PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • ijwbq artikel 166
  • Apa Dhuwit Nggawé Wong Dadi Jahat?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Apa Dhuwit Nggawé Wong Dadi Jahat?
  • Pertanyaan sing Dijawab ing Alkitab
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Jawaban ing Alkitab
  • Keterangan ing Alkitab soal dhuwit
  • Menurut Alkitab, ngapa kok srakah kuwi bahaya?
  • Manfaaté nèk manut karo pathokan ing Alkitab
  • Carané Nggunakké lan Ngatur Dhuwit
    Keluarga Panjenengan Isa Ayem Tentrem
  • Carané Bèn Isa Ayem lan Bahagia
    Gatèkna!—2021
  • Pandhangan sing Bener soal Gawéan lan Dhuwit
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
Pertanyaan sing Dijawab ing Alkitab
ijwbq artikel 166
Wong sing péngin nduwé dhuwit akèh.

Apa Dhuwit Nggawé Wong Dadi Jahat?

Jawaban ing Alkitab

Ora. Ing Alkitab ora ana keterangan kaya ngono. Wong-wong biasané ngomong nèk dhuwit nggawé wong dadi jahat, tapi sakjané kuwi ora bener. Menurut Alkitab, sing bener kuwi ”merga nresnani dhuwit akèh wong nindakké kejahatan”.​—1 Timotius 6:10.

  • Keterangan ing Alkitab soal dhuwit

  • Menurut Alkitab, ngapa kok srakah kuwi bahaya?

  • Manfaaté nèk manut karo pathokan ing Alkitab

  • Ayat-ayat ing Alkitab soal dhuwit

Keterangan ing Alkitab soal dhuwit

Menurut Alkitab dhuwit kuwi ”isa nglindhungi”. (Pengkhotbah 7:12) Malah, Gusti Allah péngin bèn awaké dhéwé mbantu wong liya, termasuk ngekèki dhuwit.​—Wulang Bebasan 11:25.

Tapi, Gusti Allah ngélikké bèn awaké dhéwé aja fokus nggolèk dhuwit. Ing Alkitab disebutké, ”Aja nresnani dhuwit. Kowé kudu ngrasa puas karo apa sing wis mbok duwèni.” (Ibrani 13:5) Dadi, sing salah kuwi nèk awaké dhéwé terus fokus nggolèk dhuwit. Awaké dhéwé kuduné ngrasa puas karo apa sing wis diduwèni, misalé panganan, klambi, lan panggonan.​—1 Timotius 6:8.

Menurut Alkitab, ngapa kok srakah kuwi bahaya?

Wong sing srakah kuwi ora isa urip saklawasé. (Éfésus 5:5) Menurut Alkitab, srakah kuwi padha karo nyembah brahala. (Kolose 3:5) Sakliyané kuwi, nèk srakah awaké dhéwé isa waé dadi nglanggar pathokan-pathokan ing Alkitab. Ing Wulang Bebasan 28:20 disebutké, ”Wong sing péngin cepet sugih mesthi bakal nindakké kesalahan.” Misalé, wong sing srakah isa waé dadi ngapusi, korupsi, utawa matèni wong liya.

Meskipun awaké dhéwé mungkin ora nganti kaya ngono, tapi nèk srakah kuwi tetep ana akibaté. Ing Alkitab disebutké, ”Wong sing péngin banget dadi sugih bakal kegodha, kena jerat, lan kejebak karo akèh kepénginan sing ora ana gunané lan nggawé rugi.”​—1 Timotius 6:9.

Manfaaté nèk manut karo pathokan ing Alkitab

Nèk awaké dhéwé manut karo pathokan ing Alkitab soal dhuwit, kuwi isa nggawé Gusti Allah seneng. Gusti Allah janji, ”Aku mesthi bakal mbantu kowé lan ora bakal ninggalké kowé.” (Ibrani 13:5, 6) Gusti Allah ya janji, ”Wong sing setya bakal nampa akèh berkah.”​—Wulang Bebasan 28:20.

Ayat-ayat ing Alkitab soal dhuwit

Pengkhotbah 7:12: ”Dhuwit ya isa nglindhungi.”

Artiné: Nèk nduwé dhuwit, awaké dhéwé isa nyukupi kebutuhan.

Lukas 12:15: ”Senajan wong nduwé harta sing akèh, ning harta kuwi ora isa nggawé dhèwèké tetep urip.”

Artiné: Dhuwit kuwi dudu sing paling penting. Meskipun nduwé dhuwit akèh, kuwi dudu jaminan awaké dhéwé isa tetep urip.

1 Timotius 6:10: ”Merga nresnani dhuwit, akèh wong nindakké kejahatan, ora percaya manèh karo Gusti Allah, lan ngalami akèh kesusahan.”

Artiné: Nduwé dhuwit kuwi ora salah. Tapi nèk awaké dhéwé srakah, kuwi isa nggawé awaké dhéwé nduwé akèh masalah, misalé masalah keluarga lan masalah keséhatan.

Ibrani 13:5: ”Aja nresnani dhuwit. Kowé kudu ngrasa puas karo apa sing wis mbok duwèni.”

Artiné: Awaké dhéwé aja terus fokus nggolèk dhuwit. Awaké dhéwé kudu ngrasa puas karo apa sing wis diduwèni.

Matius 19:24: ”Luwih gampang unta mlebu ing bolongané jarum timbang wong sugih mlebu ing Kerajaané Gusti Allah.”

Artiné: Ana wong sugih sing diundang Yésus dadi muridé. Tapi dhèwèké nolak merga hartané akèh. Mula, Yésus ngélikké nèk wong sing srakah ora bakal isa urip saklawasé.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim