PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • 1 Babad 11
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

Intiné Buku 1 Babad

      • Wong Israèl nglantik Daud dadi raja (1-3)

      • Daud ngrebut Zion (4-9)

      • Para pejuangé Daud sing hébat (10-47)

1 Babad 11:1

Cathetan Ngisor

  • *

    Lit.: ”balungmu lan dagingmu”.

Réferènsi Silang

  • +Wi 13:22; 2Sam 2:1; 5:5; 1Bb 12:23
  • +2Sam 5:1, 2

1 Babad 11:2

Cathetan Ngisor

  • *

    Lit.: ”sing nggawa Israèl metu lan mlebu”.

Réferènsi Silang

  • +1Sam 18:6, 13
  • +2Sam 6:21; 7:8, 9; Mzm 78:70, 71

1 Babad 11:3

Cathetan Ngisor

  • *

    Utawa ”kabèh sesepuhé”.

Réferènsi Silang

  • +1Sam 16:13; 2Sam 2:4; 5:3
  • +1Sam 15:27, 28

1 Babad 11:4

Réferènsi Silang

  • +Yos 15:63; PH 1:21; 19:10
  • +PD 10:15, 16; 15:18, 21; Pa 3:17

1 Babad 11:5

Réferènsi Silang

  • +2Sam 5:6-10
  • +1Raj 8:1; Mzm 2:6; 48:2
  • +1Raj 2:10

1 Babad 11:6

Cathetan Ngisor

  • *

    Lit.: ”kepala”.

Réferènsi Silang

  • +2Sam 2:18

1 Babad 11:8

Cathetan Ngisor

  • *

    Utawa ”Milo”. Kata Ibrani sing artiné ”gundhukan”.

1 Babad 11:9

Réferènsi Silang

  • +2Sam 3:1

1 Babad 11:10

Réferènsi Silang

  • +1Sam 16:12, 13

1 Babad 11:11

Réferènsi Silang

  • +1Bb 27:1, 2
  • +2Sam 23:8
  • +Yos 23:10

1 Babad 11:12

Réferènsi Silang

  • +2Sam 23:9, 10, 15-17
  • +1Bb 8:1, 4

1 Babad 11:13

Réferènsi Silang

  • +1Sam 17:1

1 Babad 11:14

Cathetan Ngisor

  • *

    Utawa ”slamet”.

Réferènsi Silang

  • +Mzm 18:50

1 Babad 11:15

Réferènsi Silang

  • +1Sam 22:1
  • +Yos 15:8, 12; 2Sam 23:13-17

1 Babad 11:17

Réferènsi Silang

  • +1Sam 20:6

1 Babad 11:19

Réferènsi Silang

  • +PD 9:4; Km 17:10

1 Babad 11:20

Réferènsi Silang

  • +1Sam 26:6; 2Sam 2:18; 18:2
  • +2Sam 3:30
  • +2Sam 23:18, 19

1 Babad 11:22

Cathetan Ngisor

  • *

    Lit.: ”anaké wong sing kendel”.

Réferènsi Silang

  • +1Raj 4:4; 1Bb 27:1, 5
  • +Yos 15:21
  • +PH 14:5, 6; 1Sam 17:36, 37; 2Sam 23:20-23

1 Babad 11:23

Cathetan Ngisor

  • *

    Kira-kira 2,23 m. Deloken Lamp. B14

Réferènsi Silang

  • +1Sam 17:4
  • +1Sam 17:7
  • +1Sam 17:51

1 Babad 11:25

Réferènsi Silang

  • +1Bb 11:19

1 Babad 11:26

Réferènsi Silang

  • +2Sam 2:18, 23; 1Bb 27:1, 7
  • +2Sam 23:24-39

1 Babad 11:28

Réferènsi Silang

  • +1Bb 27:1, 9
  • +1Bb 27:1, 12

1 Babad 11:29

Réferènsi Silang

  • +2Sam 21:18; 1Bb 27:1, 11

1 Babad 11:30

Réferènsi Silang

  • +1Bb 27:1, 13
  • +1Bb 27:1, 15

1 Babad 11:31

Réferènsi Silang

  • +PH 20:15; 1Bb 12:1, 2

1 Babad 11:32

Cathetan Ngisor

  • *

    Utawa ”wadi-wadi”. Deloken Daftar Istilah.

