PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • nwt Roma 1:1-16:27
  • Roma

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Roma
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
Roma

SURAT KANGGO JEMAAT ING ROMA

1 Surat saka Paulus, budhaké Kristus Yésus. Aku dipilih dadi rasul lan dipilih* kanggo martakké kabar apik saka Gusti Allah.+ 2 Kabar apik iki wis dijanjèkké Gusti Allah ing Kitab Suci liwat nabi-nabiné. 3 Kabar apik iki soal Anaké sing dadi manungsa lan lair saka keturunané* Daud.+ 4 Liwat kuwasané roh suci, dhèwèké diuripké manèh saka antarané wong mati.+ Kuwi mbuktèkké nèk dhèwèké Anaké Gusti Allah.+ Dhèwèké kuwi Yésus Kristus Gustiné awaké dhéwé. 5 Liwat dhèwèké, Gusti Allah wis apikan banget marang aku. Aku didadèkké rasul+ bèn kabèh bangsa isa nduwé iman,+ manut marang dhèwèké, lan ngluhurké jenengé. 6 Kowé ya termasuk ing antarané bangsa-bangsa kuwi sing wis dipilih bèn dadi duwèké Yésus Kristus. 7 Surat iki kanggo kabèh wong ing Roma sing ditresnani Gusti Allah, sing dipilih dadi wong-wong suci.

Muga-muga Gusti Allah, yaiku Bapaké awaké dhéwé, lan Gusti Yésus Kristus apikan banget karo kowé lan nggawé kowé ayem.

8 Nganggo jenengé Yésus Kristus, aku péngin ngucap syukur dhisik marang Gusti Allah, merga ing endi-endi kabèh wong padha ngomongké soal imanmu. 9 Aku saktulusé ati nindakké tugas suci marang Gusti Allah, yaiku martakké kabar apik soal Anaké. Gusti Allah ngerti nèk aku terus nyebutké kowé ing donga-dongaku.+ 10 Aku ndonga bèn aku nduwé kesempatan kanggo marani kowé, nèk kuwi pancèn karepé Gusti Allah. 11 Aku péngin banget ketemu karo kowé supaya aku isa mbantu kowé dikuwatké Gusti Allah lan nggawé imanmu kuwat. 12 Aku ya péngin ketemu kowé bèn awaké dhéwé isa padha-padha nguwatké.+ Aku dikuwatké merga imanmu, lan kowé dikuwatké merga imanku.

13 Sedulur-sedulur, aku péngin kowé ngerti nèk aku wis bola-bali péngin marani kowé, ning mesthi ana waé alangané. Aku péngin ndelok hasil gawéan nginjilku ing kana, kaya aku wis ndelok hasil gawéan nginjilku ing antarané bangsa-bangsa. 14 Aku nduwé kewajiban* mbantu kabèh wong, yaiku wong Yunani, wong saka bangsa liya,* wong sing sekolahé dhuwur, lan wong sing ora sekolah dhuwur. 15 Mula, aku ya péngin banget martakké kabar apik marang kowé ing Roma.+ 16 Aku ora isin martakké kabar apik kuwi.+ Kabar apik kuwi bukti kuwasané Gusti Allah sing isa nylametké kabèh wong sing nduwé iman.+ Kabar apik kuwi pertama disampèkké marang wong Yahudi,+ terus bar kuwi marang wong Yunani.+ 17 Liwat kabar apik kuwi, wong-wong sing nduwé iman isa ngerti nèk Gusti Allah kuwi bener.+ Kuwi nggawé imané wong-wong kuwi saya kuwat, kaya ayat sing kandha, ”Wong sing bener bakal tetep urip merga nduwé iman.”+

18 Gusti Allah ing swarga nesu banget+ karo wong-wong sing ora manut marang Dhèwèké lan wong-wong sing ora bener. Wong-wong kuwi nindakké sing ora bener+ bèn wong liya ora ngerti apa sing bener. 19 Wong-wong kuwi kuduné ngerti soal Gusti Allah, merga Gusti Allah wis mènèhi wong-wong kuwi bukti sing jelas.+ 20 Kèt donya iki diciptakké, manungsa isa ngerti nèk Gusti Allah nduwé kuwasa+ lan nèk Dhèwèké kuwi bener-bener Gusti Allah+ senajan Gusti Allah ora kétok, merga sifat-sifat kuwi isa dipahami saka kabèh ciptaané.+ Mula, wong-wong kuwi ora isa alesan manèh. 21 Senajan ngerti soal Gusti Allah, wong-wong kuwi ora ngluhurké utawa ngucap syukur marang Dhèwèké. Pikirané wong-wong kuwi kosong lan ora nduwé pemahaman.+ 22 Wong-wong kuwi ngaku wicaksana,* padahal sakjané bodho. 23 Wong-wong kuwi ora ngluhurké Gusti Allah sing ana saklawasé,* ning malah ngluhurké patung-patung sing wujudé kaya manungsa,* manuk, kéwan sikil papat, lan kéwan liyané.*+

24 Mula, merga wong-wong kuwi péngin tumindak sak karepé dhéwé, Gusti Allah ninggalké wong-wong kuwi lan ngejarké wong-wong kuwi nindakké apa waé sing najis. Wong-wong kuwi nggawé awaké dadi najis. 25 Wong-wong kuwi luwih percaya karo apa sing ora bener lan ora percaya karo apa sing bener soal Gusti Allah. Wong-wong kuwi nyembah ciptaané Gusti Allah, ning ora nyembah Gusti Allah sing nyiptakké, sing kuduné diluhurké saklawasé. Amin. 26 Kuwi sebabé Gusti Allah ngejarké wong-wong kuwi nuruti nafsu sèks sing ora isa dikendhalèni.+ Sing wédok ora gelem turu* karo wong lanang, ning malah turu karo wong sing padha-padha wédoké.+ 27 Sing lanang ya ora turu karo wong wédok, ning malah seneng banget turu karo wong sing padha-padha lanangé.+ Tumindaké wong-wong kuwi njijiki, mula wong-wong kuwi bakal éntuk hukuman* sing sesuai karo dosané.+

28 Merga wong-wong kuwi rumangsa ora perlu kenal karo Gusti Allah, Gusti Allah ngejarké wong-wong kuwi nduwé pikiran sing èlèk, mula wong-wong kuwi nindakké apa waé sing ora pantes.+ 29 Wong-wong kuwi bener-bener jahat,+ srakah,+ kebak dosa, lan ora bener. Wong-wong kuwi seneng matèni,+ padu, iri,+ ngapusi,+ péngin nggawé wong liya cilaka,+ seneng ngrasani, 30 ngèlèk-èlèk wong liya,+ sengit marang Gusti Allah, kurang ajar, rumangsa hébat, sombong, seneng nggawé rencana jahat, ora manut karo wong tuwa,+ 31 ora nduwé pemahaman,+ ora nepati janji, ora sayang karo keluarga, lan ora nduwé rasa mesakké. 32 Wong-wong kuwi sakjané ngerti nèk menurut hukumé Gusti Allah sing adil, wong-wong kuwi bakal dihukum mati merga tumindaké.+ Ning, wong-wong kuwi tetep nindakké kuwi lan setuju karo wong-wong sing terus tumindak kaya ngono.

2 Mula, kowé ora nduwé alesan kanggo ngadili wong liya, ora soal kowé kuwi sapa.+ Nèk kowé ngadili wong liya, padha waé kowé ngukum awakmu dhéwé, merga tumindakmu ya kaya ngono.+ 2 Ning, awaké dhéwé ngerti nèk Gusti Allah ngukum wong-wong sing tumindak kaya ngono, lan Dhèwèké adil* wektu ngadili.

3 Kowé ngadili wong sing tumindaké kaya ngono, ning kowé dhéwé ya nindakké kuwi. Apa mbok pikir kowé isa bébas saka hukumané Gusti Allah? 4 Apa kowé ngrèmèhké sifaté Gusti Allah sing apikan+ lan sabar?+ Apa kowé ora ngerti nèk Gusti Allah apikan karo kowé merga péngin mbantu kowé bèn mertobat?+ 5 Merga kowé ndableg lan ora gelem mertobat, kowé nggawé Gusti Allah nesu. Pas Gusti Allah nesu, Gusti Allah bakal ngukum kowé wektu Dhèwèké ngadili manungsa, lan Dhèwèké bakal adil wektu ngadili.+ 6 Gusti Allah bakal mbales saben wong sesuai karo tumindaké wong kuwi.+ 7 Gusti Allah bakal mènèhi urip saklawasé lan badan sing ora isa rusak+ marang wong sing ngupaya éntuk kemuliaan lan sing terus nindakké apa sing apik. 8 Ning, Gusti Allah bakal nesu lan ngukum wong sing seneng padu, ora manut karo apa sing bener, lan nindakké apa sing salah.+ 9 Wong sing nindakké apa sing jahat bakal sengsara lan susah. Wong sing pertama ngalami kuwi yaiku wong Yahudi, terus bar kuwi wong Yunani. 10 Ning, wong sing nindakké apa sing apik bakal dimulyakké lan ngrasa tentrem. Wong sing pertama ngalami kuwi yaiku wong Yahudi,+ terus bar kuwi wong Yunani.+ 11 Gusti Allah ora pilih kasih.+

12 Wong sing ora ngerti hukum lan nindakké dosa bakal mati senajan ora ngerti hukum.+ Ning, wong sing ngerti hukum lan nindakké dosa bakal diadili menurut hukum.+ 13 Wong sing mung ngrungokké hukum ora bakal dianggep bener karo Gusti Allah. Ning, wong sing tumindaké cocog karo hukum bakal disebut wong sing bener.+ 14 Senajan ora ngerti hukumé Gusti Allah, wong-wong saka bangsa liya nindakké apa sing ana ing hukum kuwi.+ Senajan ora ngerti hukum, hukum kuwi ana ing atiné. 15 Liwat tumindaké, wong-wong kuwi nduduhké nèk hukum kuwi ditulis ing njero atiné. Hati nuraniné wong-wong kuwi nduduhké tumindaké wong-wong kuwi apik utawa èlèk, lan pikirané wong-wong kuwi nggawé wong-wong kuwi ngrasa salah utawa ngrasa bener. 16 Pas Gusti Allah ngadili liwat Kristus Yésus, kabèh rahasiané manungsa bakal diadili.+ Kuwi bakal kelakon kaya kabar apik sing tak wartakké.

17 Kowé disebut wong Yahudi,+ kowé ngendelké hukum, kowé bangga dadi umaté Gusti Allah, 18 kowé ngerti karepé Gusti Allah, lan kowé isa ngerti apa sing bener-bener penting, merga kowé wis diwulang soal Hukum Musa.+ 19 Kowé yakin nèk kowé kuwi wong sing nuntun wong wuta, cahaya kanggo wong sing ana ing petengan, 20 wong sing mulang wong bodho, lan guru sing mulang bocah-bocah. Kowé ya ngerti pengetahuan dhasar soal Gusti Allah lan soal apa sing bener sing ana ing Hukum Musa. 21 Kowé mulang wong liya, ning ngapa kok kowé ora mulang awakmu dhéwé?+ Kowé ngomong, ”Aja nyolong,”+ ning ngapa kok kowé dhéwé malah nyolong? 22 Kowé ngomong, ”Aja laku jina,”+ ning ngapa kok kowé dhéwé malah laku jina? Kowé sengit banget marang brahala, ning ngapa kok kowé dhéwé malah ngrampok kuil-kuil brahala? 23 Kowé bangga merga ngerti hukumé Gusti Allah, ning ngapa kok kowé malah nglanggar Hukum Musa lan ngrèmèhké Gusti Allah? 24 Iki sesuai karo ayat+ sing kandha nèk ”bangsa-bangsa ngèlèk-èlèk jenengé Gusti Allah merga tumindakmu”.

