ARTIKEL PELAJARAN 30
LAGU 36 Ayo Terus Njaga Ati
Pelajaran Penting saka Raja-Raja Israèl
”Kowé bakal ndelok manèh bédané wong sing bener lan sing jahat, bédané wong sing nglayani lan sing ora nglayani Gusti Allah.”—MAL. 3:18.
INTI
Nèk ngerti apa sing didelok Yéhuwah saka para raja ing Israèl mbiyèn, awaké dhéwé isa ngerti apa sing diharapké Yéhuwah saka umaté saiki.
1-2. Ana hal menarik apa soal para raja ing Israèl sing dicritakké ing Alkitab?
ING Alkitab disebutké ana luwih saka 40 raja sing tau mréntah Israèl.a Ing Alkitab ya dicritakké keterangan sing menarik soal meréka. Misalé, ana raja sing setya karo Yéhuwah tapi tau berbuat salah. Contoné, Raja Daud. Yéhuwah ngomong, ”Daud abdi-Ku . . . ngetutké Aku saktulusé ati lan mung nindakké apa sing bener nurut pandhangan-Ku.” (1 Raj. 14:8) Tapi, Daud tau laku jina karo wong wédok sing wis nikah lan malah nggawé siasat bèn bojoné wong wédok kuwi mati pas perang.—2 Sam. 11:4, 14, 15.
2 Nah ing Alkitab ya dicritakké, ana raja sing ora setya karo Yéhuwah tapi tau berbuat baik. Misalé, Réhoboam. Menurut Yéhuwah, Réhoboam kuwi ”nindakké apa sing jahat”. (2 Bb. 12:14) Tapi, wektu dikon Yéhuwah bèn ora nglawan Israèl sepuluh suku lan ngejarké meréka milih raja dhéwé, Réhoboam manut. Réhoboam ya memperkuat pertahanané Yéhuda bèn umaté Yéhuwah ora diserang mungsuh.—1 Raj. 12:21-24; 2 Bb. 11:5-12.
3. Apa sing arep dibahas ing artikel iki?
3 Dadi, nèk raja-raja Israèl kuwi tau berbuat jahat tapi ya tau berbuat baik, Yéhuwah nentokké meréka kuwi raja sing setya apa ora berdasarkan apa? Nèk ngerti jawabané, awaké dhéwé isa ngerti apa sing diharapké Yéhuwah saka umaté saiki. Wektu nentokké raja iki setya apa ora, sing dipikirké Yéhuwah kuwi ana telu. Ayo mbahas siji-siji. (1) Raja kuwi ngabdiné saktulusé ati apa ora? (2) Nèk nggawé salah, apa bener-bener bertobat? (3) Apa dhèwèké terus nyembah Yéhuwah lan ora berkhianat?
SAKTULUSÉ ATI NGABDI KARO YÉHUWAH
4. Para raja sing setya lan sing ora setya karo Yéhuwah kuwi bédané apa?
4 Para raja kuwi isa nggawé Yéhuwah seneng nèk ngabdiné saktulusé ati.b Misalé, Raja Yéhosyafat sing setya. Dhèwèké disebutké ”saktulusé ati ngabdi marang Yéhuwah”. (2 Bb. 22:9) Ing Alkitab, Yosia disebutké nèk ”sakdurungé utawa sakwisé dhèwèké, ora ana raja sing kaya dhèwèké, sing . . . bali marang Yéhuwah saktulusé atiné”. (2 Raj. 23:25) Tapi soal Salomo, sing pas tuwa ora setya manèh karo Yéhuwah, disebutké nèk ”dhèwèké ora saktulusé ati ngabdi marang Yéhuwah”. (1 Raj. 11:4) Ing Alkitab ya disebutké soal Raja Abiyam sing ora setya, ”dhèwèké ora saktulusé ati ngabdi marang Yéhuwah”.—1 Raj. 15:3.
5. Apa maksudé saktulusé ati ngabdi karo Yéhuwah?
5 Wong sing saktulusé ati ngabdi karo Yéhuwah kuwi ngabdi merga sayang lan menghormati Yéhuwah, dudu merga ngrasa nèk kuwi wis dadi kewajibané. Terus, dhèwèké ya bakal berupaya bèn isa terus sayang lan menghormati Yéhuwah nganti seumur hidupé.
6. Piyé bèn isa terus saktulusé ati ngabdi karo Yéhuwah? (Wulang Bebasan 4:23; Matius 5:29, 30)
6 Kaya para raja sing setya, piyé bèn awaké dhéwé isa terus saktulusé ati ngabdi? Kudu menghindari apa waé sing isa marakké awaké dhéwé dadi ora setya manèh karo Yéhuwah. Misalé, kudu ngati-ati milih hiburan, milih kanca, lan ngati-ati bèn aja nganti ngutamakké harta. Nah, nèk menyadari ana sesuatu sing marakké awaké dhéwé mulai ora sayang manèh karo Yéhuwah, kuwi kudu ndang diubah.—Wacanen Wulang Bebasan 4:23; Matius 5:29, 30.
7. Ngapa kok kudu nolak pengaruh sing èlèk?
7 Aja nganti awaké dhéwé nglayaniné Yéhuwah kuwi ora tulus. Kuwi isa kelakon nèk awaké dhéwé sibuk nglayani Yéhuwah, tapi ora nolak pengaruh sing èlèk. Perumpamaané ngéné: Bayangna ing njaba hawané panas banget. Pas mlebu omah, njenengan ngurubké AC. Tapi nèk lawang utawa jendhélané tetep kebukak, ya bakalé tetep panas. Nah, hubungané awaké dhéwé karo Yéhuwah ya padha kaya ngono. Mungkin selama iki awaké dhéwé wis terus sibuk kegiatan rohani bèn hubungané isa akrab terus karo Yéhuwah. Tapi nèk ora nolak pengaruh-pengaruh sing èlèk, mengko suwé-suwé awaké dhéwé nglayaniné Yéhuwah dadi ora tulus.—Éf. 2:2.
BERTOBAT
8-9. Piyé tanggepané Raja Daud lan Raja Hizkia pas diélikké soal kesalahané? (Deloken gambar.)
8 Kaya sing wis disebutké ing paragraf pertama, Raja Daud tau nggawé dosa gedhé. Tapi pas diélikké Nabi Natan, Daud rendah hati bertobat. (2 Sam. 12:13) Daud ora éthok-éthok bertobat mung bèn dimesakké karo Natan utawa bèn ora dihukum. Saka kata-katané ing Mazmur 51, awaké dhéwé isa ngerti nèk Daud bener-bener menyesali perbuatané lan bertobat.—Mzm. 51:3, 4, 17, superskripsi.
9 Raja Hizkia ya tau nggawé dosa. Ing Alkitab disebutké, ”Dhèwèké dadi sombong. Mula, Gusti Allah nesu marang dhèwèké lan marang Yéhuda lan Yérusalèm.” (2 Bb. 32:25) Isa waé, Hizkia ngrasa luwih unggul merga dhèwèké sugih, tau menang nglawan Asiria, lan wektu lara parah dhèwèké isa mari. Wektu dhèwèké mamèrké kekayaané ing wong Babilon, mungkin kuwi ya merga dhèwèké sombong. Terus, Nabi Yésaya ngomong nèk Yéhuwah nesu karo dhèwèké. (2 Raj. 20:12-18) Tapi kaya Daud, Hizkia rendah hati bertobat. (2 Bb. 32:26) Makané, Yéhuwah nganggep dhèwèké raja sing setya, sing ”terus nindakké apa sing bener”. —2 Raj. 18:3.
Bar diélikké soal kesalahané, Raja Daud lan Raja Hizkia rendah hati bertobat (Deloken paragraf 8-9)
10. Piyé tanggepané Raja Amazia bar diélikké nabiné Yéhuwah?
10 Sewaliké, Raja Amazia saka Yéhuda nglakoni sing bener, ”ning ora saktulusé ati”. (2 Bb. 25:2) Mémangé Amazia ngapa? Bar dibantu Yéhuwah ngalahké wong Édom, Amazia malah nyembah déwa-déwané wong Édom.c Terus, pas diélikké nabiné Yéhuwah, Amazia ora gelem ngrungokké lan malah nesu.—2 Bb. 25:14-16.
11. Menurut 2 Korintus 7:9, 11, bèn isa diampuni Yéhuwah, awaké dhéwé kudu piyé? (Deloken gambar.)
11 Apa sing isa dipelajari saka conto-conto kuwi? Nèk nggawé dosa, kudu bertobat lan berupaya bèn aja mbalèni manèh. Lha terus, piyé nèk dinaséhati para pinituwa bahkan ing hal-hal sing kétoké sepélé? Aja ngrasa nèk para pinituwa lan Yéhuwah wis ora sayang manèh karo awaké dhéwé. Raja-raja sing setya ing Israèl mbiyèn waé, ya butuh dinaséhati lan diélikké. (Ibr. 12:6) Wektu dinaséhati, awaké dhéwé kudu tetep rendah hati lan gelem ngrungokké, gelem nggawé perubahan, lan terus saktulusé ati nglayani Yéhuwah. Nèk awaké dhéwé gelem bertobat, Yéhuwah mesthi gelem ngampuni.—Wacanen 2 Korintus 7:9, 11.
Wektu dinaséhati, awaké dhéwé kudu tetep rendah hati lan gelem ngrungokké, gelem nggawé perubahan, lan terus saktulusé ati nglayani Yéhuwah (Deloken paragraf 11)f
TERUS NYEMBAH YÉHUWAH THOK
12. Sing mbédakké raja sing setya karo sing ora setya kuwi terutama soal apa?
12 Para raja sing dianggep Yéhuwah setya kuwi mung nyembah Yéhuwah thok. Meréka ya ngejak rakyaté bèn ya mèlu nyembah Yéhuwah. Mémang, meréka tau nggawé kesalahan, tapi bar kuwi meréka mung nyembah Yéhuwah manèh lan nyingkirké brahala-brahala ing negarané.d
13. Ngapa kok Raja Ahab dianggep ora setya karo Yéhuwah?
13 Lha terus, nèk para raja sing dianggep ora setya karo Yéhuwah piyé? Ya mémang ora kabèh perbuatané kuwi jahat. Misalé, bar ngerti nèk dhèwèké ya dadi penyebabé Nabot dipatèni, Raja Ahab menyesal lan sedhih banget. (1 Raj. 21:27-29) Dhèwèké ya mbangun kutha-kutha kanggo wong Israèl lan tau mbéla wong Israèl. (1 Raj. 20:21, 29; 22:39) Tapi, Ahab malah marakké rakyaté nyembah déwa-déwa palsu lan dhèwèké ora tau bertobat soal kuwi. Makané, Yéhuwah nganggep dhèwèké raja sing ora setya.—1 Raj. 21:25, 26.
14. (a) Ngapa kok Yéhuwah nganggep Réhoboam kuwi raja sing ora setya? (b) Kerep-kerepé raja-raja sing ora setya kuwi melakukan apa?
14 Conto liyané raja sing ora setya kuwi Réhoboam. Kaya sing wis disebutké ing paragraf loro, selama dadi raja, dhèwèké wis melakukan akèh perbuatan sing apik. Tapi wektu kerajaané dadi kuwat, Réhoboam ora manut manèh karo hukumé Yéhuwah lan mulai nyembah allah-allah palsu. (2 Bb. 12:1) Bar kuwi, dhèwèké dadi plin-plan. Kadhang nyembah Yéhuwah, kadhang nyembah allah palsu. (1 Raj. 14:21-24) Sakliyané Réhoboam lan Ahab, akèh-akèhé raja Israèl sing ora setya ya akhiré nyembah allah palsu lan malah ngejak rakyaté bèn mèlu nyembah allah palsu. Dadi jelas, Yéhuwah nentokké raja kuwi setya apa ora, dhasaré saka apa meréka terus nyembah Yéhuwah apa ora.
15. Ngapa kok kanggoné Yéhuwah, raja kuwi kudu mung nyembah Yéhuwah thok?
15 Ngapa kok kanggoné Yéhuwah, raja kuwi kudu mung nyembah Yéhuwah thok? Salah siji alesané merga raja nduwé tanggung jawab kanggo mbantu rakyaté nyembah Yéhuwah. Terus, nèk wong wis nyembah allah palsu, biasané dadi nggawé dosa gedhé liyané lan dadi jahat karo wong liya. (Hos. 4:1, 2) Sakliyané kuwi, raja Israèl lan rakyaté wis dadi duwèké Yéhuwah. Dadi nèk meréka nyembah allah palsu, kuwi padha karo laku jina. (Yér. 3:8, 9) Wong sing laku jina kuwi nglarani atiné pasangané. Padha kaya ngono, nèk umaté Yéhuwah nyembah allah palsu, kuwi ya nglarani atiné Yéhuwah.e—PT. 4:23, 24.
16. Menurut Yéhuwah, apa bédané wong sing bener karo sing jahat?
16 Apa pelajarané? Ya mémang awaké dhéwé mesthi bertékad menghindari apa waé sing ana hubungané karo agama palsu. Tapi, ora mung kuwi thok. Awaké dhéwé ya kudu selalu nyembah Yéhuwah lan sibuk nglayani Dhèwèké. Nabi Maléakhi njelaské bédané sing dianggep Yéhuwah wong sing apik karo sing ora. Maléakhi nulis, ”Kowé bakal ndelok manèh bédané wong sing bener lan sing jahat, bédané wong sing nglayani lan sing ora nglayani Gusti Allah.” (Mal. 3:18) Awaké dhéwé mesthi péngin dianggep Yéhuwah wong sing bener. Makané, bahkan meskipun nduwé kelemahan utawa tau nggawé kesalahan, aja nganti mandheg nglayani Yéhuwah. Mandheg nglayani Yéhuwah kuwi dosa sing gedhé.
17. Ngapa kok kudu ngati-ati milih bojo?
17 Kata-katané Maléakhi kuwi ya bermanfaat kanggo njenengan sing durung nikah lan arep nggolèk bojo. Menurut njenengan, meskipun wong sifat-sifaté apik tapi nèk dhèwèké ora nglayani Yéhuwah, kanggoné Yéhuwah apa dhèwèké wong sing bener? (2 Kor. 6:14) Nèk njenengan nikah karo dhèwèké, apa dhèwèké isa marakké njenengan luwih sayang lan semakin akrab karo Yéhuwah? Élinga, bojo-bojoné Raja Salomo mungkin ana sing nduwé sifat-sifat sing apik, tapi meréka ora nyembah Yéhuwah lan suwé-suwé meréka marakké Salomo mulai nyembah allah-allah palsu.—1 Raj. 11:1, 4.
18. Wong tuwa kudu ngajari anak-anaké soal apa?
18 Anak-anak ya isa éntuk manfaat saka kisah soal para raja ing Alkitab. Piyé carané? Wong tuwa, bantunen anak-anak bèn paham nèk raja sing dianggep Yéhuwah apik kuwi merga nglayani Yéhuwah lan ngejak wong liya mèlu nglayani Yéhuwah. Anak-anak ya isa belajar saka omongan lan teladané njenengan nèk njenengan ngutamakké hal-hal rohani. Misalé sinau Alkitab, teka ing pertemuan ibadah, lan nginjil. (Mat. 6:33) Aja nganti anak-anak ngrasa nèk meréka kudu dadi Seksi Yéhuwah mung merga wong tuwané ya Seksi Yéhuwah. Nèk kaya ngono, meréka mengko isa mikir nèk nyembah Yéhuwah kuwi ora penting, utawa malah akhiré dadi ora gelem nyembah Yéhuwah manèh.
19. Wong sing wis ora nglayani Yéhuwah, isih isa apa? (Deloken kothak ”Njenengan Isa Nglayani Yéhuwah Manèh”.)
19 Nèk wis ora nglayani Yéhuwah manèh, apa isih isa akrab manèh karo Yéhuwah? Ya, nèk bertobat lan nglayani Yéhuwah manèh. Tapi bèn isa ngono, dhèwèké kudu bener-bener rendah hati lan gelem dibantu para pinituwa. (Yak. 5:14) Ora soal sepira gedhéné upayané, isa dadi kancané Yéhuwah manèh kuwi berkahé luwih gedhé.
20. Nèk awaké dhéwé niru para raja sing setya, Yéhuwah bakal nganggep awaké dhéwé apa?
20 Apa pelajarané? Awaké dhéwé isa niru para raja sing setya nèk terus ngupaya saktulusé ati ngabdi karo Yéhuwah. Nèk wis nggawé kesalahan, ya kudu bertobat, nggawé perubahan, lan aja dibalèni manèh. Kudu terus éling nèk sing disembah kuwi kuduné mung Yéhuwah thok. Nèk njenengan terus setya karo Yéhuwah, Yéhuwah bakal nganggep njenengan wong sing bener.
LAGU 45 Sing Kuduné Tak Pikirké
a ”Raja-raja Israèl” sing dibahas ing artikel iki maksudé kabèh raja sing tau mréntah umaté Yéhuwah, embuh sing mréntah kerajaan Yéhuda rong suku, kerajaan Israèl sepuluh suku, utawa kabèh 12 suku.
b KETERANGAN: Ing Alkitab, kata ”ati” kuwi biasané kanggo nggambarké kaya apa wong kuwi sak tenané. Termasuk pikirané, kepénginané, sifaté, sikapé, kemampuané, niaté, lan cita-citané.
c Ing jaman kuwi, raja-raja sing dudu Israèl nèk bar ngalahké mungsuhé biasané nyembah déwa-déwané mungsuhé.
d Raja Asa tau nggawé dosa gedhé. (2 Bb. 16:7, 10) Tapi, ing Alkitab disebutké nèk dhèwèké dianggep bener kanggoné Yéhuwah. Meskipun awalé ora gelem diélikké, kétoké bar kuwi dhèwèké bertobat. Yéhuwah luwih fokus ndeloki apiké Asa timbang èlèké. Sing menarik, Asa mung nyembah Yéhuwah thok, lan berupaya nyingkirké brahala-brahala saka kerajaané.—1 Raj. 15:11-13; 2 Bb. 14:2-5.
e Ing Hukum Musa, ing loro préntah pertamané kuwi isiné larangan bèn ora nyembah apa waé utawa sapa waé sakliyané Yéhuwah. Kuwi bukti nèk soal ngibadah kuwi penting banget kanggo Yéhuwah.—Pa. 20:1-6.
f PENJELASAN GAMBAR: Pinituwa enom ngélikké sedulur lanang soal kebiasaané ngombé minuman keras. Sedulur lanang kuwi rendah hati gelem nampa naséhaté, gelem nggawé perubahan, lan terus setya nglayani Yéhuwah.