Réferènsi Silang

  • +Yos 24:30

1 Babad 11:41

Réferènsi Silang

  • +2Sam 11:3, 17; 12:9; 1Raj 15:5

Terjemahan Liya

Klik ayat kanggo ndelok ayat sing padha saka Alkitab liya.

Keterangan Liya

1 Bb. 11:1Wi 13:22; 2Sam 2:1; 5:5; 1Bb 12:23
1 Bb. 11:12Sam 5:1, 2
1 Bb. 11:21Sam 18:6, 13
1 Bb. 11:22Sam 6:21; 7:8, 9; Mzm 78:70, 71
1 Bb. 11:31Sam 16:13; 2Sam 2:4; 5:3
1 Bb. 11:31Sam 15:27, 28
1 Bb. 11:4Yos 15:63; PH 1:21; 19:10
1 Bb. 11:4PD 10:15, 16; 15:18, 21; Pa 3:17
1 Bb. 11:52Sam 5:6-10
1 Bb. 11:51Raj 8:1; Mzm 2:6; 48:2
1 Bb. 11:51Raj 2:10
1 Bb. 11:62Sam 2:18
1 Bb. 11:92Sam 3:1
1 Bb. 11:101Sam 16:12, 13
1 Bb. 11:111Bb 27:1, 2
1 Bb. 11:112Sam 23:8
1 Bb. 11:11Yos 23:10
1 Bb. 11:122Sam 23:9, 10, 15-17
1 Bb. 11:121Bb 8:1, 4
1 Bb. 11:131Sam 17:1
1 Bb. 11:14Mzm 18:50
1 Bb. 11:151Sam 22:1
1 Bb. 11:15Yos 15:8, 12; 2Sam 23:13-17
1 Bb. 11:171Sam 20:6
1 Bb. 11:19PD 9:4; Km 17:10
1 Bb. 11:201Sam 26:6; 2Sam 2:18; 18:2
1 Bb. 11:202Sam 3:30
1 Bb. 11:202Sam 23:18, 19
1 Bb. 11:221Raj 4:4; 1Bb 27:1, 5
1 Bb. 11:22Yos 15:21
1 Bb. 11:22PH 14:5, 6; 1Sam 17:36, 37; 2Sam 23:20-23
1 Bb. 11:231Sam 17:4
1 Bb. 11:231Sam 17:7
1 Bb. 11:231Sam 17:51
1 Bb. 11:251Bb 11:19
1 Bb. 11:262Sam 2:18, 23; 1Bb 27:1, 7
1 Bb. 11:262Sam 23:24-39
1 Bb. 11:281Bb 27:1, 9
1 Bb. 11:281Bb 27:1, 12
1 Bb. 11:292Sam 21:18; 1Bb 27:1, 11
1 Bb. 11:301Bb 27:1, 13
1 Bb. 11:301Bb 27:1, 15
1 Bb. 11:31PH 20:15; 1Bb 12:1, 2
1 Bb. 11:32Yos 24:30
1 Bb. 11:412Sam 11:3, 17; 12:9; 1Raj 15:5
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
  • 1
  • 2
  • 3
  • 4
  • 5
  • 6
  • 7
  • 8
  • 9
  • 10
  • 11
  • 12
  • 13
  • 14
  • 15
  • 16
  • 17
  • 18
  • 19
  • 20
  • 21
  • 22
  • 23
  • 24
  • 25
  • 26
  • 27
  • 28
  • 29
  • 30
  • 31
  • 32
  • 33
  • 34
  • 35
  • 36
  • 37
  • 38
  • 39
  • 40
  • 41
  • 42
  • 43
  • 44
  • 45
  • 46
  • 47
Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
1 Babad 11:1-47

