bakal digawa mlebu ing Kuburan,*
Yaiku ing bagéan kuburan sing paling jero.
16 Wong sing ndelok kowé
Bakal ngematké lan nggatèkké kowé, terus ngomong,
’Apa wong iki sing nggawé bumi goncang,
Sing nggawé kerajaan-kerajaan wedi,+
17 Sing nggawé bumi dadi kaya padhang belantara,
Sing nggawé kutha-kutha ing bumi dadi hancur,+
Lan sing ora mbébaské para tahanané?’+
19 Ning, kowé ora bakal dikubur.
Kowé bakal dibuwang kaya tunas* sing njijiki.
Mayatmu bakal ketutup wong sing mati merga ditusuk pedhang,
Yaiku wong mati sing dibuwang ing lubang sing kebak watu.
Kowé kaya bathang sing diidak-idak.
20 Kowé ora bakal dikubur bareng karo raja-raja kuwi,
Merga kowé wis nggawé tanahmu dhéwé hancur
Lan matèni rakyatmu dhéwé.
Jenengé keturunané wong jahat ora bakal diéling-éling manèh.
21 Ayo siap-siap matèni anak-anaké lanang
Merga kesalahané nènèk moyangé anak-anaké lanang kuwi,
Bèn anak-anaké lanang kuwi ora dadi kuwat lan nguwasani bumi,
Bèn kutha-kuthané ora dadi saya akèh ing bumi.”
22 Yéhuwah pemimpiné pasukan ngomong, ”Aku bakal nyerang wong Babilon.”+
Yéhuwah ya ngomong, ”Jenengé wong Babilon bakal Tak hapus, lan Aku bakal nyingkirké anak putuné, kabèh keturunané, lan wong-wong sing isih ana ing kono.”+
23 Yéhuwah pemimpiné pasukan ngomong manèh, ”Aku bakal nggawé Babilon dadi rawa-rawa lan dadi panggonané landak. Dhèwèké bener-bener bakal Tak hancurké.”+
24 Yéhuwah pemimpiné pasukan wis nggawé sumpah,
”Apa sing Tak péngini, kuwi sing bakal kelakon.
Apa sing wis Tak putuské, kuwi bakal kelakon tenan.
25 Aku bakal ngalahké wong Asiria ing tanah-Ku,
Lan Aku bakal ngidak-idak dhèwèké ing gunung-Ku.+
Beban sing ditanggung umat-Ku bakal Tak singkirké.
Beban kuwi bakal Tak singkirké saka pundhaké umat-Ku.”+
26 Kuwi keputusan sing wis digawé kanggo bangsa-bangsa ing bumi,
Lan kuwi kuwasané Gusti Allah sing siap dienggo ngukum* kabèh bangsa.
27 Nèk Yéhuwah pemimpiné pasukan wis nggawé keputusan,
Sapa sing isa nggawé kuwi ora kelakon?+
Nèk Gusti Allah nggunakké kuwasané kanggo ngukum,
Sapa sing isa ngalangi?+
28 Ing taun pas Raja Ahaz mati,+ Gusti Allah nyampèkké berita penghukuman iki:
29 ”Hé kowé wong Filistia, aja ngrasa seneng
Mung merga tongkat sing dienggo nggebug kowé wis ditugel,
Sebab anaké ula bakal dadi ula beracun+
Lan keturunané bakal dadi ula beracun sing isa mabur.
30 Anaké wong cilik bakal mangan nganti wareg
Lan wong mlarat bakal turonan lan ngrasa aman,
Ning Aku bakal nggawé keluargamu* mati kelaparan
Lan sing isih urip ing antaramu bakal dipatèni.+
31 Hé wong-wong ing gerbang, nangisa sing banter. Hé wong-wong ing kutha, padha njerita.
Hé wong Filistia, kowé kabèh bakal dadi wedi
Merga ana pasukan sing teka saka lor kaya asap,
Lan kabèh pasukan mungsuh maju perang, ora ana sing ketinggalan.”
32 Nèk utusan saka bangsa-bangsa* liya takon, kudu dijawab apa?
Kudu dijawab nèk Yéhuwah wis nggawé pondhasi ing Zion,+
Lan wong cilik sing dadi umaté bakal berlindung ing kono.