25 Sakjané, sunat+ mung ana gunané nèk kowé nindakké hukum.+ Ning, nèk kowé nglanggar hukum, kowé padha waé kaya ora disunat. 26 Nèk wong sing ora disunat+ nindakké préntahé Gusti Allah sing ana ing Hukum Musa, wong kuwi ya bakal dianggep dadi wong sing disunat, ta?+ 27 Kowé wis diwulang soal sunat lan Hukum Musa, ning kowé malah nglanggar hukum kuwi. Mula, nèk wong sing ora disunat nindakké Hukum Musa, tumindaké wong kuwi bakal nduduhké nèk kowé salah. 28 Kuwi sebabé wong isa dianggep dadi wong Yahudi sing sejati+ dudu merga penampilané utawa merga disunat.+ 29 Ning, wong isa dianggep dadi wong Yahudi sing sejati+ kuwi merga atiné. Tandhané wong Yahudi sing sejati kuwi ana ing atiné.+ Tandha kuwi ana merga roh suci, dudu merga hukum sing ditulis.+ Wong kuwi ora dialem manungsa, ning dialem Gusti Allah.+

3 Mula, apa manfaaté dadi wong Yahudi? Apa manfaaté disunat? 2 Ana akèh banget. Manfaat sing paling gedhé yaiku omongané Gusti Allah dipercayakké marang wong-wong kuwi.+ 3 Ning, piyé nèk ana wong Yahudi sing ora nduwé iman? Nèk wong-wong kuwi ora nduwé iman, apa kuwi berarti Gusti Allah ora setya? 4 Ora mungkin. Gusti Allah mesthi ngomongké apa sing bener+ senajan kabèh wong padha ngapusi.+ Iki sesuai karo tulisan iki, ”Mula nèk Njenengan ngomong, omongané Njenengan bener, lan Njenengan bakal menang wektu Njenengan diadili.”+ 5 Nèk awaké dhéwé nindakké sing salah, kuwi nduduhké Gusti Allah bener. Apa Gusti Allah ora adil nèk ngukum awaké dhéwé? (Ana wong-wong sing mikir kaya ngono.) 6 Ning kuwi ora mungkin. Nèk Gusti Allah ora adil, lha terus piyé nèk mengko Dhèwèké ngadili donya?+

7 Nèk misalé omonganku sing ngapusi malah nduduhké nèk omongané Gusti Allah kuwi bener lan nggawé Dhèwèké diluhurké, ngapa kok aku dianggep dadi wong sing dosa? 8 Ngapa kok ora ngomong ngéné waé, ”Ayo nindakké kejahatan bèn ngasilké apa sing apik”? Ana wong-wong sing nudhuh aku ngomong kaya ngono. Wong-wong kuwi pantes dihukum.+

9 Apa awaké dhéwé sing dadi wong Yahudi luwih apik timbang wong liya? Ora. Kaya sing wis tau tak sebutké, wong Yahudi lan wong Yunani kuwi padha-padha nduwé dosa.+ 10 Iki sesuai karo ayat sing kandha, ”Ora ana wong sing bener, ora ana babar blas.+ 11 Ora ana sing nduwé pemahaman, lan ora ana sing nggolèki Gusti Allah. 12 Kabèh ora nindakké sing bener manèh, lan kabèh wong kuwi wis ora ana gunané. Ora ana sing apikan, ora ana babar blas.”+ 13 ”Cangkemé kaya kuburan sing mbukak. Wong-wong kuwi seneng ngapusi.”+ ”Omongané wong-wong kuwi kaya racuné ula beracun.”+ 14 ”Wektu ngomong, wong-wong kuwi terus-terusan ngutuk, lan omongané nduduhké rasa sengit.”+ 15 ”Wong-wong kuwi cepet-cepet matèni wong liya.”+ 16 ”Tumindaké wong-wong kuwi nggawé susah lan sengsara, 17 lan wong-wong kuwi ora ngrasa ayem.”+ 18 ”Wong-wong kuwi ora wedi marang* Gusti Allah.”+

19 Awaké dhéwé ngerti nèk kabèh sing diomongké ing Hukum Musa kuwi kanggo wong-wong sing nindakké Hukum Musa. Tujuané yaiku bèn wong-wong ora nggolèk-nggolèk alesan manèh, lan kuwi nduduhké nèk kabèh wong ing sak donya kuwi salah lan pantes dihukum Gusti Allah.+ 20 Kuwi sebabé ora ana sing bakal dianggep bener karo Gusti Allah merga nindakké hukum.+ Hukum kuwi malah nggawé awaké dhéwé ngerti nèk awaké dhéwé kuwi wong dosa.+

21 Dadi, wong isa dianggep bener karo Gusti Allah dudu merga manut karo hukum.+ Iki ya wis tau disebutké ing Hukum Musa lan Tulisané Para Nabi.+ 22 Kabèh wong sing nduwé iman isa dianggep bener karo Gusti Allah merga nduwé iman marang Yésus Kristus. Kabèh wong kuwi ora ana bédané.+ 23 Kabèh wong wis dosa lan ora isa niru sifat-sifaté Gusti Allah sing mulya.+ 24 Ning, wong-wong kuwi dianggep bener merga wis ditebus karo Kristus Yésus.+ Kuwi hadiah+ saka Gusti Allah merga Dhèwèké apikan banget.+ 25 Gusti Allah ngorbanké Kristus bèn manungsa isa nduwé hubungan sing apik manèh karo Gusti Allah. Ning, wong kuwi kudu nduwé iman marang getihé Kristus.+ Gusti Allah nindakké iki kanggo nduduhké nèk Dhèwèké kuwi bener. Dhèwèké kuwi sabar lan gelem ngapura dosa-dosa sing ditindakké ing jaman mbiyèn.+ 26 Ing jaman saiki, Gusti Allah ya nduduhké nèk Dhèwèké kuwi bener.+ Dhèwèké nganggep bener wong sing nduwé iman marang Yésus.+

27 Mula, apa awaké dhéwé nduwé alesan kanggo bangga? Ora babar blas. Apa awaké dhéwé isa bangga merga manut karo hukum?+ Ora. Ning, awaké dhéwé bangga merga manut karo hukum sing ngutamakké iman. 28 Awaké dhéwé ngerti nèk wong dianggep bener merga nduwé iman, dudu merga manut karo hukum.+ 29 Apa Gusti Allah kuwi mung Gusti Allahé wong Yahudi?+ Dhèwèké kan ya Gusti Allahé bangsa-bangsa liya, ta?+ Ya, Dhèwèké kuwi ya Gusti Allahé bangsa-bangsa liya.+ 30 Gusti Allah kuwi siji.+ Dhèwèké bakal nganggep bener wong sing disunat+ lan wong sing ora disunat+ nèk wong kuwi nduwé iman. 31 Lha terus nèk awaké dhéwé nduwé iman, apa iki berarti awaké dhéwé nggawé hukum ora bernilai manèh? Ora babar blas. Awaké dhéwé malah ndhukung hukum.+

4 Terus, Abraham nènèk moyangé awaké dhéwé éntuk apa? 2 Nèk Abraham dianggep bener merga tumindaké apik, dhèwèké nduwé alesan kanggo bangga. Ning, kanggoné Gusti Allah, dhèwèké ora nduwé alesan kanggo bangga. 3 Ana ayat sing kandha, ”Abraham nduwé iman marang Yéhuwah.* Kuwi sebabé Gusti Allah nganggep dhèwèké wong sing bener.”+ 4 Nèk wong sing nyambut gawé diwènèhi bayaran, kuwi dudu merga majikané apikan banget, ning merga wong kuwi pancèn pantes nampa bayaran. 5 Ning, wong sing ora nyambut gawé tapi nduwé iman marang Gusti Allah bakal dianggep bener karo Gusti Allah merga imané. Gusti Allah isa nganggep wong dosa kuwi wong sing bener.+ 6 Daud ya ngomongké soal wong sing ngrasa bahagia merga dianggep bener karo Gusti Allah tapi dudu merga tumindaké. Daud kandha, 7 ”Wong sing kesalahan lan dosané diapura bakal bahagia. 8 Wong sing dosané babar blas ora diéling-éling Yéhuwah* bakal bahagia.”+

9 Apa mung wong sing disunat sing isa ngrasa bahagia? Apa wong sing ora disunat ya isa bahagia?+ Aku wis tau ngomong kaya ngéné, ”Merga Abraham nduwé iman, Gusti Allah nganggep dhèwèké wong sing bener.”+ 10 Kapan Gusti Allah nganggep Abraham bener? Sakwisé Abraham disunat utawa sakdurungé? Sakjané Abraham durung disunat wektu Gusti Allah nganggep dhèwèké bener. 11 Gusti Allah ngongkon dhèwèké disunat, lan iki dadi tandha*+ nèk Abraham dianggep bener merga dhèwèké wis nduwé iman sakdurungé disunat. Mula, Abraham dadi bapaké kabèh wong sing nduwé iman+ senajan kabèh wong kuwi ora disunat. Kabèh wong kuwi dianggep bener karo Gusti Allah. 12 Dadi, Abraham, bapaké awaké dhéwé, dudu mung bapaké wong sing disunat. Dhèwèké kuwi ya bapaké kabèh wong sing niru imané, yaiku iman sing diduwèni Abraham+ kèt dhèwèké durung disunat.

13 Abraham utawa keturunané* nampa janji nèk dhèwèké bakal éntuk warisan donya anyar merga dhèwèké nduwé iman lan dianggep bener,+ dudu merga nindakké hukum.+ 14 Nèk sing éntuk warisan kuwi mung wong sing nindakké hukum, iman dadi ora ana gunané lan janji kuwi dadi ora ana artiné. 15 Wong bakal dihukum nèk nglanggar Hukum Musa.+ Tapi, nèk ora ana hukum, ora ana sing dilanggar.+

16 Kuwi sebabé nèk nduwé iman, awaké dhéwé bakal nampa janji kuwi. Kuwi hadiah saka Gusti Allah kanggo* awaké dhéwé.+ Kabèh keturunané* Abraham isa nampa janji kuwi,+ ora mung sing nindakké Hukum Musa tapi ya sing nduwé iman kaya Abraham bapaké awaké dhéwé.+ 17 (Iki cocog karo ayat sing isiné, ”Aku wis ndadèkké kowé bapaké akèh bangsa.”)+ Abraham nduwé iman marang Gusti Allah, sing nguripké manèh wong mati lan sing ngomongké soal apa sing durung kelakon kaya-kayané kuwi wis kelakon.* 18 Senajan kétoké ora mungkin, ning Abraham tetep nduwé harapan lan iman nèk dhèwèké bakal dadi bapaké akèh bangsa. Dhèwèké percaya karo kata-kata iki, ”Ya semono kuwi akèhé keturunanmu* sukmbèn.”+ 19 Senajan imané tetep kuwat, Abraham mikir nèk dhèwèké kuwi wis tuwa banget merga umuré kira-kira wis 100 taun.+ Dhèwèké ya ngerti nèk Sara kuwi mandhul.+ 20 Ning, merga ngerti janjiné Gusti Allah, imané tetep kuwat lan dhèwèké ora ragu-ragu. Imané nggawé dhèwèké kuwat, lan dhèwèké ngluhurké Gusti Allah. 21 Dhèwèké yakin banget nèk Gusti Allah sanggup nepati kabèh janjiné.+ 22 Kuwi sebabé ”dhèwèké dianggep bener”.+

23 Sakjané, kata-kata ”dhèwèké dianggep bener” kuwi ditulis ora mung kanggo dhèwèké thok,+ 24 ning ya kanggo awaké dhéwé. Awaké dhéwé bakal dianggep bener merga awaké dhéwé percaya marang Gusti Allah sing wis nguripké Yésus Gustiné awaké dhéwé.+ 25 Gusti Allah masrahké Yésus bèn dipatèni kanggo dosa-dosané awaké dhéwé.+ Terus, Gusti Allah nguripké manèh Yésus bèn awaké dhéwé isa dianggep bener.+

5 Saiki, awaké dhéwé wis dianggep bener merga nduwé iman.+ Mula, awaké dhéwé isa nduwé hubungan sing apik* karo Gusti Allah liwat Yésus Kristus Gustiné awaké dhéwé.+ 2 Merga nduwé iman marang Yésus, awaké dhéwé isa nyedhak marang Gusti Allah, lan Gusti Allah bakal apikan banget marang awaké dhéwé.+ Awaké dhéwé isa ngrasa seneng* merga awaké dhéwé nduwé harapan nampa kemuliaan saka Gusti Allah. 3 Sakliyané kuwi, awaké dhéwé ya isa ngrasa seneng* wektu ngalami kesusahan,+ merga awaké dhéwé ngerti nèk kesusahan kuwi isa nggawé awaké dhéwé sabar.+ 4 Nèk awaké dhéwé sabar, Gusti Allah bakal seneng. Nèk Gusti Allah seneng karo awaké dhéwé,+ awaké dhéwé dadi nduwé harapan.+ 5 Harapan kuwi ora bakal nggawé awaké dhéwé kecéwa.+ Kuwi merga Gusti Allah wis mènèhi awaké dhéwé roh suciné kanggo mbuktèkké nèk Dhèwèké sayang karo awaké dhéwé.+

6 Malah, wektu awaké dhéwé isih dosa,*+ Kristus mati kanggo wong-wong dosa ing wektu sing wis ditentokké Gusti Allah. 7 Mungkin ana wong sing gelem mati kanggo wong sing apik, ning jarang banget ana wong sing gelem mati kanggo wong sing bener. 8 Tapi, Kristus mati kanggo awaké dhéwé sing isih dosa iki. Kuwi bukti nèk Gusti Allah sayang karo awaké dhéwé.+ 9 Mula, merga awaké dhéwé wis dianggep bener karo Gusti Allah liwat getihé Yésus,+ awaké dhéwé isa yakin nèk bakal dislametké wektu Gusti Allah nesu.+ 10 Senajan awaké dhéwé iki mungsuhé Gusti Allah, awaké dhéwé isa dadi kancané Gusti Allah merga kematiané Anaké.+ Awaké dhéwé isa tambah yakin nèk bakal dislametké merga Yésus urip. 11 Sakliyané kuwi, awaké dhéwé ya seneng merga nduwé hubungan sing apik karo Gusti Allah.+ Kuwi isa kelakon merga apa sing wis ditindakké Gusti Allah liwat Yésus.

12 Dosa mlebu ing donya liwat wong siji, lan kematian nyebar liwat dosa kuwi.+ Kuwi sebabé kabèh wong bakal mati merga kabèh wong wis dosa.+ 13 Dosa wis ana ing donya sakdurungé Hukum Musa ana, ning ora ana wong sing isa ditudhuh nindakké dosa nèk ora ana hukum.+ 14 Senajan ngono, kematian wis nguwasani kabèh wong, kèt Adam nganti Musa, malah ya nguwasani wong-wong sing ora nindakké dosa kaya Adam. Adam kuwi kaya wong sing bakal teka.+

15 Hadiah saka Gusti Allah kuwi ora kaya dosané Adam. Wong akèh mati merga dosané wong siji. Ning, merga Gusti Allah lan Yésus Kristus+ wis apikan banget, akèh wong isa éntuk manfaat+ sing gedhé saka hadiahé Gusti Allah. 16 Sakliyané kuwi, manfaaté hadiah kuwi ora kaya akibat saka dosané wong siji kuwi.+ Dosané wong siji kuwi nggawé kabèh wong dianggep salah.+ Ning, hadiah saka Gusti Allah sing diwènèhké sakwisé wong akèh dadi dosa nggawé wong akèh dianggep bener.+ 17 Merga dosané wong siji kuwi, dosa nguwasani wong-wong kaya raja.+ Ning, sifaté Gusti Allah sing apikan banget lan hadiah sing diwènèhké bèn awaké dhéwé dianggep bener+ kuwi luwih gedhé lan luwih apik. Wong-wong sing nampa kuwi bakal urip lan mréntah dadi raja+ merga Yésus Kristus.+

18 Dosa siji nggawé kabèh wong dihukum mati.+ Tumindak bener siji nggawé kabèh wong isa dianggep bener+ lan urip.+ 19 Wong siji sing ora manut karo Gusti Allah nyebabké akèh wong dadi dosa.+ Wong siji sing manut karo Gusti Allah nggawé akèh wong dianggep bener.+ 20 Hukum Musa diwènèhké kanggo nduduhké nèk dosané manungsa kuwi akèh banget.+ Ning, pas dosa saya akèh, sifaté Gusti Allah sing apikan banget ya dadi luwih akèh. 21 Dosa lan kematian nguwasani wong-wong.+ Sifaté Gusti Allah sing apikan banget ya nguwasani wong-wong bèn wong-wong isa dianggep bener. Mula, wong-wong isa urip saklawasé merga Yésus Kristus Gustiné awaké dhéwé.+

6 Dadi, apa awaké dhéwé bakal terus nindakké dosa bèn awaké dhéwé isa éntuk manfaat sing luwih akèh saka sifaté Gusti Allah sing apikan banget? 2 Ora. Awaké dhéwé kan wis bébas saka dosa,+ mosok awaké dhéwé bakal terus nindakké dosa?+ 3 Apa kowé ora ngerti nèk awaké dhéwé sing wis dibaptis lan bersatu karo Kristus Yésus+ ya dibaptis ing kematiané?+ 4 Merga awaké dhéwé wis dibaptis ing kematiané,+ awaké dhéwé wis dikubur bareng dhèwèké. Kaya Kristus sing wis diuripké manèh saka antarané wong mati nganggo kuwasané* Bapak, saiki awaké dhéwé ya ngrasakké urip sing anyar.+ 5 Awaké dhéwé bersatu karo Kristus wektu awaké dhéwé mati kaya dhèwèké.+ Awaké dhéwé mesthi ya bakal bersatu karo dhèwèké wektu awaké dhéwé diuripké manèh kaya dhèwèké.+ 6 Awaké dhéwé ngerti nèk kepribadiané awaké dhéwé sing lawas wis dipaku ing cagak bareng karo dhèwèké,+ supaya badané awaké dhéwé sing dosa ora nguwasani+ awaké dhéwé manèh, lan awaké dhéwé ora dadi budhaké dosa manèh.+ 7 Nèk wong wis mati, wong kuwi wis dibébaské* saka dosané.

8 Awaké dhéwé wis mati bareng karo Kristus, lan awaké dhéwé yakin nèk awaké dhéwé ya bakal urip bareng karo dhèwèké. 9 Awaké dhéwé ngerti nèk sakwisé diuripké manèh saka antarané wong mati,+ Kristus ora mati manèh,+ lan kematian ora nguwasani dhèwèké manèh. 10 Mbiyèn, dhèwèké mati ping pisan kanggo saklawasé kanggo ngilangi dosa.+ Saiki dhèwèké wis urip, lan uripé kuwi kanggo nindakké apa sing dikarepké Gusti Allah. 11 Kowé ya kudu nganggep awakmu sing dosa kuwi mati, ning saiki kowé urip kanggo nindakké apa sing dikarepké Gusti Allah, merga kowé muridé Kristus Yésus.+

12 Dadi, aja nganti dosa nguwasani uripmu. Aja nuruti kepénginané badanmu+ sing isa mati. 13 Aja masrahké badanmu marang dosa bèn isa nindakké apa sing salah,* ning kowé kudu masrahké badanmu marang Gusti Allah kaya wong sing mbiyèn mati lan saiki wis urip manèh. Pasrahna badanmu marang Gusti Allah kanggo nindakké apa sing bener.+ 14 Kowé wis ora dikuwasani dosa manèh merga kowé wis ora diatur karo hukum.+ Tapi, saiki kowé wis ngrasakké sifaté Gusti Allah sing apikan banget.+

15 Merga awaké dhéwé wis ora diatur karo hukum manèh lan wis ngrasakké sifaté Gusti Allah sing apikan banget,+ apa berarti awaké dhéwé éntuk nindakké dosa? Aja nganti kaya ngono. 16 Apa kowé ora ngerti? Nèk kowé terus manut karo wong liya, kuwi berarti kowé dadi budhaké wong kuwi. Nèk kowé dadi budhaké dosa,+ kowé bakal mati.+ Tapi, nèk kowé dadi budhaké Gusti Allah lan manut karo Dhèwèké, kowé bakal dadi wong sing bener. 17 Aku ngucap syukur marang Gusti Allah merga senajan kowé mbiyèn dadi budhaké dosa, saiki kowé saktulusé ati manut karo apa sing wis diwulangké Gusti Allah marang kowé. 18 Merga kowé wis dibébaské saka dosa,+ kowé dadi budhaké Gusti Allah lan nindakké apa sing bener.+ 19 Merga kowé ora sampurna, aku ngomong nganggo kata-kata sing dipahami wong-wong. Mbiyèn, kowé kaya budhak sing nuruti kepénginanmu kanggo nindakké apa sing najis lan jahat. Saiki, kowé kudu dadi kaya budhak sing nuruti kepénginan kanggo nindakké apa sing bener lan suci.+ 20 Wektu kowé dadi budhaké dosa, kowé ora perlu nindakké apa sing bener.

21 Wektu kowé dadi budhaké dosa, hasilé apa? Saiki kowé dadi isin merga kabèh tumindakmu wektu kuwi. Akibat saka tumindak kaya ngono kuwi kematian.+ 22 Ning, saiki kowé wis dibébaské saka dosa lan dadi budhaké Gusti Allah. Mula, tumindakmu kudu suci+ bèn isa urip saklawasé.+ 23 Upahé dosa kuwi kematian,+ ning hadiahé Gusti Allah kuwi urip saklawasé+ liwat Kristus Yésus Gustiné awaké dhéwé.+

7 Sedulur-sedulur, apa kowé ora ngerti nèk Hukum Musa nguwasani wong saksuwéné wong kuwi urip? (Aku ngomong marang wong-wong sing ngerti hukum.) 2 Contoné, menurut hukum, wong wédok sing wis nikah kuwi dadi siji karo bojoné saksuwéné bojoné isih urip. Ning, nèk bojoné mati, wong wédok kuwi bébas saka hukumé* bojoné.+ 3 Dadi, nèk wong wédok kuwi nikah karo wong lanang liya wektu bojoné isih urip, wong wédok kuwi laku jina.+ Tapi nèk bojoné wis mati, wong wédok kuwi bébas saka hukumé bojoné. Mula, nèk wong wédok kuwi nikah karo wong lanang liya, wong wédok kuwi ora laku jina.+

4 Sedulur-sedulurku, badané Kristus sing wis dikorbanké mbébaské kowé saka Hukum Musa. Mula, kowé isa dadi duwèké Kristus,+ sing wis diuripké manèh saka antarané wong mati.+ Dadi, saiki awaké dhéwé isa ngluhurké Gusti Allah.+ 5 Mbiyèn, wektu awaké dhéwé urip mung nuruti kepénginan sing salah, Hukum Musa nggawé awaké dhéwé sadhar nèk awaké dhéwé nduwé kepénginan kanggo nindakké dosa. Dosa kuwi isa nggawé awaké dhéwé mati.+ 6 Ning, awaké dhéwé wis bébas saka Hukum Musa,+ merga hukum kuwi ora nguwasani awaké dhéwé. Mula, awaké dhéwé iki budhak sing dituntun roh suci,+ dudu budhak sing dituntun Hukum Musa.+

7 Dadi, apa ana sing salah karo Hukum Musa?* Ora. Nèk ora ana hukum kuwi, aku ora ngerti soal dosa.+ Misalé, nèk hukum kuwi ora kandha, ”Aja péngin ngepèk duwèké wong liya,” aku ya ora bakal ngerti nèk kuwi salah.+ 8 Ning, dosa nggunakké hukum kuwi bèn aku nduwé kepénginan sing mentingké awakku dhéwé. Sakdurungé ana hukum, dosa kuwi mati.+ 9 Sakjané, sakdurungé ana hukum, aku urip. Ning, sakwisé ana hukum lan dosa urip manèh, aku mati.+ 10 Hukum sing kuduné nggawé aku tetep urip+ malah nggawé aku mati. 11 Merga hukum kuwi, dosa dadi isa nggodha lan matèni aku. 12 Sakjané, Hukum Musa dhéwé kuwi suci. Préntah sing ana ing hukum kuwi suci, bener, lan apik.+

13 Nèk ngono, apa kuwi maksudé sing apik* kuwi sing matèni aku? Ora. Dosa sing matèni aku. Hukum Musa kuwi apik,+ tapi hukum kuwi nduduhké nèk dosa kuwi sing matèni aku lan nèk dosa kuwi jahat banget.+ 14 Awaké dhéwé ngerti nèk Hukum Musa kuwi saka Gusti Allah. Ning, masalahé kuwi aku ora sampurna lan wis diedol dadi budhaké dosa.+ 15 Aku ora nindakké apa sing tak péngini, ning malah nindakké apa sing tak sengiti. Aku ora ngerti ngapa kok aku kaya ngono. 16 Aku nganggep nèk Hukum Musa kuwi apik, tapi aku isih nindakké apa sing ora tak péngini. 17 Dadi, dudu aku sing nindakké kuwi, tapi dosa sing ana ing njero awakku.+ 18 Aku ngerti nèk ing njero awakku sing dosa iki ora ana sing apik. Senajan aku péngin nindakké apa sing apik, aku ora sanggup nindakké kuwi.+ 19 Aku péngin nindakké apa sing apik, ning malah ora tak tindakké. Aku ora péngin nindakké apa sing èlèk, ning malah kuwi sing tak tindakké. 20 Dadi, nèk aku nindakké apa sing ora tak péngini, kuwi berarti dudu aku sing nindakké kuwi, tapi dosa sing ana ing njero awakku.

21 Mula, iki sing tak rasakké: Wektu aku péngin nindakké apa sing bener, sing ana ing njero awakku malah kepénginan kanggo nindakké apa sing èlèk.+ 22 Ing njero atiku, aku seneng banget karo hukumé Gusti Allah.+ 23 Ning, aku ngerti nèk ing njero awakku ana hukum liya sing nglawan hukum sing nguwasani pikiranku+ lan nggawé aku dadi tawanan hukum dosa+ sing ana ing njero awakku. 24 Aku iki wong sing sengsara banget. Sapa sing bakal nylametké aku saka badan sing nyebabké aku mati? 25 Aku ngucap syukur marang Gusti Allah sing nylametké aku liwat Yésus Kristus Gustiné awaké dhéwé. Mula, pikiranku iki dikuwasani* hukumé Gusti Allah, tapi awakku dikuwasani hukum dosa.+

8 Mula, wong sing bersatu karo Kristus Yésus ora dianggep salah. 2 Hukum roh suci wis nggawé kowé, yaiku muridé Kristus Yésus, bébas+ saka hukum dosa lan hukum kematian. 3 Hukum Musa ora nduwé kuwasa mbébaské kowé,+ merga manungsa kuwi lemah+ lan dosa. Ning, Gusti Allah mbébaské kowé wektu Dhèwèké ngutus Anaké+ dadi manungsa* kanggo nyingkirké dosa.+ Kuwi carané Gusti Allah mènèhi hukuman marang dosané manungsa. 4 Mula, awaké dhéwé isa nindakké sing bener menurut Hukum Musa nèk awaké dhéwé+ manut karo tuntunané roh suci, dudu karo kepénginan sing salah.+ 5 Wong sing manut karo kepénginan sing salah mung mikirké kepénginané dhéwé.+ Tapi, wong sing manut karo tuntunané roh suci mesthi mikirké tuntunané roh suci kuwi.+ 6 Terus-terusan mikirké kepénginan sing salah nyebabké kematian.+ Tapi, nèk terus mikirké tuntunané roh suci isa nggawé awaké dhéwé urip lan ngrasa ayem.+ 7 Wong sing terus mikirké kepénginan sing salah kuwi berarti dadi mungsuhé Gusti Allah,+ merga wong kuwi ora manut karo hukumé Gusti Allah lan ora sanggup manut karo hukum kuwi. 8 Dadi, wong sing terus mikirké kepénginan sing salah ora isa nyenengké Gusti Allah.

9 Nèk Gusti Allah mènèhi kowé roh suci, kowé bakal manut karo roh suci kuwi,+ dudu manut karo kepénginan sing salah. Tapi, wong sing ora nduwé pikirané Kristus, wong kuwi dudu duwèké Kristus. 10 Senajan badanmu mati merga dosa, ning nèk kowé bersatu karo Kristus,+ roh suci isa nggawé kowé urip merga kowé dianggep bener. 11 Roh suciné Gusti Allah nguripké manèh Yésus saka antarané wong mati. Nèk kowé nduwé roh suci kuwi, Gusti Allah sing nguripké manèh Kristus Yésus+ bakal nggunakké roh suciné kanggo nguripké manèh badanmu.*+

12 Dadi sedulur-sedulur, aja nganti kowé manut karo kepénginan sing salah.+ 13 Nèk kowé manut karo kepénginan sing salah, kowé mesthi bakal mati. Ning, nèk kowé mandheg nindakké sing jahat+ nganggo bantuané roh suci, kowé bakal urip.+ 14 Kabèh sing dituntun roh suciné Gusti Allah kuwi anaké Gusti Allah.+ 15 Roh suci ora nggawé awaké dhéwé dadi budhak lan ora nggawé awaké dhéwé ngrasa wedi. Ning, roh suci kuwi nggawé awaké dhéwé dadi anaké Gusti Allah lan nggawé awaké dhéwé ngomong, ”Abba,* Bapak.”+ 16 Roh suciné Gusti Allah+ nggawé awaké dhéwé yakin* nèk awaké dhéwé anaké Gusti Allah.+ 17 Nèk awaké dhéwé anaké Gusti Allah, awaké dhéwé bakal nampa warisan saka Gusti Allah+ bareng karo Kristus. Nèk awaké dhéwé sengsara bareng Kristus,+ awaké dhéwé ya bakal dimulyakké kaya dhèwèké.+

18 Dadi, kesusahan sing saiki awaké dhéwé alami ora ana apa-apané timbang hadiah sing bakal diduduhké Gusti Allah sukmbèn.+ 19 Kabèh ciptaané Gusti Allah ngentèni wektuné Gusti Allah nduduhké nèk anak-anaké wis nampa hadiah sing luar biasa.+ 20 Uripé kabèh ciptaan dadi ora ana gunané,+ dudu merga karepé dhéwé, ning merga karepé Gusti Allah. Tapi, awaké dhéwé isih nduwé harapan. 21 Harapané yaiku kabèh ciptaan bakal dibébaské+ bèn ora dadi budhaké dosa lan kematian. Kabèh ciptaan bakal nduwé kebébasan kaya anak-anaké Gusti Allah. 22 Awaké dhéwé ngerti nèk nganti saiki kabèh ciptaan padha sambat lan ngrasakké lara. 23 Awaké dhéwé sing wis éntuk bagéan pertama saka warisan kuwi,* yaiku roh suci, ya sambat karo ngentèni wektuné awaké dhéwé+ diangkat dadi anaké Gusti Allah.+ Liwat tebusan, awaké dhéwé isa dibébaské saka badané awaké dhéwé. 24 Awaké dhéwé dislametké wektu nampa harapan iki. Ning, wektu harapan kuwi wis ditampa, kuwi ora disebut harapan manèh. Nèk wong wis nampa apa sing diharapké, dhèwèké ora bakal berharap manèh. 25 Ning, nèk harapané+ awaké dhéwé durung kelakon,+ awaké dhéwé bakal sabar ngentèni kuwi.+

26 Roh suci bakal mbantu pas awaké dhéwé lemah.+ Kadhang awaké dhéwé péngin ndonga, ning awaké dhéwé ora ngerti apa sing kudu didongakké. Pas awaké dhéwé sambat lan ora ngerti kudu ngomong apa, roh suci sing bakal nyampèkké kuwi kanggo awaké dhéwé. 27 Gusti Allah sing mriksa atiné+ awaké dhéwé ngerti apa sing disampèkké roh suci kuwi, merga apa sing dijaluk roh suci kuwi cocog karo karepé Gusti Allah, lan kuwi tujuané kanggo mbantu wong-wong suci.

28 Awaké dhéwé ngerti nèk Gusti Allah mastèkké kabèh sing ditindakké isa teratur bèn wong-wong sing sayang karo Gusti Allah, yaiku sing dipilih sesuai karo karepé Gusti Allah, isa éntuk manfaat.+ 29 Kèt awal, Gusti Allah nggatèkké wong-wong kuwi lan nentokké* bèn wong-wong kuwi dadi kaya Anaké.+ Mula, Anaké dadi anak pertama+ ing antarané sedulur-seduluré.+ 30 Sakliyané kuwi, wong-wong sing ditentokké+ Gusti Allah kèt awal ya wis dipilih,+ lan wong-wong sing dipilih kuwi ya dianggep bener karo Gusti Allah.+ Akhiré, wong-wong sing dianggep bener kuwi dimulyakké.+

31 Dadi, apa kesimpulané? Nèk Gusti Allah mihak awaké dhéwé, sapa sing isa menang nglawan awaké dhéwé?+ 32 Gusti Allah ora ragu-ragu mènèhké lan ngorbanké Anaké kanggo awaké dhéwé.+ Mula, mesthiné Gusti Allah bakal apikan lan mènèhké apa waé sing awaké dhéwé butuhké, ta? 33 Wong-wong sing wis dipilih Gusti Allah dianggep bener karo Gusti Allah.+ Mula, sapa sing isa nudhuh wong-wong kuwi?+ 34 Sapa sing isa ngukum wong-wong kuwi? Ora ana, merga Kristus Yésus wis mati kanggo wong-wong kuwi lan wis diuripké manèh. Saiki dhèwèké ana ing sebelah tengené Gusti Allah,+ lan dhèwèké njaluk kanggo awaké dhéwé.+

35 Apa ana sing isa nggawé Kristus ora sayang manèh karo awaké dhéwé?+ Nèk awaké dhéwé ngalami kesusahan, nduwé masalah, dianiaya, ora nduwé panganan, ora nduwé klambi,* ngadhepi bahaya, lan diancam nganggo pedhang,+ apa kuwi nggawé Kristus ora sayang manèh karo awaké dhéwé? 36 Kitab Suci ngomong ngéné, ”Merga aku ngabdi marang Njenengan, saben dina aku arep dipatèni. Aku dianggep kaya domba sing arep dibelèh.”+ 37 Ning, merga dibantu Kristus sing sayang karo awaké dhéwé, awaké dhéwé isa berhasil+ ngadhepi kuwi kabèh. 38 Aku yakin nèk ora ana sing isa nggawé Gusti Allah ora sayang manèh karo awaké dhéwé, embuh kuwi kematian, urip, malaékat, pamréntah, kuwasa, apa waé sing ana saiki, apa waé sing bakal ana sukmbèn,+ 39 kabèh sing ana ing ndhuwur, kabèh sing ana ing ngisor, utawa ciptaan liyané. Ora ana sing isa nggawé Gusti Allah ora sayang manèh karo awaké dhéwé. Rasa sayangé kuwi diduduhké liwat Kristus Yésus, Gustiné awaké dhéwé.

9 Aku iki muridé Kristus. Hati nuraniku dituntun karo roh suci, lan aku ngomongké sing bener. Aku ora ngapusi wektu aku ngomong 2 nèk atiku sedhih banget lan terus-terusan sengsara. 3 Aku gelem nampa hukuman sing kuduné kanggo sedulur-sedulurku, yaiku wong sing sak bangsa karo aku, sing dudu muridé Kristus nèk kuwi isa mbantu sedulur-sedulurku kuwi. 4 Wong-wong kuwi wong Israèl, sing wis diangkat dadi anaké Gusti Allah+ lan diwènèhi kemuliaan, perjanjian-perjanjian,+ Hukum Musa,+ janji-janji,+ lan kehormatan kanggo ngabdi marang Gusti Allah.+ 5 Wong-wong kuwi ya keturunané+ wong-wong sing dadi nènèk moyangé Kristus.+ Muga-muga Gusti Allah sing nguwasani kabèh diluhurké saklawasé. Amin.

6 Ning, iki ora berarti nèk janjiné* Gusti Allah ora kelakon. Sakjané, ora kabèh keturunan Israèl kuwi bener-bener wong Israèl.+ 7 Senajan kabèh wong kuwi keturunané* Abraham, ora kabèh bener-bener anaké Abraham.+ Ning Gusti Allah kandha, ”Keturunan* sing dijanjèkké marang kowé kuwi asalé saka Ishak.”+ 8 Mula, ora kabèh anaké Abraham bener-bener anaké Gusti Allah.+ Tapi, sing lair merga janjiné Gusti Allah+ dianggep dadi keturunané* Abraham. 9 Gusti Allah janji, ”Ing wektu sing padha kaya ngéné iki, Aku bakal teka, lan Sara bojomu bakal nduwé anak lanang.”+ 10 Janji kuwi diwènèhké ora mung ing wektu kuwi thok, tapi ya wektu Ribka meteng anak kembar saka Ishak, yaiku nènèk moyangé awaké dhéwé.+ 11 Sakdurungé anak-anak kuwi lair lan nindakké apa waé sing apik utawa èlèk, Gusti Allah wis nggawé pilihan. Gusti Allah milih wong sesuai karo karepé lan ora menurut tumindaké wong kuwi. 12 Kuwi sebabé Gusti Allah ngomong karo Ribka, ”Sing tuwa bakal dadi budhaké sing enom.”+ 13 Iki sesuai karo ayat sing kandha, ”Aku nresnani Yakub, ning Aku sengit marang Ésau.”+

14 Apa berarti Gusti Allah ora adil? Ora mungkin.+ 15 Gusti Allah ngomong karo Musa, ”Aku bakal nresnani lan mesakké karo wong sing Tak senengi.”+ 16 Dadi, Gusti Allah milih wong ora menurut kepénginan utawa upayané wong kuwi,* ning menurut Gusti Allah dhéwé sing nduwé rasa mesakké.+ 17 Ana ayat sing kandha soal Firaun, ”Aku isih péngin kowé urip bèn Aku isa nduduhké kuwasa-Ku lan bèn kabèh wong sing ana ing bumi ngerti jeneng-Ku.”+ 18 Dadi, Gusti Allah mesakké karo sapa waé sing disenengi, ning Dhèwèké ngejarké sing liyané dadi ndableg.+

19 Ana sing bakal takon karo aku, ”Ngapa kok Gusti Allah nyalahké wong-wong? Sapa sing isa nglawan karepé Gusti Allah?” 20 Kowé kuwi sapa ta, kok nganti wani-waniné ngomong nglawan Gusti Allah?+ Mosok tanah liat isa ngomong ngéné marang pengrajiné, ”Ngapa kok aku digawé kaya ngéné?”+ 21 Apa kowé ora ngerti? Pengrajin tanah liat nduwé wewenang nggawé sak kepel tanah liat+ sing padha dadi barang loro, sing siji barang sing berharga lan sijiné barang sing biasa. 22 Gusti Allah ya kaya ngono. Gusti Allah péngin nduduhké rasa nesuné lan kuwasané. Tapi, Dhèwèké sabar marang wong-wong sing nggawé Dhèwèké nesu* lan sing pantes disingkirké. 23 Gusti Allah sabar, merga Dhèwèké péngin nduduhké kemuliaané marang wong-wong sing dimesakké.*+ Gusti Allah nyiapké wong-wong kuwi bèn wong-wong kuwi isa dimulyakké. 24 Awaké dhéwé wong-wong sing wis dipilih* kuwi. Gusti Allah milih awaké dhéwé ora mung saka antarané wong Yahudi, ning ya saka antarané bangsa-bangsa liya.+ 25 Iki kaya sing diomongké Gusti Allah ing kitab Hoséa, ”Wong-wong sing dudu umat-Ku+ bakal Tak sebut ’umat-Ku’, lan wong wédok sing ora Tak tresnani bakal Tak sebut ’sing Tak tresnani’.+ 26 Ing panggonan pas Aku ngomong marang wong-wong kuwi, ’Kowé dudu umat-Ku’, ya ing kono kuwi wong-wong kuwi bakal disebut ’anak-anaké Gusti Allah sing urip’.”+

27 Malah, Yésaya ngumumké soal Israèl, ”Senajan jumlahé wong Israèl kaya pasir ing laut, ning mung sisané sing bakal dislametké.+ 28 Yéhuwah* bakal ngadili wong-wong ing bumi, lan kuwi bakal ditindakké cepet banget.”+ 29 Sakliyané kuwi, Yésaya tau kandha, ”Nèk keturunané* awaké dhéwé ora ana sing dislametké Yéhuwah* pemimpiné pasukan, awaké dhéwé mesthi wis dadi kaya Sodom lan kaya Gomora.”+

30 Dadi, apa kesimpulané? Wong-wong saka bangsa liya dianggep bener+ merga nduwé iman senajan wong-wong kuwi ora ngupaya dianggep bener.+ 31 Ning, senajan wong Israèl ngupaya manut hukum bèn dianggep bener, tapi upayané gagal. 32 Apa sebabé? Wong-wong kuwi ngupaya dianggep bener liwat tumindak, dudu liwat iman. Wong-wong kuwi kesandhung karo ”watu sing nggawé kesandhung”,+ 33 padha karo ayat sing kandha, ”Ing Zion, Aku ndèlèhké watu+ sing bakal nggawé wong kesandhung lan watu sing bakal nggawé wong tiba, ning wong sing nduwé iman marang dhèwèké ora bakal kecéwa.”+

10 Sedulur-sedulur, atiku péngin banget bèn wong Israèl dislametké.+ Kuwi sing tak dongakké marang Gusti Allah. 2 Aku isa mbuktèkké nèk wong-wong kuwi semangat ngabdi marang Gusti Allah,+ tapi wong-wong kuwi ora bener-bener paham karo karepé Gusti Allah.* 3 Wong-wong kuwi ora ngerti apa sing isa nggawé wong dianggep bener karo Gusti Allah,+ ning malah ngupaya mbuktèkké nèk wong-wong kuwi bener nganggo carané dhéwé.+ Mula, wong-wong kuwi ora nindakké pathokané Gusti Allah.+ 4 Kristus nggawé Hukum Musa ora berlaku manèh.+ Dadi saiki, wong-wong sing nduwé iman marang dhèwèké isa dianggep bener.+

5 Musa nulis soal wong sing dianggep bener menurut Hukum, ”Sapa waé sing nindakké iki bakal tetep urip.”+ 6 Ning, Kitab Suci nduduhké nèk wong isa dianggep bener merga nduwé iman. Kitab Suci kandha, ”Aja mbatin,+ ’Sapa sing bakal munggah swarga?’+ maksudé, bèn isa nggawa Kristus mudhun, 7 utawa, ’Sapa sing bakal mudhun ing jurang sing jero banget?’*+ maksudé, bèn isa nggawa Kristus metu saka kematian.” 8 Apa manèh sing diomongké Kitab Suci? ”Préntah* kuwi cedhak karo kowé. Kuwi ana ing lambé lan atimu.”+ Kuwi maksudé préntah sing awaké dhéwé wartakké lan sing isa ditampa wong-wong sing nduwé iman. 9 Nèk ing ngarepé wong akèh kowé ngomong Yésus kuwi Gustimu,+ lan kowé nduwé iman ing atimu nèk Gusti Allah wis nguripké manèh Yésus saka antarané wong mati, kowé bakal dislametké. 10 Nèk kowé nduwé iman ing atimu, kowé isa dianggep bener karo Gusti Allah. Terus, nèk kowé nyritakké imanmu marang wong liya,+ kowé bakal dislametké.

11 Ana ayat sing kandha, ”Kabèh wong sing nduwé iman marang dhèwèké ora bakal kecéwa.”+ 12 Ora ana bédané antarané wong Yahudi lan wong Yunani.+ Kabèh nduwé Gusti sing padha, sing murah hati* marang kabèh sing njaluk tulung marang Dhèwèké.* 13 ”Kabèh wong sing nyebut jeneng Yéhuwah* bakal dislametké.”+ 14 Ning, piyé wong-wong isa nyebut jenengé Gusti Allah nèk durung nduwé iman marang Dhèwèké? Terus, piyé wong-wong isa nduwé iman marang Dhèwèké nèk durung tau krungu soal Dhèwèké? Terus, piyé wong-wong isa krungu soal Dhèwèké nèk ora ana sing martakké? 15 Terus, apa ana sing bakal martakké nèk ora diutus?+ Kitab Suci kandha, ”Seneng banget ndelok wong-wong sing teka karo martakké kabar apik.”+

16 Senajan ngono, ora kabèh wong nampa kabar apik. Yésaya tau kandha, ”Yéhuwah,* sapa sing percaya karo omongan sing tak sampèkké?”+ 17 Dadi, wong isa nduwé iman nèk dhèwèké wis ngrungokké berita kuwi,+ lan berita kuwi dirungokké wektu ana wong sing martakké soal Kristus. 18 Ning, aku takon soal wong Israèl: Apa wong-wong kuwi ora krungu berita kuwi? Ya, merga Kitab suci kandha, ”Critané isa tekan endi-endi ing bumi iki lan tekan ujungé bumi.”+ 19 Aku ya takon: Apa Israèl ora ngerti? Mesthiné ngerti.+ Pertama, Musa nyampèkké omongané Gusti Allah, ”Aku bakal nggawé kowé cemburu liwat wong-wong sing dudu bangsa Israèl. Aku bakal nggawé kowé nesu liwat bangsa sing bodho.”+ 20 Terus, Yésaya kendel banget nyampèkké omongané Gusti Allah, ”Aku gelem njawab wong sing ora nggolèk tuntunan-Ku.+ Aku dikenal karo wong-wong sing ora nakonké Aku.”+ 21 Ning, Gusti Allah ngomong liwat Yésaya soal Israèl, ”Saben dina Aku ngulurké tangan-Ku marang bangsa sing ndableg lan ora manut.”+

11 Saiki aku takon: Apa Gusti Allah nolak umaté?+ Ora. Aku iki ya wong Israèl, keturunané* Abraham, saka suku Bènyamin. 2 Gusti Allah ora nolak umaté, yaiku umat sing pertama digatèkké.+ Apa kowé ora ngerti ayat sing kandha soal Èlia? Èlia sambat marang Gusti Allah soal Israèl, 3 ”Yéhuwah,* wong-wong kuwi wis matèni nabi-nabi-Mu lan ngrubuhké mézbah-mézbah-Mu. Mung tinggal aku sing isih urip, lan saiki wong-wong kuwi péngin matèni aku.”+ 4 Ning, apa jawabané Gusti Allah marang Èlia? ”Ing antarané umat-Ku, isih ana wong 7.000 sing ora sujud marang Baal.”+ 5 Ing jaman saiki, ya ana wong Yahudi sing jumlahé sithik+ sing wis dipilih Gusti Allah, merga Gusti Allah apikan banget. 6 Iki artiné wong-wong kuwi dipilih merga Gusti Allah apikan banget,+ dudu merga tumindaké wong-wong kuwi.+ Nèk wong-wong kuwi dipilih merga tumindaké, pilihan kuwi dudu merga Gusti Allah apikan banget.

7 Dadi, apa kesimpulané? Wong Israèl ora nampa apa sing dipéngini.+ Sing nampa malah wong-wong pilihan sing jumlahé sithik kuwi. Sing liyané ora gelem ngrungokké.+ 8 Iki kaya ayat sing kandha, ”Nganti saiki Gusti Allah nggawé wong-wong kuwi dadi kaya wong sing turu angler,+ mripaté ora isa ndelok, lan kupingé ora isa krungu.”+ 9 Daud ya kandha, ”Muga-muga péstané* wong-wong kuwi njebak wong-wong kuwi dhéwé. Muga-muga kuwi dadi kaya watu sing nggawé kesandhung lan dadi hukuman kanggo wong-wong kuwi. 10 Muga-muga mripaté wong-wong kuwi ora isa ndelok manèh, lan gawénen beban uripé dadi abot.”*+

11 Mula pertanyaanku: Apa wong Yahudi kesandhung lan tiba nganti ora isa tangi? Ora. Ning, merga wong-wong kuwi nglanggar hukum, wong-wong saka bangsa liya dislametké, lan kuwi nggawé wong Yahudi dadi iri.+ 12 Merga wong-wong kuwi nglanggar hukum, wong-wong ing donya dadi éntuk berkah.+ Merga jumlahé wong-wong kuwi saya sithik, bangsa liya dadi éntuk berkah. Dadi, berkahé mesthi bakal luwih akèh nèk kabèh wong* kuwi dikumpulké.

13 Saiki aku ngomong karo kowé sing asalé saka bangsa liya. Merga aku iki rasul sing diutus marang bangsa-bangsa liya,+ aku nganggep nèk gawéan sing tak tindakké kanggo Gusti Allah kuwi berharga.*+ 14 Aku berharap isa nggawé wong-wong saka bangsaku iri karo apa sing wis mbok tampa bèn ana wong-wong saka bangsaku sing isa tak slametké. 15 Wong-wong kuwi wis ditolak Gusti Allah,+ lan kuwi nggawé wong-wong liyané ing donya iki isa dadi kancané Gusti Allah. Nèk Gusti Allah gelem nampa wong-wong kuwi,* kuwi bakal kaya nguripké manèh wong-wong kuwi saka antarané wong mati. 16 Terus, nèk bagéan adonan sing dianggep dadi hasil panèn pertama kuwi suci, kabèh adonané mesthi ya suci. Nèk akaré wit kuwi suci, cabang-cabangé ya suci.

17 Ning, ana cabang-cabangé wit zaitun sing dikethok. Nèk kowé, sing dadi cabangé wit zaitun liar, dicangkokké ing wit zaitun kuwi lan ana ing antarané cabang-cabang sing isih ana ing wit kuwi, terus kowé ya éntuk manfaat saka akaré wit zaitun kuwi, 18 aja rumangsa nèk kowé luwih apik timbang cabang-cabang kuwi. Nèk kowé rumangsa luwih apik,+ kowé kudu éling nèk dudu kowé sing nyangga akaré wit kuwi, ning akar kuwi sing nyangga kowé. 19 Terus kowé kandha, ”Cabang-cabangé dikethok bèn aku isa dicangkokké.”+ 20 Kuwi pancèn bener. Wong-wong kuwi dikethok merga ora nduwé iman,+ ning kowé tetep ana ing wit kuwi merga imanmu.+ Dadi, aja sombong. Kowé kudu ngati-ati. 21 Nèk cabangé wit zaitun sing asli waé dikethok karo Gusti Allah, mesthiné kowé ya isa dikethok. 22 Kowé ngerti nèk Gusti Allah kuwi apikan,+ ning ya tegas. Gusti Allah tegas marang cabang-cabang sing tiba,+ merga cabang-cabang kuwi ora nduwé iman. Ning, Gusti Allah apikan marang kowé nèk kowé terus nindakké apa waé sing nggawé kowé pantes ngrasakké sifaté Gusti Allah sing apikan. Nèk ora, kowé ya bakal dikethok. 23 Terus, nèk wong-wong kuwi nduwé iman, wong-wong kuwi bakal dicangkok manèh,+ merga Gusti Allah isa nindakké kuwi. 24 Kowé kuwi cabang sing dikethok saka wit zaitun liar. Kowé dicangkokké ing wit zaitun sing ditandur lan diopèni ing kebon senajan cara kuwi ora biasa ditindakké. Dadi, mesthiné cabang-cabangé wit zaitun sing asli luwih gampang dicangkokké ing wit zaitun kuwi.

25 Sedulur-sedulur, aku péngin kowé ngerti rahasia suci iki,+ supaya kowé ora rumangsa wicaksana:* Ana wong-wong Israèl sing bakal tetep ndableg nganti jumlahé wong sing dikumpulké saka bangsa liya lengkap. 26 Dadi, kabèh wong Israèl bakal dislametké.+ Iki cocog karo ayat sing kandha, ”Wong sing mbébaské* kuwi bakal teka saka Zion+ lan bakal nggawé keturunané Yakub* ninggalké tumindaké sing jahat. 27 Iki bakal dadi perjanjianku karo wong-wong kuwi+ wektu Aku nyingkirké dosa-dosané wong-wong kuwi.”+ 28 Pancèn, wong-wong kuwi dadi mungsuhé Gusti Allah merga nolak kabar apik, lan kowé éntuk manfaat saka kuwi. Ning, demi janjiné Gusti Allah marang nènèk moyangé wong-wong kuwi,+ Dhèwèké milih wong-wong saka antarané wong-wong kuwi bèn dadi sahabaté. 29 Gusti Allah ora bakal gela merga wis mènèhi hadiah. Gusti Allah ya ora bakal gela merga wis milih wong-wong sing wis dipilih. 30 Mbiyèn kowé ora manut karo Gusti Allah,+ ning saiki kowé wis ngrasakké sifaté Gusti Allah sing apikan banget,+ merga wong Yahudi ora manut.+ 31 Dadi, kowé ngrasakké sifaté Gusti Allah sing apikan banget merga wong-wong kuwi ora manut. Tapi, saiki wong-wong kuwi ya isa ngrasakké sifaté Gusti Allah sing apikan banget. 32 Gusti Allah nganggep wong-wong kuwi kaya tahanan merga wong-wong kuwi ora manut.+ Gusti Allah isa nduduhké sifaté sing apikan banget marang wong-wong kuwi.+

33 Berkahé Gusti Allah kuwi akèh banget. Kawicaksanan lan pengetahuané luar biasa. Keputusané Gusti Allah lan kabèh tumindaké ora isa bener-bener dipahami. 34 ”Apa ana sing isa ngerti pikirané Yéhuwah?* Apa ana sing isa mènèhi naséhat marang Dhèwèké?”+ 35 Sakliyané kuwi, ”sapa sing wis tau mènèhi Gusti Allah luwih dhisik nganti Gusti Allah kudu mbales dhèwèké?”+ 36 Kabèh sing ana kuwi asalé saka Gusti Allah, liwat Gusti Allah, lan kanggo Gusti Allah. Muga-muga Gusti Allah diluhurké saklawasé. Amin.

12 Mula sedulur-sedulur, merga Gusti Allah kuwi apikan, aku njaluk marang kowé bèn kowé mènèhké badan+ lan uripmu marang Gusti Allah kaya mènèhké korban sing suci+ lan sing pantes ditampa Gusti Allah. Dadi, kowé isa ngabdi marang Gusti Allah nggunakké kabèh pikiranmu.+ 2 Aja dipengaruhi* karo donya* iki manèh. Ning, kowé kudu ngubah pikiranmu+ bèn kowé isa ngerti dhéwé+ apa karepé Gusti Allah, yaiku apa waé sing apik, sing sampurna, lan sing nyenengké Dhèwèké.

3 Merga Gusti Allah wis apikan banget marang aku, aku ngandhani kowé bèn kowé ora rumangsa nèk kowé kuwi wong sing penting banget.+ Menurut iman sing diwènèhké*+ Gusti Allah marang saben wong ing antaramu, kowé kudu nganggep awakmu dhéwé apa anané. 4 Badan siji nduwé akèh anggota+ sing gunané béda-béda. 5 Awaké dhéwé ya kaya ngono. Senajan awaké dhéwé jumlahé akèh, awaké dhéwé iki badan siji merga bersatu karo Kristus. Saben wong ing antarané awaké dhéwé iki anggota badan sing mbutuhké liyané.+ 6 Merga sifaté Gusti Allah sing apikan banget, awaké dhéwé nampa kemampuan kanggo nindakké tugas* sing béda-béda.+ Mula, nèk awaké dhéwé nampa kemampuan kanggo nyampèkké omongané Gusti Allah,* ayo terus martakké menurut imané awaké dhéwé. 7 Nèk awaké dhéwé nampa kemampuan* kanggo nglayani liyané, ayo terus nglayani. Nèk awaké dhéwé nampa kemampuan kanggo mulang, ayo terus mulang.+ 8 Nèk awaké dhéwé nampa kemampuan* kanggo nguwatké,*+ ayo terus nguwatké. Nèk awaké dhéwé nampa kemampuan kanggo mènèhi, ayo terus murah hati wektu mènèhi.+ Sing nampa kemampuan kanggo mimpin kudu rajin*+ nindakké tugasé. Sing nampa kemampuan kanggo apikan marang wong liya kudu nindakké kuwi saktulusé ati.+

9 Kowé kudu tulus* sayang karo wong liya.+ Kowé kudu sengit karo apa sing jahat+ lan ngupaya tenanan nindakké apa sing apik. 10 Kowé kudu sayang karo wong liya kaya karo keluargamu dhéwé. Kowé kudu luwih dhisik ngajèni liyané.+ 11 Kowé kudu rajin. Aja males-malesan.+ Kowé kudu nduwé semangat sing gedhé merga roh suci.+ Kowé kudu ngabdi marang Yéhuwah* saktulusé atimu.*+ 12 Kowé kudu ngrasa bahagia merga harapanmu. Kowé kudu sabar ngadhepi kesusahan.+ Kowé kudu terus ndonga.+ 13 Wènèhna bantuan marang wong-wong suci sesuai karo kebutuhané wong-wong kuwi.+ Kowé kudu ngupaya nggatèkké lan apikan marang liyané.+ 14 Kowé kudu njaluk marang Gusti Allah bèn mberkahi wong-wong sing nganiaya kowé,+ lan aja nyumpahi wong-wong kuwi.+ 15 Kowé kudu ngrasa bahagia karo wong sing bahagia, lan nangis karo wong sing nangis. 16 Kowé kudu nggatèkké wong liya kaya kowé nggatèkké awakmu dhéwé. Kowé kudu rendah hati.+ Aja sombong, lan aja rumangsa wicaksana.*+

17 Aja mbales kejahatan nganggo kejahatan marang sapa waé.+ Kowé kudu ngupaya nindakké apa sing dianggep apik karo kabèh wong. 18 Kowé kudu ngupaya sak isa-isané bèn rukun karo kabèh wong.+ 19 Sedulur-sedulurku, aja balas dendam. Bèn waé Gusti Allah sing nduduhké nesuné,+ merga ana ayat sing kandha, ”Yéhuwah* ngomong,+ ’Aku sing nduwé hak kanggo mbales. Aku sing bakal mbales kejahatané wong-wong kuwi.’” 20 Ning, ”nèk mungsuhmu ngelih,* kudu mbok wènèhi mangan. Nèk dhèwèké ngelak, kudu mbok wènèhi ngombé, merga kowé bakal nggawé atiné luluh kaya logam sing melèlèh merga geni”.*+ 21 Aja nganti kowé dikalahké karo kejahatan. Ning, kalahna kejahatan nganggo apa sing apik.+

13 Pamréntah éntuk kuwasa saka Gusti Allah,+ mula kabèh wong kudu manut karo pamréntah.+ Pamréntah sing saiki ana diwènèhi kedudukan sing béda-béda karo Gusti Allah.+ 2 Mula, sapa waé sing nglawan pamréntah, kuwi artiné nglawan pengaturané Gusti Allah, lan wong-wong sing nglawan pengaturan kuwi bakal dihukum. 3 Wong sing tumindaké apik ora perlu wedi karo pamréntah. Sing kuduné wedi yaiku wong sing tumindaké jahat.+ Kowé ora perlu wedi karo pamréntah. Nèk tumindakmu apik,+ kowé bakal dialem pamréntah. 4 Pamréntah kuwi abdiné Gusti Allah lan diwènèhi kedudukan bèn kowé éntuk manfaat. Ning, kowé kudu wedi nèk kowé nindakké apa sing jahat, merga pamréntah nduwé hak lan wewenang kanggo ngukum wong-wong sing tumindaké jahat. Pamréntah kuwi abdiné Gusti Allah sing diwènèhi kedudukan kanggo ngukum wong-wong sing tumindaké jahat.

5 Dadi, kowé nduwé alesan sing kuwat kanggo manut, ora mung merga wedi dihukum, ning ya merga hati nuranimu.+ 6 Kuwi sebabé kowé mbayar pajeg, merga pamréntah kuwi abdiné Gusti Allah sing terus nglayani wong akèh. 7 Mula, wènèhna apa sing dadi haké pamréntah: Bayaren pajeg marang wong sing ngongkon kowé mbayar pajeg.+ Kowé kudu ngajèni wong sing kudu diajèni+ lan menghormati wong sing kudu dihormati.+

8 Aja utang apa-apa karo sapa waé. Ning, kowé kudu sayang karo wong liya,+ merga wong sing nresnani wong liya wis nindakké hukum.+ 9 Ana hukum sing kandha, ”Aja laku jina,+ aja matèni wong,+ aja nyolong,+ aja péngin ngepèk duwèké wong liya.”+ Préntah kuwi lan préntah liyané disimpulké nganggo kata-kata iki, ”Kowé kudu nresnani wong liya kaya nresnani awakmu dhéwé.”+ 10 Wong sing nduwé katresnan ora tumindak jahat marang wong liya.+ Dadi, wong sing nduwé katresnan kuwi wis nindakké hukum.+

11 Tindakna kuwi kabèh, merga kowé ngerti ing jaman kaya apa awaké dhéwé urip.+ Saiki wektuné kowé kudu tangi. Pas awaké dhéwé dadi muridé Kristus, wektuné awaké dhéwé dislametké wis cedhak, lan saiki wis saya cedhak. 12 Saiki wis bengi banget, lan sedhéla manèh arep ésuk. Mula, aja nindakké apa waé sing ditindakké pas peteng.+ Ayo nganggo senjata sing digunakké pas isih padhang.+ 13 Ayo njaga tumindaké awaké dhéwé+ kaya nèk isih padhang. Aja pésta bébas, aja mabuk-mabukan, aja nindakké hubungan sèks sing ora pantes, aja tumindak kurang ajar,*+ aja padu, lan aja iri.+ 14 Ning, kowé kudu niru Gusti Yésus Kristus,+ lan aja nggawé rencana kanggo nindakké kepénginan sing salah.+

14 Kowé kudu ramah lan apikan karo wong sing imané lemah,+ lan aja ngadili wong liya nèk pendapaté béda karo kowé.* 2 Wong sing imané kuwat isa mangan apa waé. Ning, wong sing imané lemah mung mangan sayuran. 3 Wong sing mangan ora olèh ngrèmèhké wong sing ora mangan, lan wong sing ora mangan ora olèh ngadili wong sing mangan,+ merga Gusti Allah wis apikan lan wis nampa wong kuwi. 4 Kowé kuwi sapa ta kok nganti ngadili abdiné wong liya?+ Majikané kuwi dudu kowé, tapi Gusti Allah. Gusti Allah sing bakal mutuské wong kuwi bener utawa salah.+ Malah, merga Yéhuwah* mbantu dhèwèké, dhèwèké isa dianggep bener.

5 Ana sing nganggep salah siji dina luwih penting timbang dina liyané,+ ning ana wong sing nganggep kabèh dina kuwi padha waé.+ Saben wong kuduné bener-bener yakin karo keputusané dhéwé. 6 Wong sing nganggep salah siji dina kuwi luwih penting nindakké kuwi kanggo Yéhuwah.* Wong sing mangan nindakké kuwi kanggo Yéhuwah,* merga dhèwèké ngucap syukur marang Gusti Allah.+ Wong sing ora mangan ya nindakké kuwi kanggo Yéhuwah,* merga dhèwèké ya ngucap syukur marang Gusti Allah.+ 7 Sakjané, ora ana wong sing urip kanggo dhèwèké dhéwé+ utawa mati kanggo dhèwèké dhéwé. 8 Nèk awaké dhéwé urip, awaké dhéwé urip kanggo Yéhuwah,*+ lan nèk awaké dhéwé mati, awaké dhéwé mati kanggo Yéhuwah.* Dadi, urip utawa mati, awaké dhéwé duwèké Yéhuwah.*+ 9 Kuwi sebabé Kristus mati lan urip manèh, yaiku supaya dhèwèké dadi Gusti kanggo wong mati lan wong urip.+

10 Dadi, ngapa kok kowé ngadili sedulurmu?+ Ngapa kok kowé ngrèmèhké sedulurmu? Awaké dhéwé kabèh bakal diadili karo* Gusti Allah.+ 11 Kitab Suci kandha, ”Yéhuwah* ngomong, ’Demi Aku sing urip,+ kabèh wong bakal sujud marang Aku lan bakal ngakoni nèk Aku iki Gusti Allah.’”+ 12 Mula, saben wong ing antarané awaké dhéwé bakal tanggung jawab marang Gusti Allah.+

13 Dadi, aja ngadili wong liya manèh.+ Ning, kowé kudu nduwé tékad nèk ora bakal nggawé imané seduluré awaké dhéwé dadi lemah.* Kowé ya aja nggawé seduluré awaké dhéwé tiba.+ 14 Merga aku iki pengikuté Gusti Yésus, aku ngerti lan yakin nèk sakjané ora ana sing najis.+ Ning, nèk ana wong sing nganggep salah siji panganan kuwi najis, kuwi ora éntuk dipangan karo wong kuwi. 15 Nèk sedulurmu tersinggung merga apa sing mbok pangan, kuwi berarti kowé ora nresnani wong liya.+ Kristus wis mati kanggo dhèwèké,+ mula aja ngrusak imané sedulurmu kuwi merga apa sing mbok pangan. 16 Dadi, aja nganti tumindakmu sing apik nggawé wong liya ngomong sing èlèk soal kowé. 17 Bèn isa mlebu ing Kerajaané Gusti Allah, sing penting kuwi dudu mangan lan ngombé,+ ning nindakké apa sing bener, urip rukun, lan bahagia merga roh suci. 18 Wong sing dadi budhaké Kristus lan nduwé sifat-sifat kuwi nggawé Gusti Allah lan manungsa seneng.

19 Mula, kowé kudu nindakké apa waé sing nggawé rukun+ karo wong liya lan sing nguwatké wong liya.+ 20 Aja ngrusak hasil gawéané Gusti Allah mung merga panganan.+ Pancèn, kabèh panganan kuwi éntuk dipangan, tapi nèk ana panganan sing isa nggawé imané wong liya dadi lemah,* kuwi ora éntuk dipangan.+ 21 Mendhing ora mangan daging, ora ngombé anggur, lan ora nindakké apa waé sing isa nggawé imané sedulurmu dadi lemah.*+ 22 Imanmu kuwi urusanmu dhéwé karo Gusti Allah. Kowé bakal bahagia nèk kowé ora ngrasa salah merga nindakké apa sing mbok anggep bener. 23 Tapi, nèk ana wong sing isih ragu-ragu arep mangan apa ora, lan dhèwèké tetep mangan, dhèwèké salah merga dhèwèké nindakké kuwi tanpa iman. Dadi, nèk wong tumindak tanpa iman, kuwi dosa.

15 Awaké dhéwé sing kuwat kudu nanggung kelemahané wong sing lemah.+ Aja mung nyenengké awakmu dhéwé.+ 2 Ayo padha nyenengké wong liya lan nindakké apa sing apik kanggo nguwatké wong liya,+ 3 merga Kristus waé ora nyenengké dhèwèké dhéwé.+ Kitab Suci kandha soal dhèwèké, ”Aku diécé wong-wong sing ngécé Njenengan.”+ 4 Kabèh ayat sing ditulis mbiyèn ditulis kanggo mulang awaké dhéwé.+ Awaké dhéwé nduwé harapan merga ayat-ayat kuwi mbantu awaké dhéwé bèn sabar+ lan mènèhi awaké dhéwé penghiburan.+ 5 Muga-muga Gusti Allah mbantu kowé bèn sabar lan kuwat. Aku ya ndonga bèn Gusti Allah mènèhi kowé pikiran sing padha kaya pikirané Kristus Yésus, 6 sing isa nggawé kowé bersatu+ wektu ngluhurké Gusti Allah, yaiku Bapaké Yésus Kristus Gustiné awaké dhéwé.

7 Mula, kowé kudu ramah lan apikan karo wong liya,+ padha kaya Kristus ya wis apikan karo kowé,+ supaya Gusti Allah diluhurké. 8 Aku ngandhani kowé nèk Kristus wis dadi pelayané wong-wong Yahudi*+ kanggo mbuktèkké nèk omongané Gusti Allah kuwi mesthi bener lan janjiné Gusti Allah marang nènèk moyangé wong-wong kuwi isa dipercaya.+ 9 Dhèwèké ya nindakké kuwi bèn bangsa-bangsa liya ngluhurké Gusti Allah sing wis apikan.+ Ana ayat sing kandha, ”Kuwi sebabé aku bakal ngluhurké Njenengan ing antarané bangsa-bangsa, lan aku bakal nyanyi pujian kanggo jeneng-Mu.”+ 10 Ayat liya ya kandha, ”Wong-wong saka kabèh bangsa kudu ngrasa seneng bareng umaté.”+ 11 Ayat liyané manèh kandha, ”Hé kabèh bangsa, pujinen Yéhuwah,* lan muga-muga kabèh suku bangsa muji Dhèwèké.”+ 12 Yésaya ya kandha, ”Ana wong saka keturunané* Isai+ sing bakal teka lan mréntah akèh bangsa,+ lan bangsa-bangsa bakal berharap marang dhèwèké.”+ 13 Muga-muga Gusti Allah, sing mènèhi kowé harapan, nggawé kowé bener-bener bahagia lan ngrasa ayem merga kowé percaya marang Dhèwèké. Muga-muga harapanmu isa saya kuwat lan kowé éntuk kekuwatan saka roh suci.+

14 Sedulur-sedulur, aku dhéwé yakin nèk tumindakmu apik lan kowé nduwé pengetahuan. Kowé ya isa mènèhi naséhat marang* wong liya. 15 Ning, terus terang, ana sing tak tulis kanggo ngélingké kowé. Merga Gusti Allah wis apikan banget marang aku, 16 aku isa dadi abdiné Kristus Yésus lan ngumumké kabar apik marang bangsa-bangsa.+ Aku kerja keras nindakké gawéan sing suci iki bèn Gusti Allah nampa wong-wong saka bangsa liya. Wong-wong kuwi kaya korban sing digawé suci liwat roh suci.

17 Mula, aku seneng merga dadi pengikuté Kristus Yésus lan nindakké tugas saka Gusti Allah. 18 Aku ora bakal ngomongké soal apa sing wis tak tindakké. Ning, aku mung bakal ngomongké soal apa sing wis diomongké lan ditindakké Kristus liwat aku, supaya aku isa mbantu wong-wong saka bangsa liya bèn manut karo dhèwèké. 19 Wong-wong kuwi manut merga mukjijat+ sing ditindakké nganggo roh suciné Gusti Allah. Mula, ing dhaérah-dhaérah saka Yérusalèm nganti Ilirikum, kabar apik soal Kristus wis tak wartakké nganti rampung.+ 20 Aku ngupaya sak isa-isané kanggo martakké kabar apik ing panggonan-panggonan sing wong-wongé durung ngerti soal Kristus,* supaya aku ora neruské gawéan sing wis dimulai wong liya.* 21 Iki sesuai karo ayat sing kandha, ”Wong sing durung dikandhani soal dhèwèké bakal kenal dhèwèké, lan wong sing durung tau krungu bakal padha ngerti.”+

22 Kuwi sebabé aku ping bola-bali ora isa teka marani kowé. 23 Ning saiki, aku wis ngrampungké gawéan nginjilku ing wilayah iki, lan wis pirang-pirang taun aku péngin banget marani kowé. 24 Dadi, pas perjalananku menyang Spanyol mengko, muga-muga aku isa ketemu kowé. Terus, sakwisé bergaul karo kowé, kowé isa ngancani aku nganti tekan sebagéan perjalananku. 25 Ning saiki, aku bakal lunga ing Yérusalèm kanggo nglayani wong-wong suci ing kana,+ 26 merga sedulur-sedulur ing Makédonia lan Akhaya seneng mènèhi sumbangan kanggo wong-wong suci sing mlarat ing Yérusalèm.+ 27 Sedulur-sedulur kuwi seneng mènèhi sumbangan, lan sakjané ngrasa wajib* nindakké kuwi. Wong-wong suci ing Yérusalèm wis mbagi berkahé marang sedulur-sedulur kuwi, mula sedulur-sedulur kuwi ya ngrasa wajib nyukupi kebutuhané wong-wong suci kuwi.+ 28 Mula, aku bakal nggawa sumbangan kuwi lan mastèkké kuwi ditampa karo wong-wong kuwi. Sakwisé kuwi, aku bakal mampir ing panggonanmu pas perjalanan menyang Spanyol. 29 Aku yakin nèk pas aku teka mengko, aku bakal teka lan nggawa berkah sing akèh banget saka Kristus.

30 Sedulur-sedulur, merga awaké dhéwé nduwé iman marang Yésus Kristus Gustiné awaké dhéwé, lan merga roh suci wis nggawé awaké dhéwé nresnani wong liya, aku njaluk bèn kowé tenanan ndongakké aku,+ kaya sing tak tindakké. 31 Dongakna bèn aku dislametké+ saka wong-wong ing Yudéa sing ora percaya marang Yésus lan bèn pelayananku kanggo wong-wong suci ing Yérusalèm ditampa.+ 32 Terus, nèk pancèn cocog karo karepé Gusti Allah, aku bakal ngrasa seneng banget wektu marani kowé, lan awaké dhéwé isa padha-padha nguwatké. 33 Muga-muga Gusti Allah sing nggawé kowé ayem mberkahi kowé.+ Amin.

16 Aku péngin ngenalké Fébé marang kowé. Dhèwèké kuwi sedulur wédok sing nglayani ing jemaat sing ana ing Kènkhréa.+ 2 Kowé kudu ramah lan apikan karo dhèwèké kaya nèk kowé ramah lan apikan karo wong-wong suci. Wènèhna bantuan apa waé sing dibutuhké,+ merga dhèwèké kuwi ya wis mbantu akèh sedulur, termasuk aku.

3 Tulung sampèkké salamku kanggo Priska* lan Akuila,+ sing nyambut gawé bareng karo aku kanggo Kristus Yésus. 4 Wong loro kuwi wis toh nyawa kanggo nglindhungi aku.+ Aku lan kabèh jemaat saka bangsa-bangsa liya maturnuwun banget marang wong loro kuwi. 5 Salam kanggo jemaat sing ngibadah ing omahé Priska lan Akuila.+ Salam kanggo Épénétus sing tak tresnani. Dhèwèké kuwi salah siji muridé Kristus sing pertama ing Asia. 6 Salam kanggo Maria sing wis nyambut gawé tenanan kanggo kowé. 7 Salam kanggo sedulurku,+ yaiku Andronikus lan Yunias. Wong-wong kuwi tau dipenjara bareng aku. Wong-wong kuwi nduwé réputasi sing apik ing antarané para rasul lan wis dadi muridé Kristus luwih suwé timbang aku.

8 Tulung sampèkké salamku kanggo Ampliatus sing tak tresnani. Dhèwèké kuwi ya muridé Gusti. 9 Salam kanggo Urbanus, kanca nyambut gawéné awaké dhéwé kanggo Kristus, lan salam kanggo Stakhis sing tak tresnani. 10 Salam kanggo Apèlès, sedulur sing setya marang Kristus. Salam kanggo kabèh sing ana ing omahé Aristobulus. 11 Salam kanggo Hérodion sedulurku. Salam kanggo kabèh muridé Gusti sing ana ing omahé Narkisus. 12 Salam kanggo Triféna lan Trifosa, sedulur-sedulur wédok sing nyambut gawé tenanan kanggo Gusti. Salam kanggo Persis, sedulur wédok sing awaké dhéwé tresnani sing wis nyambut gawé tenanan kanggo Gusti. 13 Salam kanggo Rufus, abdi sing dipilih Gusti, lan kanggo ibuné sing wis kaya ibuku dhéwé. 14 Salam kanggo Asinkritus, Flégon, Hèrmes, Patrobas, Hèrmas, lan sedulur-sedulur sing ana bareng karo sedulur-sedulur kuwi. 15 Salam kanggo Filologus lan Yulia, kanggo Néréus lan seduluré wédok, kanggo Olimpas, lan kanggo kabèh wong suci sing ana bareng karo sedulur-sedulur kuwi. 16 Kowé kudu ramah lan apikan karo sedulur liyané.* Kabèh jemaaté Kristus titip salam kanggo kowé kabèh.

17 Aku njaluk marang kowé kabèh, sedulur-sedulurku, bèn kowé ngati-ati karo wong-wong sing nggawé ora rukun lan ngrusak imané wong liya. Tumindak kuwi ora cocog karo ajaran sing wis mbok sinaoni. Kowé kudu ngedohi wong-wong kuwi.+ 18 Wong-wong kaya ngono kuwi dudu budhaké Kristus Gustiné awaké dhéwé, ning budhaké kepénginané* dhéwé. Wong-wong kuwi ngapusi wong liya nganggo kata-kata sing kétoké nyenengké lan pénak dirungokké. 19 Kabèh wong nggatèkké nèk kowé setya, lan iki nggawé aku seneng. Aku péngin kowé dadi wong sing wicaksana lan nindakké apa sing apik. Aku ya péngin kowé dadi wong sing lugu lan ora nindakké apa sing jahat.+ 20 Sedhéla manèh, Gusti Allah sing nggawé kowé ayem bakal ngremuk Sétan+ ing ngisoré sikilmu. Muga-muga Yésus Gustiné awaké dhéwé apikan banget karo kowé.

21 Kanca nyambut gawéku, yaiku Timotius, ngirim salam kanggo kowé. Sedulurku,+ yaiku Lusius, Yason, lan Sosipater ya ngirim salam kanggo kowé.

22 (Aku, Tèrtius, wong sing padha-padha percaya marang Gusti, sing nulis surat iki, ngirim salam kanggo kowé.)

23 Gayus+ ya ngirim salam kanggo kowé. Aku nginep ing omahé sing biasa dienggo ngumpul kabèh jemaat. Érastus bendaharané kutha ngirim salam. Kuartus seduluré ya ngirim salam. 24 *——

25 Gusti Allah bakal mbantu kowé dadi kuwat liwat kabar apik sing tak wartakké lan liwat kabar apik soal Yésus Kristus. Kabar apik kuwi wis diduduhké liwat rahasia suci+ sing wis suwé didhelikké. 26 Tapi, rahasia kuwi wis diduduhké lan diwartakké liwat ramalan ing Kitab Suci. Gusti Allahé awaké dhéwé sing ana saklawasé wis mènèhi préntah supaya kuwi diwartakké marang bangsa-bangsa bèn bangsa-bangsa padha manut lan nduwé iman. 27 Muga-muga Gusti Allah sing paling wicaksana+ diluhurké liwat Yésus Kristus nganti saklawasé. Amin.

Lit.: ”dipisahké”.

Lit.: ”benihé”.

Lit.: ”Aku nduwé utang”.

Utawa ”wong sing dudu Yunani”. Lit.: ”wong Barbar”.

Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”sing ora isa mati”.

Lit.: ”kaya manungsa sing isa mati”.

Deloken ctn. ing PD 1:24.

Maksudé, nindakké hubungan sèks.

Utawa ”balesan”.

Lit.: ”sesuai karo apa sing bener”.

Deloken Daftar Istilah.

Deloken Lamp. A5.

Deloken Lamp. A5.

Utawa ”meterai; jaminan”.

Lit.: ”benihé”.

Utawa ”Kuwi merga Gusti Allah apikan benget karo”.

Lit.: ”benihé”.

Utawa mungkin ”lan nggawé sing ora ana dadi ana”.

Lit.: ”benihmu”.

Utawa mungkin ”awaké dhéwé rukun”.

Utawa mungkin ”Awaké dhéwé ngrasa seneng”.

Utawa mungkin ”awaké dhéwé ngrasa seneng”.

Lit.: ”isih lemah”.

Lit.: ”kemuliaané”.

Utawa ”diapura”.

Lit.: ”bèn dadi senjata sing ora bener”.

Utawa ”wewenangé”.

Lit.: ”Apa Hukum Musa kuwi dosa?”.

Maksudé, Hukum Musa.

Lit.: ”pikiranku iki budhaké”.

Utawa ”dadi kaya manungsa sing dosa”.

Lit.: ”badanmu sing isa mati”.

Kata Ibrani utawa Aram sing artiné ”Bapak”.

Utawa ”mènèhi kesaksian karo atiné awaké dhéwé”.

Lit.: ”éntuk hasil panèn pertama”.

Utawa ”mutuské sakdurungé”.

Lit.: ”wuda”.

Lit.: ”omongané”.

Lit.: ”benihé”.

Lit.: ”Benih”.

Lit.: ”benihé”.

Lit.: ”ora menurut wong sing péngin utawa wong sing mlayu”.

Lit.: ”marang barang sing nggawé nesu”.

Lit.: ”marang barang sing dimesakké”.

Lit.: ”diundang”.

Deloken Lamp. A5.

Lit.: ”benihé”.

Deloken Lamp. A5.

Utawa ”tapi ora sesuai karo pengetahuan sing bener”.

Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”Omongan”.

Lit.: ”sing sugih”.

Utawa mungkin ”dhèwèké”.

Deloken Lamp. A5.

Deloken Lamp. A5.

Lit.: ”benihé”.

Deloken Lamp. A5.

Lit.: ”méjané”.

Utawa ”gawénen gegeré bungkuk”.

Utawa ”kabèh wong Yahudi lan bangsa-bangsa”.

Utawa ”mulya”.

Utawa ”nampa beberapa wong Yahudi”.

Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”Wong sing nylametké”.

Maksudé, Israèl.

Deloken Lamp. A5.

Utawa ”dicétak”.

Utawa ”karo sistem donya”. Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”dijatah; diedumké”.

Lit.: ”nampa anugrah”.

Utawa ”nyampèkké ramalan”.

Utawa ”anugrah”.

Utawa ”anugrah”.

Utawa ”kanggo mènèhi naséhat”.

Utawa ”tenanan”.

Lit.: ”kudu ora munafik”.

Deloken Lamp. A5.

Utawa ”kudu kerja dadi budhak kanggo Yéhuwah”.

Deloken Daftar Istilah.

Deloken Lamp. A5.

Utawa ”luwé”.

Lit.: ”bakal numpuk bara ing ndhuwur sirahé”.

Utawa ”tumindak ora nduwé isin”. Yunani: aselgeia. Deloken Daftar Istilah.

Utawa mungkin ”nèk dhèwèké isih nduwé akèh pertanyaan ing njero atiné”.

Deloken Lamp. A5.

Deloken Lamp. A5.

Deloken Lamp. A5.

Deloken Lamp. A5.

Deloken Lamp. A5.

Deloken Lamp. A5.

Deloken Lamp. A5.

Lit.: ”bakal ngadeg ing ngarep kursi pengadilané”.

Deloken Lamp. A5.

Lit.: ”nggawé seduluré awaké dhéwé kesandhung”.

Lit.: ”nggawé wong liya kesandhung”.

Lit.: ”nggawé sedulurmu kesandhung”.

Lit.: ”wong-wong sing disunat”.

Deloken Lamp. A5.

Lit.: ”akaré”.

Utawa ”isa mulang”.

Lit.: ”jenengé Kristus”.

Lit.: ”ora mbangun ing ndhuwur pondhasiné wong liya”.

Utawa ”ngrasa nduwé utang kanggo”.

Jeneng liyané yaiku Priskila.

Lit.: ”lan mènèhi ciuman suci”.

Utawa ”wetengé”.

Deloken Lamp. A3.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim