MALÉAKHI
1 Berita saka Gusti Allah:
Iki omongané Yéhuwah marang Israèl liwat Maléakhi:*
2 Yéhuwah kandha, ”Aku wis nresnani kowé.”+
Ning kowé kandha, ”Apa buktiné?”
Yéhuwah njawab, ”Ésau kuwi kan kakangé Yakub, ta?+ Ning, Aku nresnani Yakub 3 lan sengit karo Ésau.+ Mula, pegunungané Tak gawé dadi telantar+ lan tanah warisané dadi padhang belantara, panggonané asu liar.”+
4 ”Senajan Édom* kandha, ’Aku wis hancur, ning aku bakal bali lan mbangun manèh reruntuhan kuwi.’ Tapi Yéhuwah pemimpiné pasukan kandha, ’Wong-wong kuwi bakal mbangun, ning Aku bakal ngrubuhké. Dhaérahé wong-wong kuwi bakal disebut ”dhaérah kejahatan”, lan wong-wong ing kono bakal disebut ”wong-wong sing saklawasé dikutuk Yéhuwah”.+ 5 Mripatmu dhéwé bakal ndelok kuwi lan kowé bakal kandha, ”Muga-muga Yéhuwah diluhurké ing dhaérahé Israèl.”’”
6 ”’Anak ngajèni bapaké,+ lan pelayan ngajèni majikané. Nèk Aku iki bapak,+ kok kowé ora ngajèni Aku?+ Nèk Aku iki majikan, kok kowé ora wedi karo* Aku?’ kandhané Yéhuwah pemimpiné pasukan marang kowé yaiku para imam sing ngrèmèhké jeneng-Ku.+
”’Ning kowé takon, ”Apa buktiné aku ngrèmèhké jenengé Njenengan?”’
7 ”’Kowé mènèhi persembahan panganan* sing najis ing mézbah-Ku.’
”’Terus kowé takon, ”Kok isa aku nggawé Njenengan najis?”’
”’Merga kowé kandha, ”Méjané Yéhuwah*+ kuwi ora penting.” 8 Pas kowé mènèhké kéwan sing wuta dadi korban, kowé kandha, ”Iki ora apa-apa.” Pas kowé mènèhké kéwan sing pincang utawa lara, kowé kandha, ”Iki ora apa-apa.”’”+
”Coba gawanen kuwi marang gubernurmu. Apa dhèwèké bakal seneng lan gelem nampa kowé?” kandhané Yéhuwah pemimpiné pasukan.
9 ”Mula saiki njaluka marang Gusti Allah bèn Dhèwèké mesakké awaké dhéwé. Nèk kowé nggawa persembahan sing kaya ngono, apa Dhèwèké bakal seneng karo kowé?” kandhané Yéhuwah pemimpiné pasukan.
10 ”Sapa ing antaramu sing gelem nutup lawang-lawang ing bait?+ Ngurubké geni ing mézbah-Ku waé kowé ora gelem, kecuali nèk dibayar.+ Aku ora seneng karo kowé lan ora seneng karo persembahan sing mbok wènèhké,”+ kandhané Yéhuwah pemimpiné pasukan.
11 ”Saka wétan nganti kulon,* jeneng-Ku bakal diluhurké bangsa-bangsa.+ Ing endi-endi, wong-wong bakal ngobong korban lan mènèhké persembahan kanggo ngluhurké jeneng-Ku, merga jeneng-Ku bakal diluhurké bangsa-bangsa,”+ kandhané Yéhuwah pemimpiné pasukan.
12 ”Ning kuwi* mbok gawé najis+ merga kowé kandha, ’Méjané Yéhuwah kuwi wis najis. Persembahan sing ana ing ndhuwuré kuwi ora penting.’+ 13 Kowé ya kandha, ’Iki mboseni!’ Terus kuwi mbok rèmèhké,” kandhané Yéhuwah pemimpiné pasukan. ”Kowé nggawa kéwan colongan, kéwan sing pincang, lan kéwan sing lara. Kuwi mbok wènèhké dadi persembahan. Mosok Aku kudu nampa persembahan kaya ngono kuwi?”+ kandhané Yéhuwah.
14 ”Cilaka wong licik sing sakjané nduwé kéwan-kéwan sing séhat, ning dhèwèké malah nggawé janji lan mènèhké kéwan sing cacad marang Yéhuwah. Padahal Aku iki Raja sing agung,+ lan jeneng-Ku bakal dihormati bangsa-bangsa,”+ kandhané Yéhuwah pemimpiné pasukan.
