PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • nwt Èster 1:1-10:3
  • Èster

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Èster
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
Èster

ÈSTER

1 Iki kelakon pas jamané Ahaswéros,* yaiku Ahaswéros sing mréntah 127 provinsi+ saka India nganti Étiopia.* 2 Wektu kuwi, Raja Ahaswéros mréntah ing Bèntèng* Syusyan.*+ 3 Ing taun ketelu pamréntahané, dhèwèké nganakké pésta kanggo kabèh pejabat lan pelayané. Pasukan Pèrsia+ lan Média,+ para bangsawan, lan para pejabat provinsi padha teka ing pésta kuwi. 4 Raja mamèrké harta kerajaané sing megah lan kehébatané sing luar biasa, 180 dina suwéné. 5 Sakwisé kuwi, Raja nganakké pésta* pitung dina suwéné ing taman istanané kanggo kabèh wong sing ana ing Bèntèng* Syusyan,* embuh kuwi wong penting utawa wong biasa. 6 Panggonan kuwi dihiasi nganggo kordhèn saka linèn, katun alus, lan kain biru sing ditalèni nganggo tali saka kain sing apik lan wol ungu. Kordhèn kuwi digantungké ing gantungan pérak sing dipasang ing tugu-tugu marmer. Ana kursi-kursi dawa saka emas lan pérak ing lantai saka watu porfiria, mutiara, marmer putih, lan marmer ireng.

7 Raja Ahaswéros sugih banget, lan dhèwèké nduwé minuman anggur sing akèh banget. Minuman anggur kuwi disuguhké ing gelas-gelas emas sing béda-béda. 8 Ora ana sing isa meksa sapa waé bèn ngombé. Kuwi aturan ing acara kuwi. Raja wis nggawé pengaturan karo para pejabat istanané nèk saben wong éntuk ngombé sak karepé.

9 Ratu Wasti+ ya nganakké pésta kanggo wong-wong wédok sing ana ing istanané Raja Ahaswéros.

10 Ing dina kepitu, pas atiné Raja seneng merga ngombé anggur, dhèwèké mènèhi préntah marang Méhuman, Bizta, Harbona,+ Bigta, Abagta, Zétar, lan Karkas, yaiku pejabat istana pitu sing dadi pelayan pribadiné Raja Ahaswéros. 11 Raja mréntahké bèn Ratu Wasti teka ing ngarepé Raja karo nganggo mahkota* kerajaan. Raja péngin mamèrké ayuné Ratu Wasti marang rakyat lan para pejabaté merga Ratu Wasti ayu banget. 12 Ning, wektu para pejabat nyampèkké préntahé Raja, Ratu Wasti bola-bali kandha nèk ora gelem teka. Mula Raja dadi nesu banget.

13 Terus, Raja kandha marang wong-wong sing wicaksana sing paham soal kebiasaan* jaman mbiyèn. (Wektu nangani urusan apa waé, Raja mesthi njaluk sarané wong-wong sing ahli ing bidang hukum lan kasus hukum 14 lan wong-wong sing paling cedhak karo Raja, yaiku Karsyéna, Syétar, Admata, Tarsyis, Mèrès, Marséna, lan Mémukan. Wong-wong kuwi pitu pejabat+ Pèrsia lan Média sing isa langsung nemoni Raja lan sing nduwé jabatan paling dhuwur ing kerajaan.) 15 Raja takon, ”Nurut hukum, Ratu Wasti kudu diapakké merga dhèwèké ora gelem manut karo préntahé Raja Ahaswéros sing disampèkké liwat para pejabat istana?”

16 Mémukan kandha ing ngarepé Raja lan para pejabat, ”Kesalahané Ratu Wasti kuwi ora mung marang Raja,+ ning ya marang kabèh pejabat lan kabèh rakyat sing manggon ing kabèh provinsi sing dipréntah Raja Ahaswéros. 17 Kabèh wong wédok bakal ngerti apa sing ditindakké Ratu. Terus, wong-wong kuwi bakal ngrèmèhké bojoné lan kandha, ’Ratu Wasti waé ora gelem teka pas diundang* Raja Ahaswéros.’ 18 Dina iki, bojoné para pejabat Pèrsia lan Média sing ngerti soal tumindaké Ratu bakal mèlu-mèlu ngomong kaya ngono karo bojoné. Akibaté, sing wédok bakal ngrèmèhké bojoné lan sing lanang bakal nesu banget karo bojoné. 19 Nèk gelem, Raja isa nggawé keputusan, terus ditulis ing hukum Pèrsia lan Média sing ora isa dibatalké. Keputusan kuwi isiné yaiku Wasti ora éntuk ngadhep Raja Ahaswéros manèh.+ Kedudukané Wasti dadi ratu bakal diwènèhké marang wong wédok liya sing luwih apik timbang dhèwèké. 20 Nèk keputusané Raja diumumké ing kabèh wilayah kerajaané njenengan sing amba iki, kabèh wong wédok bakal ngajèni bojoné, embuh bojoné kuwi wong biasa utawa wong penting.”

21 Raja lan para pejabat setuju karo sarané Mémukan. 22 Mula, Raja ngirim surat marang kabèh provinsi ing kerajaané.+ Saben provinsi nampa surat ing tulisané* dhéwé-dhéwé, lan saben bangsa ing basané dhéwé-dhéwé. Surat kuwi isiné yaiku saben wong lanang kudu dadi kepala ing keluargané lan omongan karo keluargané nganggo basané dhéwé.

2 Sakwisé kuwi kabèh, wektu Raja Ahaswéros+ wis ora nesu manèh, dhèwèké mikirké kelakuané Wasti+ lan keputusan sing wis digawé kanggo Wasti.+ 2 Terus, pelayan pribadiné Raja kandha, ”Raja, wènèhana préntah kanggo nggolèk prawan sing ayu-ayu. 3 Tugasna wong-wong ing kabèh provinsi kerajaané njenengan+ bèn padha nggawa kabèh prawan sing ayu menyang Bèntèng* Syusyan,* yaiku menyang omahé wong-wong wédok.* Para prawan kuwi bakal diawasi karo Hégai,+ pejabat kerajaan lan penjagané wong-wong wédok. Wènèhana perawatan kecantikan* kanggo para prawan kuwi. 4 Terus, cah wédok sing paling njenengan senengi bakal dadi Ratu nggantèni Wasti.”+ Raja setuju karo saran iki, lan kuwi ditindakké.

5 Ing Bèntèng Syusyan,+ ana wong Yahudi jenengé Mordekai,+ anaké Yair anaké Syiméi anaké Kis, wong Bènyamin.+ 6 Dhèwèké digawa Nébukhadnézar raja Babilon saka Yérusalèm menyang penawanan, bareng karo Yékonia+ raja Yéhuda lan wong-wong liyané. 7 Mordekai kuwi sing nggedhèkké* Hadasa* yaiku Èster, sepupuné,* merga Èster wis ora nduwé bapak+ utawa ibu. Cah wédok iki ayu lan penampilané nyenengké. Wektu wong tuwané Èster mati, Mordekai ngangkat dhèwèké dadi anaké. 8 Wektu omongan lan hukumé Raja diumumké lan akèh cah wédok padha digawa marang Hégai ing Bèntèng* Syusyan,* Èster ya digawa menyang istanané Raja lan diawasi Hégai,+ penjagané wong-wong wédok kuwi.

9 Hégai seneng lan sayang karo* Èster. Mula, dhèwèké langsung ngatur perawatan kecantikan*+ lan menu panganané Èster. Dhèwèké ya milih cah wédok pitu saka istanané Raja bèn nglayani Èster, terus mindhahké Èster lan para pelayané menyang panggonan sing paling apik ing omahé wong-wong wédok.* 10 Èster ora crita apa-apa soal bangsa lan keluargané,+ merga Mordekai+ ngongkon dhèwèké bèn ora crita karo sapa-sapa.+ 11 Saben dina, Mordekai mloka-mlaku ing ngarep halaman omahé wong-wong wédok* merga péngin ngerti keadaané Èster lan apa sing dialami Èster.

12 Saben cah wédok bakal ngadhep Raja Ahaswéros sakwisé ngrampungké perawatan kecantikan* 12 sasi suwéné sesuai karo pengaturan sing wis digawé, yaiku enem sasi perawatan nganggo minyak mur,*+ enem sasi nganggo minyak balsam,*+ lan minyak-minyak liyané kanggo perawatan kecantikan.* 13 Sakwisé kuwi, cah wédok mau siap ngadhep Raja. Apa waé sing dijaluk cah wédok kuwi bakal diwènèhké wektu arep mangkat saka omahé wong-wong wédok* menyang istanané Raja. 14 Benginé, cah wédok kuwi bakal ngadhep Raja. Sésuk ésuké, dhèwèké bakal pindhah menyang omah liyané sing diawasi pejabaté Raja sing jenengé Syaasgaz, penjagané para selir.+ Cah wédok kuwi ora bakal ngadhep Raja manèh, kecuali Raja seneng karo dhèwèké lan Raja ngundang* jenengé.+

15 Pas Èster anaké Abihail, yaiku sepupuné Mordekai sing diangkat Mordekai dadi anaké,+ éntuk giliran ngadhep Raja, dhèwèké ora njaluk apa-apa sakliyané sing disaranké Hégai, pejabat kerajaan lan penjagané wong-wong wédok. (Wektu kuwi, kabèh wong sing ndelok Èster padha seneng karo dhèwèké.) 16 Ing sasi kesepuluh, yaiku sasi Tebet,* ing taun kepitu+ pamréntahané Raja Ahaswéros, Èster digawa ngadhep Raja. 17 Raja nresnani Èster ngluwihi kabèh wong wédok liyané. Raja seneng lan sayang karo* Èster timbang kabèh prawan liyané. Mula, Raja masangké mahkota* kerajaan ing sirahé Èster lan ndadèkké dhèwèké Ratu+ nggantèni Wasti.+ 18 Raja nganakké pésta gedhé kanggo Èster lan ngundang kabèh pejabat lan pelayané. Raja ya mènèhi amnèsti* ing akèh provinsi. Raja ya terus mènèhi hadiah marang rakyat merga Raja sugih banget.

19 Wektu para prawan*+ diklumpukké manèh, Mordekai lagi lungguh ing gerbang istana Raja. 20 Èster ora ngomong apa-apa soal keluargané lan bangsané,+ kaya sing dipréntahké Mordekai. Èster terus manut omongané Mordekai, kaya pas dhèwèké isih manggon bareng karo Mordekai.+

21 Ing dina-dina kuwi, wektu Mordekai lagi lungguh ing gerbang istana Raja, petugas loro sing njaga lawang istanané Raja yaiku Bigtan lan Tèrès, dadi nesu lan péngin matèni Raja Ahaswéros. 22 Ning, Mordekai ngerti soal kuwi lan langsung ngandhani Ratu Èster. Terus, Èster ngandhani Raja nganggo jenengé Mordekai. 23 Dadi, masalah kuwi diselidiki lan kebukti bener. Akhiré, wong lanang loro kuwi digantung ing cagak. Kabèh kuwi ditulis ing ngarepé Raja ing buku cathetan sejarah.+

3 Sakwisé kuwi kabèh kelakon, Raja Ahaswéros ngunggahké pangkaté Haman+ anaké Hamédata wong Agag+ lan mènèhi dhèwèké jabatan sing luwih dhuwur timbang kabèh pejabat liyané.+ 2 Raja mréntahké bèn kabèh pelayané Raja sing ana ing gerbang istana Raja padha mbungkuk lan sujud marang Haman. Ning, Mordekai ora gelem mbungkuk utawa sujud. 3 Mula, para pelayan kuwi padha takon marang Mordekai, ”Ngapa kok kowé ora manut préntahé Raja?” 4 Saben dina wong-wong kuwi padha ngomong kaya ngono, ning Mordekai ora gelem ngrungokké. Terus, wong-wong kuwi lapor marang Haman merga péngin ngerti apa tumindaké Mordekai kuwi bakal dijarké waé.+ Sakdurungé, Mordekai wis ngandhani wong-wong kuwi nèk dhèwèké kuwi wong Yahudi.+

5 Pas ndelok nèk Mordekai bener-bener ora gelem mbungkuk lan sujud, Haman dadi nesu banget.+ 6 Haman wis dikandhani nèk Mordekai kuwi wong Yahudi, mula dhèwèké ora gelem nèk mung matèni Mordekai. Dadi, Haman mulai ngupaya matèni kabèh wong Yahudi sing manggon ing kabèh dhaérah kerajaané Ahaswéros, yaiku kabèh wong sing sak bangsa karo Mordekai.

7 Ing sasi pertama, yaiku sasi Nisan,* ing taun ke-12+ pamréntahané Raja Ahaswéros, wong-wong padha nguncalké Pur+ (maksudé, Undhi) ing ngarepé Haman bèn isa nentokké dina lan sasi sing cocog kanggo nindakké rencanané. Hasil undhiné yaiku sasi ke-12, sasi Adar.*+ 8 Terus Haman kandha marang Raja Ahaswéros, ”Ana bangsa sing kesebar lan mencar ing antarané bangsa-bangsa liya+ ing kabèh provinsi ing dhaérah kerajaané njenengan.+ Hukumé béda karo kabèh bangsa liyané, lan wong-wong kuwi ora manut karo hukumé Raja. Nèk wong-wong kuwi diejarké waé, njenengan bakal rugi. 9 Nèk njenengan setuju, nggawéa surat keputusan sing isiné wong-wong kuwi kudu disingkirké. Aku bakal mbayar para pejabat 10.000 talènta* pérak bèn dilebokké ing kas kerajaan.”*

10 Raja langsung nyopot cincin cap+ saka tangané lan mènèhké kuwi marang Haman+ anaké Hamédata wong Agag,+ mungsuhé wong Yahudi. 11 Raja kandha marang Haman, ”Bangsa kuwi lan kabèh péraké tak pasrahké kowé, tumindaka sak karepmu.” 12 Bar kuwi, para sekretarisé Raja+ padha diundang* pas dina ke-13 sasi pertama. Wong-wong kuwi nulis+ kabèh préntahé Haman, terus ngirimké surat kuwi marang para wakilé raja, para gubernur provinsi, lan para pejabat saka kabèh bangsa. Saben provinsi nampa surat ing tulisané* dhéwé-dhéwé, lan saben bangsa ing basané dhéwé-dhéwé. Kuwi ditulis nganggo jenengé Raja Ahaswéros lan disahké nganggo cincin cap duwèké Raja.+

13 Surat-surat kuwi dikirim liwat para utusan menyang kabèh provinsi kerajaan. Isiné yaiku préntah nèk ing dina ke-13 sasi ke-12, yaiku sasi Adar,+ kabèh wong Yahudi embuh kuwi sing tuwa utawa sing enom, bocah-bocah utawa wong wédok, kudu disingkirké ing wektu sedina lan dijarah kabèh hartané.+ 14 Isiné surat kuwi dadi hukum ing saben provinsi lan diumumké marang kabèh bangsa supaya wong-wong kuwi isa siap ngadhepi dina kuwi. 15 Kaya préntahé Raja, para utusan mau padha cepet-cepet mangkat.+ Hukum kuwi ditokké ing Bèntèng* Syusyan.*+ Wektu kuwi Haman lungguh karo ngombé-ngombé bareng Raja, ning wong-wong ing kutha Syusyan* padha gègèr.

4 Wektu ngerti kuwi kabèh,+ Mordekai+ nyuwèk klambiné, terus nganggo kain goni lan nyawuri awaké nganggo awu. Bar kuwi, dhèwèké lunga menyang tengah-tengah kutha lan nangis nggero-nggero karo sedhih. 2 Pas tekan ngarep gerbang istana, dhèwèké mandheg merga wong sing nganggo kain goni ora éntuk mlebu ing gerbang istana Raja. 3 Ing saben provinsi,+ yaiku ing endi waé préntah lan keputusané Raja disampèkké, wong Yahudi ing kono padha sedhih banget, terus padha pasa+ lan nangis karo sambat. Akèh sing padha turu ing ndhuwuré kain goni lan awu.+ 4 Pas wong-wong wédok sing nglayani Èster lan para pejabat ngandhani Èster soal apa sing lagi kelakon, Ratu dadi sedhih banget. Terus, Ratu ngirimi klambi bèn dienggo Mordekai supaya dhèwèké ora nganggo kain goni manèh, ning Mordekai ora gelem. 5 Mula Èster ngundang Hatakh, salah siji pejabaté Raja sing ditugasi kanggo nglayani Èster. Èster ngongkon Hatakh nakoni Mordekai sakjané lagi ana apa.

6 Mula, Hatakh nemoni Mordekai ing lapangan kutha sing ana ing ngarep gerbang istana Raja. 7 Terus, Mordekai nyritakké marang Hatakh kabèh sing kelakon lan jumlah dhuwit+ sing dijanjèkké Haman arep dilebokké ing kas kerajaan bèn isa nyingkirké wong Yahudi.+ 8 Mordekai ya mènèhi Hatakh salinan surat keputusan sing wis ditokké ing Syusyan*+ soal wong Yahudi sing arep disingkirké mau. Mordekai ngongkon Hatakh nduduhké surat kuwi marang Èster lan njelaské kuwi. Mordekai ya ngongkon Èster+ ngadhep Raja lan njaluk bèn Raja gelem mesakké bangsané Èster.

9 Terus, Hatakh bali lan ngandhani Èster kabèh sing diomongké Mordekai. 10 Èster ngongkon Hatakh bèn ngandhani Mordekai,+ 11 ”Kabèh pelayané Raja lan rakyat ing provinsi-provinsi kerajaan padha ngerti nèk Raja wis mènèhi hukum yaiku sapa waé, embuh kuwi wong lanang utawa wong wédok, sing mlebu menyang halaman njero kerajaan+ ning ora diundang,* wong kuwi kudu dipatèni. Dhèwèké isa tetep urip mung nèk Raja ngethungké tongkat emasé marang wong kuwi.+ Padahal, wis 30 dina aku ora diundang Raja.”

12 Bar Mordekai nampa pesené Èster, 13 dhèwèké njawab, ”Aja ngira nèk kowé luwih aman timbang wong Yahudi liyané mung merga kowé anggota keluarga kerajaan. 14 Nèk saiki kowé meneng waé, sakjané wong Yahudi bakal tetep slamet lan dibébaské embuh piyé carané,+ ning kowé lan keluargané bapakmu bakal mati. Sapa ngerti kanggo tujuan iki kowé dadi ratu.”+

15 Terus Èster njawab Mordekai, 16 ”Klumpukna kabèh wong Yahudi sing manggon ing Syusyan,* lan kongkonen+ wong-wong kuwi pasa kanggo aku. Aja mangan utawa ngombé telung dina telung bengi.+ Aku lan wong-wong wédok sing dadi pelayanku ya arep pasa. Aku bakal ngadhep Raja senajan kuwi nglanggar hukum. Nèk aku kudu mati, ya bèn aku mati.” 17 Mula, Mordekai lunga lan nindakké kabèh sing dipréntahké Èster.

5 Ing dina ketelu,+ Èster nganggo klambi kerajaan lan ngadeg ing halaman njero istana Raja, ing sabrangé istana Raja. Raja lagi lungguh ing takhtané sing madhep lawang. 2 Pas ndelok Ratu Èster ngadeg ing halaman kuwi, Raja seneng banget. Raja ngethungké tongkat emasé marang Èster,+ terus Èster nyedhak lan nyekel kepala tongkat mau.

3 Raja takon, ”Ana apa Ratu Èster? Kowé arep njaluk apa? Senajan sing mbok jaluk kuwi setengah saka kerajaanku, kuwi bakal tak wènèhké.” 4 Èster njawab, ”Nèk Raja gelem, tulung njenengan teka karo Haman+ dina iki ing pésta sing wis tak siapké kanggo njenengan.” 5 Mula Raja mènèhi préntah, ”Kongkonen Haman bèn ndang teka kaya sing dijaluk Èster.” Terus, Raja lan Haman teka ing pésta sing wis disiapké Èster.

6 Pas lagi padha ngombé anggur,* Raja takon marang Èster, ”Kowé péngin apa? Kuwi bakal dikabulké. Kowé arep njaluk apa? Senajan sing mbok jaluk kuwi setengah saka kerajaanku, kuwi bakal tak wènèhké.”+ 7 Èster njawab, ”Sing tak péngini lan sing tak jaluk yaiku, 8 nèk aku nyenengké kanggoné Raja lan nèk Raja gelem ngabulké sing tak péngini lan mènèhi sing tak jaluk, tulung sésuk njenengan teka karo Haman menyang pésta sing bakal tak anakké. Sésuk aku bakal ngandhani apa kepénginanku.”

9 Dina kuwi, Haman bali saka pésta karo seneng lan atiné bahagia. Ning, pas Haman ndelok Mordekai ing gerbang istana Raja lan weruh nèk Mordekai ora ngadeg lan ora wedi blas karo dhèwèké, Haman dadi nesu banget karo Mordekai.+ 10 Ning Haman isih isa ngempet nesuné, terus bali menyang omahé. Bar kuwi, Haman ngundang kanca-kanca lan Zèrès+ bojoné. 11 Haman nyombongké soal hartané sing akèh, anaké lanang sing akèh,+ lan piyé Raja wis ngunggahké pangkaté lan mènèhi dhèwèké jabatan sing luwih dhuwur timbang kabèh pejabat lan pelayané Raja.+

12 Haman ya kandha, ”Sakliyané kuwi, Ratu Èster ora ngundang* wong liya, kecuali aku, kanggo ngancani Raja ing pésta sing dianakké Ratu.+ Sésuk, aku ya diundang* manèh kanggo mangan bareng karo Raja lan Ratu.+ 13 Ning, kuwi kabèh ora bakal nggawé aku puas nèk aku isih ndelok Mordekai wong Yahudi kuwi lungguh ing gerbang istana Raja.” 14 Mula Zèrès bojoné lan kabèh kancané kandha, ”Nggawéa cagak sing dhuwuré 50 hasta.* Sésuk ésuk, kandhaa marang Raja nèk Mordekai kudu digantung ing cagak kuwi.+ Terus, lungaa bareng karo Raja ing pésta lan seneng-senenga.” Haman setuju karo usul kuwi, mula dhèwèké ngongkon wong nggawé cagak.

6 Bengi kuwi Raja ora isa turu. Mula, dhèwèké mréntahké bèn buku sejarah kerajaan dijupuk+ lan diwacakké kanggo Raja. 2 Ing buku kuwi, ana cathetan soal Mordekai sing nglaporké Bigtana lan Tèrès, yaiku pejabat istana loro sing ditugasi njaga lawang. Wong loro kuwi nduwé rencana arep matèni Raja Ahaswéros.+ 3 Raja takon, ”Penghormatan lan penghargaan apa sing wis diwènèhké marang Mordekai?” Para pelayan pribadiné Raja njawab, ”Dhèwèké ora diwènèhi apa-apa.”

4 Terus Raja takon, ”Sapa kuwi sing ana ing halaman?” Wektu kuwi, Haman ana ing halaman njaba+ istana Raja arep ngandhani Raja soal rencanané nggantung Mordekai ing cagak sing wis dhèwèké siapké.+ 5 Para pelayané Raja njawab, ”Sing ngadeg ing halaman kuwi Haman.”+ Raja kandha, ”Kongkonen dhèwèké mlebu.”

6 Pas Haman mlebu, Raja takon, ”Nèk Raja péngin mènèhi penghormatan marang wong, wong kuwi kudu diapakké?” Haman mbatin, ’Sapa manèh sing arep diwènèhi penghormatan karo Raja sakliyané aku?’+ 7 Mula Haman njawab, ”Nèk Raja péngin mènèhi penghormatan marang wong, 8 wong kuwi kudu diwènèhi klambi kerajaan+ kaya sing biasané dienggo Raja lan jaran sing biasané ditumpaki Raja, yaiku jaran sing nganggo hiasan kerajaan. 9 Terus, tugasna salah siji pejabat tinggi Raja kanggo ngurusi klambi lan jaran kuwi. Pejabat kuwi kudu nganggokké klambi mau marang wong sing péngin Raja wènèhi penghormatan, terus wong kuwi kudu numpak jaran ing lapangan kutha. Ing ngarepé wong kuwi, wong-wong kudu mbengok, ’Kaya ngéné iki wong sing diwènèhi penghormatan karo Raja!’”+ 10 Raja langsung kandha marang Haman, ”Ndang njupuka klambi lan jaran. Terus, tindakna kaya sing mbok omongké mau marang Mordekai wong Yahudi sing lungguh ing gerbang istana Raja. Tindakna kabèh sing mbok omongké, aja nganti ana sing kliwatan.”

11 Mula, Haman njupuk klambi lan jaran, terus nganggokké klambi kuwi marang Mordekai. Bar kuwi, Haman ngatur bèn Mordekai+ numpaki jaran mau ing lapangan kutha, terus Haman mbengok ing ngarepé, ”Kaya ngéné iki wong sing diwènèhi penghormatan karo Raja!” 12 Sakwisé kuwi, Mordekai balik ing gerbang istana Raja, ning Haman cepet-cepet mulih karo sedhih banget lan nutupi sirahé. 13 Wektu Haman nyritakké kabèh sing wis kelakon marang Zèrès bojoné+ lan kabèh kancané, kanca-kancané sing wicaksana lan Zèrès bojoné kandha, ”Saiki waé kowé wis kalah saka Mordekai. Dadi, nèk dhèwèké kuwi pancèn keturunané wong Yahudi,* kowé ora bakal isa menang nglawan dhèwèké. Kowé mesthi bakal kalah saka dhèwèké.”

14 Wektu wong-wong kuwi isih omong-omongan, para pejabat istana teka lan cepet-cepet nggawa Haman menyang pésta sing dianakké Èster.+

7 Dadi, Raja lan Haman+ teka ing péstané Ratu Èster. 2 Ing dina keloro, pas lagi padha ngombé anggur,* Raja takon manèh marang Èster, ”Kowé péngin apa Ratu Èster? Kuwi bakal dikabulké. Kowé arep njaluk apa? Senajan sing mbok jaluk kuwi setengah saka kerajaanku, kuwi bakal tak wènèhké.”+ 3 Ratu Èster njawab, ”Nèk aku nyenengké kanggoné Raja lan nèk Raja setuju, aku njaluk bèn njenengan nylametké nyawaku lan aku njaluk tenanan bèn njenengan mesakké bangsaku,+ 4 merga aku lan bangsaku wis diedol+ lan arep disingkirké nganti entèk.+ Nèk aku kabèh mung diedol lan didadèkké budhak lanang lan wédok, aku isih meneng waé. Ning bencana iki kuduné ora kelakon, merga iki bakal nggawé njenengan bener-bener rugi.”

5 Terus Raja Ahaswéros takon marang Ratu Èster, ”Sapa wongé? Ing endi dhèwèké? Wani-waniné tumindak kaya ngono.” 6 Èster kandha, ”Mungsuh lan wong sing kejem kuwi Haman.”

Haman dadi wedi banget karo Raja lan Ratu. 7 Raja nesu banget, terus ninggalké pésta anggur kuwi lan lunga menyang taman istana. Haman ngerti nèk Raja mesthi bakal ngukum dhèwèké, mula Haman ngadeg lan njaluk tulung bèn Ratu Èster nylametké nyawané. 8 Pas Raja balik saka taman istana menyang ruangan pésta anggur mau lan ndelok Haman lagi sujud ing lungguhané Èster, Raja kandha, ”Apa kowé ya arep memperkosa Ratu ing istanaku dhéwé?” Sakwisé Raja ngomong kaya ngono, rainé Haman langsung dikrukubi. 9 Harbona,+ salah siji pejabat istana kandha, ”Haman ya nggawé cagak kanggo Mordekai,+ wong sing tau nylametké Raja.+ Cagak kuwi ana ing cedhak omahé Haman, dhuwuré 50 hasta.”* Terus Raja kandha, ”Gantungen dhèwèké ing cagak kuwi!” 10 Mula Haman digantung ing cagak sing wis dhèwèké siapké kanggo Mordekai. Bar kuwi, Raja wis ora nesu manèh.

8 Dina kuwi, Raja Ahaswéros mènèhké kabèh hartané Haman,+ mungsuhé wong Yahudi,+ marang Ratu Èster. Terus Mordekai ngadhep Raja, merga Èster wis ngandhani Raja nèk Mordekai kuwi seduluré.+ 2 Raja nyopot cincin cap+ sing wis dijupuk saka Haman lan mènèhké kuwi marang Mordekai. Èster nugasi Mordekai ngurusi kabèh hartané Haman.+

3 Bar kuwi, Èster ngomong manèh ing ngarepé Raja. Dhèwèké sujud ing sikilé Raja karo nangis lan njaluk bèn Raja ngendhegké rencana jahaté Haman wong Agag kuwi marang wong Yahudi.+ 4 Terus, Raja ngethungké tongkat emasé marang Èster,+ mula Èster ngadeg ing ngarepé Raja. 5 Èster kandha, ”Nèk Raja setuju lan seneng karo aku lan nèk kuwi apik nurut Raja, lan nèk aku nyenengké kanggoné Raja, tulung njenengan nulis préntah kanggo mbatalké suraté Haman+ anaké Hamédata wong Agag+ sing jahat kuwi, sing isiné nèk wong Yahudi ing kabèh provinsi kerajaané njenengan kudu disingkirké. 6 Merga apa ya aku téga ndelok bangsaku kena bencana, lan apa aku ya téga ndelok sedulur-sedulurku disingkirké?”

7 Mula, Raja Ahaswéros kandha marang Ratu Èster lan Mordekai wong Yahudi kuwi, ”Aku wis mènèhké kabèh hartané Haman marang Èster.+ Haman ya wis tak gantung ing cagak+ merga rencanané sing arep nyingkirké wong Yahudi. 8 Dadi saiki, nulisa nganggo jenengku apa waé sing menurutmu apik kanggo kepentingané wong Yahudi. Terus, sahna kuwi nganggo cincin cap duwèkku, merga keputusan sing ditulis nganggo jenengé Raja lan disahké nganggo cincin cap duwèké Raja ora isa dibatalké.”+

9 Mula ing dina ke-23, sasi ke-3, yaiku sasi Siwan,* para sekretarisé Raja padha diundang. Wong-wong kuwi nulis kabèh préntahé Mordekai kanggo wong Yahudi, para wakilé raja,+ para gubernur, lan para pejabat sing ana ing provinsi+ saka India nganti tekan Étiopia, yaiku 127 provinsi. Saben provinsi nampa surat ing tulisané* dhéwé-dhéwé, lan saben bangsa ing basané dhéwé-dhéwé. Wong Yahudi ya nampa surat ing tulisan* lan ing basané dhéwé.

10 Suraté ditulis nganggo jenengé Raja Ahaswéros, lan kuwi disahké nganggo cincin cap+ duwèké Raja. Terus surat kuwi dikirim liwat para utusan sing numpak jaran. Wong-wong kuwi numpak jaran kerajaan sing cepet banget. 11 Ing surat kuwi, Raja ngijinké wong Yahudi ing kabèh kutha padha nglumpuk lan nglawan wektu diserang, lan nyingkirké kabèh tentara, bangsa utawa provinsi endi waé sing nyerang, termasuk wong-wong wédok lan bocah-bocah. Wong Yahudi ya diijinké ngrampas hartané wong-wong kuwi.+ 12 Préntah kuwi bakal ditindakké serentak ing kabèh provinsi sing dipréntah Raja Ahaswéros ing dina ke-13 sasi ke-12 yaiku sasi Adar.*+ 13 Surat kuwi dadi hukum ing kabèh provinsi lan kudu diumumké ing kabèh bangsa bèn wong Yahudi isa siap-siap ngalahké mungsuh-mungsuhé pas dina kuwi.+ 14 Para utusan sing numpak jaran kerajaan langsung cepet-cepet mangkat kaya préntahé Raja. Hukum kuwi ya diumumké ing Bèntèng* Syusyan.*+

15 Terus, Mordekai lunga saka ngarepé Raja nganggo klambi kerajaan sing digawé saka kain biru lan linèn putih. Mordekai ya nganggo mahkota emas sing gedhé lan jubah saka linèn ungu sing alus.+ Wong-wong sak kutha Syusyan* padha sorak-sorak merga seneng. 16 Wong Yahudi padha lega, seneng, lan bahagia. Wong-wong liya ya padha ngajèni wong-wong kuwi. 17 Ing kabèh provinsi lan kutha, yaiku ing endi waé keputusan lan hukumé Raja disampèkké, wong Yahudi ing kono padha bahagia lan seneng banget. Wong-wong kuwi ya nganakké pésta lan perayaan-perayaan. Akèh wong ing tanah kuwi dadi wong Yahudi,+ merga wedi karo wong Yahudi.

9 Dina ke-13 sasi ke-12, yaiku sasi Adar,*+ kuwi dina sing ditentokké kanggo nindakké préntah lan hukumé Raja.+ Ing dina kuwi, mungsuh-mungsuhé wong Yahudi wis ngarep-arep bakal ngalahké wong Yahudi. Ning wong-wong mau malah dikalahké wong Yahudi.+ 2 Ing kabèh provinsi sing dipréntah Raja Ahaswéros,+ wong Yahudi padha nglumpuk ing kutha-kuthané kanggo nglawan wong-wong sing arep nyilakani wong Yahudi. Kabèh bangsa padha wedi karo wong Yahudi, mula ora ana sing isa ngadhepi.+ 3 Kabèh pejabat provinsi, wakilé raja,+ gubernur, lan pengawas urusan raja padha ndhukung wong Yahudi, merga wong-wong kuwi wedi karo Mordekai. 4 Mordekai éntuk kekuasaan+ ing istanané Raja. Dhèwèké terkenal ing kabèh provinsi merga kekuasaané saya gedhé.

5 Wong Yahudi ngalahké kabèh mungsuhé nganggo pedhang, matèni, lan nyingkirké mungsuh-mungsuhé. Wong Yahudi tumindak sak senengé marang mungsuh-mungsuhé.+ 6 Wong Yahudi matèni wong 500 ing Bèntèng* Syusyan.*+ 7 Wong-wong kuwi ya matèni Parsyandata, Dalfon, Aspata, 8 Porata, Adalia, Aridata, 9 Parmasta, Arisai, Aridai, lan Waizata, 10 yaiku sepuluh anaké lanang Haman anaké Hamédata, mungsuhé wong Yahudi.+ Ning bar matèni wong-wong kuwi, wong Yahudi ora njarah apa-apa.+

11 Dina kuwi, jumlahé wong sing dipatèni ing Bèntèng* Syusyan* dilaporké marang Raja.

12 Raja kandha marang Ratu Èster, ”Ing Bèntèng* Syusyan* waé wong Yahudi wis matèni wong 500 lan anaké lanang Haman 10. Kuwi durung termasuk sing ana ing provinsi-provinsi liyané.+ Saiki, kowé péngin apa manèh? Kuwi bakal dikabulké. Kowé njaluk apa manèh? Kuwi bakal tak wènèhké.” 13 Èster njawab, ”Nèk Raja setuju,+ tulung hukum sing wis ditindakké dina iki,+ sésuk isa ditindakké manèh karo wong Yahudi ing Syusyan.* Tulung mayaté sepuluh anaké lanang Haman digantung ing cagak.”+ 14 Mula, Raja mréntahké bèn kuwi ditindakké. Ana hukum sing ditokké ing Syusyan,* lan sepuluh anaké lanang Haman digantung.

15 Wong Yahudi ing Syusyan* nglumpuk manèh pas dina ke-14 sasi Adar+ lan matèni wong 300 ing Syusyan,* ning ora njarah apa-apa.

16 Wong Yahudi liyané sing ana ing provinsi sing dipréntah Raja ya padha nglumpuk lan nglawan wektu diserang.+ Wong-wong kuwi nyingkirké mungsuh-mungsuhé,+ matèni 75.000 wong, ning ora njarah apa-apa. 17 Kuwi kelakon ing dina ke-13 sasi Adar. Ing dina ke-14, wong-wong kuwi padha lèrèn lan ndadèkké dina kuwi dina kanggo pésta lan seneng-seneng.

18 Wong Yahudi ing Syusyan* padha nglumpuk kanggo nyerang ing dina ke-13+ lan ke-14.+ Ing dina ke-15, wong-wong kuwi padha lèrèn lan ndadèkké kuwi dina kanggo pésta lan seneng-seneng. 19 Kuwi sebabé, wong Yahudi sing manggon ing kutha-kutha liyané ndadèkké dina ke-14 sasi Adar kuwi dina kanggo seneng-seneng lan pésta, dina perayaan,+ lan wektu kanggo kirim-kiriman panganan.+

20 Mordekai+ nyathet kabèh sing kelakon kuwi lan ngirimké surat-surat marang kabèh wong Yahudi ing kabèh provinsi sing dipréntah Raja Ahaswéros, embuh sing cedhak utawa sing adoh. 21 Dhèwèké mréntahké wong Yahudi ngrayakké dina ke-14 lan ke-15 sasi Adar saben taun, 22 merga ing dina-dina kuwi wong Yahudi padha bébas saka mungsuh-mungsuhé, lan ing sasi kuwi rasa susah malih dadi rasa seneng, lan dina sedhih+ dadi dina perayaan. Dina-dina kuwi kudu dirayakké dadi dina kanggo pésta lan seneng-seneng, dina kanggo kirim-kiriman panganan lan mènèhi sedhekah kanggo wong mlarat.

23 Wong Yahudi setuju karo préntahé Mordekai, lan perayaan sing wis dimulai kuwi bakal terus dianakké saben taun. 24 Nganggo cara kuwi, wong Yahudi bakal éling nèk Haman+ anaké Hamédata wong Agag+ mungsuhé wong Yahudi wis nggawé rencana jahat kanggo nyingkirké wong Yahudi.+ Dhèwèké nguncalké Pur,+ yaiku Undhi, bèn wong Yahudi kewedèn lan isa disingkirké. 25 Ning pas Èster ngadhep Raja, Raja nggawé préntah tertulis sing isiné,+ ”Bèn Haman dhéwé sing kena rencana jahaté marang wong Yahudi.”+ Terus, Haman lan anak-anaké digantung ing cagak.+ 26 Kuwi sebabé wong-wong nyebut kuwi perayaan Purim, sing asalé saka kata Pur.*+ Merga isi suraté Mordekai lan merga apa sing wis didelok lan dialami dhéwé, 27 wong Yahudi mutuské nèk wong-wong kuwi, keturunané, lan wong-wong sing padha nggabung karo wong Yahudi+ kudu ngrayakké rong dina kuwi saben taun, aja nganti lali. Wong-wong kuwi kudu nindakké apa sing wis ditulis Mordekai soal perayaan kuwi ing wektu sing wis ditentokké saben taun. 28 Perayaan iki kudu diéling-éling lan dirayakké turun-temurun ing saben keluarga, saben provinsi, lan saben kutha. Wong Yahudi kudu terus ngrayakké perayaan Purim, lan perayaan iki kudu terus ditindakké keturunané wong Yahudi.

29 Terus, nganggo wewenangé sing gedhé, Ratu Èster anaké wédok Abihail lan Mordekai wong Yahudi kuwi nulis surat keloro kanggo neguhké soal perayaan Purim. 30 Surat-surat kuwi dikirimké marang kabèh wong Yahudi ing 127 provinsi+ sing dipréntah Raja Ahaswéros.+ Kata-kata ing surat-surat kuwi nyenengké lan isa dipercaya. 31 Surat kuwi kanggo neguhké perayaan Purim sing kudu dianakké ing wektu sing wis ditentokké, kaya sing dipréntahké Mordekai wong Yahudi lan Ratu Èster marang wong-wong kuwi+ lan kaya keputusan sing wis digawé wong Yahudi kanggo wong-wong kuwi dhéwé lan keturunané.+ Wong-wong kuwi ya kudu pasa+ lan nggawé permohonan.+ 32 Préntahé Èster kuwi neguhké keputusan soal Purim,+ lan kuwi dicathet ing buku.

10 Raja Ahaswéros netepké kerja paksa ing kabèh negara kuwi lan ing pulau-pulau ing lautan.

2 Kabèh hasil apik sing wis ditindakké Mordekai+ merga wewenangé lan rincian soal piyé Raja wis mènèhi Mordekai jabatan sing dhuwur,+ kuwi kabèh ditulis ing buku sejarahé+ raja-raja Média lan Pèrsia.+ 3 Mordekai wong Yahudi kuwi wong sing nomer loro sakwisé Raja Ahaswéros. Dhèwèké kuwi wong penting ing antarané wong Yahudi lan diajèni karo wong Yahudi liyané. Mordekai terus ngupaya bèn wong Yahudi uripé kepénak lan kabèh keturunané wong-wong kuwi isa urip ayem.

Mungkin maksudé Xerxes I, anaké Darius Agung (Darius Histaspis).

Utawa ”Kus”.

Utawa ”Istana”.

Utawa ”Susa”.

Isa waé sing dimaksud pésta sing disebutké ing ay. 3.

Utawa ”Istana”.

Utawa ”Susa”.

Mungkin kaya kudhung.

Utawa ”conto; tata-cara”.

Utawa ”diceluk”.

Utawa ”hurufé; gaya penulisané”.

Utawa ”Istana”.

Utawa ”Susa”.

Utawa ”harem”, yaiku panggonan kanggo bojo lan seliré raja.

Utawa ”pemijatan”.

Utawa ”sing ngopèni”.

Hadasa kuwi jeneng Ibraniné Èster sing artiné ”Tanduran Mirtèl”.

Utawa ”anak wédok saka kakang utawa adhiné bapaké Mordekai”.

Utawa ”Istana”.

Utawa ”Susa”.

Utawa ”lan nduduhké katresnan sing langgeng marang”. Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”pemijatané”.

Utawa ”harem”, yaiku panggonan kanggo bojo lan seliré raja.

Utawa ”harem”, yaiku panggonan kanggo bojo lan seliré raja.

Utawa ”pemijatan”.

Getah wangi. Deloken Daftar Istilah.

Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”lan nganggo pemijatan kanggo wong-wong wédok”.

Utawa ”harem”, yaiku panggonan kanggo bojo lan seliré raja.

Utawa ”nyeluk”.

Deloken Lamp. B15.

Utawa ”lan nduduhké katresnan sing langgeng marang”. Deloken Daftar Istilah.

Mungkin kaya kudhung.

Isa waé iki maksudé dibébaské saka pajeg, saka dinas militèr, saka penjara, utawa telu-teluné.

Utawa ”cah-cah wédok”.

Deloken Lamp. B15.

Deloken Lamp. B15.

1 talènta = 34,2 kg. Deloken Lamp. B14.

Utawa mungkin, ”mènèhi 10.000 talènta ing kas kerajaan kanggo mbayar wong sing nindakké rencana kuwi.”

Utawa ”diceluk”.

Utawa ”hurufé; gaya penulisané”.

Utawa ”Istana”.

Utawa ”Susa”.

Utawa ”Susa”.

Utawa ”Susa”.

Utawa ”diceluk”.

Utawa ”Susa”.

Lit.: ”Pas lagi pésta anggur”.

Utawa ”nyeluk”.

Utawa ”diceluk”.

Kira-kira 22,3 m. Deloken Lamp. B14.

Lit.: ”kuwi asalé saka benihé wong Yahudi.”

Lit.: ”pas lagi pésta anggur”.

Kira-kira 22,3 m. Deloken Lamp. B14.

Deloken Lamp. B15.

Utawa ”hurufé; gaya penulisané”.

Utawa ”huruf; gaya penulisan”.

Deloken Lamp. B15.

Utawa ”Istana”.

Utawa ”Susa”.

Utawa ”Susa”.

Deloken Lamp. B15.

Utawa ”Istana”.

Utawa ”Susa”.

Utawa ”Istana”.

Utawa ”Susa”.

Utawa ”Istana”.

Utawa ”Susa”.

Utawa ”Susa”.

Utawa ”Susa”.

Utawa ”Susa”.

Utawa ”Susa”.

Utawa ”Susa”.

”Pur” artiné ”Undhi”. Bentuk jamaké yaiku ”Purim”. Kuwi sebutan kanggo perayaané wong Yahudi ing sasi ke-12 kalènder agama Yahudi. Deloken Lamp. B15.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim