Kidung Pangadhuh
א [Alef]
4 Emas sing mengkilap, emas sing murni,+ wis pudar!
Watu-watu saka panggonan suci+ pating slebar ing dalan-dalan.+
ב [Bet]
2 Kutha Zion sing diajèni, sing mbiyèn dianggep berharga kaya emas murni,
Saiki wis dianggep kaya wadhah saka tanah liat,
Hasil gawéané pengrajin tanah liat.
ג [Gimel]
3 Asu liar waé nyusoni anak-anaké,
Ning anakku wédok, yaiku bangsaku, malah dadi kejem,+ kaya manuk unta ing padhang belantara.+
ד [Dalet]
4 Merga ngelak banget, ilaté bayi-bayi nganti nèmpèl ing langit-langit cangkemé.
Bocah-bocah padha njaluk-njaluk roti,+ ning ora ana sing mènèhi.+
ה [He]
5 Wong-wong sing biasa mangan sing énak-énak padha pating gléthak ing dalan-dalan.+
Wong-wong sing kèt cilik biasa nganggo klambi sing larang-larang*+ saiki padha turu ing tumpukan awu.
ו [Waw]
6 Hukuman kanggo* anakku wédok, yaiku bangsaku, luwih abot timbang hukuman kanggo* Sodom,+
Sing ujug-ujug disingkirké tanpa ana sing nulungi.+
ז [Zayin]
7 Mbiyèn, wong-wong Naziré+ luwih resik timbang salju, luwih putih timbang susu.
Mbiyèn, wong-wong kuwi luwih abang timbang watu sing berharga saka laut* lan penampilané bersinar kaya watu safir.
ח [Heth]
8 Saiki wong-wong kuwi dadi luwih ireng timbang areng.
Ing dalan-dalan, ora ana sing kenal wong-wong kuwi.
Kulité kelèt karo balungé+ lan dadi garing kaya kayu.
ט [Tet]
9 Mendhing dipatèni nganggo pedhang timbang mati merga kelaparan,+
Sebab nèk mati merga kelaparan kudu sengsara lan akhiré mati.
י [Yod]
10 Ibu sing sayang karo anaké malah padha téga nggodhog anaké dhéwé.+
Anak-anak kuwi sing dadi panganané ibuné saksuwéné anakku wédok, yaiku bangsaku, dihancurké.+
כ [Kaf]
11 Yéhuwah wis nduduhké nesuné.
Dhèwèké nesu banget.+
Dhèwèké ngurubké geni ing Zion sing ngobong pondhasi-pondhasiné nganti entèk.+
ל [Lamed]
12 Raja-raja ing bumi lan penduduké padha ora percaya nèk lawan lan mungsuh bakal mlebu ing gerbang-gerbangé Yérusalèm.+
מ [Mem]
13 Kuwi kabèh kelakon merga dosané para nabiné lan kesalahané para imamé,+
Sing wis matèni wong-wong bener ing kana.+
נ [Nun]
14 Para nabi lan imam padha mlaku mrana-mréné ing dalan-dalan kaya wong wuta.+
Wong-wong kuwi dadi najis merga getih,+
Mula ora ana sing gelem ndemèk klambiné.
ס [Samekh]
15 Wong-wong kuwi padha dibengoki, ”Lungaa kana! Najis! Lungaa kana! Lungaa kana! Aja ndemèk aku!”
Kuwi merga wong-wong kuwi ora nduwé omah lan mlaku mrana-mréné.
Wong-wong saka bangsa liya padha kandha, ”Wong-wong kuwi ora éntuk manggon* ing kéné karo awaké dhéwé.”+
פ [Pe]
16 Yéhuwah wis nggawé wong-wong kuwi kesebar.+
Dhèwèké wis ora seneng manèh karo wong-wong kuwi.
Wong-wong ora bakal ngajèni manèh para imam+ lan ora seneng manèh karo para pemimpin.”*+
ע [Ayin]
17 Aku* ngarep-arep ana sing nulungi, ning nganti saiki ora ana sing nulungi.+
Aku nggolèk-nggolèk bantuan saka bangsa sing ora isa nylametké.+
צ [Tsade]
18 Wong-wong kuwi mburu terus,+ nganti aku ora isa mlaku ing lapangan-lapangan.
Sedhéla manèh kabèh bakal rampung, uripku mung tinggal sedhéla, aku wis arep mati.
ק [Qof]
19 Wong-wong sing ngoyak* aku luwih cepet timbang manuk elang ing langit.+
Wong-wong kuwi ngoyak* ing gunung-gunung lan nunggu bèn isa nyerang aku ing padhang belantara.
ר [Res]
20 Wong sing dilantik Yéhuwah,+ sing kaya napas kehidupan kanggo aku, wis ketangkep ing lubang gedhé duwèké wong-wong kuwi.+
Soal wong kuwi, aku kandha, ”Merga perlindungané, aku bakal urip ing antarané bangsa-bangsa.”
ש [Sin]
21 Hé kowé wong Édom+ sing manggon ing negara Uz, padha seneng-senenga.
Ning, kowé bakal tetep diwènèhi gelas,+ kowé ya bakal mabuk lan wuda.+
ת [Taw]
22 Hé kutha Zion, hukuman kanggo kesalahanmu wis rampung.
Gusti Allah ora bakal nggawé kowé ditawan manèh.+
Ning kowé, wong Édom, Gusti Allah bakal nggatèkké kesalahanmu.
Dhèwèké bakal mbukak dosa-dosamu.+