2 ”Saiki Aku mènèhi kowé préntah,+ hé para imam. 2 Nèk kowé ora gelem ngrungokké lan nèk kowé ora tenanan ngluhurké jeneng-Ku, Aku bakal ngutuk kowé.+ Kabèh berkahmu bakal Tak ubah dadi kutukan.+ Malah sakjané berkahmu kuwi wis Tak ubah dadi kutukan, merga kowé ora nganggep kuwi serius,” kandhané Yéhuwah pemimpiné pasukan.
3 ”Merga tumindakmu, Aku bakal ngrusak benih sing wis mbok sebar.+ Raimu bakal Tak uncali telèk, yaiku telèké kéwan sing mbok korbanké pas perayaan. Kowé bakal dibuwang bareng karo telèk kuwi.* 4 Terus, kowé ya bakal ngerti nèk Aku wis mènèhi préntah iki marang kowé bèn perjanjian-Ku karo Lèwi ora batal,”+ kandhané Yéhuwah pemimpiné pasukan.
5 ”Perjanjian-Ku karo dhèwèké kuwi isa nggawé dhèwèké tetep urip lan mènèhi kedamaian, bèn dhèwèké wedi marang* Aku. Mbiyèn, dhèwèké ngajèni Aku lan ngluhurké jeneng-Ku. 6 Dhèwèké mulangké hukum* sing bener lan ora tau ngomong sing jahat.+ Dhèwèké nduwé hubungan sing damai karo Aku, nindakké sing bener,+ lan nggawé akèh wong ora nindakké manèh kesalahané. 7 Tugasé para imam kuwi kuduné mulangké pengetahuan* soal Gusti Allah marang wong-wong. Kuduné wong-wong njaluk petunjuk soal hukum marang dhèwèké*+ merga dhèwèké kuwi utusané Yéhuwah pemimpiné pasukan.
8 ”Ning kowé dhéwé wis nyimpang, lan kowé nyebabké akèh wong gagal nindakké hukum.+ Kowé wis nglanggar perjanjian-Ku karo Lèwi,”+ kandhané Yéhuwah pemimpiné pasukan. 9 ”Mula, Aku bakal nggawé kowé dirèmèhké lan direndhahké ing ngarepé kabèh wong merga kowé ora manut préntah-Ku,* ning malah pilih kasih wektu nindakké hukum.”+
10 ”Bapaké awaké dhéwé kuwi kan mung siji, ta?+ Gusti Allah sing nyiptakké awaké dhéwé kan mung siji, ta? Terus ngapa kok awaké dhéwé padha ngianati?+ Kuwi isa nggawé najis perjanjiané nènèk moyangé awaké dhéwé. 11 Yéhuda wis berkhianat lan nindakké sing njijiki ing Israèl lan Yérusalèm. Yéhuda wis ngrèmèhké Yéhuwah+ sing nresnani apa sing suci, lan dhèwèké nikah karo wong wédok sing nyembah* allah asing.+ 12 Kabèh sing nindakké kuwi bakal dipatèni Yéhuwah saka kémahé Yakub, embuh wong kuwi sapa, senajan wong kuwi mènèhké persembahan marang Yéhuwah pemimpiné pasukan.”+
13 ”Ana manèh sing mbok tindakké sing nyebabké mézbahé Yéhuwah ketutup air mata, tangisan, lan sambaté wong-wong. Kuwi sebabé Dhèwèké ora gelem nampa persembahanmu manèh lan ora seneng karo apa waé sing mbok wènèhké.+ 14 Kowé takon, ’Kok isa?’ Kuwi merga Yéhuwah dadi seksi nèk kowé wis ora setya karo* wong wédok sing mbok nikahi pas kowé isih enom, padahal dhèwèké kuwi pasanganmu lan bojomu sing sah.*+ 15 Ning, ana ing antaramu sing nduwé tékad ora nindakké kaya ngono kuwi. Wong-wong kuwi péngin nduwé keturunan sing bener-bener umaté* Gusti Allah. Wong-wong kuwi tumindak manut tuntunané roh suci. Mula jaganen atimu, lan nduwéa tékad aja nganti ngianati wong wédok sing mbok nikahi pas kowé isih enom, 16 sebab Aku sengit karo pegatan,”+ kandhané Yéhuwah Gusti Allahé Israèl, ”lan wong sing salah merga nindakké kejahatan,” kandhané Yéhuwah pemimpiné pasukan. ”Mula jaganen atimu, lan aja padha ngianati.+
17 ”Kowé wis nggawé Yéhuwah bosen karo omonganmu.+ Ning kowé kandha, ’Kok isa aku nggawé Dhèwèké bosen?’ Kowé nggawé Gusti Allah bosen merga kowé kandha, ’Wong sing tumindak jahat kuwi apik nurut pandhangané Yéhuwah, lan wong kuwi nggawé seneng Gusti Allah,’+ utawa merga kowé kandha, ’Ing endi Gusti Allah sing adil?’”
3 ”Aku ngirim utusan-Ku, lan dhèwèké bakal nyiapké* dalan kanggo Aku.+ Terus ujug-ujug, Gusti sing bener, sing mbok golèki, bakal teka ing baité.+ Utusan kanggo perjanjian, sing wis mbok tunggu-tunggu, ya bakal teka. Dhèwèké mesthi bakal teka,” kandhané Yéhuwah pemimpiné pasukan.
2 ”Ning sapa sing bakal siap pas dhèwèké teka, lan sapa sing bakal isa tetep ngadeg pas dhèwèké teka? Sebab dhèwèké bakal dadi kaya geni sing nggawé logam dadi murni lan kaya sabun+ sing nggawé klambi dadi resik. 3 Dhèwèké bakal nggawé resik anak-anaké lanang Lèwi kaya wong sing lungguh kanggo nggawé pérak dadi murni lan resik.+ Wong-wong kuwi bakal digawé murni kaya emas lan pérak. Mula, wong-wong kuwi bakal dadi wong sing bener sing mènèhké persembahan marang Yéhuwah. 4 Persembahan saka Yéhuda lan Yérusalèm bakal bener-bener nggawé Yéhuwah seneng kaya jaman mbiyèn.+
5 ”Aku bakal teka kanggo ngadili kowé. Aku bakal langsung ngadili wong-wong sing nggunakké ilmu gaib,+ wong sing laku jina, wong sing nggawé sumpah palsu,+ wong sing ngapusi buruh upahan,+ wong sing ngapusi randha lan anak yatim,*+ lan wong sing ora gelem mbantu* wong asing.+ Wong-wong kuwi ora wedi karo* Aku,” kandhané Yéhuwah pemimpiné pasukan.
6 ”Aku iki Yéhuwah. Aku ora berubah.+ Kowé kuwi keturunané Yakub. Kuwi sebabé kowé isih urip. 7 Kèt jaman nènèk moyangmu, kowé wis nyimpang lan ora manut karo peraturan-Ku.+ Padha balia marang Aku, lan Aku bakal bali marang kowé,”+ kandhané Yéhuwah pemimpiné pasukan.
Ning kowé takon, ”Lha ngapa aku kudu bali?”
8 ”Apa ana manungsa sing ngrampok Gusti Allah? Ning kowé ngrampok Aku.”
Terus kowé takon, ”Kok isa aku ngrampok Njenengan?”
”Kuwi merga kowé ora mènèhi sepersepuluhan lan sumbangan. 9 Kowé kuwi wong-wong sing dikutuk,* merga kowé ngrampok Aku. Kabèh wong saka bangsamu padha nindakké kuwi. 10 Gawanen kabèh sepersepuluhan menyang bait*+ bèn ana panganan ing omah-Ku.+ Ujinen Aku lan deloken, Aku mesthi bakal mbukak pintu-pintu air ing langit kanggo kowé+ lan ngesokké berkah kaya udan nganti ora ana manèh sing kekurangan,”+ kandhané Yéhuwah pemimpiné pasukan.
11 ”Aku bakal ngusir hama.* Kuwi ora bakal ngrusak hasil tanahmu, lan kebon anggurmu mesthi bakal ngetokké buah,”+ kandhané Yéhuwah pemimpiné pasukan.
12 ”Kabèh bangsa bakal kandha nèk kowé bahagia+ merga tanahmu bakal dadi tanah sing nyenengké,” kandhané Yéhuwah pemimpiné pasukan.
13 ”Omonganmu soal Aku kuwi bener-bener kurang ajar,” kandhané Yéhuwah.
Terus kowé takon, ”Mémangé aku ngomong apa soal Njenengan?”+
14 ”Kowé kandha, ’Percuma nglayani Gusti Allah.+ Apa gunané nindakké kewajibané awaké dhéwé marang Dhèwèké? Apa gunané nduduhké marang Yéhuwah pemimpiné pasukan nèk awaké dhéwé sedhih merga dosa-dosané awaké dhéwé? 15 Wong sing bahagia kuwi kan wong sing lancang, ta? Wong sing berhasil kuwi kan wong sing nindakké kejahatan, ta?+ Wong-wong kuwi wani nguji Gusti Allah lan ora diapak-apakké.’”
16 Wektu kuwi, wong-wong sing wedi marang* Yéhuwah bakal omong-omongan, saben wong karo kancané, lan Yéhuwah terus ngrungokké tenanan wong-wong kuwi. Ing ngarepé Dhèwèké, ana buku kanggo nyathet jenengé wong-wong sing diéling-éling,+ yaiku wong-wong sing wedi marang* Yéhuwah lan sing mikirké* jenengé.+
17 Yéhuwah pemimpiné pasukan kandha, ”Wong-wong kuwi bakal dadi umat-Ku.+ Wektu kuwi, Aku bakal ndadèkké wong-wong kuwi duwèk-Ku sing istiméwa.+ Aku bakal mesakké wong-wong kuwi kaya bapak sing mesakké anak-anaké sing manut.+ 18 Kowé bakal ndelok manèh bédané wong sing bener lan sing jahat,+ bédané wong sing nglayani lan sing ora nglayani Gusti Allah.”
4 ”Dina kuwi bakal teka, lan kuwi kaya tungku sing geniné gedhé banget.+ Kabèh wong sing lancang lan sing nindakké kejahatan bakal dadi kaya jerami. Pas dina kuwi teka, wong-wong kuwi mesthi bakal dipatèni. Akar utawa cabangé bakal entèk kabèh,” kandhané Yéhuwah pemimpiné pasukan. 2 ”Ning kanggo kowé sing ngajèni* jeneng-Ku, matahari sing ngasilké apa sing bener bakal bersinar lan cahayané* bakal nambani kowé. Kowé bakal mlumpat-mlumpat merga seneng kaya anak sapi sing lemu.”
3 ”Pas Aku tumindak, kowé bakal ngidak-idak wong jahat, merga wong-wong kuwi bakal kaya debu ing ngisor sikilmu,” kandhané Yéhuwah pemimpiné pasukan.
4 ”Padha élinga marang Hukum sing wis Tak wènèhké liwat Musa abdi-Ku, yaiku peraturan lan préntah sing Tak wènèhké ing Horèb bèn ditindakké kabèh wong Israèl.+
5 ”Aku ngutus Nabi Èlia+ marang kowé sakdurungé dinané Yéhuwah sing hébat lan luar biasa kuwi teka.+ 6 Dhèwèké bakal nggawé atiné bapak-bapak dadi kaya atiné bocah-bocah+ lan atiné bocah-bocah dadi kaya atiné bapak-bapak, bèn Aku ora teka kanggo ngukum lan ngancurké bumi.”
(Akhir terjemahan Kitab-Kitab Ibrani-Aram, lan bakal dilanjutké karo Kitab-Kitab Yunani Kristen)
Artiné ”Utusan-Ku”.
Jeneng liyané yaiku Ésau.
Utawa ”ora ngajèni”.
Lit.: ”roti”.
Maksudé, mézbahé Yéhuwah.
Utawa ”Saka matahari terbit nganti matahari terbenam”.
Utawa mungkin ”Aku”.
Maksudé, menyang panggonan kanggo mbuwang telèk kéwan korban kuwi.
Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”tuntunan”.
Lit.: ”Lambéné para imam kuwi kuduné mulangké pengetahuan”.
Lit.: ”Kuduné wong-wong nggolèk hukum ing cangkemé dhèwèké”.
Lit.: ”ora mlaku ing dalan-Ku”.
Lit.: ”karo anaké wédok”.
Utawa ”wis ngianati”.
Lit.: ”bojo perjanjianmu”.
Lit.: ”benihé”.
Utawa ”ngosongké”.
Utawa ”yatim piatu”.
Utawa ”sing nglanggar hak-haké”.
Deloken Daftar Istilah.
Utawa mungkin ”Kowé ngutuk Aku nganggo kutukan”.
Lit.: ”menyang gudhang”.
Mungkin maksudé wabah serangga.
Deloken Daftar Istilah.
Deloken Daftar Istilah.
Utawa mungkin ”ngajèni”.
Lit.: ”wedi marang”.
Lit.: ”sayapé”.