1 Babad

11 Terus, kabèh wong Israèl padha marani Daud ing Hébron+ lan kandha, ”Aku kabèh iki isih sedulurmu.*+ 2 Pas Saul isih dadi raja, njenengan sing mimpin Israèl maju perang.*+ Yéhuwah Gusti Allahmu ngandhani njenengan, ’Kowé bakal angon umat-Ku Israèl lan dadi pemimpiné umat-Ku Israèl.’”+ 3 Mula, kabèh pemimpiné* Israèl padha marani Raja ing Hébron, lan Daud nggawé perjanjian karo wong-wong kuwi ing Hébron ing ngarepé Yéhuwah. Terus, wong-wong kuwi nglantik Daud dadi rajané Israèl,+ kaya sing diomongké Yéhuwah liwat Samuèl.+

4 Terus, Daud lan kabèh wong Israèl mangkat menyang Yérusalèm, yaiku menyang Yébus,+ tanah panggonané wong Yébus.+ 5 Penduduk Yébus ngécé Daud, ”Kowé ora bakal isa mlebu mréné!”+ Ning, Daud ngrebut bèntèng Zion,+ sing saiki dadi Kutha Daud.+ 6 Mula Daud kandha, ”Wong sing luwih dhisik nyerang wong Yébus bakal dadi pemimpin* lan pejabat.” Yoab+ anaké Zéruya maju luwih dhisik, lan dhèwèké dadi pemimpin. 7 Terus, Daud manggon ing bèntèng kuwi. Kuwi sebabé bèntèng kuwi disebut Kutha Daud. 8 Daud mulai mbangun témbok lan bangunan liyané ing sekitaré, saka Bukit* nganti tekan dhaérah ing sekitaré. Yoab mbangun manèh bagéan-bagéan liyané saka kutha kuwi. 9 Mula Daud dadi saya kuwat,+ lan Yéhuwah pemimpiné pasukan nglindhungi dhèwèké.

10 Iki pemimpiné para prajurité Daud sing hébat. Wong-wong kuwi lan kabèh wong Israèl bener-bener ndhukung supaya Daud dadi raja, kaya janjiné Yéhuwah marang Israèl.+ 11 Iki daftar para prajurité Daud sing hébat: Yasyobéam+ anaké wong Hakhmoni. Dhèwèké kuwi pemimpiné telu prajurité Daud sing hébat.+ Ing salah siji perang, dhèwèké tau matèni wong 300 nganggo tombaké.+ 12 Terus, ana Èléazar+ anaké Dodo wong Ahohi.+ Èléazar kuwi salah siji wong saka telu prajurité Daud sing hébat. 13 Dhèwèké bareng karo Daud ing Pas-damim,+ panggonané wong Filistin ngumpul kanggo perang. Ing kono, ana ladhang sing kebak barli, lan wong-wong wis padha mlayu merga wong Filistin. 14 Ning, dhèwèké tetep ana ing tengah-tengahé ladhang kuwi bèn ladhang kuwi ora direbut. Dhèwèké nyerang lan matèni wong Filistin. Mula, Yéhuwah nggawé Israèl menang.*+

15 Telu saka 30 pemimpin pasukan padha lunga menyang gunung watu merga arep marani Daud ing Guwa Adulam,+ lan pasukan Filistin kémah ing Lembah Réfaim.+ 16 Wektu kuwi Daud ana ing panggonané ndhelik, lan pos Filistin ana ing Bètlehèm. 17 Terus, Daud ngomongké kepénginané, ”Nèk aku isa ngombé banyu sing ana ing sumur cedhak gerbang Bètlehèm, aku mesthi bakal seneng banget.”+ 18 Wektu krungu kuwi, telu prajurit sing hébat mau nrobos perkémahané wong Filistin lan njupuk banyu saka sumur ing cedhak gerbang Bètlehèm, terus banyu kuwi diwènèhké Daud. Ning, Daud ora gelem ngombé banyu kuwi, terus banyu kuwi diesokké dadi korban kanggo Yéhuwah 19 Daud kandha, ”Oh Yéhuwah, aku ora mungkin ngombé banyu kuwi. Wong-wong kuwi wis toh nyawa bèn isa nggawa banyu iki.+ Nèk aku ngombé banyu kuwi, kuwi kaya ngombé getihé wong-wong kuwi.” Daud ora gelem ngombé banyu mau. Kuwi sing ditindakké telu prajurit sing hébat mau.

20 Abisyai+ seduluré Yoab+ dadi pemimpiné telu prajurit hébat sing liyané. Dhèwèké matèni wong 300 nganggo tombaké, lan dhèwèké terkenal kaya telu prajurit hébat sing pertama mau.+ 21 Ing antarané telu prajurit hébat liyané mau, dhèwèké sing luwih diajèni timbang sing loro liyané, lan dhèwèké sing dadi pemimpiné. Senajan ngono, dhèwèké ora ngungkuli telu prajurit hébat sing pertama.

22 Bénaya+ anaké Yéhoyada kuwi wong sing kendel.* Tumindaké Bénaya ing Kabzéèl kuwi luar biasa.+ Dhèwèké matèni loro anaké Arièl saka Moab. Dhèwèké ya mlebu ing lubang pas udan salju lan matèni singa ing kono.+ 23 Dhèwèké ya matèni wong Mesir sing awaké gedhé banget, sing dhuwuré limang hasta.*+ Senajan wong Mesir kuwi nyekel tombak sing gedhéné sak kayu penggulung ing alat tenun,+ Bénaya nglawan wong kuwi nganggo tongkat lan ngrebut tombak saka tangané wong Mesir kuwi, terus wong kuwi dipatèni nganggo tombak kuwi.+ 24 Kuwi sing ditindakké Bénaya anaké Yéhoyada. Dhèwèké terkenal kaya telu prajurit hébat sing pertama mau. 25 Senajan dhèwèké luwih diajèni timbang 30 wong mau, dhèwèké ora ngungkuli telu prajurit hébat sing pertama.+ Ning, Daud ngangkat Bénaya dadi pengawal pribadiné.

26 Para prajurit hébat ing pasukan kuwi yaiku Asahèl+ seduluré Yoab, Èlhanan anaké Dodo saka Bètlehèm,+ 27 Syamot wong Haror, Hèlèz wong Péloni, 28 Ira+ anaké Ikès wong Tékoa, Abi-èzèr+ wong Anatot, 29 Sibékai+ wong Husya, Ilai wong Ahohi, 30 Maharai+ wong Nétofa, Hèlèd+ anaké Baanah wong Nétofa, 31 Itai anaké Ribai saka kutha Gibéah Bènyamin,+ Bénaya wong Piraton, 32 Hurai saka lembah-lembah* Gaas,+ Abièl wong Araba, 33 Azmawèt wong Baharum, Èliahba wong Syaalbon, 34 anak-anaké lanang Hasyèm wong Gizon, Yonatan anaké Syagé wong Harari, 35 Ahiam anaké Sakar wong Harari, Èlifal anaké Ur, 36 Hèfèr wong Mékhéra, Ahiya wong Péloni, 37 Hézro wong Karmèl, Naarai anaké Ézbai, 38 Yoèl seduluré Natan, Mibhar anaké Hagri, 39 Zèlèk wong Ammon, Naharai wong Bérot, yaiku sing mbantu nggawa senjatané Yoab anaké Zéruya, 40 Ira wong Itri, Garèb wong Itri, 41 Uria+ wong Hèt, Zabad anaké Ahlai, 42 Adina anaké Syiza wong Rubèn, pemimpiné wong Rubèn, lan ana 30 wong sing bareng dhèwèké, 43 Hanan anaké Maaka, Yosyafat wong Mitni, 44 Uzia wong Astarot, Syama lan Yéièl, yaiku anak-anaké Hotam wong Aroèr, 45 Yédiaèl anaké Syimri, lan Yoha seduluré, yaiku wong Tizi, 46 Èlièl wong Mahawim, Yéribai lan Yosyawia anak-anaké Èlnaam, lan Itma wong Moab, 47 Èlièl, Obèd, lan Yaasièl wong Mézoba.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim